Tuesday, January 14, 2014

Wayang Kulit

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info


Wayang kulit
Wayang Kulit iku salah sawijining pagelaran wayang ingkang mbabaraké lakon mahabharatautawa ramayanasing wayangé digawé saka kulit. Jinising wayang iki kang paling disenengi ing Tanah Jawa. Wayang iki digawé saka kulit kang ditatah lan diéntha kaya déné manungsa. Umumé wayang kulit nglakonaké lakon Wayang Purwa, nanging ana uga kang nganggo Crita Menak lan Babad Tanah Jawa, crita agama (Kristen, Buddha), perjuwangan, lan manéka warna crita liyané.
Wayang kulit dilakokaké ing layar putih kang sinebut kelir. Déné wayang-wayang kuwi ditancepaké ing debog ana ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Gamelankang ana ing sisih mburi ngiringi pagelaran iki. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCOing tanggal 7 November2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan kang berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesianjaga (preserve) warisan kuwi.[1]
·        Panyebaran
Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Wayang kulit sumebar ing tanah Jawa lan uga pérangan liya ing Nusantara, nanging wayang iki luwih disenengi dening wong Jawa Tengahlan saperangan Jawa Wétan. Ing antarané panggonan siji lan liyané duwé gagrag dhéwé-dhéwé, sing paling gedhé yaiku Gagrag Ngayogyakartalan Gagrag Surakarta. Gagrag Banyumas lan Gagrag Pesisiranuga kondhang ing tlatahé dhéwé.
Ing jaman saiki, pagelaran wayang antuk owah-owahan. Campursari lan dhagelan mlebu ing antarané pagelaran mau. Amarga wayang uga wis mlebu dadi acara televisi, suwéné pagelaran kang asliné sewengi bisa dikurangi dadi sawetara jam waé. Wayang kulit uga asring sinebut wayang purwa. Sumber caritané yaiku saka kitab Mahabharata lan Ramayana kang ditulis déning Mpu Sedah, Mpu Panuluh, lan Mpu Kanwa.
·        Panggawéné wayang
Wayang kulit umumé digawé saka bahan kulit kebosing wis diprosès dadi kulit lembaran, saben siji paraga wayang mbutuhaké watara ukuran 50 x 30 cm kulit lembaran sing banjur ditatah nganggo piranti arupa wesilancip. Wesi waja iki digawé luqih dhisik kanthi manéka wangun lan ukuran, ana sing lancip, pipih, cilik, gedhé lan wangunliyané sing nduwèni fungsi béda-béda.
Wosé piranti mau kanggo gawé manéka bolongan ukiran ana ing lembaran wayang. Sabanjuré dipasang pérangan awak liyané ya iku tangan. Tangan wayang dumadi saka rong pérangan ya iku lengen dhuwur lan ngisor, saéngga tangan bisa diobahaké niru obahing tangan manungsa. Gagang wayang digawé saka bahan sungu kebo utawa sapi. Tangan wayang uga diwènèhi gagang supaya dhalangbisa ngobahaké tangan wayang kasebut.
·        Karakteristik paraga wayang
Wangun irung:
1. Irung Walimiring: Katon kaya piso blathi cilik, kanggo nuduhaké alusing watak lan kabangsawanan, tuladha: Arjuna, Samba, Kresna.
2. Irung Pelokan: Kaya wangun separo who pelem, nuduhaké pepadhan karo watak raseksa kasar lan kuwat. Tuladha: Buta Rotor, Bragolba, lan paraga buta liyané.
3.      Irung Pagotan: kanthi cangkem gusèn, nuduhaké watak galak lan kejem. Tuladha: Radèn Indrajit, Radèn Kangsa.
4.      Irung Bentulan: Nuduhaké keprajuritan. Tuladha: Gatotkaca, Gandamana, Bratasena.
  1. Irung Bruton: Nuduhaké sipat lucu, tuladha:Bagong.
  2. Irung Sumpel: Nuduhaké sipat lucu, tuladha:Semar lan Limbuk.
  3. Irung Térong: Nuduhaké sipat bisa narik kawigatèn, kaya pelawak. Tuladha: Garèng.
