Contoh Pranata Adicara Syawalan
Ads orthoshop
Assalamu’alaikum Wr.Wb
Alhamdulillahirobbil’alamin, wassolatuwassalamu’ala asrofil ambiyai wal mursalin wa’ala ‘alihi wasohbihi aj’main amma ba’du.
Puji syukur sumangga kula lan panjenengan aturaken wonten ngarsa dalem Gusti ingkang sampun paring mapinten-pinten kenikmatan saha kasarasan saengga kula lan panjenengan saged nglempak pepangggihan ing sasana punika saperlu nindakaken syawalan ing dinten ingkang fitri.
Wonten ngarsanipun para pepunden pinisepuh RT 16 ingkang satuhu pantes kapepundi sarto kinabekten.
Wonten ngarsanipun para bapak ibu sarta para kadang werda, muda, ingkang pantes kinurmatan.
Kawula nyuwun lumunturingsih pangaksami dhumateng handika sami, awit kula kumowantun hanggempil kamardikan panjenengan sami, awit kula kapiji kinen nderekaken lampahing hadicara punika.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Gegandengan wekdal sampun dungkap siang, pramila adicara punika enggal dipun awiwiti. Ananging sakderengipun adicara kawiwitan, kula waosaken rantamaning adicara ingkang badhe lumampah wonten ing kalodangan punika :
1.Pambuka
2.Pamaosing ayat suci Al-Qur’an
3.Tanggap wacana saking Bapak Ketua RT 16
4.Iqrar syawalan
5.Sumene 1
6.Inti syawalan inggih punikasabdo tomo syawalan dipunlajengaken jabat asta
7.Purnaning adicara lan panutup dipunlajengaken dhahar kembul sesarengan.
Para rawuh ingkang kinurmatan, mekaten menggah rantamaning adicara ingkang badhe lumampang.
Sumangga adicara menika kita kawiwiani kanthi maos Basmalah sesarengan
-Bismillahirohmanirohim-
Mugi-mugi kanthi waosan Basmalah punika Gusti Allah paring rahmat lan adicara punika saged lumampah kanthi wilujeng purwa madya engga wusana.
Ads orthoshop
Salajengipun, adicara kaping kalih inggih punika pamaosing ayat suci AL-Qur’an dening sederek Aan kasumanggakaken............. Mekaten menggah waosan ayat suci Al-Qur’an. Mugi-mugi ingkang maos sarto ingkang mirengaken pikantuk nugroho saking Allah SWT.
Salajengipun, adicara kaping tiga inggih punikaatur pangandikan saking Bapak ketua RT 16 inggih punika Bapak Wagiyo. Dhumateng panjenenganipun titilaksana kula caosaken........... Matur nuwun dhumateng Bapak Wagiyo ingkang sampun paring atur pangandikan wonten ing adicara punika.
Para rawuh ingkang kinurmatan adicara kaping sekawan inggih menika Iqrar syawalan ingkang badhe pimpin dening Bapak Raharjo. Dhumateng panjenenganipun titilaksana kula sumanggaaken............
Matur nuwun dhumateng Bapak Raharjo ingkang sapun mimpipin ikrar syawalan wonten ing wekdal punika. Mugi-mugi ikrar syawalan kula panjenengan sami dipun ijabahi dening Allah SWT, sahingga saget nambahi supeketing kekadangan warga RT 16. Aamiin
Sumene ingkang sepisan (1)
Mboten ngirangi kamardikan panjenengan sami anggenipun dhahar sarto ngunjuk sumangga adicara dipun lajengaken. Adicara inkang kaping-enem inggih menika inti syawalan ingkang dipun aturaken panjenenganipun Bapak M.Gufron Su’udi S.Ag. Dhumateng panjenenganipun titilaksana kula caosaken.......... Matur nuwun dhumateng Bapak M.Gufron Su’udi S.Ag ingkang sampun paring sabdatama syawalan wonten ing wekdal punika. Mugi-mugi kanthi sabdatama kalawau saget ndadosaken tambahing pangertosan saha kekiatan iman dhumateng kula panjenengan sami.
Para rawuh ingkang kinurmatan, adicara wiwit purwa madyo sampun kaleksanan kanthi wilujeng ing sedayangipun. Dumugi adicara ingkang pungkasan inggih punika panutup . sumangga adicara kita pungkasi kanthi puji syukur waosan hamdalah. Alhamdulillahirobbil’alamin.
Saking kula minangka pranatacara menawi wonten kalepatanipun kawula nyuwun pangapunten. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb
Ads orthoshop
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.