Showing posts with label pawarta. Show all posts
Showing posts with label pawarta. Show all posts

Friday, December 7, 2018

Candhi Ijo

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Candhi Ijo dhuwure 375 meter  saka lumahe banyu segara. Katemokake dening H.E. Doorepaal, sawenehe Administratur Pabrik Gula Saragedhug sing golek papan kanggo nandur tebu nalika taun 1886. C.A Rosemeler uga nemokake reca watu cacah telu ing Candhi Hindhu iki. Dr. J. Groneman ngedhuk sumuran candhi Ijo nemokake lembaran emas sing ana tulisane prasasti, ali-ali emas lan wiji-wijian
Candhi Ijo arupa teras undhak-undhakan kanthi bagean paling ngisor ing iring kulon lan bagean paling dhuwur ing iring wetan. Ing sisih kulon bisa nyawang wewangunan candhi sing wis bubrah. Candhi-candhi bubrah mau durung didandani marga isih sajroning proses ekskavasi.
Ing iring wetan iki kadadean saka candhi indhuk, candhi pengapit lan candhi perwara. Candhi perwara cacah telu iki madhep ngetan dipigunakake kanggo ngurmati Trimurti yakuwi Brahma, Wisnu lan Syiwa. Tembok ing candhi indhuk kadadean saka relung-relung cacah telu. Candhi Ijo kabangun ing gegere pereng sing kondhang kasebut Gumuk Ijo. Jeneng iku mau bisa katemokake ing Prasasti Poh taun 906 Masehi.
Candhi Ijo bukak nganti jam lima sore. Sesawangan endah awujud Pantai Parangtritis lan Bandhara Adi Sucipto katon cetha saka Candhi Ijo. Kanggo para pamaos Djaka Lodang sing kepengin nikmati endahe swasana candhi bisa teka langsung ing Dhusun Groyokan, Desa Sambirejo, Sleman. Balai Pelestarian Cagar Budaya (BPCB) Yogyakarta weling supaya aja gawe rusak wewangunan candhi. Oleh motret nanging aja nganti ngrusak watu candhi.  (NOVI/DL)
Sumber: http://www.djakalodang.co.id/
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Kendhuri Tumpeng Sewu lan Kirab Tumpeng Jangka

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Merti Dhusun ing Mantran Wetan sukune Gunung Andong  
Tumrap masarakat Jawa adicara “Merti Dhusun” duwe makna mirunggan. Sajrone ayahan merti dhusun mau warga dhusun/desa ngadani acara ritual tradhisional “bersih desa”, reresik sesuker utawa ‘rereged’ sing ana ing dhusun mau. Rereged sing katon apadene sing ora katon, supaya kahanan urip lan panguripane warga dhusun mau bisa tetep pinaringan rasa ayem, tentrem, kerta lan raharja. Acara iki asipat sinkretis ing antarane budaya spiritual Jawa yaiku ngurmati arwah leluhur utawa cikal bakal dhusun/desa karo agama mligine agama Islam. Merti dhusun  iki wis dadi adat lan tradhisi turun temurun sing wiwit jaman kuna tumekane saiki isih lestari lan diuri-uri. Saengga masarakat Jawa mligine ing padesan, isih nguri-uri lan nindakake acara Merti Dhusun. Sanajan acarane beda-beda merga kalarasake karo adat lan tradhisi masarakat ing desa mau, nanging wose tetep padha yaiku kanggo ngurmati leluhur utawa cikal bakal desa lan ngunjukake donga marang Gusti Sing Akarya Jagad saperlu nyuwun pangayoman, kaslametan, lan amrih rancag anggone padha ngudi rejeki. Kejaba kuwi, merti dhusun uga minangka sarana kanggo luwih ngraketake pasrawungan lan ngundhakake rasa gotong royong ing antarane warga dhusun/desa.
Ing dhusun Mantran Wetan, sawijine dhusun sing dumunung ing sukune Gunung Andong wewengkon desa Girirejo Kecamatan Ngablak Kabupaten Magelang, sing dhuwure udakara 1.300 meter saka lumahing segara, acara Merti Dhusun digelar kanthi ritual kendhuri ‘Tumpeng Sewu’ lan Kirab ‘Tumpeng Jangka’. “Ritual tradhisional Merti Dhusun iki ngemu werdi, minangka panyuwunan marang Gusti Allah SWT supaya warga dhusun iki bisa nggayuh urip lan panguripan sing luwih utama,”pratelane Kepala Dhusun Mantran Wetan, Handoko.
Ritual Merti Dhusun iki saben taun diadani ing dina Rebo Pahingwulan Sapar. Nanging taun iki merti dhusun diadani rikala dina Rebo Pahing tanggal 2 Mulud 1948Eheutawa 24 Desember 2014.Amarga dina kanthi pasaran Rebo Pahing ora tinemu ana ing wulan Sapar taun iki. Sawetara taun kepungkur, nate acara Merti Dhusun iki diadani ana ing dina dudu Rebo Pahing sajrone wulan Sapar. “Nanging ana kedadean aneh, kabeh sega sing dimasak kanggo acara Merti Dhusun padha sayup ora enak dipangan. Kejaba kuwi, akeh warga dhusun sing padha lara, malah nemahi tilar donya,” pratelane Supadi Haryono, tokoh masarakat ing dhusun iki. Saengga, ayahan Merti Dhusun bali maneh diadani ana ing dina Rebo Pahing tumekane saiki. Dene apa sebabe Merti Dhusun ing dhusun iki kudu diadani ing dina Rebo Pahing, Supadi ora bisa ngandharake.
