Senin, 13 Januari 2014

Wayang



Wayang

Wayang dumadi saking tembung wod "yang/ hyang" angsal ater- ater wa-. Tegesipun roh ingkang dipepundhinamargi pinercaya roh saged damel beja cilakanipun manungsa. Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak lan jiwanipun manungsa. Wayang mujudaken pangejawantahan pribadi manungsa. Wayang punika pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang wujud 2 dhimensi utawa wujude 3 dhimensi. Kang wujud 2 dhimensi umume, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawi wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné iki ora patia akèh ditemoni. Manut ing kemajuane jaman, wus tinatah lan sinungging wayang kanthi ngginakaken media digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang kang tinatah lan sinungging kanthi media digital kasebat e-wayang.
Crita kang dilakonaké dijupuk saka épos Mahabharatalan Ramayanakang uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang kaya ngéné iki diarani Wayang Menak. Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa.
Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCOing tanggal 7 November2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi.

a.     Sajarah
Para ahli durung ana kang bisa masthèkaké kapan wayang wiwit ana ing Indonésia. Nanging yèn ndeleng prasasti lan tinggalan jaman kepungkur, wayang kira-kira wis ana sadurungé agama Hindumlebu. Nalika kuwi lakon wayang durung nganggo crita-crita kang dijupuk saka India. Pagelaran iki dienggo sarana nyembah marang roh leluhur.
Sawetara anggitan sastra jaman Mataram anyar akèh kang nulis perkara sajarah wayang. Nanging, para ahli sajarah ora sarujuk marang apa kang tinulis ing kono amarga ora cocok marang cathetan lan tinggalan sajarah kang wis ana.
Prasasti paling kuno ana ing abad kaping IV Masehi. Prasasti ngemot ukara mawayang kanggo pagelaran pahargyan sima utawa bumi perdhikan. Katrangan kang luwih trewaca ing prasasti Balitung, udakara 907 Masehi. Ing kono tinulis si galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma ya kumara. Artiné kira-kira: Si Galigi ndhalang kanggo Hyang kanthi lakon Bimma Sang Kumara."
Agama Hindu kang mlebu ing Nusantaragawé crita wayang béda karo asliné. Crita Ramayanalan Mahabharatawiwit dienggo kanggo dakwah agama. Ing panguwasaning Dharmawangsa Teguh (991-1016), akèh crita saka India kang mlebu lan digawé gagrag jawané. Wayang wiwit nyebar ing ngendi-ngendi nalika Majapahit nguwasani Nusantara.
Crita-crita kang asliné saka India iku pungkasané wis geseh karo sadurunge. Para pujangga Jawa gawé crita dhéwé kanggo mepaki apa kang wis ana. Ing Pedhalangan, crita-crita iki sinebut lakon carangan.
Jaman Islam mlebu, Walisangauga nganggo wayang ing panyebarané. Ing jaman iki wiwit ana Wayang Menak. Gagrag-gagrag tambah akèh ngepasi Mataram anyar. Walanda kang digdaya gawé kraton Surakarta ngracik akèh crita wayang kanggo nglelipur ati.
Indonésia merdika uga nyumbang gagrag wayang kang manéka warna. Manéka warna wayang mau ana kang tetep digelar ana kang mung urip ing jamané dhéwé. Wayang kang paling akèh dienggo yaiku wayang kulit purwa.

b.    Sebutane Wayang
Yèn dijupuk saka ukarané, wayang kuwi saka wewayangan, amarga pagelarané ana ing wayah wengi lan nganggo lampu. Nanging katrangan iki wis ora bisa diugemi manèh. Wayang dadi ora mligi bonéka kang ana wewayangané. Wayang golèk kang digawé saka kayu ora ngandhelaké wewayangan. Ukara wayang wis dadi pagelaran bonéka kang digelar déning dhalang. Umumé, sebutan wayang tinuju marang wayang kulit purwa.Wayang iki digawé saka tatahan kulit kèwan kanti lakon seka Mahabharata lan Ramayana.

