1. Petani dan peternak
Adhang-adhang tetesing embun : njagakake barang mung saolehe bae
Aji godhong garing : barang kang ora duwe aji babar blas
Ancik-ancik pucuking eri : wong kang tansah sumelang yen kaluputan
Angon mangsa : golek wektu sing prayoga
Arep jamure emoh watange : gelem kepenake ora gelem rekasane
Bebek mungsuh mliwis : wong pinter mungsuh wong pinter
Belo melu seton : mung melu melu bae
Dadia suket suthik nyenggut : emoh aruh
Digarokake dilukokake : dikon nyambut gawe abot
Emprit abuntut bedhug : prakar sepele dadi gedhe
Golek banyu bening : golek pitutur sing becik
Jati ketlusuban ruyung : golongane wong becik kelebon wong ala
Kacang mangsa ninggala lanjaran : kelakuwane anak akeh-akehe niru wong tuwane
Kaya wedhus dimbar neng kacangan : kesenengan amarga nemoni apa sing dibutuhake
Kebo ilang tombok kandhang : wis kelangan isih tombok maneh
Kebo kabotan sungu : wong tuwa sing rekasa amarga kakehan anak
Kebo mulih menyang kandhange : wong lunga bali maneh menyang asale
Kebo nusu gudel : wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
Kemladeyan ngajak sempal : wong nunut marakake rusak
Krokot ing galeng : wong sing mlarat banget
Kutuk nggendhong kemiri : nyandhang sarwa aji ngliwati papan sing gawat
Milih-milih tebu boleng : kakehan pilihan wusanane oleh sing ora becik
Opor bebek mentas awak dhewek : mentas saka rekadayane dewe
Ora ana banyu mili mendhuwur : watake anak mesthi niru wong tuwane
Ora ngerti kenthang kimpule : ora ngerti jalarane perkara
Pager mangan tanduran : dipercaya malah ngrusak
Pandengan karo srengenge : mungsuhan karo wong kuwasa
Pitik trondhol diumbar ing pedharingan : wong ala diprasrahi tunggu barang aji
Sandhing kebo gupak : sandhing wong ala bisa ktut ala
Sembur-sembur adas siram-siram bayem : bisa kaleksanan marga dongane wong akeh
Tebu tuwuh socane : prekara wis becik dadi bubrah merga dirusuhi
Timun mungsuh duren : wong ringkih mungsuh wong kuwat
2. Masyarakat pengadilan
Adigang adigung adiguna : wong sing ngendelake kekuatan kaluhuran lan kepinterane
Ana catar mungkur : ora gelem ngrungokake rerasan sing ora becik
Ana daulate ora ana begjane : wis arep nemu kabegjan Nanking ora sida
Desa mawa cara Negara mawa tata : saben panggonan duwe cara dewe-dewe
Emban cindhe emban silaban : siji lan sijine ora padha pangrengkuhe (ora adil)
Jer basuki mawa beya : kabeh gegayuhan mbutuhake wragat
Njajah desa milang kori : lelungan menyang ngendi-ngendi
Ngalasake negara : ora manut pranatan negara
Rukun agawe santosa crah agawe bubrah : kerukunan ndadekake santosa congkrah ndadekake karusakan
Sapa salah saleh : sapa sing salah bakal cala
Sluman slumun slamet : sanajan kurang ati-ati ewadene diparingi slamet
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.