Sajrone ritual kendhuri iki saben kepala somah wajib gawe lan nggawa ingkung jago pitik kampung lan sega tumpeng salawuhe. Ing dhusun iki ana 142 kepala somah sing padha gawe ingkung jago pitik kampung lan nyawisake tumpeng cilik minangka sesaji sing kaarani “Tumpeng Sewu”. Tumpeng iki kaselehake ana ancak kacagak pring singkapajang ing saurute dalan dhusun iki. Dene tumpeng ukuran gedhe udakara sameter dhuwure, sing rinengga maneka asil bumi kaarani ‘Tumpeng Jangka’. ‘Jangka’ utawa ‘panjangka’ kanthi makna minangka donga lan panjangka supaya panguripane masarakat dhusun Mantran Wetan ing taun iki bisa luwih becik, luwih makmur lan tansah linuberan rejeki. Ing dhusun iki acara merti dhusun kanthi ritual Tumpeng Jangka wis kaadani wiwit atusan taun kepungkur, lan kanthi turun temurun diuri-uri tumekane saiki.
Kirab Tumpeng Jangka murwakani acara kendhuri Merti Dhusun. Kirab ngubengi dhusun tumuju menyang plataran daleme kepala dhusun. Kirab kanthi ngusung Tumpeng Jangka iki sinartan sakabehe warga dhusun Mantran Wetan kanthi nggawa ingkung jago pitik kampung lan tumpeng salawuhe.Kendhuri merti dhusun kanthi ritual ‘Tumpeng Jangka’ iki digelar ing plataran daleme kepala dhusun. Ing kene Tumpeng Jangka, sesaji jajan pasar ana ing ancak lan atusan ingkung jago pitik kampung sarta tumpeng digelar. Achmad Thohir sing mandhegani acara iki ngandharake, kendhuri tumpeng Jangka, pepak salawuhe lan ingkung sing digelar iki minangka tasyakuran ‘atur bekti’ kanggo arwahe Nabi Mohammad SAW lan arwah para leluhur sarta cikal bakal dhusun. Cikal bakal utawa leluhur dhusun iki yaiku Kyai Kotik lan Nyai Kotik sing pasareane ora adoh saka daleme kepala dhusun. Ana ing ritual kendhuri merti dhusun iki, Achmad Thohir miwiti kanthi ngobong menyan ing sangarepe tumpeng.
Kanthi tasyakuran iki warga dhusun duwe pangajab supaya uripe bisa ayem tentrem, rejekine gangsar lancar lan urip kebak berkah. Kejaba kuwi, warga dhusun uga nyuwun pangapura awit saka sakabehe kaluputan, lan supaya kalis ing sambekala. Achmad Thohir ngunjukake donga ing acara ritual Tumpeng Jangka iki kanthi donga cara agama Islam sing diamini sakabehe pasarta kendhuri tasyakuran Merti Dhusun.
Rampung acara kendhuri, warga dhusun padha bali kanthi nggawa ingkung, sega tumpeng salawuhe lan didhahar kembul karo keluwargane ing omahe dhewe-dhewe. Gunggunge warga dhusun Mantran Wetan ana 142 kepala somah kanthi cacah warga 560 jiwa. Panguripane warga dhusun iki minangka among tani sayuran kanthi asil kayadene kobis, wortel, tomat, bawang daun lan taneman sayuran liyane. Lan uga ngingu rajakaya mligine sapi kereman.
Ing dhusun iki ana petilasan sing biyen nate kanggo papan semedi leluhur dhusun asesilih babah Shi Ting. Manut critane, piyambake wong keturunan Tionghoa sing laku tapa brata ing dhusun iki, nanging wusanane musna ing papan iki. Dene tuk Curah sing minangka pethite kali Bangkong, manut ature tokoh masarakat ing kene, Supadi Haryono, jaman biyen banyune bisa kanggo nggoreng utawa kanggo bahan bakar lampu kayadene lenga patra. Tumekane saiki sanajan tuk iki debiet-e cilik nanging ora nate asat. Tumrap sing percaya, banyu tuk ini uga duwe khasiat kanggo tetamba kanthi laku mirunggan.
Acara Merti Dhusun ing dhusun Mantran Wetan diregengake kanthi pagelaran maneka warna kesenian, sing digelar dening seniman dhusun iki apadene sumbangan para seniman saka sanjabane desa. Sadurunge pagelaran kesenian-kesenian mau dipurwakani pagelaran kesenian sakral yaiku “Jaran Kepang Papat” ing plataran daleme kepala dhusun. Manut ature pak Sunoto, 73 taun, pewaris lan sesepuh kesenian Jaran Kepang Papat, kesenian jaran kepang warisane ramane, mbah Atmo Paridjan, umure kesenian Jaran Kepang Papat iki wis luwih satus taun utawa patang turunan/generasi. Ing saben acara Merti Dhusun kesenian Jaran Kepang Papat wajib dipentasake sadurunge pagelaran kesenian liyane. Kesenian jaran kepang kanthi paraga mung wong papat iki isih asipat mistis lan legendaris. Saben pementasan kudu kacawisake sesaji pepak kayadene jajan pasar, kembang mawar, rokok, gedhang, omben-omben teh lan kopi. Saengga ing pagelaran mau wong sing njoged jathilan bisa cepet ‘kesurupan’.***(Amat Sukandar)
Sumber: http://www.djakalodang.co.id/
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Pantai Timang

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Wisata Kreta Gantung
Sesawangan langka sing ora bisa katemokake ing pantai liyane yaiku kreta gantung kanggo golek lopster lan ulam segara dening para nelayan. Awak rasane kaya kebrongot panase srengenge. Jam nuduhake persis jam 12 awan nalika Djaka Lodang tekan ing Pantai Timang sing dumunung ing Dhusun Danggolo, Desa Purwodadi, Tepus, Gunungkidul.
