Yen angone ngetrapake basa laras karo kaanan lan kalungguhane mitra wicara sarta pamilihing tembung-tembung bener, mesthi bakal bae nuwuhake rasa seneng lan rumangsa “diuwongake” utawa diajeni tumrap mitra wicara. Kosokbaline mitra wicara kita uga bakal ngetrapake basa kang salaras lan samurwat minangka sesulihe.
Ngetrapake unggah-ungguhing basa kang kliru bisa dicap “ora Jawa”, basane “gadho-gadho”, njuwerehi, ora ngepenakake ati. Bisa-bisa malah nyerikake ati, dadine ora ngraketake pasaduluran malah bisa methalake anggone padha kekadhangan. Mulane becike ngati-ati ing sabarang ucap lan ujar, ing sabarang tumindak lan laku.
Ancer-Ancer Panuntun Nggunakake Tataran Tutur
Supaya gampang disinau lan luwih prasaja, nanging ora nyimpang saka cak-cakaning tatakramane basa ing sesrawungan bebrayan Jawa, tataran basa Jawa kabagi loro:- Basa ngoko, kanthi variasine ngoko lugu lan ngoko alus.
Basa krama, kanthi variasine krama madya, krama lugu, krama alus.
Diarani basa ngoko awit racikan dhasare dumadi saka leksikon ngoko. Diarani basa krama awit racikan dhasare dumadi saka leksikon karma. Basa ngoko iku kejaba dadi basa tutur utawa caturan padintenan kang sipate bebas lan “demokratis”, uga dadi basa jurnalistik, yaiku basa kang dienggo ing kalawarti (majalah) lan ariwati (layang kabar). Uga basane para pengarang kanggo nggubah/nganggit karya sastra, embuh wujud novel, crita sambung, cerita cekak, geguritan, apa tembang. Basa krama sipate ora bebas awit kaiket dening unggah-ungguh utawa paugeran tata krama.
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.