sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Showing posts with label Asal-usul. Show all posts
Showing posts with label Asal-usul. Show all posts
Tuesday, October 8, 2013
Asal-Usule Kutha Semarang
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Asal-Usule Kutha Semarang
Kacarita ing Kasultanan Demak ana sawijining pangeran kang ajejuluk Made Panda. Panjenengane kagungan putra aran Raden Pandan Arang.
Ing sawijining dina Raden Pandan Arang sarta para pandhereke nyumurupi bab kang nyalawadi. Ing lemah kang subur iku prenahe sela-selane tanduran tuwuh wit asem sing pating plencar arang-arang.
“He, sedulurku kabeh padha gatekna,” pangandikane Raden Pandan Arang marang para pandhereke.
“Wonten menapa Raden?” Pitakone saperangan pandherek.
“Sawangen! Ing sela-sela tanduran kang subur iku, tuwuh wit asem,” pangandikane raden Pandan Arang.
“Oh, inggih leres Raden.” Tumangape wong-wong sing dherekake.
“Ning kok sajak nyalawadi temen,” Pitakone wong-wong mau rada gumun.
“Aneh, wit-witan asem iku thukule rada adoh-adoh utawa arang-arang. Kamangka lemah kene subur. Mesthine tuwuhe kerep ora arang-arang ngene iki”.
“Inggih leres Raden, punika tuwuhipun sajak nyalawadi,” sambunge para pandhereke.
“Mula iku para sedulur, padha seksenana. Amarga iku, thukul wit asem sing arang-arang wewengkon iki dak arani Semarang -- (diarani Semarang – saka asem arang).
(Kapendhet saking Buku Piwulang Basa Kelas 9; dening:Sri Suparmi lan Ririn Safitri).
Klik
Ki Pandan Arang (Wikipedia Jawa)
Ki Pandan Arang (Wikipedia Indonesia)
Seputar Semarang
(Asal-Usul Kota Semarang ; Asal Usul Semarang ; Semarang)
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Friday, January 13, 2012
Asal-usule Kabupaten Kebumen
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Miturut critane, biyen Kabupaten Kebumen jenenge Panjer. Kebumen isih duwe sesambungan apik lan kuwat karo keraton Mataram. Panguwasa Panjer jaman kuwi yaiku Ki Kertawangsa, gelare Temenggung Kolopaking.Kolopaking setya banget marang Sultan Agung, panguwasa Mataram. Sawise Sultan Agung mati banjur disulihi karo Sultan Amangkurat I. Nalika kuwi dadi akeh kadadeyan sing nglibatake kabeh krabat keraton. Pangeran Bumidirjo, pamane aweh wejangan supaya yen ana prekara sing wigati kudu diungkuli kanthi musyawarah, nanging kuwi kabeh disepelekake. Banjur Pangeran Bumidirjo mutusake lunga neng Mataram karo ditutake Jagusara menyang tlatah Bagelan sisih kulon lan netep ing desa Panjer. Ora suwe Pangeran Bumidirjo ngganti jenenge dadi Ki Bumi. Ki Bumi duwe putra papat yakuwi Ki Gusti, Ki Bagus, Nyai Ageng, lan Ki Bekel. Saka Ki Bekel dhewe lair Ki Ragil, Ki Ragil duwe putra Ki Hanggayuda, sing ditetepake dadi demang Kutowinangun. Ki Hanggayuda duwe putra pitu, salah sawijine yakuwi Joko Sangkrib.
Nalika kuwi Joko Sangkrib kena lelara kulit sing mutawir banget, saengga dheweke diremehake karo keluwargane lan konco – koncone. Joko Sangkrip banjur lunga ngembara nggolek ngelmu lan kawarasan. Sawise mari saka lelarane lan tambah sekti, Joko Sangkrib nerusake lakune lan ngganti jenenge dadi Surawijaya.
Surawijaya banjur nggolek pangalaman neng pondhok Pesantren Kyai Akhmad Yusuf ing Bojongsari. Surawijaya ditresnani karo gurune amarga kapinterane. Joko Sangkrip ora mung nggolek ngelmu nanging uga sinau beladiri.