Djaka Lodang mbutuhake wektu watara telung jam saka kutha Yogyakarta tumuju arah Pantai Baron, tekan protelon Mulo tumuju arah Pantai Siung tekan Pasar Dakbong nurut dalan watu tumuju Pantai Timang.
Dalane rada angel kanggo liwat kendharaan rodha papat marga isih watu-watu sanajan saperangan dalan wis di cor semen. Mula DL mung nganggo montor. Kahanan dalan sing kaya mangkono mau ora ngalang-alangi lakune DL arep tumuju Pantai Timang. Mung kudu tansah waspada supaya ora keblender watu marga dalane munggah mudhun lan menggak menggok.
DL njujug ing lambe pantai, dolanan banyu lan njupuk saperangan foto kaendahan Pantai Timang. Wis ngrasakake tutug, DL banjur mlaku nrethek munggah, nrabas tanduran pandhan laut nggoleki papan watu karang gedhe ing siring ndhuwur Pantai Timang. Awan iku lagi diadani shootingsawijine acara ing stasiun tivi swasta, program acara kuliner babagan ngolah ulam laut. Djaka Lodang takon marang sawijine kru tivi mau kepiye carane bisa tekan ing Pantai Timang. Jebule para kru mau dijujugake nganggo kendharaan rodha papat banjur nginep ing kana.
Kreta gantung kapasang ing sandhuwur pereng sing dhuwure udakara 50-60 meter. Kreta gantung iki minangka sarana transportasi para nelayan tumuju pulau karang ing satengah segara. Kreta gantung iki katon mbebayani banget marga kagawe saka kayu lan pring. Kayu lan pring ditaleni nganggo tambang plastik nganti kira-kira kuwat nyangga bobot manungsa.
Cara kerja kreta gantung mau babar blas tanpa ngendelake tenaga mesin. Kreta mau mung migunakake tenaga manungsa kanthi cara ditarik nganti tekan pulau karang. Banyu segara ambyur wola-wali nggebyur saben nelayan sing numpak kreta gantung. Nelayan mau banjur mudhun nalika wis tekan pulau karang. Mudhun tanpa uba rampe pengaman tanpa duwe rasa kuwatir babar blas.
DL mung bisa ndelok saka kadohan, nelayan mau mlaku nrethek watu karang. Nggoleki bolongan-bolongan sangisor karang sing biyasa kanggo ndhelik lopster. Para nelayan mau katon banget kekandelane, perang nglawan banyu segara sing nggegirisi. Nalika banyu segara ngapyuk rada dhuwur, nelayan mau penekan golek papan aman supaya ora melu kasapu banyu. Wola-wali kekapyuk banyu segara nganti awake klebus, ora dadi ngapa. Munggah mudhun watu karang wis pagawean saben dinane.
Para pamaos Djaka Lodang sing kepengin ngrasakake pengalaman numpak kreta gantung tradhisional bisa tindak ing Pantai Timang. Saben uwong kudu ngetokake beaya 200 ewu rupiah utawa 1.500.000 rupiah bisa kangg uwong 10. Jarak luncur kreta iki watara 50-100 meter arah mengulon saka Pantai Timang. Pendhudhuk sakiwa tengen Pantai Timang akeh sing ngendelake pagawean dadi nelayan lopster.
Sapa wae sing kepengin wisata petualangan ing Pantai Timang kudu nyawisake kendharaan sing prima marga kahanan dalane sing ora alus, munggah mudhun. Manawa kangelan nggoleki Pantai Timang, aja wigah wigih takon karo warga. Isih akeh papan wisata pantai ing wilayah Gunungkidul sing uga narik kawigaten antarane, Pantai Indrayanti, Pantai Baron, Pantai Siung, Pantai Krakal, Pantai Kukub lan sapiturute. (Novi/DL).
Sumber: http://www.djakalodang.co.id/
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Grebeg Muluding Karaton Surakarta jaman Sinuhun Paku Buwana X

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Grebeg Muluding  Karaton Surakarta jaman Sinuhun Paku Buwana X
Jaman semanten gangsa sekaten winastan gangsa Suka Ati
Grebeg Mulud ing Karaton Surakarta taun Ehe 1948 punika dipun gelar dinten  Setu Paing  tanggal 3 Januari 2015. Bentenipun kaliyan taun Dal, Sinuhun Paku Buwana XIII sakalyan garwa prameswari boten ngasta adang sekul mawi dangdang Kyai Mrica wonten ing pawon ingkang dipun damel dadakan. Ananging tata adat sanesipun sami mawi jamasan pusaka mariyem Nyai Setomi, pameran sarta karameyan pasar malem.
Kangge mahargya dinten wiyosan Kangjeng Nabi Muhammad ingkang dipun gelar mawi karameyan sekaten punika wonten saenipun manawi nuweni gelaring Grebeg Mulud jaman Sinuhun Paku Buwana X ngasta keprabon nata taun1893-1939. Ngiras pantes kangge nambahi pamawas bab owah gingsir tata cara adat ing Karaton Surakarta.
Prelu kauningan bilih ing jaman semanten, gangsa sekaten kagungan dalem Karaton Surakarta dipun wastani gangsa Suka Ati. Dipun wastani makaten awit tembung sekaten punika asalipun saking tembung suka ati. Wosipun ingkang saged damel bingahing manah salebetipun mahargya dinten riyaya Maulid Nabi.
