Monday, January 13, 2014

Jinis Tembung (wewangunane)

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info



Miturut wewangunane, tembung kaperang dadi 6 yaiku:

1.      Tembung Garba

Tembung garba yaiku tembung loro utawa luwih sing dadi siji kanggo ngurangi cacahing wandane.

Tuladha:
a. jiwa + angga = jiwangga

b. lebda + ing = lebding

c. nara + endra = narendra

d. dupi + arsa = dupyarsa

2.      Tembung Saroja

Tembung saroja iku tembung kang rinakit seka rong (2) tembung kang (mèh) padha tegesé lan bisa nuwuhaké makna kang luwih teges. Bisa maknané perkara kang ana sesambungané, bisa uga kahanan kang mbangetaké.

Panganggone Tembung Saroja :
1.     Wong  Jawa pranyata nduweni kabudayan kang adi luhung.
2.     Pegaweyane mung angkat junjung, apa bisa nyukupi kebutuhane kulawargane ?
3.     Direwangi njungkir njempalik meksa ora bisa cukup kanggo mangan saben dinane.
4.     Dedeg piadege gedhe dhuwur tur gagah prakosa.
5.     Satriya ing Madukara iya raden Harjuna pranyata satriya kang sekti mandraguna.
Tuladha:
·            sato kéwan = perkara kéwan
·            ayem tentrem = tentrem tenan
·            tepa tuladha = tuladha
·            tresna asih = asih tenan
·            colong jupuk = perkara nyolong utawa kagiatan nyolong.
3.      Tembung Éntar
Tembung Entar yaiku tembung loro utawa luwih sing digabung dadisiji lan tegesé dadi béda saka asal-usulé. Tembung éntar tegesé ora kaya teges saluguné (kata kiasan) utawa tembungkang ora kena ditegesi sawantahé baé. Ing basa Indonesia diwastani tembung silihan (kiasan), ing basa walanda diwastani Figuurlijke betekenis.
Tuladha:
abang-abang lambe : ora temenan utawa mung lelamisan.
abang raine : wirang, isin.
adol bagus, adol ayu : mamerake baguse, mamerake ayune.
adus kringet : nyambut gawe abot, mempeng.
ala jenenge : ora dipercaya awong liya.
alus tembunge : omongane kepenak dirungokake.
atine ana wulune : duwe kekarepan ala, drengki srei.
bau suku : tenaga, abdi.
mbukak wadi : ngandhakake wewadine/rahasiane.
mbuwang tilas : nutupi tumindake sing ala.
cagak elek : srana supaya betah melek.
cagak urip : srana kanggo nyukupi kebutuhane urip.
cepak rejekine : gampang golek rejeki.
cilik atine : sumelang, kuwatir
4.      Tembung camboran
Tembung camboran (basa Indonesia: kata majemuk), kuwi rong tembung utawa luwih kang digandhèng dadi siji ngliwati sawijining prosès morfologi. Prosès morfologi yakuwi prosès owah-owahan saka morfem dadi polimorfem, sing nduwèni kategori lanmakna wutuh, saéngga polimeorfem iku disebut tembung. Jroning basa jawa, ana telung prosès morfologi sing disinaoni, yakuwi: prosès wuwuhan (pengimbuhan), prosès rangkep (pengulangan), lan prosès camboran (pemajemukan). Prosès camboran (pemajemukan) yaiku prosès panggabungan morfem dhasar, sing biasa digabung yakuwi lingga karo lingga liyané. Camboran dipérang dadi loro, yaiku: camboran wutuh lan camboran udhar. Camboran wutuh minangka camboran sing konstruksiné digabung, saéngga ngasilaké siji makna. Déné camboran udhar arupa camboran sing konstruksiné kapisah lan maknané isih digabung, saliyané kuwi unsuré isih bisa digolèki.

Miturut wutuh orané

Miturut wutuh orané, tembung camboran iki kapérang dadi loro, yakuwi:
1.      Tembung camboran wutuh, contoné: sisib sembir, baya pakéwuh, raja lélé lsp.
2.      Déné wujud sijiné yakuwi wis dicekak (wancah). Contoné: bangjo: abang-ijo, barji barbèh: bubar siji bubar kabèh, gaji wakma: segasiji iwaké lima, nasgithel:panas legi kenthel lsp.

