sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Friday, December 28, 2018
Widyaswara
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Widyaswara dumadi saka tembung widya lan swara. Widya asale saka basa Jawa kuna kang tegese ‘ngilmu’ lan swara tegese ‘uni’. Dadi, widyaswara iku ngilmu kang ngrembug lan nyinau bab swara utawa uni. Ing ngilmu basa, widyaswara uga sinebut fonologi. Swara iku unine angin kang metu saka paru-paru lan kawedhar saka jroning tutuk. Adhedhasar pametuning swara, fonem basa Jawa bisa dibedakake dadi loro, yaiku vokal lan konsonan.
- Vokal
Vokal iku swara kang duwe uni, utawa swara sing muni jalaran pametune angin saka paru-paru kang kawedhar saka sajroning tutuk ora ana kang ngalang-alangi. Adhedhasar panaliten kang nate ditindakake, vokal basa Jawa gunggunge ana pitu, yaiku /a/, / כ /, /o/, /i/, /u/, /e/ lan /ә/. Vokal katon kaya ing ngisor iki.
aku laris ora
amba rata pira
obah coba kebo
idu sida mari
urip wuta bisu
eman tela sate
estri gepeng
- Umlaut
Umlaut iku owahing vokal ing wandaning tembung jalaran antuk panambang tartamtu. Umlaut iki ana kang ngarani modifikasi vokal. Ing basa Jawa umlaut bisa dibedakake dadi loro, yaiku owahe swara kendho dadi swara utawa bisa uga dikandhakake menawa umlaut iku owahing swara miring dadi swara jejeg karana diwuwuhi panambang. Swara /Ů/ lan /Î/ kalebu swara kendho, nanging bareng diwuwuhi panambang –e (-ne), swara kendho iku malih dadi swara kenceng yaiku, yaiku malih dadi swara /u/ lan /i/. semono uga owahing swara /כ/ dadi /a/.
Tuladha:
/cacÎŋ/ + -e = /caciŋe/
/arÎt/ + -e = /arite/
/siwŮr/ + -e = /siwurwe/
/kuplŮ?/ + -e = /kuplu?e/
/artכ / + -ne = /artane/
/dinכ / +-ne = /dinane/
/liyכ / +-ne = /liyane/
- Vokal Rangkep utawa Diftong
Diftong iku vokal kang cacahe loro sing beda wujude lan dumunung ing sawijining wandane tembung. Swara ing tembung wae, kae, jae, lan swara /ai/ ing tembung pait, jait lan paing ora kalebu diftong sebab swara /ae/ ing tembung iku mung wujud vokal rangkep kang dununge ana ing sawijining tembung dudu ing sawijining wanda. Mula, tembung-tembung iku bisa dipisah dadi wa-e, ka-e, ja-e, pa-it, lan pa-ing.
Ing wewengkon Jawa sisih wetan ana swara rangkep kang awujud diftong kang kerep nongol ing sawijining tembung. Tuladhane mengkene:
Abuh /abŮh/ àoabuh /abŮh/ ‘abuh banget’
Apik /apÎk/ àoapik /apÎ?/ ‘gedhe banget’
Gedhe /gәe/ àguedhe /g
ә
e/ ‘gedhe banget’
Enak /ena?/ àuenak /uena?/ ‘enak banget’
Cilik /cilÎk/ àcuilik /cili?/ ‘cilik banget’
- Konsonan
Konsonan iku swara kang tanpa uni, utawa swara sing durung muni yen durung sumambung karo vokal. Konsonan ing basa Jawa kabagi loro, yaiku:
- Konsonan Khas
- Gugus Konsonan
Basa Jawa duwe konsonan khas kang sinebut aspirat. Konsonan aspirat iku awujud swara /h/ kang tansah tumempel ing swara anteb /b/, /d/, /D/, /j/, lan /g/. kabeh konsonan anteb iku kaucapake dadi //, /
/, /
/, /
/, lan /
/.
Tuladha:
bapak à /apa?/ Sabar à /sa
ar/
durung à /ur
ŋ/ kidul à /ki
Ůl/
dhudhah à /u
ah/ kandhang à /kan
aŋ/
jiwit à /iwÎt/ jaran à /
aran/
gula à /ulכ / gusti à
usti/
Gugus konsonan iku konsonan rangkep kang beda wujude kang dumunung ing sawijining wanda lan ora dumunung ing sawijining tembung. Gugus konsonan uga sinebut klaster.
Tuladha:
/pl/ à plintir, plenggong, pluntir /tl/ à tliti, tlaten
/kl/ à klilip, klenthing, klasa /bl/ à blerik, bleseg, blarak
/tr/ à tritis, trenyuh, trabas /kr/ à kripik, kreteg, kranjang
/sr/ à srimbit, srandhal, /kw/ à kwali, kwitansi
/by/ à byar, ambyur, ambyor /ky/ à kyai
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Labels:
tembung
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.