Rerangkening acara kawiwitan saking pitung dinten saderengipun grebeg. Tanggal kaping 5 Mulud watawis wanci jam kalih siyang, kagungan dalem gangsa Suka Ati enem sepuh kawiyosaken saking bangsal gangsa ing sakilen Bangsal Sasanasewayana dhumateng bangsal pagongan ler kidul ingkang dunung ing plataran sak ngajeng Masjid Ageng Surakarta.
Sasampunipun tumata wanci jam 4 sonten wiwit tinabuh mungel angarangin rinten dalu dumugi jam setunggal dalu ing dinten malem Grebeg. Wanci jam 2 parak enjing gangsa sami kakonduraken ing bangsal gangsa, awit enjingipun badhe kawiyosaken malih kangge ngurmati wiyosipun hajad Dalem Gunungan.
Wondene ing dalu malem Grebeg ing surambi dalem abdai dalem kadhawuhan sami maos Maulud Nabi, lagu Jawi laras slendro sarana nglestarekaken panggubahipun gendhing ingkang katindakaken panjenenganipun para wali sanga, nyarengi kaliyan jumenengipun kraton ing Demak ing  taun Jawi  Saka 1403 mawi tinengeran sengkalan geni mati siniram ing jalmi.
Gangsa Suka Ati ingkang kawiyosaken sadaya wonten 5 warni kapirid saking rukun Islam gangsal inggih punika maos sahadat, salat gangsal waktu sarta salat Jumungah, siyam ing wulan Ramadhan, jakat pitrah sarta minggah kaji dhumateng nagari Mekah kaliyan sowan jiarah ing papan minulya nagari Madinah.
Warnining gangsa kenong, kempyang, demung, ricikan kalihan bedhug. Gendhing ingkang asli mliginipun namung tiga. Rambu wosipun robbul ngalamin inggih Gusti Allah ingkang mangerani alam sawegung. Rangkung wosipun arrahmanirrokhim Gusti Allah ingkang sipat asih ing donya sarta Maha Asih ing akerat. Sumiring wosipun para kawula sami anggadhahi wajib sumarah pasrah ing ngarsa Gusti Allah dzat tunggal ingkang Maha Kuwasa. Ugi ateges Gusti Allah, Muhammad Rasullalah sarta eyang Kangjeng Nabi Adam.
Saking dayaning gangsa ageng ingkang katabuh rancak sarta tumata laras gendhingipun, mahanani para sedherek ingkang miring lajeng sami nyelaki paran dunungipun swanten ingkang anglangut. Awit kajawi sami remen dhateng ungeling gangsa, ugi sami gadhah kapitadosan bilih karamean ingkang sakawit tilaran agami Buda punika sarana ngluhuraken Kangjeng Nabi sesembahan.
Lampahipun gangsa dumugi plataran mesjid kajawi dipun sesorahi sawatawis piwulang Islam, ugi para sedherek ingkang sami ningali dipun sukani sidhekah boga arta ingkang kacawisaken wujud ambengan. Saderengipun dipun sidhekahaken dipun dongani cara Arab langkung rumiyin. Ingkang suraosipun ndedonga dhateng Gusti Allah SWT, para Malaekat para Nabi, para Rusul mawi dipun amini. Wosipun sami ngakeni dhateng Gusti Allahu SWT para Malaekat sarta para Nabi minangka peranganing piyandel.
Wondene kawontenan Mesjid Ageng karengga lir kaswargan. Mawi dipun langse mubeng mawi sinjang warni sarwa pethak byur sarta dipun palisir kajeng apu. Semanten ugi ing satengahing surambi kaleres papan dunungipun dhampar kencana dipun gubah mawi sinjang sutra sarta sekar maneka warni. Ketingal edi ngresepaken manah ingkang sami ningali.
Ngancik titiwanci Grebeg, para putra sentana sami sowan wonten Sasanasewayana. Pepatih dalem saandhanaipun sowan wonten ing Pagelaran. Bregada prajurit golongan jawi Mijipinilih, Wirautama sarta prajurit golongan lebet Jayengastra, Prawiranom, Jagasura, Jayatanantaka, Jayasura, Jayatatana, Suratatana, Trunasura, Jagabraja tata baris kados adat wonten papan ingkang sampun katemtokaken. Kados ta wonten Kemandhungan kidul, plataran kedhaton, kemandhungan sarta siti hinggil. Dene para tamu pengageng bangsa Welandi sowan ing Sasana Sewayana sangandhap Bangsal Manguntur tangkil.
Sasampunipun sadaya sedya tata,  Sinuhun Paku Buwana miyos saking dalem kedhaton ginarebeg para luhur putra santana sepuh. Lajeng lenggah siniwaka ing dhampar kencana. sareng sampun sawatawis wekdal Sinuhun lajeng dhawuhi abdi dalem utusan supados andhawahaken dhawuh timbalan dalem miyosipun hajad dalem gunungan dhumateng Pepatih Dalem.
Pepatih dalem lajeng andhawahaken dhawuh timbalan dalem dhumateng kumendhaning bregada prajurit bab wiyosipun hajad dalem gunungan saking dalem kedhaton dhumateng plataran Mesjid Ageng. Hajad dalem lajeng kawiyosaken urut wiwit Gunungan Kakung, Saradan kakung estri, Gunungan Estri sarta ancak canthaka kairing saliring bregada prajurit.
