sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Monday, January 13, 2014
Unggah-ungguhing Basa Jawa
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWA
Unggah-ungguhing basa Jawa, yaiku pranataning basa manut lungguhing tata krama. Tata krama, yaiku samubarang kang ana sambung rapete karo wong lagi ngomong supaya runtut anut paugeraning paramasastra.
Supaya jumbuh/trep karo unggah-ungguhing basa Jawa, mula menawa sesrawungan karo wong liya kudu:
1. Basane netebi pranataning subasita
2. Manut paugeran tata susila
3. Basane gawe reseping ati
Basa Jawa iku duwe unggah-ungguh basa, yaiku singmbedakake basa Jawa karo basa liyane kang dianggo pasrawungan manungsa. Dene cak-cakanenganggo wewaton ing antarane:
a. Umur
Sing enom ngurmati sing tuwa
Sing enom ngurmati sing tuwa
b. Peprenahan
Adhi ngurmati marang kangmas/mbakyu
Anak ngurmati bapa lan biyung
c. Drajat pangkat
Murid ngurmati marang gurune.
Pegawe ngurmati marang pangarsane.
d. Drajat semat
Ngurmati wong sing sugih, lemahe amba, lan sapanunggalane.
e. Trah
Ngurmati merga tedhak turune wongluhur, trahing kusuma rembesing madu.
f. Luhuring pribadi Sarjana, pahlawan, ulama, lan sapanunggalane
g. Tepungan anyar/durung kulina, adakane luwih diajeni
Undha-usuk basa utawa unggah-ungguh basa kang dianggo ing jaman saiki migunakake peprincene (pembagian) miturut Sudarto, yaiku basa ngoko (ngoko lugu lan ngoko alus) lan basa krama (krama lugu lan krama alus). Ing ngisor iki andharan sawetara basa ngoko. Dene andharan basa krama kababar ana ing wektu candhake.
Ø BASA NGOKO
Basa Jawa Ngoko yaiku perangan Basa Jawa kanggo guneman marang wong sapadha-padha. Basa Ngoko isih kaperang dadi 2, yaiku :
1. Ngoko Lugu,yaiku minangka tataran basa kang paling asor ing undha usuk Basa Jawa. Wujud tembunge ngoko, ora ana tembung krama utawa krama inggil tumrap wong sing diajak guneman. Gunane kanggo guneman antarane :
1. Ngoko Lugu,yaiku minangka tataran basa kang paling asor ing undha usuk Basa Jawa. Wujud tembunge ngoko, ora ana tembung krama utawa krama inggil tumrap wong sing diajak guneman. Gunane kanggo guneman antarane :
- Wong tuwa marang bocah enom
- Wong kang sadrajad utawa wis raket sesrawungane
- Wong apangkat dhuwur marang pegawene
- Bocah cilik karo kancane
- Ngunandika (ngomong dhewe)
2.Ngoko Andhap, yaiku basa ngoko kang alus sarta luwih ngajeni marang wong kang diajak guneman. Wujude arupa basa ngoko kacampur tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman. Yen dirasa kurang ngajeni sok dicampur tembung krama sawetara. Panganggone basa ngoko andhap iku kanggo guneman antarane :
- Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajade
- Bojone priyayi marang sing lanang
- Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokonan (kulina/raket)
Basa ngoko andhap bisa diperang dadi :
a. Antya Basa (wujude tembung ngoko lan krama inggil). Ciri-cirine :
a. Antya Basa (wujude tembung ngoko lan krama inggil). Ciri-cirine :
- Aku, tetep ora owah
- Kowe, kanggo pawongan kang diajeni diowahi dadi panjenengan, ki raka,kangmas
- Ater-ater dak-, ko-, di- lan panambang -ku, -mu, -e, -ake ora owah
Tuladha :
- Mas, aku nyuwun ngampil kagungane buku sewengi wae.
- Ora, kangmas ki suwé ora ngetingal-ngetingal iku tindak ngendi?
- Wah, adhimas ki rada ngece. Genah wis pirsa bae kok mundhut pirsa.
b. Basa Antya (wujude tembung ngoko, krama inggil lan krama). Ciri-cirine :
- Aku, tetep ora owah
- Kowe, kanggo pawongan kang diajeni diowahi dadi panjenengan, ki raka,kangmas
- Ater-ater dak-, ko-, di- tetep ora owah
Tuladha :
- Mas, aku ora bisa nyaosi apa-apa marang panjenengan, kejaba mung bisa ndherek muji rahayu, muga-muga panjenengan saged remen, lan saged ngangsu kawruh sing migunani tumrap nusa lan bangsa.
- Dak arani sliramu dhèk mau bengi saèstu mriksani ringgit ana ing dalemé Pak Lurah. Gèk lampahé baé apa ya dhimas, teka gamelané sedalu natas ngungkung baé, ora ana pedhot-pedhoté.
Ø BASA KRAMA
1. Krama Inggil
Bahasa krama inggil itu lebih menghargai orang lain, juga disebut basa krama halus.
Contohnya.
1. Bapak tindak dhateng Jakarta dinten Minggu.
2. Pak Bagyo nembe mucal kelas sekawan.
3. Pak Badrun mundhut sepatu.
4. Eyang kakung nembe siram.
5. Buku kulo dipun asto Bu Guru.
Contohnya.
1. Bapak tindak dhateng Jakarta dinten Minggu.
2. Pak Bagyo nembe mucal kelas sekawan.
3. Pak Badrun mundhut sepatu.
4. Eyang kakung nembe siram.
5. Buku kulo dipun asto Bu Guru.
Kalau kita perhatikan, kalimat di atas diucapkan sangat halus sekali, sebagai bentuk untuk ngajeni (menghormati) antarane Bapak, Pak Bagyo, Pak Badrun, Eyang Kakung dan Bu Guru.
2. Krama Lugu
2. Krama Lugu
Kalimat berbahasa Jawa ragam Krama lugu : adalah kalimat yang didalamnya terdiri dari kata-kata berbahasa Jawa krama, kalimat ini biasanya digunakan untuk membahasakan diri sendiri. Terdiri dari kata-kata berbahasa Jawa krama.
Contoh " Kula dereng tilem."
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Labels:
Kawruh Basa
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.