sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Monday, November 28, 2011
TULADHA PASRAH PENGATIN PRIYA WONTEN ING SALEBETING PAHARGYAN MIDODARENI
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Mahardikeng tyas ring kamardikan nugraha miwah sih wilasanipun gusti ingkang maha agung mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung waradin sagung dumadi, raharja, niskala satuhu.
Mligi tumrap para rawuh ingkang angrasuk agami islam
Assalamualaikum Wr.Wb.
Sabda minangka panggeh, tembung minangka kekenceng, inggih wacana minangka panancang.
Netepi darmaning kekadangan turta sampun sumanggem mring sesanggeman, keparenga kula marak ing ngarsa panjenengan, awit titiwanci punika kula kadhawuhan dening bapak WISNU WARDANA sekaliyan, kinen matur dhumateng bapak ABDUL NGOFUR sekaliyan.
Ingkang punika keparenga kula hamurweng gati.
Bapak WAHYU HASTANTO ingkang minangka sulih sariranipun bapak ZAENURI sekaliyan ingkang kinurmatan.
Sepisan : kepareng matur bilih sowan kula sakadang saking PEMALANG ngantos dumugi ing ngriki tansah manggih wilujeng, boten wonten pepalang menapa. Sedaya awit saking berkahing Gusti ingkang lumantar pangestu panjenengan.
Ingkang angka kalih : lumantar kulo bapak WISNU WARDANA sekaliyan ngaturaken salam taklim mugi katur dumateng bapak ZAENURI sekaliyan.
Ngancik ingkang angka tiga, inggih tritiyeng gati pisowan kulo mestuti dhawuhipun bapak WISNU WARDANA sekaliyan turta jumbuh kaliyan rancangan sowan kulo sakadang. Dalu punika sampun angganti calon pengantin priya pun HERU PRASETYA pramila tumunten kula pasrahaken dhumateng bapak WAHYU HASTANTOsekaliyan sinartan panyuwun mugi keparengan amaringi wewarah, wewuruk sangu-sanguing abalewisma
Bapak WAHYU HASTANTO ingkang kinurmatan sowan kulo sakadhang ing dalu punika ugi kinanten uba rampe saha sarat sarana ingkang sanadyan wujud sarta ajinipun boten sepintena nanging mugi sedaya saget dados sarat sarana murih raket supeketing kekadhangan ingkang antawisipun keluarga bapak ZAENURIkaliyan keluarga WISNU WARDANA ing ngriki. Sedaya kula pasrahaken dhumateng bapak WISNU WARDANA sekaliyan
Bapak ABDUL NGOFUR inkang kinurmatan kirang trep hambok bilih anggen kulo matur anggandhar-andhar angendhukur. Pramila damar mancung cinupet semanten atur kulo hambok bilih anggen kula matur kathah kirangipun keparengan hambedhah kuthaning pangapsami
Minangka panutuping atur Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.