Sawatawis wekdal sasampunipun hajad dalem dumugi plataran Mesjid Ageng, Sinuhun Paku Buwana X jengkar saking pasewakan Siti Hinggil, miyos ing Surambi Mesjid Ageng lampah darat jinajaran abdi dalem ageng alit sarta ginarebeg para luhur putra santana dalem sadaya. Kawontenan alun-alun tansaya supenuh.
Sarawuh dalem ing surambi, lajeng lenggah ing dhampar kencana paring dhawuh dhumateng Kangjeng Raden Pangulu Tapsiranom. Wiyosing dhawuh timbalan dalem, dikakaken ndongani hajad dalem, memulya eyang dalem Kangjeng Nabi Adam, Kangjeng Nabi Muhammad sarta para luhur sadaya.
Sasampunipun kadonganan Sinuhun Paku Buwana X jengkar saking Surambi Mesjid Ageng, lajeng kondur angedhaton. Lampahipun sami kaliyan natkala miyos. Kairing ungelipun mariyem  alit sarta mariyem palayangan ing alun-alun minangka tandha pakurmatan. Sarta ungelipun mariyem ageng kekalih Kyai Syuhbrastha kaliyan Kyai Sagarawana, ingkang ugi winastan Kyai Nangkula-Sadewa. Wondene hajad dalem lajeng kabagi warata dhateng ingkang sami rawuh.
Wontenipun karameyan ing alun-alun salebetipun sekaten lumampah pitung dinten pitung dalu. Ingkang sami ningali boten namung tetiyang saking kuthagara Surakarta kemawon. Uga kalebet saking manca nagari bang wetan, bang kilen sarta saking padhusunan mawerni.
Menggahing tiyang padhusunan ingkang sami gadhah prelu ngalap berkah utawi minangka pangenget-enget diri pribadinipun, lajeng sami nyiapaken bebektanipun piyambak-piyambak. Dados boten namung badhe bingah-bingah ningali tetingalan kemawon.
Wujudipun ngalap berkah utawi pangenget-enget punika makaten, bakda mireng swanten jumleguring mariyem ageng kekalih, tiyang padhusunan lajeng sesarengan sami nandangi padamelan bebektanipun piyambak-piyambak. Wonten ingkang dondom-dondom sinjang, iket, rasukan, damel kanthong wadhah yatra. Wonten ingkang nampar pecut ingkang kangge ingon raja kaya. Miturut gotheking ngakathah padamelan ingkang dipun garap kala wau minangka sarana ngalap berkah. Angsaripun saged damel awet enom, anggenipun sesadeyan lancar, taneman pantun mrajak lan sanes-sanesipun.
Tata cara adat ingkang kados makaten wonten ingkang taksih nglampahi dumugi samangke. Malah katambahan sami tumbas tigan abrit, sedah ayu sarta dhedhaharan sekul gurih. Punapa malih tumrap tiyang ingkang awis-awis ningali. Temtu badhe merlokaken. Wasana sugeng mahargya dinten Riyaya Maulid Nabi. (Pakde Made)
Sumber: http://www.djakalodang.co.id/
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Ritual Sedhekah Gunung

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Dhuh Sang Hyang Widhi
Bungahku tanpa upami
Dadi manungsa kang tinitah ing ereng-erenge Merapi
Bumi kang nyata kasuburane tumrap kawula tani
Yen Merapi muntahake lahar
Pancen kabeh kudu sumingkir
Senajan ing galih kang sayekti
Percaya, yen merga dalan kuwi
Bumi Merapi katon sangsaya subur…..
Mengkono saperangan geguritan sing kawaos Widyo Sumpeno, salah sijine pasarta Sedhekah Gunung sing digelar ana ing Punthuk Sanggeman, sacedhake Pos Pengamatan Gunung Merapi Babadan desa Krinjing Kecamatan Dukun Kabupaten Magelang, rikala dina Selasa Kliwon, tanggal 10 Pebruari 2015 kepungkur. Prosesi ritual Sedhekah Gunung iki diayahi dening para seniman sing uga among tani saka Padhepokan Seni “Tjipta Boedaja” Tutup Ngisor, Sanggar Seni “Bangun Budaya”, Desa Sumber, padhepokan seni “Gadhung Mlathi” saka desa Sengi, kang uga sinengkuyung warga masarakat ing tlatah Kecamatan Dukun.
Ayahan ritual diadani kanthi prasaja. Ubarampe ritual awujud kembang mawar, dupa cina lan sesaji liyane kaselehake ana ing papan ritual. Para pasarta kanthi lungguh sila ngadhepake Gunung Merapi, mangetan. Kabeh pasarta ritual padha ngeningake cipta, ngunjukake donga. Sabanjure sawetara pasarta ritual padha ngudhar rasa medhar ukara kanthi maos geguritan.
Warga Sanggar Bangun Budaya, Mastur, kanthi geguritan asesirah “Nasib Merapiku” ngandharake, “Pedhut wayah esuk setya ngemuli. Beninge embun tansah gumayung ana gegodhongan. Sumilir angin ngrasuk ana sajroning sukma. Sawah kanton ijo royo-royo kebak tetanduran. Manuk padha ngoceh ana saselaning wit-witan. Saya nambah endahing sesawangan”.