Sawise ngelmune krasa wis cukup dheweke pamit lan entuk wejangan saka gurune supaya ngabdi neng Mataram. Amarga kabecikane bisa ngadhepi lawan, dening Raja diwenehi gelar Adipati Aryo Arumbinang. Banjur dheweke urip neng Kutowinangun diparabi Kyai Hanggawangsa. Kyai Hanggawangsa utawa Arumbinang I ngurmati banget marang para leluhure. Tlatah sing dienggoni Ki Bumi dijenengi Kebumian, suwe – suwe dadi Kebumen.
Kebumen ditetepake nganggo dhasar SK Gubernur Jenderal De Jonge No. 03 tanggal 31 Desember 1935 lan mulai digunakake tanggal 01 Januari 1936. Tanggal 01 Januari kuwi sing nganthi saiki ditetepake dadi dinane kabupaten Kebumen. Nalika jamane Clash karo Belanda tanggal 19 Desember 1948, pendhopo kuwi dibakar supaya ora digunakake penjajah. Pungkasan neng dina kemis kliwon tanggal 29 April 1982, pendhopo sing wis rata lemah dening Drs. Hadiyono, Bupatine dibangun maneh karo upacara kejawen. Mangkana wewangunan joglo dadi katon apik lan endah.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Wednesday, January 11, 2012
Asal-usulipun Kabupaten Blora lan Ajaran Saminisme
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Kabupaten Blora wis kawentar ana ing papan endi wae. Miturut carita rakyat asal usul jeneng Blora saka tembung Belor sing duwe teges Lumpur. Wiwit jaman kerajaan Pajang nganti kerajaan mataram kabupaten Blora iku daerah sing apik ana ing pemerintah. Sejarahe yaiku Blora wektu dicekhel karo kadipaten jipang wiwit abad XVI sing isih dicekhel pemerintahan Demak yaiku Adipati Jipang sing jenenge Aryo Penangsang. Aryo Penangsang luwih misuwur nganggo jeneng Aryo Jipang. Daerah sing dikuasai yaiku Pati, Lasem, Blora, lan Jipang. Nanging sakwise Jaka Tingkir (hadiwijaya) ngwarisi tahta Demak pemerintahan lajeng dipindahke ana Pajang dadi Blora iku mlebu kerajaan Pajang.
Kerajaan Pajang ora suwe dadi pemimpin amarga direbut karo kerajaan Mataram sing ana ing Kotagede Yogyakarta. Blora salah sijine wilayah saka Mataram Timur utawa daerah bang wetan. Wektu pemerintahan Paku Buwana I daerah Blora di wenehna anake sing jenenge Pangeran Blitar lan diwenehi gelar Adipati. Wektu Mataram ana ning tangane Paku Buwana II ana kedadean pemberontakan sing dipimpin karo Mangku Bumi lan Mas Sahid, Mangku Bumi bisa nguasai Sukowati, Grobogan, Demak, Blora lan Yogyakarta. Ing wektu sing bebarengan Blora uga ngangkat Wilaktika dadi bupati Blora. Perang Mangku Bumi rampung amarga ana perjanjian Giyanti sing misuwur nganggo jeneng palihan negari. Amarga perjanjian kuwi Mataram kabagi dadi 2 yaiku kerajaan Surakarta lan kerajaan Yogyakarta.
Ana ing Palihan negari, Blora dadi wilayah kasunan. Nanging Bupati Wilaktika ora gelem mlebu dadi daerah kasunan. Mula dheweke luwih milih mundur saka Jabatane. Wiwit jaman Pajang nganthi jaman Mataram kadipaten Blora pancen daerah penting kanggone pemerintah pusat kerajaan amarga Blora misuwur karo hutan jatine. Blora wis obah statuse saka apanage dadi daerah kabupaten wiwit dina kamis kliwon tanggal 2 suro tahun 1675 utawa tanggal 11 desember 1749 Masehi, sing nganthi saiki wis misuwur dadi Hari jadi Kabupaten Blora. Perlawanan rakyat Blora sing dilakoni petani ora ucul saka kondisi sosial lan ekonomi pedesaan sing ora apik wiwit akhir abad 19. Pembayaran pajak sing diterapke saka pemerintah kolonial belanda panci abot kanggo pemilik tanah. Mula wiwit tahun iku ana gerakan Samin sing dipelopori karo Samin Surosentiko.
