Friday, June 14, 2013

KUMPULAN CRITA BOCAH BAHASA JAWA : AJINING DIRI ANA LATHI

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Kumpulan crita Bocah
Ajining Diri Ana Ing Lathi (Harga diri manusia ada di mulutnya >bicaranya)

Juminten anake wong sugeh, emane dheweke kadunungan watak umuk. Satemene wong tuwane tansah ngelingake supaya juminten ora seneng mamerake samubarang kang diduweni. Ibu nate ngendika marang Juminten “NDUk,, aja seneng ngumukake barang kang mbokduweni marang liyan. Umuk mono ora becik, dadi bocah kui kudu bisa njaga rasaning liyan”
Juminten ora gelem ngestoake ngendikane ibu. Dheweke malah genti wangsulan “kula mboten umuk bu, kula namung crita menawai sangu kula kathah lan ugi gadhahi bonekah ingkang sae-sae “mangkono.
Juminten pancen bocah ndelul. Dheweke ora gelem manut ngendikane ibune. Juminten tetep seneng ngumukake kabeh sing di nduweni. Malah ana kalane dheweke ngapusi kanca-kancane. Juminten seneng ngandhaake samubarang sing ora diduweni . saking kerepe apus-apus, kancane ora ana meneh sing percaya marang juminten.
Ora ana maneh kanca sing gelem dolan karo Juminten. Dheweke rumanga sedih atine.
Saben dina, Juminten tansah kijenan. Ing sekolahan dheweke ora nduwe kanca dolanan. Ing ngomah semono uga. Nganti sawijining dina, juminten nangis ing pangkone ibune. Dheweke nyritaake yen ora ana maneh kanca sing gelem dolanan. Kanca-kancane rumangsa gela amarga kerep  diapusi. Ibu banjur ngendikani juminten. Ibu ngendika manawa ajining dhiri gumantung saka lathi. Juminten ora dipercoyo marga kulina umuk lan ngapusi. Juminten ora ana ajine maneh ing ngarepe kanca-kancane.




sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.