Wednesday, August 6, 2014

Tanggap Wacana Pengetan Dinten Kartini

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
TANGGAP WACANA PENGETAN DINTEN KARTINI

Assalamu’alaikum wr wb
Ibu-ibu, sedherek-sedherek ingkang satuhu kinurmatan. Saderengipun, mangga kita sesarengan muju syukur ing pangarsanipun Gusti Ingkang Akarya Jagad Gusti Allah SWT, awit sih nugraha ingkang kaparingaken dhumateng kita sadaya, katitik ing siang menika, kita sadaya saged sesarengan makempal ing papan panggenan punika kanthi raharja boten kirang setunggal punapa.
Salajengipun, kula atas nami ketua penyelenggara ngaturaken agenging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampung nglonggaraken wekdal kersa ngrawuhi undangan ingkang sampun lumantar dhumateng panjenengan. Saged ngrawuhi pawiwahan pengetan dinten kartini.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Kados sampun kita sadaya mangertosi, bilih Raden Ajeng Kartini miyos ing tanggal 28 Rabiulakir taun 1806 utawi 21 April 1879 Masehi ing dhusun Mayong, Kabupaten Jepara. Raden Ajeng Kartini menika satunggaling putri saking kulawarga Bupati Jepara. Pramila ing tanggal 21 April punika kita pengeti menika dinten lahiripun Raden Ajeng Kartini. Kangge mengeti perjuanganipun Raden Ajeng Kartini ingkang sampun ngangkat drajadipun wanita Indonesia ngantos saged sami kaliyang drajading priya.
Rikala sugenging Raden Ajeng Kartini, para wanita bangsa Indonesia tansah wonten ing pingitan. Para wanita mboten dipun keparengaken sekolah. Ugi mboten dipun keparengaken gadhah padamelan ingkang sami kaliyan padamelanipun priya. Ananging sapunika, para wanita sampun sami drajadipun kaliyan para priya.
Babagan punika pranyata saestu saged dipun tingali. Sapunika sampun kathah para wanita ingkang hanglenggahi jabatan penting dados ketua-ketua utawi pemimpin-pemimpin, ngantos dados menteri utawi presiden, kados panjenenganipun Ibu Megawati Sukarnoputri ingkang jumeneng dados presiden ingkang kaping gangsal.
Para rawuh ingkang minulya,
Ing salebetipun mengeti dinten wiyosipun Raden Ajeng Kartini, ingkang kedah kita pengeti inggih punika semangatipun ing babagan emansipasi wanita. Mboten namung mengeti anggenipun kartini ngagem nyamping, anggenipun Kartini mawi sanggul ageng kemawon. Ananging kados pundit Raden Ajeng Kartini majengaken para wanita negeri kita.
Raden Ajeng Kartini menika seda tanggal 17 September 1904, antawis sekawan dinten saking anggenipun kagungan putra. Dene ingkang dados jatukramanimun Raden Ajeng Kartini inggih menika Raden Adipati Jayaadiningrat.
Mbok menawi saupami Raden Ajeng Kartini taksih gesang badhe mongkog ningali kawontenan kaum wanita ing nagarinipun. Ing sawaunipun supados setarap kaliyan priya ngenani hak-hakipun, malah sapunika kathah ingkang dipun ginaaken tumuju dhumateng kawontenan ingkang mboten ngremenaken. Kadosta para wanita ingkang kathah sami ses rok, para wanita kathah ingkang mawi clana. Punika mboten ateges emansipasi! Raden Ajeng Kartini mboteng nggadhahi emansipasi ingkang kados mekaten!
Emansipasi ingkang dipun perjuangaken Raden Ajeng Kartini inggih punika ngengingi hak ingkang sami antawisiupun priya kaliyan wanita. Menawi priya dipun parengaken ngudi ilmu wonten ing pawiyatan luhur, para wanita inggih dipun parengaken ngudi ilmu wonten ing pawiyatan luhur. Mboten namung wanita dipun parengaken wonten ing wingking supados masak kemawon.
Saderengipun wonten emansipasi saking Raden Ajeng Kartini, wanita nyambut damelipun namung wonten pawon, mboten wonten kaum wanita ingkang nyambut damel wonten ing kantor-kantor kados sapunika. Awit sampun wonten paribasan, menawi kados pundi inggilingipun sekolah, wanita ing tembenipun bakal nyambut damel ing pawon.
Ibu-ibu dalah remaja putri ingkang satuhu kinurmatan.
Mbok bilih sapunika para wanita sampun sami nyambut damel kangge majengaken bangsa, nagari, tuwin agami, ananging mboten kentun menawi tansah kaum wanita ingkang sami ngula wenthah amrih raharjaning keluwarga ugi tumut majengaken generasi muda supados mbina rumah tangganipun saksae-saenipun.
Kula kinten kirang wicaksana menawi atur wacana menika kula panjang lebaraken. Pramila kula cekapi semanten kemawon. Mboten kantun kula ngaturaken agung ing panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun sami anyengkuyung wontenipun pengetan punika kanthi bantuan ingkang arupi menapa kemawon. Mugi sadaya wau pikantuka ingkang samurwat saking ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Asih, Gusti Allah SWT.
Wassalamu’alaikum wr wb
Matur nuwun

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.