Samin Surosentiko lahir ana ing desa ploso kedhiren, randublatung kabupaten Blora. Bapake Surosentiko jenenge Raden Surowijaya utawi luwih misuwur kanggo jeneng Samin Sepuh. Jeneng Samin Surosentiko sing asli yaiku Raden Kohar. Jeneng iki diubah dadi Samin yaiku jeneng sing nafase kerakyatan. Samin Surosentiko isih ana pertalian darah karo pangeran Kusumoningayu sing kuasa ana ing kabupaten Sumoroso pas tahun 1802 - 1826. Wiwit tahun 1890 Samin Surosentiko ngembangake ajaran ana ing daerah Blora. Akeh penduduk ana ing desa sekitar sing tertarik karo ajarane. Wektu kuwi pemerintah kolonial belanda durung tertarik karo ajarane amarga dianggap dadi ajaran kebatinan biasa utawa agama anyar sing ora mbahayake kanggone pemerintah kolonial belanda. Wiwit tahun 1903 Residen Rembang nglaporake yen ana 722 wong pengikut Samin sing nyebar ana ing 34 desa ing Blora. Pemerintah kolonial Belanda mulai ngrasa was – was dadi akeh pengikut Samin sing ditangkap lan dipenjara.
Samin Surosentiko diangkat dadi ratu adil tanggal 8 November 1907 banjur diwenehi gelar prabu Panembahan Suryangalam. Banjur selang 40 dina sakwise kedadian kuwi, Samin Surosentiko ditangkap karo raden Pranolo yaiku asisten wedana randublatung. Sakwise ditangkap Samin karo 8 pengikute dibuwang ana ing luar Jawa lan mati tahun 1914. Tahun 1908, penangkapan Surosentiko ora madamake pergerakan Samin. Wong sorejo salah siijine pengikut Samin nyebarke ajaran didistrik Jawa, Madiun. Ana kene wong – wong desa sing padha dihasut supaya ora bayar pajak marang pemerintah kolonial belanda. Nanging Wongsorejo karo pengikute ditangkap lan dibuwang. Tahun 1911 Surohidin menantu Samin Surosentiko lan engkrak salah sijine pengikute nyebarke ajaran Samin ing daerah Grobogan. Karsiyah nyebarke ajaran Samin ing Kajen, Pati. Puncak gegere Samin amarga pemerintah kolonial Belanda mundake pajak, malah ing daerah Purwodadi wong – wong Samin wis ora maneh ngormati Pamong desa lan polisi uga ana ing distrik balarejo, Madiun. Ana ing Kajen Pati, Karsiyahh dadi pangeran Sendang janur ngelingna para bebrayan supaya ora bayar pajak. Ana ing desa Larangan wong – wong Samin uga nyerang aparat desa lan polisi.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Friday, January 6, 2012
Asul-asul Kabupaten Batang
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Batang, salah sijine kabupaten kang ana ing Jawa Tengah duweni sejarah. Manut cerita, ing jaman biyen ana kerajaan sing jenenge Kerajaan Mataram Islam. Rajane yaiku Sultan Agung Hanyokrokusumo. Wektu kuwi Sultan Agung lagi nyiapake prajurit-prajurite kanggo nyerang prajurit Belanda ing Jakarta sing biyene arane Batavia.
Sultan Agung ngutus Bupati Kleyangan sing jenenge Dipokusumo supaya babat alas Roban, banjur didadekake sawah sakperlu kanggo nyukupi kabutuhan pangane para prajurit sing arep nyerang Batavia. Kamangka ing sakjerone Alas Roban mau akeh para dhedhemit lan sakjinise sing saba ing alas kono. Manut cerita, sing dadi rajane dhedhemit yaiku Dadungawuk. Dipokusumo lan para prajurite banjur babat alas roban mau, nanging pagaweyane mau kandheg dening para dhedhemit mau. Para prajurite Dipokusumo akeh sing mati dadi korbane dhedhemit mau. Dipokusumo kang ngerteni kahanan sing kaya kuwi dadi bingung arep laporan dening Sultan Agung amarga pagaweyane ora kasil.