Untung Pribadi, sing mandhegani Padepokan Sanggar Bangun Budaya, kanthi geguritane mratelakake, “Gedhe dhuwur Gunung Merapi. Papane endah gawe tentreming ati. Kebak bandha lan rejeki. Warga lereng Merapi wajib jaga kang permati.” Sitras Anjilin sing mandhegani ritual Sedhekah Gunung iki ngucapake rapal mungkasi ayahane, ”Badanku lemah Merapi. Balungku watu Merapi. Getihku banyu Merapi. Rupaku cahyaning Merapi. Semangatku lahar Merapi. Jiwaku jiwaning alam”. Rapal iki ngemu makna yen warga ing sakubenge Gunung Merapi urip lan panguripane wis ‘nyawiji’ karo gunung iki.  Dene ulah kridha joged sing ditindakake para seniman ing ritual iki mujudake perlambang ngunjukake donga kanthi cara seniman, minangka donga tanpa wicara. Donga mau minangka rasa syukur lan uga atur panyuwunan marang Gusti.
Sitras Anjilin, sing mandhegani Padhepokan Seni “Tjipta Boedaja” dhusun Tutup Ngisor mratelakake, acara ritual Sedhekah Gunung iki ora ateges muja utawa nganggep dewa marang  gunung, nanging ngemu karep supaya warga masarakat ing tlatah Merapi bisa lan tansah nresnani alam lan semanak marang alam, sarta ora ngrusak alam. Saengga bisa ngrasakake katentreman sajroning urip ing satengahe alam wewengkon Gunung Merapi. Dheweke uga aweh piweling supaya masarakat bisa melu njaga lestarine alam. “Alam lan sakubenge aja dirusak. Tanpa anane lemah sing subur ing sakubenge Gunung Merapi, kita ora bisa urip kepenak. Masarakat wis nyukuri lan iki minangka kanikmatan sing diparingake Gusti Kang Murbeng Dumadi kanthi lantaran gunung iki,” ature.
Manut andharane Rama V. Kirdjito, sing nate mandhegani umat Katolik ing Paroki Sumber, Kecamatan Dukun sing uga merlokake rawuh ing acara iki, ngandharake mula-bukane acara ritual Sedhekah Gunung iki. Rikala Gunung Merapi krodha tanggal 10 Pebruari 2001, diadani ngunjukake donga bebarengan lintas agama lan lintas budaya ing desa Krinjing kecamatan Dukun kang sinartan tokoh-tokoh agama, tokoh budaya lan masarakat sarta bocah-bocah ing tlatah kecamatan iki. Rikala semana status Gunung Merapi kahanane wis “kritis”, kanthi status tataran bebaya “Siaga” meh ngancik tataran status “Awas Merapi”. Tetela apa sing dikuwatirake mau dadi kanyatan. Esuke udakara jam 05.00 tanggal 11 Februari gunung Merapi njeblug kanthi ngetokake “wedhus gembel” utawa ‘awan panas’. Nalika iku, ‘wedhus gembel’ saka kawah Merapi mau arahe tumuju mengulon menyang tlatah Kecamatan Dukun lan Srumbung, Kabupaten Magelang.
“Nanging dumadakan ana angin gedhe tumiyup saka sisih lor sing bisa ngenggokake arahe ‘awan panas’ mau tumuju mengidul lan dadi udan awu ing tlatah Klaten,” ature Rama V Kirdjito. Awit saka kedadeyan mau masarakat Dukun lan sakubenge percaya, yen kekuwatan donga sing bisa ngowahi lan ngenggokake arahe material vulkanik njebluge Gunung Merapi mau. Lan Gusti Sing Maha Kuwasa tetela wis ngabulake dongane warga masarakat supaya  bisa uwal saka bebaya ‘awan panas’ sing akibate nggegirisi. Awit saka prastawa mau, wiwit taun 2003 saben tanggal 10 Februari dipengeti kanthi ngunjukake donga bebarengan. Sadurunge taun 2010 kanthi mirunggan acara iki sinartan para generasi mudha lan bocah-bocah. Dene acara Sedhekah Gunung taun 2015 iki, acara iki diadani kanthi prasaja ing Punthuk Sanggeman. Punthuk sing dhuwure udakara 1340 meter saka lumahe segara lan ora adoh saka kawah Merapi, dumunung ana ing pereng sisih kulon Gunung Merapi sing prenahe ana ing sakidule Pos Pengamatan Gunung Merapi Babadan.**(Amat Sukandar)
Sumber: www.djakalodang.co.id
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Sedhekah Bumi Tandha Atur Panuwun

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Jam enem esuk, para priya Desa Jurangbahas, Banyumas padha nglumpuk ing sawenehe omah warga saperlu mbeleh wedhus cacah 18. Wedhus-wedhus mau dipilih sing kuwalitase nomer siji kaya dene wedhus sing dienggo kurban nalika riyaya Idul Adha. Priya-priya mau guyup anggone mbeleh wedhus kanggo nyuguh para tamu, dhahar bebarengan nyengkuyung upacara adhat Apitan utawa sedhekah bumi. Para wanita uga nindakake kuwajibane ngolah wedhus sing dibeleh, kagawe gule.
Upacara apitan sing dipengeti saben taun iki tiba ing wulan wulan syawal. Mbeleh wedhus iki minangka tandha atur panuwun lan wujud sukur marang Gusti awit warga masarakat Jurangbahas tansah diparingi kasarasan, mayar anggone golek pangupaboga, gangsar babagan tetanen, kalis saka pageblug, lan sapiturute.
Sedhekah bumi iki katindakake kanthi nggelar pesta rakyat lan menehi sedhekah marang bumi awujud panganan kayata daging wedhus, krawu (kacang dhele, kacang prol, kacang ijo digoreng sangan dicampur klapa parut), tahu/ tempe minangka lawuh, sega golong, uraban lan lalapan. Maneka panganan khas Jurangbahas mau dicemplungake ing saweneh jugangan sing jerone udakara 1.5 meter.
