Wednesday, October 16, 2013

Geguritan: Manuk Podhang, Anakmu Pira?

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Manuk Podhang, Anakmu Pira?
-Turiyo Ragilputra-
ana kembang kasamber angin, gandane arum mangambar
wit waluh ilang pupuse oyod ringin dipangan uler
(parikan apa, ya kang?
embuh, ya dhi
batangane apa, ya yung?
embuh, ya wuk)
Paman Dhoblang:
akeh luwak namur
merak
akeh kecu memba ratu
jagad padhang
_____ wayang
pak dhalang
_____kejengkang
lara, kaki?
mesthi lara. Ning tangise aja kedawa-dawa
mbah buyut keranta-ranta. Galo gae:
gugah tanjak
(lho kok?)
: mumpung kepenak!
(lho kok?)
: mumpung disanak
(lho kok?)
: lho kok?
Ups; tukang satang tiba ing kali
biyen kondhang saiki sepi
akh; tuku pala kok diwenehi kencur?
biyen watak satriya kok saiki mlencur?
(sikon, pakdhe
_____ mbelgedhes!
pergeseran tradhisi, paman
___prek!
wis makmur, mbah
___ora ngadani!
hompilah hompi-jreng
+sapa menang?
–aku!
+mungsuhmu?
-dadi awu!)
manuk podhang, jaman Jepang
wong mini dadi ratu
: ocehe tansah ngumandhang
Anakmu pira? (pitulungpuluh pitu!)
Gambar saking google.com
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.