Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Tembung Garba : Tembung loro sing digandheng, nanging suda wandane Tuladha : – Aneng → ana + ing - Dupyarsa → dupi + arsa - Jiwangga → jiwa + angga - maharsi → maha + resi Tembung Entar : Tembung kang tegese ora salugune Tuladha : – Abang kupinge = nesu - Adol kringet = nyambut gawe - Cilik atine = kuwatir, jirihan - Jembar polatane = pinter Paribasan : Unen-unen kang ajeg panggone, mawa teges entar, lan ora ngemu surasa pepindhan. Tuladha : – Nyolong pethek = Ora cocog karo pangirane - Kepara-kepere = Pangedume ora padha - Kepluk ora tombok = Ngrasakake senenge ora cucul wuragad - Ketula-tula ketali = Tansah nandang sengsara Bebasan : Unen-unen ajeg kang ngemu surasa pepindhan. Tuladha : – Nututi layangan pedhot = Mbudidaya baline kahanan kang wis ora becik. - Ora ganja ora anus = Wong kang rupa lan tumindak ala - Mban cindhe, mban siladan = Pangrengkuhe ora padha. - Dudu berase ditempurake = Nyambung rembung sing ora cocog karo bakuning rembung. Saloka : Unen-unen kang gumathok, kang ngemu pepindhan. Tuladha : - Tekek mati ulone = Wong cilaka marga rembuge dhewe - Kemladheyan ngajak sempal = Mitra kang ngajak rusak - Kaya baladewa ilang gaphite = Wong kang ora duwe kekuatan - Pecruk tunggu bara = Wong ala dipercaya tunggu barang Karemane
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.