Saben kulawarga wajib nggawa tenongan cacah siji kanggo madhahi maneka panganan-panganan tradhisional mau. Atusan tenong mau banjur digelar ing sadawane dalan, dikepung banjur dipangan bebarengan. Tradhisi sedhekah bumi iki dipracaya wis katindakake wiwit madege Desa Jurangbahas taun 1912.
Ngepasi sasi Syawal, warga Jurangbahas uga nanggap wayang kulit gagrag Banyumasan kanthi njupuk tema pertanian. Wayang kulit mau ditanggap minangka tandha atur panuwun lan nyuwun marang Gusti supaya warga kalis saka pageblug, penyaki, gangsar rejekine, ayem masarakate lan sapiturute.
Desa iki uga kondhang babagan asil gula klapa. Gula klapa sing kagawe dening warga Jurangbahas disetorake ing pengepul gula banjur dikirim ing maneka dhaerah ing Indonesia. Warga Jurangbahas sing gumantung marang pagawean gawe gula klapa udakara cacah 140. Kejaba gula klapa, Desa Jurangbahas uga kondhang babagan industri rumah tangga “gembus” utawa klanting teles sing kagawe saka tela kaspa.
Warga masarakate uga kerep nyengkuyung kegiyatan festival kuliner khas Banyumas ing Kabupaten Banyumas. Kejaba kuliner, Jurangbahas uga kondhang babagan kesenian tradhisional ebeg utawa jaran kepang. Warga Jurangbahas uga isih ngendelake semangat guyup, gotong-royong, lan musawarah. “Saben wulan ngadani kerja bakti reresik ing saben grumbul utawa padhukuhane dhewe-dhewe,” kandhane Supriyono minangka sekretaris desa Jurangbahas. Saben selapan dina sepisan, para prangkat desa lan para tokoh masarakat  ngadani rembugan kegiyatan-kegiyatan desa.
Miturut sejarahe, Desa Jurangbahas sadurunge madeg taun 1912 wis kapimpin dening para lurah sing kapilih langsung dening rakyat. Lurah-lurah mau yaiku Ki Kertawijaya, Ki Bangsajiwa, Ki Wiryadirana. Banjur taun 1912 dipimpin dening saperangan lurah kayata Ranadikara (1912-1939), Wiryareja (1940-1945), Ngalireja (1945-1955), Wiryadimeja (1956-1984), Parlan S.P (1984-1994), Garsono HP (1995-1998), Sidan Achmad (1998-2000), Natim kapilih kaping pindho, taun 2007-2013 lan 2013-2019.
Jurangbahas ora bisa uwal saka crita rakyat sing ngrembaka ing masarakat. Adipati Pule Bahas saka Nusakambangan nglamar Dewi Ciptarasa. Nanging piyambake ora gelem dilamar banjur mulih lan nyipeng ing dhaerah sing saiki kondhang dadi Desa Jurangbahas. Desa sing kapimpin dening Lurah Natim iki uga kerep disambangi dening para warga sakiwa tengen sing kepengin jiarah ing Makam Dawa, dawane udakara telung meteran. (NOVI/  DL)
Sumber: http://www.djakalodang.co.id/
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Wisata Anyar Wonosobo

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Telaga Warna, Kawah Sikidang, Candi Dieng, lan Dieng Plateau mujudake papan wisata kang wus kondhang saka tlatah Dieng, Jawa Tengah. Durung suwe iki uga ana Gumuk Sikunir kang wiwit kaloka. Wisata ing Jawa Tengah wiwit dieksplorasi, kalebu wisata Gunung Prau. Minat wisatawan kang seneng munggah gunung sansaya akeh, ndadekake wisatawansing teka ana ing Gunung Prau iki uga akeh.
Gunung Prau dumunung ana ing tanah wates pirang-pirang kabupaten, yakuwi Kabupaten Wonosobo, Kabupaten Banjarnegara, Kabupaten Kendal, lan Kabupaten Batang. Mula akeh jalur kanggo ngunggahi Gunung Prau iki. Pendhakian liwat Wonosobo bisa diliwatisaka basecamp Patak Banteng.Basecamp iki udakara sakjam  saka kutha Wonosobo. Kejaba saka basecamp Patak Banteng, Gunung Prau uga bisa diliwati saka jalur Dieng. Basecampe isih rada munggah watara 3 km saka basecamp Patak Banteng.
Jalur pendhakian Gunung Prau saka Patak Banteng ora patia suwe. Udakara 2,5 jam tekan puncak. Sanajan mangkono, dalane rada ndedel, nanging aja kuwatir, ing kana ana tali kanggo mbiyantu para wisatawan ngliwati dalan mau. Ananing para wisatawan kudu ngati-ati lan prayogane nganggo sendhal utawa sepatu sing standar kanggo munggah gunung. Pos tumuju puncak ana 3 yakuwi Pos I Sikut Dewa, Pos II Cacingan, dene Pos III yakuwi Camp Area. Sadurunge tekan pos I kita kudu ngliwati dalan watu sing dawa lan dedel. Kanggo para wisatawan sing ora gelem mlaku ngliwati dalan iki  ana ojek sing bisa disewa kanthi bea Rp 10.000,00.
Gunung Prau menawa diliwati saka jalur Dieng tekan puncak bisa ngentekake wektu 4 jam. Sanajan mangkono sesawangan kang disuguhake luwih nengsemake. Kanggo para pendhaki pemula utawa wisatawan sing fisike kurang kuwat, luwih becik liwat dalan kene iki, amarga dalane luwih kepenak diliwati, ora ndhedhel lan ora ngentekake tenaga sing akeh.