c.      Wayang ing tanah Jawa

1.      Wayang Bèbèryaiku wayang kang digawè saka kain utawa kulit lembu kang awujud bèbèran (lembaran). Saben bèbèran kuwi nggambarakè sakadegan crita. Yen wis rampung dilakonkè, bèbèrane digulung manèh. Wayang iki digawè jaman krajaan Majapait. Wayang iki asalè saka Pacitan lan Gunung Kidul. Wayang iki digawè kanthi kuwat ing bab rong dimensinè kanthi seni lukis ing kanvas. Wong-wong kang nglèstarèkakè wayang iki yaiku: Musyafiq kanthi gawè wayang bèbèr kang narasinè paraga-paraga wayang, Suhartono kanthi luwih nyiptakake figur wayang kang corakè dèkoratif lan ornamèntik, Agus Nuryanto gawè wayang bèbèr kanthi saka wujud wayang purwa banjur diabstraksi saka rèalitas uripè manungsa ing saben dinanè.
2.      Wayang Kulit
3.      Wayang klithik
4.      Wayang Golèkuga akèh wong sing arani wayang tengul. Wayang iki digawè saka kayu lan diklabèni kayata manungsa. Sumbering crita kajupuk saka Sejarah kayata crita Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten, Trunajaya, lsp. Crita wayang iki uga bisa kajupuk saka dongéng nègara Arab. Yèn pèntas kang dadi ciri khasè wayang golék yaiku ora nganggo kelirutawa layar kayata wayang kulit.
5.      Wayang Gedhog:Wayang iki wujudè mèh padha karo wayang kulit. Kang digawè kurang luwih taun 1400-an. Sumbèring crita saka crita raja ing Jawa, antaranè Banten, Singasari, Mataram, Kediri, lsp. Wayang iki mung bisa ditemokakè ana musèum.
6.      Wayang Menakyaiku wayang saka kayu kang digawe persis (kawangun) wong. Critanè yaiku babagan dakwah Islam kayata: Wong Agung Jayengrana, Imaryana, lan Umarpadi.
7.      Wayang Kancil:Wayang iki uga diarai '''wayang Dupara'''. Wayang sing digawe saka lulang. Crita serine Kancil.
8.      Wayang Wahyu: uga kasebut '''wayang bibel''' iki diciptakè dèning Bruder Tèmothèos kanggo nyiarkè agama Kristen.
9.      Wayang Pancasila.
11.  Wayang Jemblung:Wayang saka kayu kang digawe persis (kawangun) wong. Wayang iki sumebar ana ing daerah pesisir lor, Blora, lan Cepu. Critanè babagan Cacad kaya kethoprak.
12.  Wayang wong:Wayang wongyaiku wayang kang diparagakè wong kang ana gerakan tarinè. Sumbering crita saka Ramayanalan Mahabarata. Paguyuban kang misuwur kanthi pagelaran wayang iki yaiku Ngèsthi Pandawa (Semarang), Sriwedari (Surakarta).
17.  Wayang Potèhi:Wayang kang awujud bonèka cilik-cilik. Critanè mangsa jaman kraton Tar-Tar utawa Babad Cina. Thio Tiong Giè yaiku salah sijining dhalangwayang potèhi ing Semarang Tengah kang manggon ing Dèsa Pesantrèn, Kelurahan Purwodinatan. Dhèwèkè nduwèni prinsip paribasan CinaTiongkokkang dadi semangate kanggo nglestarekake Wayang potèhi iki yaiku:”TAK ada kuda, sapi pun bisa ditunggangi.” Yen ta wayangan dhèwèkè nggunakakè basa Indonèsia kanggo basa pengantar, bèda karo para sesepuhè sing biyèn nggonakakè basa Cina. Ciri khasè dhewèkè uga kerep nggunakakè tembang campursari. Thio Tiong Gie saiki umurè wis 76 taun, akeh prihatinè mikirakè kabudayanè sing mung didelok dèning saglintir wong sing kalah adoh yèn dibandingakè karo jaman biyèn. Langka banget sing kepèngin nyinaoni wayang iki sing dadi generasinè mung siji ntok wongè yaiku Oei Tjiang Hwat sing kerep ngancani yèn ta wayangan.[6]Para niyaganè adoh banget yaiku saka Surabaya
Dhèwèkè menehi tuturan "Yèn ta diwènèhi panjang umurè nganti 100 taun, dhèwèkè bakal terus ndhalang, sabab ing njero wayangan kang lumrahè digawè dadi panglipur lara iku ana ajaran-ajaran, pepèling-pèling kang manfaati tumrap uripè manungsa."
Wayang kang digawè saka dluwang kang digambari wayang awujud kèwan-kèwan. Wayang iki nyitakake babagan donyanè kèwan kang dadi sarana reflèksi saka donyanè manungsa. Ana wayang iki disarujuki ora ana sing dadi dhalangkang lumrahè tunggal dadi sakabèhing paraga ana wayang, banjur sapa waè bisa dadi dhalang, kang bisa prasaja gunemanè.
Sumber:

Tidak ada komentar :

Poskan Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.