Tuesday, January 14, 2014

Tari Bedhaya

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info


Bedhaya
Bedhayainggih punika tari utawi beksa ingkang dipun tarèkaken déning kenya cacah sanga. Bedhayasaking tembung ambedhaya ateges nari. Beksan Bedhaya inggih punika salah satunggaling beksa ingkang asipat sakral dipunripta déning Panembahan Sénopatikaliyan Kanjeng Ratu Kidul. Rikala jaman semanten tari bedhaya punika namung dipun pagelaraken wonten lingkungan kraton kémawon lan tiyang Jawi kraton mboten saged midhangetaken, awit tari bedhaya punika kagolong tari ningrat lan sakral. Tari bedhaya dipunsebat tari sakral amargi tari menika ngandhut suraos falsafah tiyang gesang ingkang agung, khususipun kagem tiyang Jawi.
Tembung bedhaya punika kapendhet saking basa Sanskerta, inggih punika budha ingkang gadhah makna awal, wiwitan utawi suci. Wonten ing salebeting tari bedhaya punika kedah tiyang pinilih ingkang saged narèkaken. Tiyang punika kedah kenya ingkang taksih prawan ingkang dèrèng nggarap sari (haid) lan saged nglampahi sarat-sarat lelampah ingkang dipun wajibaken sakdèrèngipun mbeksa, inggih punika lelampah spiritual kebatinan, pasa, lan dipun pingit wonten panggènan mligi supados para paraga tari punika siap lair batin lan kadhidhik méntal ugi kapribadhènipun.
Rikala jaman semanten para paraga tari bedhaya punika inggih saged ugi para tiyang jaler utawi tiyang kakung kang taksih anèm lan nggadahi wiraga kadhos tiyang putri, alus lan subasita. Tari ingkang dipun bektakaken lajeng kasebat tari bedhaya kakung utawi bedhaya jaler alasanipun tari punika dipun bektakaken kaliyan tiyang kakung amargi tiyang putri wonten alanganipun inggih punika haids lan jaman semanten tiyang putri mboten angsal campur dados setunggal yèn dèrèng palakrama. Kejawi saking punika, tari bedhaya dipuntarèkaken ing wekdal ingkang dangu. Manawi tenaganipun mboten saé saged andadosaken gerah utawi lungkrah. Wekdal ingkang dipunginakaken rikala jaman semanten saged ngantos setunggal setengah jam. Pramila saking punika penarinipun kedah pilihan.
Para paraga utawi penari cacah sanga punika wau ngandhut suraos piyambak-piyambak, inggih punika Batak, gulu, jaja, hendel, apit ngajeng, apit winking, wedhalan ngajeng, wedhalan wingking lan buncit. Setunggal lan setunggalanipun mawa makna lan filosofi ingkang bènten-bènten.
Werni-werni Bedhaya
  • Bedhaya Ketawang, dhurasi tarian watawis 130 menit
  • Bedhaya Pangkur, dhurasi tarian watawis 60 menit
  • Bedhaya Duradasih, dhurasi tarian watawis 60 menit
  • Bedhaya Mangunkarya, dhurasi tarian watawis 60 menit
  • Bedhaya Sinom, dhurasi tarian watawis 60 menit
  • Bedhaya Endhol-endhol, dhurasi tarian watawis 60 menit
  • Bedhaya Gandrungmanis, dhurasi tarian watawis 60 menit
  • Bedhaya Kabor, dhurasi tarian watawsis 60 menit
  • Bedhaya Tejanata, dhurasi tarian watawis 60 menit
Sumber:
http://jv.wikipedia.org/wiki/Bedhaya




sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.