Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
1. Murda = sirah (Walanda = hoofd, Inggris = head) Aksara murda = aksara sirah, aksara sesirah (Walanda : hoofdletter, Inggris : capital). Aksara murda iku satemene ORA ANA. Wondene kang lumrahe diarani aksara murda, utawa kang DIANGGEP minangka aksara murda iku sejatine AKSARA MAHAPRANA, yaiku aksara kang pancene kudu diucapake kanthi abab akeh; kosok baline aksara alpaprana, yaiku aksara kang kudu diucapake lumrah (kanthi abab sathithik)
2. Cacahe aksara murda (kang DIANGGEP aksara murda ) ana wolu, yaiku : Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Nya, Ga, Ba.
3. Saben aksara Murda ana pasangane. Aksara Ca ora ana murdane , nanging pasangane ana , nanging saiki wis ora kanggo Aksara murda ing jaman saiki uga wis ora kanggo. Mriksanana layang Sarining Paramasastra Jawa kaca 121.
4. Aksara murda mung kanggo ing tata prunggu, tegese kanggo pakurmatan. Aksara murda ora kena dadi sesigeging wanda. Ing jaman biyen kang lumrah ditulis nganggo aksara murda asmane para luhur, jejuluke lan pedunungane minangka pakurmatan. Tuladhane , kayata :
Kanjeng SuSuhunNan PaKu BuwaNa ing SuraKarta HadiNingrat Dewi SinTa putrane putri PraBu JaNaKa raTu nagara manTili kagarwa PraBu Rama.
5. Saiki jaman demokrasi . Prayogane kabeh jenenge wong lan jenenge titah kang tata-caraning uripe kaya manungsa, kayata raseksa, wanara lan sapanunggalane kang kasebut ing carita padhalangan lan liya-liyane , katulis nganggo aksara murda. Cukup nganggo aksara murda siji bae, aksara sing ngarep dhewe. Yen aksara sing ngarep dhewe ora ana murdane , ya aksara burine ; yen burine ora ana murdane, ya burine maneh. Tuladhane, kayata : Dipaprawira, Mas Sudarsana, Prawiramartaya, Raden Burham, Bu guru Nurratri, Raden Ajeng Kartini Pak Mantri Aripin Raseksi Trijatha.
Mung tembung “Gusti Allah” lumrahe aksara murda saanane ditulis kabeh, mangkene : GusTi Allah
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.