Wednesday, October 16, 2013

Geguritan: Kidung Kamardhikan

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Kidung Kamardhikan
-Turiyo Ragilputra-
Teja mencorong, o, teja mencorong
cumlorot ngelus pucuk-pucuk gunung lan gisik-gisik samodra
nigas kaca cendhela, nrabas lemah cengkar lan ara-ara
Jroning jiwa – bangkit – tumanceb ing bumi kinasih
nyawiji bareng swara pratelane Soekarno-Hatta
: Merdeka!
Manuk prenjak ngoceh
canthas lan gandhang!
Kembang-kembang mekar
arum lan endah!
Dumeling kidung puja lan pamuji
nguntabake jiwa lan ruh
njejegake pancadan donga-donga
dalan unggahan tumrap ngumbarane kusuma bangsa
Nanging pratandha apa iki?
langit nangis, jagad kelu
ing angkasa srengenge kamangsa grahana
Lemah geter, bumi pater, s’modra ketaman prahara
ana lindhu
ana lemah longsor
ana pageblug
ana wangke mbarang amuk
Ah, kaelakon apa iki?
perang?
gara-gara?
Kiyamat?
utawa pemut???
Ya, iki pemut
awit saka kaca cendhela sing binuka kita weruh
Manungsa kang tumindak mung nganggo lambene
Manungsa kang asih mung nganggo ilate
Manungsa kang krungu mung nganggo kupinge
Manungsa kang welas mung nganggo critane
Manungsa kang aweh mung nganggo janjine
Manungsa kang tirakat mung nganggo lageyane
Ana manuk gagak mabur
kekalang nyilang arah keblat
ijenan dheweke nantang arah tiyupan angin!
Ya Allah, mripate pendirangan
ganep karo cucuke kang landhep
lan cengkreman kukune
kaya bakal nglebur bumi kinasih
Ya Allah, pralambang apa iki?
Ah, ya, kita pancen wis mardika
nanging waspadakna
bocah lanang sing nigas dalan kae
sing mikul damen garing kae
mripate, oh, mripate
kudu netesake eluh kanggo ngucap
: M...e...r...d...e...k...a...!
Para among tani sing mikul pacul kae
sing gupak lumut lan lendhut kae
wetenge, oh, wetenge
kudu kecet lawan geger kanggo ngucap
: M...e...r...d...e...k...a...!
Bocah lola sing ngumbara ing lurung-lurung kae
sing tanpa juntrung upa jiwane kae
badane, oh, badane
kudu nglumpruk kanggo ngucap
: M...e...r...d...e...k...a...!
Ya Allah
aling-alingana jantrane titah-titah sing kasisih
sing tapak lan tilase ilang kasaput lebu
bumi kinasih iki
Sing ilang saka gumruhe surak :
Merdeka!




gambar saking google.com

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.