Jumat, 06 Desember 2013

Geguritan

Geguritan

Geguritan yaiku wohing susastra kang basané cekak, mentes lan éndah.
  • Cekak yaiku ora wujud ukara sing nggladrah
  • Mentes yaiku tembungé duwé makna kang jero.
  • Éndah ngemu purwakanthi swara, sastra utawa basa.
  • Tetembungane pilihan
Geguritan asalé saka tembung "gurit", kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan. Satemene yendicocogake antarane teges (batasan pengertian) karo kasunyatan wujud utawa wangune geguritan iku kaya adoh susate. Dadi teges kang wis diandharake iku mau babar pisan ora cocog karo kahanane geguritan kang ana. Maksude mangkene, geguritan iku satemene pancen dudu sabangsane tembang utawa kidung. Geguritan iku babar pisan ora padha karo tembang utawa kdung. Jalaran tembang utawa kidung iku anggone nyuwarakake nganggo wewaton/ paugeran/ aturan kang wujude titi laras (notasi). Kamangka geguritan pamacane ora nganggo weewaton titi laras (notasi). Déné geguritan ing kéné, ateges rumpakan kidung kang mawa paugeran gumathok, yaiku:
  • Cacahing gatrané ora tartamtu, nanging apese 4 gatra.
  • Saben-saben sagatrané guru wilangan lan guru lagu padha waé, runtut mawa purwakanthi guru swara.
  • Lumrahe kabuka utawa kawiwitan srana ukara: "Sun anggegurit".
Geguritan iku kalebu puisi Jawa modhèrn, amarga ora kaiket ing aturan kayadéné tembang. Geguritan bisa karipta amarga ana ilham utawa inspirasi (angen-angen). Geguritan mujudaké karya kang sipaté pribadi, mula geguritan panganggit siji lan sijiné béda-béda. Angen-angen kang ana sajroné pikirané pengarang banjur diolah supaya dadi geguritan kaya kang dikarepaké panganggit. Kanthi mengkono, geguritan iku basané katon éndah, bisa migunakaké purwakanthi, dwipurwa, seselan lan liya-liyané. Geguritan iku duwèni nilai- nilai utawa amanat kang bisa kapethik kanthi diparafrasakake dhisik. marafrasakake geguritan iku ateges nganalisis utawa ngudari ukara- ukara geguritan iku supaya maksudé bisa katangkep. Geguritan iku kawujud saka téma, pamilihane tembung uga nganggo sarana rétorika lan majas.
Kaendahane geguritan gumantung marang: (1) pilihan tembung (diksi); (2) lelewaning basa (majas); (3) digunakake ing saben dina. Geguritan migunakake basa kang ringkes nanging sugih teges. Tembung kang digunakake yaiku tembung kias (entar) kang akeh penafsirane.
A) Unsur Geguritan.
1) Struktur Fisik
a) Pamilihe tembung (diksi). Tembung ing geguritan asil saka pamilihe tembung kanthi setiti. Tembung ing geguritan nduweni ateges entar (kias).
b) Pengimajinasian. Tembung ing geguritan bisa nuwuhake khalayan. Kanthi khayalan kasebut kang maca lan ngrungokake bisa melu ngrasakake, ngrungokake, lan ndeleng sawijining bab kang ditulis dening penyair.
c) Lelewaning basa (Majas) yaiku tembung kang digunakake penyair kanggo nyaritakake sawijing bab kanthi cara mbandhingake karo barang utawa tembung liyane.
d) Purwakanthi (Rima/ritma) yaiku mbaleni swara (vocal), mbaleni tembung, kelompok tembung (frasa) utawa mbaleni ukara.
2) Struktur Batin. Struktur batin ing geguritan kaperang dadi papat, yaiku (1) bakuning gagasan/ tema (sense); (2) pangrasane penyair; (3) nada utawa sikap penyair marang “pembaca”; (4) amanat/ pesen. Ngenani unsur batin dibahas ing bab sabanjure.
(Sumber: Mujiono. Jati Dhiri Basa Jawa. Ponorogo: MGMP Guru.)

Tidak ada komentar :

Poskan Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.