sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Friday, December 28, 2018
Dhedhasar Wewatonipun Basa Krama
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
- Ngramakaken Tembung
- Tembung-tembung ngoko ingkang wonten kramanipun dipun gantos tembung krama, dene ingkang boten wonten kramanipun tetep tembung ngoko kemawon. Tuladha:
- Basa Ngoko : Aku arep nggambar woh-wohan kayata pelem, jeruk, apel, jambu, karo anggur.
- Basa Krama : Kula badhe nggambar woh-wohan kadosta pelem, jeram, apel, jambet, kaliyan anggur.
- Tembung-tembung ingkang magepokan kaliyan dhiri pribadi ingkang wonten kramanipun tetep dipunkramakaken. Tuladha:
- Basa Ngoko : Ayo mampir ing omahku sadhela, bocah-bocah lan bojoku wis padha kangen.
- Basa Krama : Mangga mampir ing griya kula sakedhap, lare-lare kaliyan semah kula sampun sami kangen.
- Tembung-tembung ingkang magepokan kaliyan kewan, wit-witan utawi samukawis, ingkang wonten kramanipun tetep dipunkramakaken. Tuladha:
- Basa Ngoko : Wah, aku lagi rekasa, nandur wit jeruk arep mati, ngingu manuk padha lara, gek pitmontor wae rusak ora bisa mlaku.
- Basa Krama : Wah, aku saweg rekaos, nanem wit jeram badhe pejah, ngingah peksi sami sakit, gek pitmontor kemawon risak boten saged mlampah.
- Ngramakaken Ater-Ater (awalan, prefiks)
- Ater-ater di-, dipunkramakaken: dipun-. Tuladha:
- Basa Ngoko : Pitike diedol ing pasar.
- Basa Krama : Ayamipun dipunsade ing peken.
- Ater-ater kok-, dipunkramakaken: sampeyan-. Tuladha:
- Basa Ngoko : Apa pitike arep kokedol ing pasar?
- Basa Krama : Menapa ayamipun badhe sampeyan-sade ing peken?
- Ater-ater dak-, dipunkramakaken: kula-. Tuladha:
- Basa Ngoko : Pitike wis dakedol ing pasar.
- Basa Krama : Ayamipun sampun kula sade ing peken.
- Ngramakaken Panambang (akhiran, sufiks)
- Panambang –e, dipunkramakaken: -pun. Tuladha:
- Basa Ngoko : Pitike kuwi dakgawane wae.
- Basa Krama : Ayamipun menika kula-bektanipun kemawon.
- Panambang –en, dipunkramakaken: sampeyan-. Tuladha:
- Basa Ngoko : Pitik kuwi gawanen mulih!
- Basa Krama : Ayam menika sampeyan-bekta mantuk!
- Panambang –ana, dipunkramakaken: sampeyan-i. Tuladha:
- Basa Ngoko : Pitik sing isih cilik-cilik iku gawanana mulih wae!
- Basa Krama : Ayam ingkang taksih alit-alit menika sampeyan-bektani mantuk kemawon!
- Panambang –na, dipunkramakaken: sampeyan-aken. Tuladha:
- Basa Ngoko : Pitik iki gawakna sadhela, arep daktaleni sikile!
- Basa Krama : Ayam menika sampeyan-bektakaken sakedhap, badhe kula tangsuli sukunipun!
- Panambang –mu, dipunkramakaken: -sampeyan. Tuladha:
- Basa Ngoko : Iki rak pitikmu ta?
- Basa Krama : Menika rak ayam-sampeyan ta?
- Panambang –ku, dipunkramakaken: -kula. Tuladha:
- Basa Ngoko : Iya bener, iku pitikku.
- Basa Krama : Inggih leres, menika ayam-kula.
- Ngramakaken Rimbag Camboran (konfiks)
- Camboran N-a, dipunkramakaken: sampeyan-N. Tuladha:
- Basa Ngoko : Nggawaa pitik sing putih kae!
- Basa Krama : Sampeyan-mbekta ayam ingkang pethak menika!
- Camboran N-ana, dipunkramakaken: sampeyan-N-i. Tuladha:
- Basa Ngoko : Nggawanana pitik-pitik kate kae!
- Basa Krama : Sampeyan-mbektani ayam-ayam kate menika!
- Camboran N-na, dipunkramakaken: sampeyan-N-aken. Tuladha:
- Basa Ngoko : Nggawakna pitik Bu-lik, kareben dibeleh kanggo bakdan!
- Basa Krama : Sampeyan-mbektakaken ayam Bu-lik, kajengipun dipunbeleh kangge bakdan!
- Camboran di-ake, dipunkramakaken: dipun-aken. Tuladha:
- Basa Ngoko : Pitike bangkok mbok digawakake Pak Darma, jare kepengin ngingu!
- Basa Krama : Ayamipun bangkok mbok dipunbektakaken Pak Darma, criyosipun kepengin ngingah!
- Camboran kok-ake, dipunkramakaken: sampeyan-aken. Tuladha:
- Basa Ngoko : Mbak darmi jare arep mulih, pitike sing dhere kae mbok kokgawakake, kareben kanggo cucuk-cucuk!
- Basa Krama : Mbak Darmi criyosipun badhe mantuk, ayamipun ingkang dhere menika mbok sampeyan-bektakaken, kajengipun kangge cucuk-cucuk!
- Camboran dak-ake, dipunkramakaken: kula-aken. Tuladha:
- Basa Ngoko : Wah, pitike kuwi giras, kene dakgawakake,
- Basa Krama : Wah, ayamipun menika giras, ngriki kula-bektakaken, mindhak ucul! mundhak ucul!
- Camboran dak-e, dipunkramakaken: kula-ipun. Tuladha:
- Basa Ngoko : Pitik sing gering kuwi dakgawane wae apa, mundhak nulari liya-liyane?
- Basa Krama : Ayam ingkang gering menika kula-bektanipun kemawon menapa, mindhak nulari sanes-sanesipun?
- Camboran dak-ane, dipunkramakaken kula-anipun. Tuladha:
- Basa Ngoko : Wis, pitik sing padha pileren dakgawanane, aku bisa nambani.
- Basa Krama : Sampun, ayam ingkang sami pileren kula-bektananipun, kula saged njampeni.
- Camboran dak-ne, dipunkramakaken dak-aken. Tuladha:
- Basa Ngoko : Dhik pitikmu wis ngekeg, dakgawakne jago apa? Rak banjur ngendhog?
- Basa Krama : Dhik, ayam sampeyan sampun ngekeg, kula-bektakaken sawung menapa? Rak lajeng nigan.
- Ater-ater N, cekakan saking ater-ater Nasal, maksudipun ater-ater hanuswara utawi bunyi sengau, inggih menika: n, ny, m, ng.
- Ayam dhere: ayam ingkang sampun meh dados babon.
- Ayam ingkang giras: ayam ingkang angel dipuncepeng ‘liar’, angel dipuncelaki.
- Ayam ngekeg: dhere ingkang sampun kepengin dipuncelaki sawung, asring mungel keeeeg….keeeg….keeeeg…..
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Labels:
Bab Budaya
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.