Wednesday, August 21, 2019

Cerita Wayang

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

 Pandhawa Lima

Wayang kang sampun misuwur ana ing masyarakat iku lumrahe cerita kang critakake jaman wayang Mahabarata. Lan cerita Ramayana.Cerita Ramayana anane luwih dhisik nanging prayata kanggone puyantun jawa crita wayang Mahabarata katon luwih digandrungi utawa disenengi. Bab iki kabuktekake kanthi wontene paraga wayang utawa gambar wayang kang dipasang ing saben omah,sekolah awet jenjang SD/MI,SLTP/MTS,SLTA/MA/MAN. ana ing tembok saben kelas sampun cumepak gambar wayang.
  

 
Ingkang paling okeh dipasang yaiku tuladha paraga cerita wayang mahabarata Kaya mangkono iku nuduhake Manawa kang duwe omah pancen wis tepung lan nduweni tokoh kaya kang di idolakake iku. Tokoh Wayang Pandhawa lima akeh digandrungi anq ibg masyarakat.mergo nduweni sifat kang adiluhung lan saget bisa dadi tuladha tauladan ana ing pasrawungan masyarakat. Lan panci tauladan ingkang sae niku panci perlu.

Ana ing cerita pawayangan tuladha wayang Pandhawa sanget misuwur. Pandhawa iku cacahe ana lima, mula terus diarani Pandhawa Lima.
Satria pandhawa kang kapisan yaiku Punthadewa utawi yudhistira minangka putra pambayun, watak ambeg darma lan nrima ing pandum sarta adoh ing hawa kamurkan. 
Bima sena Utawa Werkudara kanggedhe dhuwur lan gagah prakosa kang nomer loro, kang angka telu yaiku Raden Arjuna Kumbang Ali-ali kang kondhang ngganthenge, prigel lan trampil manah minangka panengahe Pandhawa, dene kang pungkasan yaiku Nakula lan Sadewa mujudake satriya kembar kang uga duwe watak utama, ambeg darma, lan luhur bebudene. Wiwit cilik mula wis katon luhuring budi,seneng tetulung, welas asih marang sapadha wong kang nandhang kasangsaran.
 
           Raden Puntadewa iku peparab liyane Yudhistira, Dwijakangka, Gunatalikrama, Darmakusuma, kratone manggon ing Ngamarta utawa Indraprasta. Panjenengane kagungan garwa Dewi Drupadi putra putrine Raden Drupada, ratu ing Negara Cempala utawa Pancala. 
Werkudara satriya ing Jodipati garwane aran Dewi Arimbi. Arjuna satriya ing Madukara garwane Dewi Sembadra lan Srikandi. Nakula Sadewa satriya ing Sawojajar. Cethane Pandhawa lima iku watak lan tindak tanduke kena kanggo tepa patuladhane para kawula mudha. Apamaneh kadigdayan lelimane mujudake satriya kang pilih tandhing.
            Nalika dadi muride Pandhita Durna, Pandhawa wis bisa ngatonake kepinteran lan keprigelane. Raden Arjuna prigel menthang gandhewa lan trampil migunakake keris. Raden Werkudara dhasar gagah prakosa kondhang kagungan sanjaya kuku Pancanaka lan gada rujak pala. Pandhawa katon luwih prigel keimbang murid liyane. Ewasemana, ora tau lan pancen ora  seneng pamer kadigdayan.Malah watake andhap asor lembah manah lan ngajeni marang sapepadhane.
            Akeh lelakon kang dilakoni  Pandhawa kasengsaran iku mau dituwuhake saka Kurawa kang kepingin nyirnakake Pandhawa. Wusanane kabeh kasangsaran iku bisa kasil kabengkas lan kuwat dilakoni. Beda banget karo Kurawa sing ora kuwat nglakoni.
         Pranyata menawa dideleng ing antarane Pandhawa lan Kurawa iku isih kadang, sebab Pandhawa iku putrane Prabu Pandhudewanata. Sedenge Kurawa iku putrane Prabu Destrarastra. Prabu Pandhu Dewanata iku kaprenah adhine Prabu Destrarastra.
           Apa sebabe dene ing antarane kadang  Pandhawa lan Kurawa ora bisa rukun? Iki  amerga Dewi Gendari kepingin digarwa dening Prabu Pandhu Dewanata nanging kena apa kok malah diwenehake marang kangmase sing wuta iku ?. Mula banjur nibakake pangipat-ipat manawa besuk saturun-turunne bakal dadi mungsuh bebuyutan. 

Dipetik saka berbagai sumber. Migio wonten manfaatipun.amin
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.