  4. Irung Cempaluk: Nuduhaké sipat konyol kaya badhut. Tuladha:Pétruk.
  5. Irung Pèsèkan: Nuduhaké lucu. Tuladha: Togog, Mbilung, Wanara.
Lambé lan garis cangkem
  • Cangkem Domis: Wangun cangkem satriya, nuduhaké kaélokan lan watak sènsitif
  • Cangkem Gusèn: Nggambaraké watak sok sarwa weruh, tanggung. Conto:Patih Sengkuni lan Kartamarma
  • Cangem Ngablak: Kabuka lan katon gusiné. Nggambaraké watak raseksa. Conto: Boma, Durmagati
Tlapukan
  • Mata Gabahan: Awangun wulir beras. Matané para ksatriya.
  • Mata Kedhelèn: Awangun wiji kacang, mata tokoh kaya Baladéwa, Setyaki.
  • Mata kedhondhongan: Awangun wiji kedhondhong, mata Patih Sengkuni lan Kartamarma.
  • Mata Pelengan: Nggambaraké karakter kejem, Indrajid lan Kangsa.
  • Mata Penanggal 1: Awangun wulan tanggal sepisan, nggambaraké watak sing ora bisa dipercaya. Tuladha: Cakil lan Pendhita Durna.
  • Mata Kolikan: Nggambaraké watak lucu kaya Semar.
  • Mata Plolo: Nggambaraké watak bodho lan gampang dibodhoni. Tuladha: Bagong lan Togog.
Uba Rampé pakeliran
Pakeliran utawa pagelaran wayang kulit merlokaké piranti ya iku antara liya:
Cempala
:
thuthukan dhalang kanggo ngiringi antawacana lan omongan ing lakon.
:
layar putih kang dibèbèr kanggo mainaké wayang.
Bléncong
:
Senthir kanggo gawé wewayangan, ing jaman saiki ana kalané senthir disulih nganggo petromax utawa lampu listrik.
Kepyak
:
digawé seka kuningan kanggo iringané dhalang.
Kothak
:
wadhah wayang lan kanggo dithuthuk Cempala
Gedebog/debog
:
kanggo tancepan wayang.
:
kanggo ngiringi pagelaran.
Simpingan
Akehe wayang ing kothak ora padha ing antarane dhalang siji lan liyane. Ana kang kurang saka 180, ana uga kang nganti 400 wayang. Wayang mau ana kang ditata ing pakeliran sisih tengen lan kiwa, ana uga kang ing njero kothak.
Simpingan Kiwa
Ing antarané kang ditata ana ing sisih kiwa yaiku:
Simpingan Tengen
Kang ditata ing sisih tengen diwiwiti saka wayang Brahala/Dewa Amral/Dewa Mambang dipungkasi nganggo wayang bayen.
Wayang Dhudahan
Wayang dhudahan yaiku wayang kang ora melu disimping nanging mung disimpen ana sajroning kothak. Biasane wayang dhudahan kuwi klebu wayang kang kerap dilakokake dening Ki Dhalang. Contone wayang dhudahan :
1. Dhudahan Kurawa
2. Dhudahan Pandhita lan Dewa
3.Dhudahan Raseksa (buta) Prepat
4. Dhudahan Panakawan
5. Dhudahan Keparak
6. Dhudahan Prajurit
  • Patih Udawa
  • Druwajaya
  • Pragota
  • Prabawa
  • Patih Tuhayata
  • Patih Saragupita
  • Patih Adimanggala
  • Patih Sabrangan
  • Ampyak/Prampogan
  • Wisata lan Wilmuka
  • Demang Sarapadha/Cekruktuna
  • Wadyabala Buta Pringgodani (Kalabendana, lsp)
  • Wadyabala Buta Ngalengka (Anggisrana,Yuyu Rumpung, Wil Kathaksini lsp)
  • Wadyabala Buta Kajiman/Bajulbarat
  • Wayang Setanan
  • Prajurit Kethek Tambak
7. Dhudahan Wanara
  • Anila
  • Anggada
  • Jembawan
  • Trigangga/Triyangga
  • Kapi Anggeni
  • Kapi Indrajanu
  • Kapi Suwida
  • Kapi Pramujabahu
  • Kapi Kingkin
  • Kapi Warjita/Cacingkanil
  • Kapi Janulen
  • Kapi Menda
  • Kapi Cucak Rawun
  • Kapi Saraba
8. Dhudahan Sato Kewan
  • Gajah(Liman/Dwipangga/Diradha/Matengga.)
  • Banteng (Andhaka)
  • Macam (Simo/Sardhula)
  • Ula (Sarpa/Taksaka)
  • Celeng (wraha)
  • Garudha
  • Kidhang
  • Landhak
  • Jaran (Kudha)
9. Dhudahan Pusaka
  • Kreta Kencana
  • Maneka warna gegaman (Gadha, keris, jemparing, lsp)
Sumber:





sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.