Miturut hubungan wanda

Miturut hubungan wanda siji lan sijiné, tembung camboran bisa dipilah dadi telu, yakuwi:
1.      Tembung camboran kang nduwèni teges sadrajad. (kopulatif). Contoné: gedhé cilik, tuwa nom, sumbang surung, sandhang pangan lsp. Reroncèn tembung bisa uga ditambahi tembung "lan" utawa"saha".
2.      Tembung camboran kang tembung kapidhoné nerangaké tembung kapisan (determinatif). Contoné: jambu kapuk, pelem gadhung, manuk dara, lsp.
·            Tembung camboran kang tembung kapisan nerangaké tembung kapindhoné. Conto: Parama sastra = sastra kang parama (linuwih), Pandhu putra = putrané Pandhu, lsp.
Tuladhane:
Camboran Wutuh
1.       Meja tulis, lemari kaca, buku gambar, pager kayu, lsp (lan sak panunggalane)
2.       Anjani putra, Bima putra, Pancasila, Wijaya Kusuma, lsp
3.       Anak Kadang, japa mantra, candhak kulak, edi peni, lsp
4.       Dewa-dewi, siswa-siwi, yaksa yuksi, putra-putri, lsp
5.       Lanang-wadon, gedhe cilik, enom tuwa, mangkat mulih, lsp

B.      Camburan Tugel (Wutuh)
1.       Bangcuk       : abang- pucuk
2.       Banjo            : Abang – Ijo
3.       Barbeh         : Bubar – kabeh
4.       Barji              : Bubar siji
5.       Budhe           : Ibu –gedhe
6.       Bulik              : Ibu – cilik
7.       Dhegus         : Gedhe – bagus
8.       Guru              : digugu –ditiru
9.       Kupluk          : Kaku –Nyempluk
10.   Kuping          : Kaku – Njepiping
11.   Legi               : Lemu –ginuk-ginuk
12.   Paklek           : Bapak Cilik
13.   Saerah           : Sae –Murah
14.   Tingwe          : Nglinting Dhewe
15.   Thukmis        : Bathuk –klimis
16.   Wandhak      : Dewa –Cendhak.

5. Tembung Rangkep
Tembung Rangkep (Basa Indonésia: Kata ulang), kuwi sakabèhing tembung (senadyan mung sawanda), kang diwaca kaping pindho. Tembung Rangkep iki dibédakaké dadi telung werna, yakuwi: tembung dwilingga, tembung dwipurwa lan tembung dwiwasana.

Tembung Dwilingga

Miturut owah orané lingga

·Dwilingga padha swara, yakuwi tembung kang diwaca kabèh linggané kaping pindho. Tuladhané: ibu-ibu, bapak-bapak, ésuk-ésuk, ramé-ramé.
·Dwilingga salin swara, yakuwi tembung kang diwaca kaping pindho nanging ana wanda vokal kang owah. Tuladhané: mloka-mlaku, mleba-mlebu, meta-metu, mrana-mréné.

Miturut tegesé

Tembung dwilingga bisa dipérang miturut tegesé utawa dadiné, yaiku:
·Dadi tembung aran. Tuladha: undur-undur, uget-uget, alang-alang, ari-ari, ali-ali.
·Dadi tembung kahanan. Tuladha: mangar-mangar, kelap-kelip, rintik-rintik.
·Mbangetaké. Tuladha: Aja asin-asin (aja asin banget), Aja seru-seru (aja seru banget).
·Tansah. Tuladha: Wis ajar kok ora isa-isa (tansah ora bisa), Arep wiwit maca kok lali-lali waé (tansah lali).
·Senadyan. Tuladha: Alon-alon (senadyan alon), cilik-cilik (senadyan cilik).
·Wektu. Tuladha: Awan-awan, bengi-bengi, bedhug-bedhug.
·Paling. Tuladha: Murah-murahé, akèh-akèhé, larang-larangé.

Tembung Dwipurwa

Tembung Dwipurwa kuwi tembung kang diwaca kaping pindho mung ing wanda kang pisanan baé. Tuladha: dedunung, tetuku, lelaku, leluri,sesawangan.

Tembung Dwiwasana

Tembung Dwiwasana kuwi tembung kang diwaca kaping pindho mung ing wanda kang kapindho (mburi). Tuladha: cekikik, cekakak, jelalat, mbedhudhug, jegègès.

6.Tembung Rurabasa

Tembung rurabasa yaiku rakitaning tembung kang luput, nanging wis umum utawa lumrah, menawa dibenerake malah dadi saya salah, mula uga diarani salah kaprah.
Tuladha:
a. nggoreng peyek
b. nggawe lemari
c. mbakar sate
d. negor gedhang
e. menek krambil

         Sumber:
 

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.