Senin, 13 Januari 2014

Upacara Adat Jawa Nalika Bocah



1.   Tedhak sitèn

Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulan utawa 6 lapan[1]. Upacara iki ing dhaérah liya ing Nuswantarauga ana, contoné sing diarani upacara injak tanah ing dhaérah Jakarta déning suku Betawi utawa uga ana sing ngarani "mudhun lemah" lan "udhun-udhunan"[1].
Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak, idhak utawa mudhun lan sitèn (saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan diselenggarakaké yèn umur bocah wis 7 selapanutawa 245 dina (7 x 35 = 245).
Upacara Tedhak sitèndianakaké amarga ana kapitayan masyarakat Jawa yèn lemah kuwi nduwéni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala. Kanggo ngindari kadadéyan sing ora becik, mula dianakaké upacara ngenalaké putra-putriné marang Bathara Kala minangka sing njaga lemah. Anggone nglakoni upacara iki, luwih becik miturut weton.
Ubarampé kanggo upacara tedhak sitènakèh, kayata:
  • Pengaron sing diisi kembang setaman.
  • Kurungan, kanggo nggambaraké yén donyané anak isih sithik utawa ciut.
  • Werna-werna barang sing diséléhaké sajroning kurungan kang nggambaraké suwèné urip, manungsa duwé kawajiban nggolèk "nafkah", kayata:
1.      Pari sabengket
2.      Kapuk sabengket
3.      Piranti nulis
4.      Bokor kang diisi beras kuning
5.      Werna-werna jinis dhuwit
6.      "Perhiasan"
  • Klasa sing isih anyar, kanggo lémèk ning jeroning kurungan.
  • Bakaran pitik, kang nggambaraké pedoman uripé anak.
  • Tangga tebu "rejuna", yaiku tebu sing wernané ungu kang nggambaraké undhak-undhakané urip sing arep dilakoni anak.
  • Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Tegesé kanggo ngemutaké anak yén urip kudu waspada saka godaan werna-werna.
  • Bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagékake marang para tamu sing teka.

Urutané upacara tedhak sitèn:

  • Tedhak jadah pitung warna: yaiku anak mlangkah utawa ngidak jadah pitung warna kang diréwangi ngidak déning ibu, jadah ditata saka warna sing padhang nganti warna sing peteng, iku kabèh perlambang déné urip iku ora gampang nanging kabéh alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.
  • Munggah andha tebu arjuna: tebu iku pralambang antebing kalbu, supaya anggoné nitih urip ning donya iki bakal manteb lan tebu arjuna pralambang supaya anak sing munggah tebu iku bisa duwéni solah bawa kaya déné arjuna.
  • Kurungan: kurungan iku pralambang urip ing donya iki, ing jero kurungan diwénéhi akèh dolanan lan ubarampé pagawéan kayata kertas, gunting, pethèt lan liya liyané, dolanan utawa ubarampé pagawéan sing dipilih déning anak iku kaya tandha bésuk bakal duwéni pagawéan mau.
  • Siraman: kanggo nyucèni raga lan jiwa, muga muga bisa gawa jeneng arum kanggo kaluwarga kayata ba


2.Nyapih
Nyapihasalipun saking tembung "sapih" ingkang anggadhahi pangertosan pisah utawi misahaken. Nyapih inggih punika salah satunggaling upacara adat Jawi ingkang ancasipun kangge nylameti lare ingkang nembé mandhek nyusu ibunipun.
Wonten ing wekdal kepengker, tiyang Jawi ngginakaken ubarampé kanggé nyapih larènipun. Ananging, sakpunika sampun jarang utawi malah sampun boten wonten ingkang ngginakaken ubarampé. Wonten ing ngandhap punika ubarampe ingkang dipunginakaken tiyang Jawi jaman kepengker wonten salebeting upacara nyapih, kadosta:
  • Kupat ingkang dipun sigar lajeng dipun isi abon wonten saktengahipun.
  • Katul ingkang dipun damel bunder-bunder kadosta bal alit-alit, lajeng dipun dang.
  • Kembang "borèh"
  • 7 Tumpeng alit
  • Ron jati ingkang dipuntungkupaken
  • Senthir ingkang dipunsélèhaken wonten sakngandhaping ambén
  • Lisah klapa ingkang dipunsélèhaken wontên pinggan ingkang wonten toyanipun
  • Ndog pitik mentah
  • Ron gedhang ingkang dipun suwèk-suwèk lajeng dipun tali kaliyan ndonga : "ora mbundheli godhong, nanging mbundheli tutuké si jabang bayi". Ancasipun supados bayi boten réwèl.
  • Wanci ndalunipun, laré dipun beta wonten njabi griya, lajeng sirahipun dipuntémpèlaken wit gedhang raja. Mênawi sampun gangsal dintên, dipundamêlakên bubur ingkang dipun sadé dhateng laré-laré ingkang "kreweng" minangka artanipun. "Kreweng" utawi tugelan gendhèng, lajeng dipunkempalakeên, dipun paringi kembang saha kemenyan lajeng dipun larung wonten kali.
Sumber:

Tidak ada komentar :

Poskan Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.