sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Showing posts with label Cerita Jawa. Show all posts
Showing posts with label Cerita Jawa. Show all posts
Tuesday, April 26, 2011
Simbah Simbah Tukang Koyah
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Mbuh keneng apa,koq dumadakan aku kelingan marang lelakon dek jaman cilikanku semana.
Kang tan kena dipenggak,lan tan bisa didhadung,apa maneh disak'i yo ra bakalan nampung.
pokoke mak bedunduk ngono wae langsung mbrengkal elingku,nyangking esemku,dadi lan ngguyuku.
(Sing ngguyu aku, yen awakmu ngguyu yo sak karepmu,ora ngguyu yo sak legamu).
Mangkene lo ceritane.....ora ndalang ning mung njajal lambe..
Thok thok thok thok...
Duk rikala semana,ing sawijining dusun kang aran Kulon Rowo,bengi wancine,udakara kira kira wis jam 12 sajake.
Tak sawang saka cakrug panggonan bocah nglumpuk,Mbah Suradi karo Mbah Amat olehe ndabrus koq saya serem sereme,gayeng gayenge neng emperan omahe.Apa ra asat gulune,apa ra cedhal ilate?,
Lha sabendina ngomong ngalor ngidul ning panggah judule, pancet lakone,apa maneh yen ra"Dhek Jaman Nom nomane"
Pancene langite padhang kebak lintang,campur mbulan kang ngayang ayang.Nanging wis pendhak pirang jam ba'da solat isyak, para simbah sik panggah ngakak.Malah diserok serokke suarane.
"Wakakakakakkk...mosok to Di?" mangkono pitakone Mbah Amat.
"Lah,,iya..mbok picek bleg to Mat,ra ngapusi aku.." semaure Mbah Suradi.
"Koq isa mangkono? wani kowe Di?"pitakone Mbah Amat maneh.
"Lho,,ra wani piye to..!!" Mbah Suradi nyamber wangsulan.
"Wis jelas jelas si Sukiyem ki biyen rak pacanganku ,koq ugal ugalan Saimo wani ngganggu,yo ra kakean omong,langsung wae,bras bres bras bres tak antemi,tak dugangi ngarep mburi." semambunge metu ndopoke.
"Pancen kowe sekti Di " Mbah Amat malah mbumboni.
"Lho..piye to..!!! aja maneh jalma manungsa,jin setan priprayangan wae tak getak langsung bubar"
"Wis jajah olehku munggah gunung mudhun gunung,,kabeh ngerti iki lo Suradi anak muride Mbah Gulung...wakakakakak!!!".tambah manteb kompane Mbah Suradi.
"Percaya ra Mat?!?!" balik pitakone.
"Ho'oh,," semaure Mbah amat karo mesem sajake.
Ora angon wayah wong tuwa loro kuwi padha kompa kompanan,engkres engkresan ora ana pungkasan.
Dasar bocah kakean polah,aku nyendal Gathot ngajak jarah jarah.Tumuju "Buk"(jembatan) cedhak cakrug alon alon thumuk thumuk.
" Ayo Thot melu,,sipp poko'e.."
Tekan nggon papringan ,wit tak telung siji,tak tali pucuke karo tampar baluhe sarung karo sandal.
Tak uculake, sabar sedhela ngenteni korban.
Ora antara suwe dumadakan lintange ngilang,mbulane ngandhang.
Mak nyattt...Mbah Suradi ngadeg menyat.
" Nyapo Di?" Mbah Amat kaget tenan.
" Anu..arep mulih aku..nyilih sentere" wangsulane sajak nyele.
" Waduuhh..entek baterene.."kandane Mbah Amat age age.
"Yo wis..kesusu aku,lali rung tak pakani wedhusku.." Mbah Suradi nyandhak peci budhal bali.
Saka kadohan dak sawang Mbah Suradi mlaku menggeh menggeh ra tolah toleh.
Saya cedhak,,saya cedhak,,tak jawil Gathot ,ngelungi watu ,tak uncalke keneng bonggol glugu.
BLLUUUGGG.....
"EEiitt..amit mbah,, sing mbahurekso "buk" growong,,niki putune nderek langkung..!!!"mangkono gremenge mbah Suradi sing ra patia krungu.
Lha suwe suwe..soyo cedhak,cedhak..cedhaakkk..passs tumekan panggonan sing dirancang.
Tali tak sendhal,,sreettt...wit pring mentelung,sandal gondal gandul,sarung goang gaung.
Mbah Suradi njerit melung melung...
"Tulllluuuungggg....." mung ngono wae unine.
Cep klakep nggeblak saking wedine.Aku mlenggong,Gathot ndomblong, Mbah Suradi tak candhak njur tak gendhong,nyeluk Mbah Amat sing wis mlebu senthong.
Sedhela wektu Mbah Suradi wungu.Mbah Amat takon nyapo mau.
"Ana apa Di?",pitakone .