Dipokusumo banjur njaluk pitulungan karo Ki Gede Cempaluk, salah sijining punggawa Mataram sing diukum dening Sultan Agung amarga dheweke nglakoni salah marang Sultan Agung. Ki Gede cempaluk saguh ngrewangi pagaweyane Dipokusumo kanggo babat alas amarga disemayani dening Dipokusumoarep dijalukake pangapura marang Sultan Agung. Ki Gede Cempaluk banjur ngutus putrane kang duweni jeneng Jaka Bahu kanggo nglakokaken tugas babat alas mau saperlu arep digawe sawah-sawah, Jaka Bahu banjur mangkat menyang alas Roban.
Ora beda karo Dipokusumo, Jaka Bahu kang lagi babat alas dadi kandheg pagaweyane dening dhedhemit sing saba ing alas kono. Jaka Bahu banjur nglakoni tapa sakperlu pengen ngerteni sebabe para prajurite akeh sing mati. Ora suwe Jaka Bahu nglakoni tapa, dheweke banjur ngerti yen sing nyebabake pagaweyane kandheg yaiku Dadungawuk, raja dhedhemit ing Alas Roban, karo para prajurite. Jaka Bahu banjur perang nglawan Dadungawuk lan para prajurite. Dadungawuk lan para prajurite kasil dikalahake dening Jaka Bahu, banjur pagaweyane Jaka Bahu bisa diterusake.
ujuane Jaka Bahu babat alas Roban kuwi sakperlu arep digawe sawah-sawah, mula Jaka Bahu kudu duweni sumber banyu kanggo ngalirake banyu marang sawah-sawah sing arep digawe mau. Jaka Bahu banjur nggaawe kedhung kanggo ngalirake banyu. Nanging pagaweyane mau yo duweni alangan. Banyune ngalire ora tetep, kadhang ngalire cilik kadhang gedhe. Jaka Bahu banjur nggoleki sebabe banyune mau ngalire ora ajeg. Bareng ngerti sebabe, jebul sumber mau kaline kadhangan watang sing ambruk ing tengah kedhung. Mula banyune ngalire ora ajeg. Jaka Bahu banjur nglakoni tapa maneh ing sakpinggire kali mau supaya bisa entuk kakuwatan kanggo nyingkirake watang mau. Sakwise kuwi Jaka Bahu banjur entuk kakuwatan kanggo nyingkirake watang mau. Banjur pagaweyane nggawe kedhung bisa diterusake. Tlatah ing kono banjur dikenal kanthi jeneng yaiku Batang, saka kasile Jaka Bahu ngemBat waTang mau.
Nanging alangan ora kandheg. Jaka Bahu nemoni alangan maneh olehe nggawe kedhung. Jedhung sing wis digawe dening Jaka Bahu bobol. Jaka Bahu rumangsa bingung amarga dheweke wis kasil olehe nyingkirake watang mau. Banjur apa kang nyebabake pagaweyane kandheg maneh? Jaka Bahu kepeksa nglakokake tapa maneh kanggo mangerteni sebabe. Nalika Jaka Bahu rampung tapa, dheweke ngerti yen ing jero kedhung kuwi mau ana gapura istanane para uling. Sejatine kedhung kuwi jebul istanane para uling sing rajane jenenge Kala Drubiksa. Kala Drubiksa seneng gawe geger tumrap uripe manungsa. Jaka Bahu banjur nyebur ing jero kedhung mateni para uling sing ngrusak kedhung mau.
Kala Drubiksa kaget entuk warta saka prajurite yen para prajurite akeh sing mati dipateni Jaka Bahu. Kala Drubiksa ora trima. Kala Drubiksa sing panggonane dirusak karo manungsa tansaya kobongan jenggot. Dheweke banjur menyat lan tandhang dhewe ngadhepi Jaka Bahu. Perange Jaka Bahu lan Kala Drubiksa dadi perang sing gedhe amarga loro karone padha sektine. Ananging Jaka Bahu wis kesel amarga tenagane wis kari sithik kanggo nglawan para prajurite Kala Drubiksa mau. Jaka Bahu bisa kecekel dening Kala Drubiksa kanthi digubet nganggo buntute. Jaka Bahu ora kalah pokal, kanthi tenaga kang wis kari sithik Jaka Bahu bisa ucul saka gubetane Kala Drubiksa. Jaka Bahu banjur mlayu ninggalake Kala Drubiksa sakperlu golek papan kanggo ndhelik kanggo mulihake tenagane.
