Thursday, March 20, 2014

Tembang Dolanan Jawa

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info





Padahal jaman mbah-mbahane dewe seng jenenge tembang dolanan khusus
kanggo bocah kuwi wes ono. Bahkan lirik / isine gur ora seneng-seneng
tok. Tapi yo ono nasehat, petuah, sikap menghargai alam, hormat-patuh
karo wong tuwo, pantun, dll.



* Contone Cublak – Cublak Suweng.



Cublak-cublak suweng iku sawijining tembang dolanan, yaiku jinis
tembang sing prasaja, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik,
utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané.
Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn,
thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané.

Kadhangkala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana
jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.
(http://jv.wikipedia.org/wiki/Cublak-cublak_suweng).



Lirik



Cublak cublak suweng

Suwenge ting gelèntèr

Mambu ketundhung gudèl

Pak empong lera-léré

Sapa ngguyu ndelikkaké

Sir sir pong dhelé gosong

Sir sir pong dhelé gosong




* Lir – Ilir



Tembang ilir-ilir menika tembang dolanan laré-laré alit jaman kawuri
lan miturut criyosipun simbah-simbah ingkang nganggit inggih punika
kanjeng Sunan Bonang. Tembang menika ngandhut falsafah agami ingkang
lebet, ingkang maringi pepadhang dhumateng bebrayan agung ing tanah Jawi
kala semanten, amrih sageta ngugemi dhawuhipun Gusti ingkang Maha Welas
Asih marang sedanten umatipun. (http://jv.wikipedia.org/wiki/Lir_Ilir)



Lirik



Lir ilir, lir ilir, tanduré wus sumilir

tak ijo royo-royo tak sengguh temantèn anyar

Cah angon, cah angon, pènèkna blimbing kuwi

Lunyu lunyu yo pènèken kanggo mbasuh dodotiro

dodotiro, dodotiro, kumitir bedhah ing pinggir

Dondomana j’rumatana kanggo séba mengko soré

mumpung padhang rembulané, mumpung jembar kalangané.

yo surako surak hiyo.






Tembang Dolanan Jawa liyane

Padhang Bulan



Yo prakanca dolanan ing njaba

Padhang mbulan padhangé kaya rina

Rembulané kang ngawé-awé

Ngélikaké aja turu soré-soré




Te Kate Dipanah



Te kate dipanah

dipanah ngisor gelagah

ana manuk konde-onde

mbok sirbombbrok, mbok si kate

mbok sirbombbrok, mbok si kate

mbok sirbombbrok, mbok si kate




Gundhul Pacul

 

Gundhul gundhul pacul cul, gembèlengan

nyunggi nyunggi wakul kul, gembèlengan

wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan

wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan




Jaranan



jaranan-jaranan… jarane jaran teji

sing numpak ndara bei

sing ngiring para mantri

jeg jeg nong..jeg jeg gung

prok prok turut lurung

gedebug krincing gedebug krincing

prok prok gedebug jedher




Kidang Talun



Kidang talun

mangan kacang, talun

mil kethemil, mil kethemil

si kidang mangan lembayung


Gajah belang

duwe anak, belang

nuk renggunuk, nuk renggunuk




Pitik Tukung



Aku duwe pitik, pitik tukung

saben dina, tak pakani jagung

petok gogok petok petok ngendhog siji

tak teteske,kabeh trondhol dhol dhol

tanpa wulu,megal-megol gol gol gawe guyu




* Ono seng jek do apal lagu – lagu iki ?
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.