Wednesday, October 16, 2013

Geguritan: Bu Nyai

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Bu Nyai
- Turiyo Ragilputra -
Bu Nyai, rambutmu dipotong poni
kojahmu, beda biyen beda saiki
dhuh, apa kersa sampeyan
mbukani dina-dina nganggo cangkriman?
Senajan wis dadi ombyaking jaman
panggedhe kulina nampa bestelan
nanging apa mesthi kudu ngono, Bu Nyai?
Lho, coba sampeyan resepi ocehe kepodhang kae
“Jawa tanpa jiwa jawane jawa wisa
Jawa tanpa waja jawane jawa ula
Jawa tanpa jawa jawane jawa buta”
Mesthine, ngono ya ngono ning aja ngono
aja disengguh kawula isih kaya kebo
Bu Nyai, ujare bakul sinambi wara
jengandika duwe aji pamungkas aran lebur sekethi
ampuhe kagila-kagila sektine kepati-pati
Saiki coba sampeyan buktekna
galo kae, langit sandhuwure negara katon malengkung
cahya abang panjalmane dewa durangkara
kahanan peteng kapusus pedhut sandyakala
aja pijer mematut dhiri, mingar-minger sangarep kaca
banjur nglencer ing omahe tangga
Bu Nyai
tanduran pari ing karang padesan
gusis direncah gegremetan lan siluman
jrambah paseban ing punjering negara
dadi papan pesta para buta brekasakan
Kepiye Bu Nyai, apa wis pedhot iku kendhali
sing diulur nalika biyen ngripta sesanti?
Bu Nyai, kahanan wis kabesmi dahana
lha jengandika kok enak-enak ngepung ambeng negara!
gambar saking google.com
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.