Friday, June 14, 2013

CERITA WAYANG: PANDHAWA LIMA

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info



CERITA WAYANG
PANDHAWA
Prabu Pandhu iku ratu ing negara Ngastina. Sang prabu kagungan putra cacahe lima, lanang kabeh. Putra lima lanang kabeh mau diarani “pandhawa”. Pembarepe Prabu Puntadhewa, jumeneng nata ing negara Ngamarta. Watake lugu, jujur lan lilan. Dhene adine yaiku werkudara dadi satriya ing negara Jodhipati. Watake jujur, kendel lan temen.
Panengahe Pandhawa yaiku Raden Arjuna uga karan Raden Janaka. Watake kendel, seneng maguru, jujur, welas karo sing nandhang kesusahan. Kesatriyane ing Madukara. Prabu Puntadewa, Werkudara lan Raden Janaka iku putrane Prabu PANDhu karo garwa Dewi Kunthi. Sing Ragil yaiku si kembar Nakula lan Sadewa lair saka garwa Dewi Madrim. Nakula lan Sadewa iku pada pintere. Bekti lan setya marang sedulur tuwa. Kesatriyane ing Sawojajar lan Bumi Retawu. Wiwit isih cilik para kadang Pandhawa iku wis katon luhur bebudine. Seneng lan welas asih marang sapada pada.
Prabu PANDhu jumeneng nata ora suwe, isih timur kaselak seda. Putrane isih cilik-cilik. Dewi Kunthi nggulawentah putrane sing isih cilik-cilik. Ora mbedakake antarane putrane dewe lan putra kuwalon. Bocah lima digulawenthah kanthi becik. Karo prabu pandhu negara Ngastina dititipake marang Raden Dhestharasta, kapernah rakane Prabu Pandhu. Besuk yen pandawa wis dewasa supaya dijumenengake nata ing Ngastina.











sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.