sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Friday, December 28, 2018
Widyaukara
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Widyaukara utawa sintaksis kalebu perangane paramasastra kang ngrembug bab ukara. Kajaba ngrembug ukara, widyaukara uga ngrembug bab frasa lan klausa. Antarane frasa, klausa, lan ukara ora bias kapisahake jalaran siji lan sijine ana sambung rapete.
1. Frasa
1. Frasa
Frasa utawa kelompok kata iku duwe tandha-tandha mengkene:2. KlausaFrasa racake dumadi saka inti lan atribut. Inti ing frasa iku perangan kang diterangake, dene atribut iku perangan kang nerangake inti. Dadi, urutan pandhapuking frasa iku kudu manut IA (Inti Atribut) utawa DM (Diterangkan Menerangkan) lan AI (Atribut Inti) utawa MD (Menerangkan Diterangkan)
- Drajad dumunung ing antarane tembung lan klausa, utawa sadhuwure tembung lan sangisore klausa.
- Dumadi saka rong tembung utawa luwih.
- Tembung-tembug ang kadhapuk ing frasa urut-urutane ora kena ngluwihi wasesa.
Tuladha:
sepatu sandhal kandhang jaran
bocah lanang omah anyar
klambi amoh sepatu sandhal
kandhang jaran
bocah lanang
omah anyar
klambi amoh
Frasa bisa dijembarake kanthi nambah tembung iku, iki, kae, lan kuwi ing seseh tengene frasa kasebut. Tembung sing utawa kang uga bias kasisipake ing antarane tembung-tembung kang dadi perangane frasa. Malah sing/ kang lan iku, iki, kae, kuwi bias bebarengan sumambung ing frasa.
Klausa yaiku rerangkening tembung kang bisa ngudhar sawijining gagasan utawa sawijining bab. Saora-orane, ing pacelathon utawa ing paguneman, Klausa iku kudu ana wasesane. Ananging basa tulis, klausa iku saora-orane dumadi saka jejer lan wasesa. Kajaba kuwi, klausa uga bisa malih dadi ukara. Gatekna tuladha ing ngisor iki
Dheweke kuwi // dhokter kewan
J W
dheweke kuwi (frasa)
dhokter kewan (frasa)
dheweke dhokter (klausa)
dheweke kuwi dhokter (klausa)
dheweke kuwi dhokter kewan (klausa)
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Labels:
ukara
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.