Senin, 13 Januari 2014

Bathik

Bathik
Bathik yaiku kasil kerajinan tèkstil ingkang ngginaaken malam (lilin) lan canthingkanggo mènèhi motif utawa gambar ing kain. Bathik wis suwé ana, kurang luwih kawit 2000 taun kepungkur. Asal tembung bathik yaiku “ambathik”saka tembung amba lan titik (basa Jawa) sing maknané: nggambarutawa nulis. Werna-werna utama bathik Jawayaiku wernabiru nilalan soklat. Celupan biru lan soklat sing digabung kain putih iku dadi perlambang 3 déwaHindhu(Siwa, Wisnu, lan Brahma).
Seni gawé kelir ing kain kanthi migunakaké malam iku sawijining tèknik lawas saka jaman kuna. Panemon ing Mesirnuduhaké yèn cara iki wis ditemokaké ing abad ka-4 SM, kanthi ditemokaké kain bungkus mumising dilapisi malam kanggo gawé pola. Ing Asia, tèknik kaya bathik uga ditrapaké ing Tiongkok jaman Wangsa Tang(618-907) sarta ing Indialan Jepangjaman Periodhe Nara(645-794). Ing Afrika, tèknik kaya bathik ditepungi Suku Yoruba ing Nigeria, sarta Suku Soninkelan Wolofing Senegal.
a.  Sejarah Bathik
            Ing Indonésia, bathik dipercaya wis ana wiwit jaman Majapahit, lan dadi populèr nalika pungkasané abad XVIII utawa wiwitané abad XIX. Bathik kang diasilké yaiku kabèh bathik tulis nganti wiwitané abad XX lan bathik cap nembé ditepungi sakwisé ana Perang Donya I utawa taun 1920-an.[2] Tembung "bathik" asalé saka basa Jawa, nanging bathik ana ing Jawa ora kacathet sajarah metuné. G.P. Rouffaer duwé pandhapat yèn tèknik bathik iki dimungkinaké ana lan ditepungaké saka India utawa Srilangkanalika abad kaping 6 utawa kaping 7. Sakliyané iku, J.L.A. Brandes (arkéolog saka Walanda) lan F.A. Sutjipto (arkéolog saka Indonésia) duwé kapercayan yèn tradhisi bathik yaiku asli saka dhaérah kaya Toraja, Flores, Halmahera, lan Papua. Wilayah-wilayah mau dudu wilayah kang kena pangaruh saka Hindhuismeananging bisa dingertèni yèn wilayah mau duwé tradhisi kuna kanggo gawé bathik.
            G.P. Rouffaer uga nglapuraké yèn pola gringsing wis ditepungi wiwit abad kaping 12 ing Kediri, Jawa Wétan. Dhèwèké uga nyimpulaké yèn pola kaya mau iku mung bisa digawé nganggo wewujududan kang jenengé canthing, mula dhèwèké banjur duwé pendhapat yèn canthing ditemokaké ing Jawaana ing jaman semono.[3]Dhetil ukiran kain kang mèh kaya pola bathik dianggo déning Prajnaparamita, yaiku ana ing reca dèwi kawicaksanan buddhis saka Jawa Wétanabad kaping 13.
            Dhetil klambi kang nampilaké pola sulur wit-witan lan kembang-kembang kang angèl mèh kaya pola bathik tradhisional Jawa kang bisa ditemokaké jaman saiki. Iki nudhuhaké yèn gawé pola bathik paling angèl lan mung bisa digawé nganggo canthing wis ana ing Jawa wiwit abad kaping 13 utawa malah sadurungé kuwi uga wis ana.
            Legendha ana ing literatur Melayu abad kaping 17, Sulalatus Salatin nyritakaké Laksamana Hang Nadim kang diwènèhi préntah déning Sultan Mahmud kanggo berlayar menyang India kanggo golèk 140 lembar kain serasah kanthi pola 40 jinis kembang ana ing saben lembaré. Merga ora bisa netepi wajib kang diwènèhké Sultan Mahmud, dhèwèké banjur gawé dhéwé kain-kain mau. Nanging kapal kang dinggo banjur kèrem ana ing lelaku bali lan mung bisa nggawa patang lembar kang ndadèkaké Sultan kuciwa.[4]
            Ana ing literatur Éropah, tèknik bathik iki pisanan dicritaké ana ing buku History of Java(London, 1817) tulisané Sir Thomas Stamford Raffles. Dhèwèké tau dadi Gubernur Inggrising tlath Jawa nalika jaman Napoleon saka Walanda. Taun 1873 saudagar Walanda Van Rijekevorsel mènèhi saklembar bathik kang olèh nalika ana ing Indonésia marang Museum Etnik ing Rotterdamlan wiwitané abad kaping 19 kuwi bathik wiwit ana ing mangsa kajayané. Nalika dipamèraké ana ing Exposition Universelleing Paristaun 1900, bathik Indonésia ngagètaké publik lan seniman.
b.  Piranti kanggo gawé bathik
Piranti kanggo gawé bathik ing Muséum Nasional Indonesia. Saka ndhuwur tengah: canthing, saka kiwa nengen: sikat kayu kanthi rambut serat klapa, kaliper wesi kanggo ngukur, uga kaliper, panjepit, palu, lan file.
c.   Cara gawé bathik
Awalé bathik digawé ing sandhuwuré bahan kanthi werna putihsing kagawé saka kapassing diarani kain mori. Diwasa iki bathik uga digawé ing sandhuwuré bahan liya kayata sutra, poliester, rayonlan bahan sintetis liyané. Motif bathik dibentuk nganggo cuwéran lilin kanthi migunakaké alat sing diarani canthing kanggo motif alus, utawa kuwas kanggo motif mawa ukuran gedhé, saéngga cuwéran lilin mresep jroning serat kain. Kain sing wis dilukis nganggo lilin banjur dicelup kanthi werna sing dikarepaké, biasané diwiwiti saka werna-werna enom. Panyelupan banjur dilakokaké kanggo motif liya kanthi werna luwih tuwa utawa peteng. Sawisé makaping-kaping ngliwati prosès pawernan, kain sing wis dibathik dicelupaké menyang bahan kimia kanggo nglarutaké lilin.



Jinising bathik miturut tèknik:


  • Bathik tulis yaiku kain kang dihias kanthi tèkstur lan corak bathik digawé nganggo tangan. Cara nggawé bathik iki kira-kira mbutuhaké wektu antarané 2 nganti 3 sasi.
  • Bathik cap yaiku kain kang dihias kanthi tèkstur lan corak bathik kang dibentuk nganggo cap (biasané digawé saka tembaga). Prosès kanggo gawé bathik cap iku kira-kira mbutuhaké wektu 2-3 dina.
  • Bathik lukis yaiku bathik kang digawé kanthi cara nglukis langsung ana ing kain putih.

Tidak ada komentar :

Poskan Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.