Wednesday, August 21, 2019

Sinau bahasa Jawa lewat Pengetan Dinten Kartini

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
 
Para remaja putri, adik,mbak, calon ibu lan ingkang sampun dados ibu. Tanggal 21 Aptil Dipunpengeti dados dinten Kartini.

Wonten madrasah utawi sekolah umum siswanipun sami ngagem kebaya. Nanging pengetan hari kartini ora mung kudu ngagem kebaya ingkang sae.Ananging kedah emut kaliyan sedanten perjuangan Raden Ajeng Ayu Kartini. Kartini salah setunggale wanita Jawa kang mijil saking tlatah Jepara.Zaman biyen Para bangsawan migunaake bahasa Jawa kanggo bahasa saben dinane.
 
Sinau bahasa Jawa lewat Pengetan Dinten Kartini

Kartini sosok ayu kang kita mangertosi bilih Kartini miyos tanggal 21 april 1879 ing Jepara. Suargi wonten ing Rembang.Jawa Tengah 17 september 1904 (wonten yuswo 25 tahun).Raden Ajeng Ayu inggih punika Tokoh Putri Jawa lan pahlawan Nasional Indonesia. Kartini dados pelopor Wanita Pribumi.Raden Ajeng Ayu Kartini saking keluarga para priyayi utawi Bangsawan Jawa. Putrinipun Raden mas Adipati Ario Sastroningrat, patih kang diangkat dadi Bupati Jepara menawi bu Kartini M.A Ngasirah. Kartini putri no 5 saking sewelas bersaudara. Kartini Putri mbarep. 

Sejarah pengetan dinten kartini kapundhut saking dinten lairipun Kartini. Pramila ing saben tanggal 21 April menika masyarakat Bangsa Indonesia mengeti dinten kartini. Sedaya niku amung saking perjuangan Raden Ajeng Kartini ingkang sampun ngangkat derajatw kaum hawa Indonesia ngantos sami kaliyan derajate kaum hawa. 

Asli perjuangane Raden Ajeng Ayu Kartini pranyata sakeatu saget kaleksanan, sampun kathah wanita kang sekolah,dados pemimpin, kathah wanita kang kagungan jabatan penting dados pemimpin. Kawontenane Raden Ajeng Ayu Kartini nuwuhale hasil kang kasebut "Emansipasi Wanita" ingkang artosipun ngangeninng hak panggesangan sami antawisipun kaliyan priya. Dipun lajengaken piyambak geh contonipun? 

Emansipasi wanita kang kasebat wau ampun dados kita sebagai Ibu terus supe kaliyan jati diri lan tugas ingkang luwih penting lan utami. Tugas niku mboten sanes inggih punika tugas sebagai Ibu rumah tangga. Kang kedah ndampingi putra lan putri kita ong tengahing gesanh(hidup). Kartini masa modern kedah saget maringi tuladha kagem putra-putrinipun. Kabeh mau bisa ditindakkae kanthi ngaltih kang putra kaliyan ilmu basa krama kanti tujuan nglestareake budaya bangsa. Lan bahasa ibu yaiku Bahasa krama. 

Wonten istilah "Ajining diri gumantung saka lathi" hmmmmm....... dalam Bahasa Indonesia artinya harga diri seseorang memang sangat tergantung atas ucapannya. 

Wonten ing budaya Jawa sesanti niki sering dipunucapaken. Kanthi menika kita sebagai Ibu saget nerapaken wonten ing keluarga ingkang penting inggih punika ngajari kang putra sinau lan nerapake ngenddikan kaliyan basa krama. 

Amargi kahanan niki dados tanggung jawab kita dados Ibu.Mergi pendidikan dipun mulai saking pendidikan keluarga.
 
Kendel mirsani kahanan ingkang sakmenika damel manah lan ati sedih mergo katha bocah kangboten nduwenj unggah-ungguh basa lan ora duwe tepa selira kaliyan tiyang kang luweh sepuh. 

Tugas dados piyantun Jawa inggih punika nglestareake budaya Jawa, AMarga Bahasa Jawa dados Bahas Ibu. Monggo dipun terapaken geh wonten keluarga piyambak piyambak. Aypayanw mremen wonten sekolah lan masyarakat. menawi mireng bocah mraktekale bahasa krama lak nggeh dados ayem toh wonten manah.
 
Monggo ibu kartini modern.kita sami belajar bahasa krama.

Mskaten saking kawula mugi saget dados piweling kagem awake kula piyambak lan Ibu Kartini Modern.

Ampun ninggal budaya jawi geh...
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.