Kanggo munggah Gunung Prau, kita kudu ndaftar ana ing basecamp kanthi ninggal KTP, lan mudhun kanthi kudu nggawa sampah. Retribusi kanggo mlebu Prau udakara Rp 6.000, 00. Ing dhuwur kita uga ora oleh ngurupake geni utawa ngethok wit kanggo gawe api unggun. Bab kuwi mujudake langkah nyata saka pengelola, pamerintah, lan perhutani kanggo njaga kalestariane Gunung Prau. Mula ana petugas sing sawayah-wayah muter kanggo ngawasi para wisatawan kareben manut marang tata tertib sing wus ana.
Jalur Gunung Prau kalebu jalur sing cendhak nanging sesawangane ora bisa disepelekake lan bisa narik kawigaten para wisatawan. Ing gunung sing dhuwure 2.565 mdpl iki menawa cerah kita bisa delok gunung-gunung gedhe sakupenge kayata Gunung Sindoro, Sumbing, Merapi, Merbabu, lan Ungaran.Sing kondhang saka Gunung Prau yakuwi anane gumuk-gumuk cilik ing puncake. Mula ana sing njenengi Gunung Seribu Bukit utawa Bukit Teletubbies. Saka ndhuwur awake dhewe uga bisa weruh Telaga Warna Dieng. Ing kene kita bisa weruh mletheke srengenge sing nengsemake saka mburi gunung-gunung gedhe mau. Alas ing gunung iki uga isih asri lan kajaga. Ing puncak ana maneka kembang kayata Daisy utawa kembang Ceplikan, ana uga kembang Edelweis, Chrysant, lan sabana sing amba.
Para pendhaki pemula iki bisa njajal Gunung Prau kanggo referensi gunung. Nanging tetep kudu nyiapake fisik, mental lan logistik, amarga munggah gunung dudu hal kang sepele. Kabeh kudu disiyapke kanthi temenan. Dhewe ora ngerti apa kang bakal kelakon, mula kudu siyap siyaga. Sawise mudun saka Gunung Prau para wisatawan uga bisa ngrasakake segere carica woh asli saka Dieng lan mung ana ing Dieng. Carica iki bisa dituku ana ing sakiwa tengene basecamp Gunung Prau. Kejaba carica warung-warung iku uga nyedhiyani stiker, emblem lan sapanunggalane kanggo oleh-oleh. Kejaba kuwi ing sakiwa tengene basecamp uga ana warung sing nyedhiyani piranti kanggo munggah gunung, kaya tendhaSleeping bag (SB), lan liyan-liyane.
Wisatawan uga kudu njaga Gunung Prau kareben tetep resik lan lestari. Eling marang semboyan “Aja njupuk apa wae kajaba foto, Aja ninggal apa wae kajaba tapak, aja mateni apa wae kajaba wektu”. Gunung iki bisa didhaki ing sasi April sesuk amarga awal Januari ditutup kanggo mulihake kahanan Gunung Prau, uga amarga isih musim udan. (Dewi/DL)
Sumber: http://www.djakalodang.co.id/
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Friday, October 2, 2009

PAWARTA

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Pawarta minangka prastawa kang diwartakake. Pawarta iku bisa arupa lesan apadene tulisan. Lesan ateges pawarta iku bisa diwartakake dening wong liya kanggo pamiyarsa lumantar swara. Tulisan pawarta iku lumrahe kapacak ana ariwarti, kalawarti.
Perangan kang nemtokake bobot biji pawarta yaiku
1. Aktualitas
2. Sesambungan karo papan kedadean
3. Sesambungan karo unsur-unsur kang ketut ing sakjrone kedadean
4. Sesambungan karo pagaweyan pamaca/ pamiyarsa
5. Ganepe Pawarta.
Saya akeh gunane pawarta kuwi tumrap pawongan, saya mundhak dhuwur biji pawarta kuwi tumrap dheweke.

Para siswa kang kulina ngrungokake pawarta basa jawa mesthine bisa tambah wawasan lan pangertene marang ukara basa jawa. Kang perlu digatekake nalika ngrungokake pawarta utawa informasi yaiku:
a. mangerteni kanthi cetha masalah kang disampekake
b. mbedakake informasi kang penting lan ora penting
c. nyathet informasi sing bener lan premathi
Sak bubare para siswa ngrungokake pawarta diajab para siswa bisa gawe simpulan saka pawarta kang disemak. kesimpulan yaiku rumusan cerkak saka loro utawa luwih pernyataan kang handuweni hubungan. Nyimpulake pawarta berarti nanggepi pernyataan-pernyataan ana ing pawarta. Nalika menehi tanggepan sampeyan bisa ngutarake setuju utawa ora setuju marang pawarta kang nembe dirungokake.
Bab-Bab kang kudu digatekake nalika menehi tanggapan yaiku:
1. Tanggapan iku sak mestine disampekake mawa uraian kang cekak, padhat lan disusun kanthi apik.
2. Permasalaham utawa bab kang ditanggapi kudu cetha
3. Tembung-tembung lan ukara sing digunakake kudu gampang dingerteni utawa dipahami
4. Tanggapan iku kudu diwenehi alesan kang logis, bisa uga ditambahi fakta lan bukti-bukti kang relevan(nduweni Hubungan)
Nanggepi pawarta iku kudu evaluatif lan objektif. Evaluatif tegese menehi penilaian, objektif tegese pawarta kang ditampa kanthi apa anane.

katulis
kagem pawiyatan basa jawi
SMA Negeri 1 Surakarta

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info