Ana ing papan pandhelikane, Jaka Bahu ketemu karo Drubiksawati sing jebule adhine Kala Drubiksa. Pancen papan sing dienggo ndhelik Jaka Bahu mau jebul Taman Kaputrene Drubiksawati. Saka panyawange Drubiksawati, dheweke banjur thukul rasa katresnan tumrap Jaka Bahu, Drubiksawati banjur nyedhaki Jaka Bahu banjur loro karone padha kenalan. Mawi kuwi Jaka Bahu ngerti yen Drubiksawati kuwi adhine Kala Drubiksa sing wis kebacut tresna marang Jaka Bahu. Ngerti kahanane sing nguntungake Jaka Bahu, mula Jaka Bahu banjur njaluk tulung marang Drubiksawati golek wadine Kala Drubiksa kanthi syarat gelem nampa katresnane Drubiksawati. Drubiksawti kang ora seneng marang tumindhake Kala Drubiksa nyanggupi, nanging Jaka Bahhu ora kena mateni Kala Drubiksa.
Jaka Bahu banjur dicolongake pedhang Swedhang kang dadi sumbere tenagane kasektene Kala Drubiksa. Sakwise Jaka Bahu entuk pedhang swedhang mau, Jaka Bahu banjur mangkat maneh ngrampungake perange nglawan Kala Drubiksa lan para prajurite sing uga lagi nggoleki Jaka Bahu. Pancen bener, kanthi pedhang swedhang mau Kala Drubiksa tenan kasil dikalahake dening Jaka Bahu. Kala Drubiksa banjur mlayu menyang lor alas roban. Jaka Bahu ngoyak nganti kecekel, sakwise kecekel ing Kali Kramat, Kala Drubiksa banjur nyerah maranmg Jaka Bahu lan perange loro karone mau kandheg, nanging dadi rundhingan utawa prajanjen loro karone mau ing Kali Kramat. Kasile rundhingan mau menawa Kala Drubiksa ora bakal ngganggu maneh tumrape uripe manungsa, nangingdheweke diwenehi panggonan ing Alas roban sisih lor kango papan uripe. Kala Drubiksa uga entuk jupuk jatah kanggo uripe saka hasil bumine manungsa, ananging sithik wae lan ora entuk ana kang mangerteni. Pedhang Swedhang mau banjur ditancepake ing sakpinggire Kalli Kramat. Wong-wong sing padha ngerti yen Kala Drubiksa kasil dikalahake dening Jaka Bahu rumangsa seneng, banjur nganakake syukuran ing dhuwur Kali Kramat.
Kanthi Jaka Bahu bisa ngalahake Kala Drubiksa, mula kedhung sing lagi dibangun mau kasil dadi. Jaka Bahu uga kasil olehe babat Alas Roban, mula Alas Roban mau didadekake sawah. Sawah-sawahmau dadi tlatah kang subur amarga banyu sing ngalir saka kedhung lancar. Jaka Bahu banjur bali menyang Mataram nglaporake hasile mau dhumateng Sultan Agung. Sultan Agung rumangsa bungah banget senenge ngerteni pagaweyane Jaka Bahu mau. Kanggo imbalan, Jaka Bahu didadekake bupati ing Kendal. Nanging sakdurunge kuwi Jaka Bahu diwenehi tugas maneh karo Sultan Agung. Tugase yaiku njupuk putri sing jenenge Retno Rantan Sari sing dititipake ing dhusun Kalisalak. Sultan Agung pengen ndadekake Retno Rantan Sari dadi bojone.jaka Bahu banjur mangkat menyang dhusun Kalisalak
Tekan panggonane, Jaka Bahu rumangsa kesengsem karo kaendahan ing sakiwo tengene pangonane Retno Rantan Sari. Jaka Bahu banjur nemoni Pak Wongso, wong sing dititipi Retno Rantan Sari lan ngomong yen dheweke diutus dening Sultan Agung sakperlu mboyong Retno Rantan Sari arep diboyong menyang Mataram. Retno Rantan Sari jebul wong wedok sing pancen ayu banget ora ana tandhingane. Kanthi ayune kuwi mau Jaka Bahu banjur kesengsem lan tresno marang Retno Rantan Sari. Semono uga Retno Rantan Sari, dheweke uga tresna marang Jaka Bahu. Jaka Bahu rumangsa bingung. Menawa Jaka Bahu mboyong Retno ning Mataram, dheweke ora lila yen Retno Rantan sari jejeran karo Sultan Agung, nanging saumpama dheweke ora kasil mboyong Retno, Jaka Bahu wedi menawa Sultan Agung duka. Jaka Bahu banjur bali mennyang omahe sakperlu njaluk wejange Ki Gede Cempaluk.
