Teks MC Acara perpisahan dalam Bahasa Jawa
Ads orthoshop
Assalamu'alaikum wr . wb.
Dhumateng ngarsanipun bapak Kepala Sekolah,
Para guru saha karyawan ingkang kinurmatan, Para Wali murid , tamu undangan ingkang kinurmatan, lan para kanca kadhang ingkang kula trenani. Linambaran pamuji miwah syukur konjuk wonten ngarsa dalem pangeran ingkang maha agung, ingkang sampun paring nugraha dhumateng kula lan panjenengan saengga wonten ing ari kalenggahan menika saget manunggal wonten papan ngriki kanthi manggih widada nir ing sambekala.
Inggih wonten ing adicara:
Perpisahan siswa kelas 9 wekdal siang puniko kanti kawontenan sehat wal afiat.
Bapak/ibu ingkang dahat kinormatan, keparenga kula ngaturaken menggah rantamaning adicara ingkang badhe lumampah wekdal siang puniko:
ingkang sepisan:
1. Pambuka
2. Atur pangandikan ketua panitia perpisahan kelas 9
3. Pasuguhan tari Gambyong saking kelas 7C
4. Tanggap Wacana saking wakil kelas 7 & 8
5. Pasuguhan Band saking kelas 8
6. Tanggap Wacana saking wakil kelas 9
7. Drama saking kelas 8D
8. Tanggap Wacana saking Kepala Sekolah
9. Panutup
Mekaten menggah ramtamaning adicara ingkang badhe lumampah wekdal siang puniko.
Kaperang angancik acara ing sepisan, nun inggih Pambuka. Awit saking menika mangga kangge murwakanti acara, panjenengan kula dherekaken ndedonga. Ndedonga kawiwitan! Bismillahirrahmanirahim.
Bapak/ibu ingkang kula bekteni
Ads orthoshop
Wonten ing wekdal menika samangke kasuwun paring pangandikan ketua panitia perpisahan SMPN4 Pakem ..................................
Acara salajengipun inggih menika Pasenggahan Tari saking kelas 7C, wekdal saha papan kula aturaken
Bapak/ibu menggah adicoro ingkang kaping sekawan inggh puniko tanggap wacana saking wakil kelas 7 & 8, dhumateng sedherek..... kasumanggaaken
Acara salajengipun inggih menika pasuguhan Band saking kelas 9 , sumangga kasumangga aken
Bapak/Ibu ingkang tansah kula bekteni adicara salajengipun tanggap wacana saking wakil kelas 8, dhumateng sedherek..... kasumanggaaken
Acara salajengipun pasenggahan Drama saking kelas 8D, sumangga kita persani.
Bapak/ibu ingkang kula hormati, Adicara salajengipun
Atur pangandikan Kepala SMPN4 Pakem ................................
Mekanten lampahing acara “Perpisahan lan Tutup Taun SMPN 4 Pakem” wonten ing wekdal menika. Dumuging titi wanci acara penutup, sumangga acara menika kita tutup sesarengan kanthi dedonga muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Kang Mahakuwasa. Ndedonga kawiwitan.
Bapak/ibu tumapaking adicara perpisahan wonten ing wekdal siang menika sampun paripurna mbok bilih anggen kulo nderekaken adiacara temtu katah kalepatan saha kekhilafan saestu kulo kanthi handaping manah nyuwun agunging pangampunten.
Maturnuwun
Wabilahi taufiq wal hidayah. Wassalamu'alaikum wr. wb.
Ads orthoshop
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.