Sunday, April 27, 2014

Esay

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info


Wanita, kartini kang kena ditata

Sawetara para wanita padha ngoyak kasetaraan gender ana ing laladan iki. Kamangka ora gelem kalah karo para priya kang nduweni kebebasan kanggo ngapa wae. Lumantar sandhang lan pakaryan kang bedha-bedha, bisa ditemokake wanita kang nyengkerem utawa melu cawe-cawe ana ing bidhange kuwi. Wanita wis ora bisa dipingit kayata jaman mbiyene. Mbok menawa gara-gara Kartini kabeh iki bisa kedadeyan. Ananging kepiye anggone para wanita nyikapi kadadeyan iki? Kepiye wanita bisa ngetrepake sosok Kartini kang kena ditata ana ing jaman saiki?
Ana ing adicara selasa legen kang kaping 51 tanggal 21 April 2014 Auditorium Unnes (Universitas Negeri Semarang), ngepasi pengetan dina Kartini dianakake pagelaran wayang padhet, Nyi Paksi Rukmawati saking Sukoharjo kanthi lakon Salindri(Telik Sandhi). Pagelaran iki ora liya kanggo motif nyuwarakake kridhaning wanita kang nduweni kabebasan kayadene para priya.
Sarindriana ing pagelaran kuwi, nduweni hak kanggo nyuwarakake pendapat kang dianggep bener lan pener. Ora namung kaum priya wae kang bisa dadi telik sandhi lan melu cawe-cawe ana ing babagan kadipatenan. Kaum wanita uga wani mbebela kang bener. Lakon wayang kuwi mbok menawa bisa kalakon ana ing jaman saiki, wanita bisa nggegem lan melu nyemplung ing sekabehaning bidhang.
Sejatine tembung wanita kabentuk saka bahasa Jawa (kerata basa) wani lan tata. Ana rong pendapat ngenani arti saka wanita. Kapisan, wani ditata sing artine wani (gelem) ditata lan sing nomer loro, wani nata artine wani kanggo nata (ngatur). Arti sakloron iki nduweni sasmita minangka wanita uga prelu pendhidhikan kang dhuwur kanggo bisa meranake perane. Mangkono kuwi kang kapethik saka http://nisyacin.blogdetik.com.
Pawongan Kartini pancen ora bisa diilangake saka wanita, amarga perane kang wis njuwangake kesetaraan gender antara kaum wanita lan priya, mligine ana ing babagan pendhidhikan. Kamangka wanita kudune sokur, mbok menawa ora ana perjuwangane Kartini, wanita nganti saiki ora bisa ngenyam pendhidhikan kang dhuwur lan dipingit ana ing omah wae.
Anane kesetaraan gender kang kababar ana ing laladan iki, ora kena langsung diartekake yen wanita bisa bebas sakpenake dhewe. Kaum priya lan wanita nduweni kodrate dhewe-dhewe kang kudu kalakon kanthi trep supaya bisa selaras. Kartini jaman saiki pancen nduweni hak kang padha karo kaum priya, bisa produktip kayata kaum priya, ananging ora bisa nglalekake kodrate minangka wanita. Ateges, wanita bisa ngenyam pendhidhikan kang dhuwur lan nduweni prestasi miturut bidhange dhewe-dhewe, ananging kang prelu dieling-eling minangka wanita kudu tetep ngurus omah.
Istilah masak, macak, lan manak kudu tetep dilakoni wanita ana ing jaman saiki, sanadyan wis nduweni prestasi lan pendhidhikan kang dhuwur. Masak, wanita nduweni kemampuan kanggo ngracik uga masak ana ing pawon minangka wujud asihe marang kaluwarga. Macak, saliyane kanggo gawe ayu awake dhewe, uga bisa ngurus kaluwargane. Manak, saliyane duwe arti nglairake anak, uga nduweni arti bisa ngurus, ndhidhik, lan nanemake karakter kang trep karo anake mau.
Kayata kaum priya, uga nduweni kewajibane dhewe, kang ora bisa dilakoni kaum wanita. yen wanita kuwi kerja, dheweke kudu bisa ngatur wektune, saingga ora ana kang dilalekake antara sakloron mau. Pancen angel, tur ya mesthi ora bisa sempurna. Ananging, yen kabeh kuwi mlaku kanthi selaras, mesthi bakal kalakon kanthi trep kabeh.
Masarakat kudu ora kaget lan keblabasen ngartekake kesetaraan genderamarga kaum priya lan wanita pancen nduweni perane dhewe-dhewe. Peran wanita ana ing jaman saiki yaiku bisa kerja lan ngenyam pendhidhikan sing dhuwur kayata kang dilakoni kaum priya. Bisa melu mbebangun masarakat, bangsa, lan negara bebarengan karo priya saingga wanita bisa dikurmati kayata kaum priya. Ananging, sejatine ana pakaryan kang mung bisa dilakoni kaum priya utawa wanita wae.
Wanita jaman saiki, Kartini kang kena ditata, kudu nduweni prestasi ana ing bidhang apa wae tur bisa ngatur wektune kanggo kagiyatan omah lan kaluwargane. Kartini jaman saiki sanadyan nduweni derajat lan hak kang padha dhuwure karo priya, kudu tetep nglakoni kodrate minangka wanita yaiku nglayani lan ngurmati bojone uga ngurus omahe.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.