Ing ngomah, Ki Gede Cempaluk uga rumangsa bingung. Dheeke uga ngerteni manahe Jaka Bahu, putrane. Ki Gedhe Cempaluk banjur nggoleki akal supaya bisa nggolek wong wedok sing ayune padha karo Retno Rantan Sari, banjur digawa menyang Mataram. Ing dhusun Kalibeluk ana kenya ayu sing ayune padha Retno Rantan Sari, rupane uga mirip. Ngerteni bab iku, Ki Gede Cempaluk banjur ngongkon Jaka Bahu lunga menyang Kalibeluk sakperlu njaluk kenya ayu mau sing jenenge Endang Wuranti. Rupane pancen mirip tenan. Wong tuwane Endang Wuranti ngijinke, mula Endang Wuranti kasil digawa dening Jaka Bahu. Endang Wuranti dikongkon nyamar dadi Retno Rantan Sari banjur digawa menyang Mataram sakperlu diwenehake marang Sultan Agung. Banjur Retno Rantan Sari bisa kasandhing karo Jaka Bahu dadi bojone. Sultan Agung banjur ngajak Endang Wuranti lungguh jejer bebarengan ing singgasanane, nanging Endang Wuranti sing mung wong biyasa banjur semaput. Sultan Agung banjur sulika marang Jaka Bahu. Sakwise Endang Wuranti sadar, dheweke ditakoni marang Sultan Agung. Endang Wuranti kang wong biyasa ngandha yen dheweke kuwi dudu Retno Rantan Sari, nanging Endang Wuranti saka dhusun Kalibeluk, anake wong tukang dodol serabi. Endang Wuranti ora diiukum dening Sultan Agung banjur dikongkon bali dening Sultan Agung menyang dhusune.
Sultan Agung duka ngerteni kahanan kuwi mau. Dheweke rumangsa diapusi, banjur ngongkon Jaka Bahu ngadhep dheweke. Sakwise kuwi Jaka Bahu disengeni marang Sultan Agung. Jaka Bahu banjur diwenehi ukuman supaya Jaka Bahu entuk tugas-tugas liyane sing luwih abot tinimbang tugas babat alas roban lan gawe kedhung ing Kali Kramat. Tugas pisanan yaiku dheweke diutus babat alas Gambiran, banjur diwenehi tugas-tugas liyane nganti dianggep cukup kanggo nebus salahe marang Sultan Agung.
Gambar:
http://www.google.co.id/imgres?q=kabupaten+Batang&um=1&hl=id&client=firefox-a&sa=N&rls=org.mozilla:en-US:official&biw=1366&bih=651&tbm=isch&tbnid=R8kuOGr_i_mJ9M:&imgrefurl=http://kuwarasanku.blogspot.com/2011/05/logo-kabupaten-batang.html&docid=opP2AP-xCMei5M&imgurl=https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEgvB3ZIARlpxB8WsZTppoQSunYsI2TypPvBvPJoQgzmxl3djQF_5LyAfYnbTOCt2yEFZTJ-xUOdOuMAY-0bcoU3P4jK4Zq1WblBIeRp5QL31G4mC4GWJmUIJRdhO2L0rn694MRtjD5hzT58/s1600/Kab.%252BBatang.jpg&w=678&h=678&ei=x28GT8KBBcHYrQfFs9joDw&zoom=1
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Posts (Atom)





