Wednesday, August 6, 2014

Novel Singkar

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Singkar
Novel abasa Jawa anggitane Siti Aminah iki ukurane 19,6 cm x 13,8 cm x 0,8 cm, kandele 134 kaca, lan kaperang dadi 24 bab.
Samak ngarep buku iki luwih dikuwasani werna kuning, lan ana gambar separo raine wong wadon sing dumunung ing perangan sisih kiwa buku. Ing kene uga bisa ditemoni tulisan irah-irahan buku sing wernane abang kang cinithak timbul, ngisore irah-irahan katulis arane panganggit. Samak ngarep uga ana sithik werna ijo sing dumunung ing sisih kiwa ngisor. Ing sisih dhuwur tinulis pambabar buku yaiku Griya Jawi.
Samak buri di kuwasani werna ijo. Ana foto wong wadon nganngo kacamata ing sisih tengen samak buri. Wong wadon kuwi yaiku Siti Aminah, pengarang novel Singkar. Teks-teks cilik sing warnane kuning meh ngebaki samak buri novel. Saliyane ing sisih kiwa foto pengarang lan ing ngisor teks putih sing katulis Siti Aminah, teks kuning kasebut uga ana ing ngisor samak buri novel.
Teks kuning sing ana ing sisih kiwa foto mujudake profil pengarang, dene teks sing ana ing ngisor mujudake pethikan isi novel. Ing kono uga dijlentrehake ngenani alasane panganggit nggawe novel iki yaiku kanggo melu nglestarekake basa lan sastra Jawa. Saliyane kuwi uga tinulis yen cerkak lan opini gaweane panulis tau kababar ing kalawarti abasa Jawa yaiku Jayabaya, Panjebar Semangat, Djaka Lodhang, lan harian Suara Merdeka.
Karyane Siti Aminah uga tau kababar ing kalawarti abasa Indonesia kaya dene Jawa Pos, Kompas, Kawanku, lan panerbitan internal lembaga-lembaga ing Yogyakarta. Iang samak buri dikatutake alamat e-mail panulis. Ing perangan ngisore dumunung gambar samak ngarep tanpa seratan kang ukurane cilik lan sisih tengene dumunung seratan Singkar. Pojok kiwa ngisor dumunung kode ISBN, lan alamat jangkep pambabar novel Singkar.
Singkar mujudake novel abasa Jawa babagan jejodohan. Paraga novel iki ing antarane Nani, Narumi (ibune Nani), Kurniawan, Sipon (ibune Narumi), Alsa, lan Samhadi. Narumi njodohake Nani karo Kurniawan, nanging Nani ora gelem merga dheweke wis nganggep Kurniawan iku mase dhewe.
Nani tresnane karo Nusa, wong lanang sing ora disenengi wong tuane. Alesane Narumi yaiku dheweke ora kepengin Nani uripe mlarat yen jejodohan karo Nusa, wong ora cetha pagaweane. dheweke kepengin yen Nani jejodohan karo Suleman, wong sugih saka kutha.





sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.