"Walaahh Mat,,kui lo,,neng 'Buk' growong aku weruh dhemit Grandhong..hiiii"semaure sak geleme.
Tak lirik Gathot mecuca mecucu,timbang bacut ngguyu,luwih becik tak pamit mlayu.
"Mbah,,nyuwun pamit wangsul,kula melu wedi niki.." kandaku ngawu awu.
Padahal batinku:
"walaahh mbah,,mbah..ra sumbut karo nek koyah. Munggah gunung mudhun gunung ,anak muride mbah Gulung,weruh sarung tulung tulung,,hehehe".
( Ngaturaken sedaya kalepatan lo mbah.Mboten dipindho ...estu ampun mbah..)
....................................................
Lonk. 2011, (sinau crita basa Jawa,yen kleru mbok dielingna,iki mung ngapusi ,yen padha berarti awakmu ya sing nglakoni).
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Monday, December 27, 2010
Bobor Kinang.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Mendhung kang regeneg regeneg saka kidul wetan sasat nggawa pratanda yen sedhela maneh udan bakal tumiba.Apa maneh hawane saiki wis tambah adem cas ces cas ces, amarga tumekaning angin kang saya santer. Lha…tenan ta, durung nganti tak titik panganggitku ,ricik ricik gerimis teka ngawiti udan, nelesi lungguhku kang ana dingklik cilik sakngisore tritis omahe mbah Painem. Nalika ngeterake Gatot, kancaku sinarawedi wiwit jaman SD , nyampeake welinge simboke.
Dasar nasib yen lagi mujur,wis ditinggal umuk nganti ngantuk,lambe nganti ndomble, udane ngece panggah ra ana lerene.
“ Piye ki Tot, koq blas ra terang terang ta udane?”, pitakonku marang Gatot kang isih meneng wae.
“Mbuh ya, sajake sik suwe Dul..” wangsulane Gatot sing ngadeq thingak thinguk sendhenan saka emperan.
“Trus piye ki enake,apa ngembloh wae?.”
“ Sebab bar maghrib aku ana kondangan nek omahe Pakde Jali,” ,kandaku.
“Lha ana hajat apa kuwi?”, Gatot mbalik takon.
“Mbrokohi sapine sing bar manak kae lo,mosok ra diundang ta”,wangsulanku sinambi mesem.
“Waduhh iya,lali aku,,,modar wis,rasida ngrasakne gurihe sega berkat”,
“Padahal wis suwe ra mangan iwak pitik aku ,,hahaha” ,Gatot ndumuk bathuk banjur ngakak sakbantere lali nek untune gingsul ngiwa nengen sak jagung jagung gedhene.
“ Tot,,aja banter banter nek ngguyu, idumu kui lo,,muncrat rana rene”.
Merga saking bantere nek ngguyu Gatot sing sampek ngablak cangkeme kui, mbah Painem kang lagi olah olah neng pawon malih metu ana ngarepan.
“ Ana apa ta le,,koq sajake Gatot lagi seneng atine?”, pitakone marang aku.
“Mboten koq mbah,,,menika kula nembe kemawon gegujengan kaliyan si Gatot” ,wangsulanku sakkenane.
“Yo wis nek ngono,simbah nerusake nek olah olah dhisik”.
“Aja ndang bali lo,,mangan dhisik,simbah iki mau nyayur bobor bayem senengane Gatot”
“Nggih mbah..” wangsulanku lan Gatot bareng.
Banjur mbah Painem mlaku menyang pawon karo tangane ngobahake kinange sing tansah diemut mrana mrene.Sajake jan nyamleng tenan. Mbuh piye ya rasane,mbako koq dipangan,batinku.
“Senenganmu bobor bayem ta Tot?”, pitakonku marang Gatot sing lagi garuk garuk sirahe.
“ Walaahh,,kowe rung ngrasakne masakane Mbah Painem,,”
“Jiann thok cerrr..uenukk tenan,tak jamin ketagihan kowe Dul..”, wangsulane karo menyar menyor lambene.
Kira kira antarane limolas menit aku ndabrus karo Gatot udan wis rada terang . Lagi wae aku arep ngajak pamitan eee..malah suarane mbah Painem celuk celuk ngongkon menyang pawon.
“Tot,,kene kancane diajak mangan dhisik,wis mateng ki lo bobore”,
“Yen durung mangan raentuk bali lo..ndang..”.
Gatot banjur ngadeg narik tanganku.
“Ayo Dul,,keburu Maghrib ki, mengko malah ketinggalan kondangan ,apes wis,ra sida oleh gizi”.
Nalika tekan pawon,jebul pancenane wis cumawis mlaning.Semriwing ambune.
“Wahh..seger tenan ki,cocok karo omongane Gatot”,batinku.
Dasare ya wis weteng luwe sebab wiwit awan blas durung kelebonan upa tekan seprene, tur jarene Gatot mantep masakane ditambah seger ambune, langsung wae bat bet bat bet nyiduk sega telung enthong,nyiduk bobor bayem campur janten jagung telung irus.Sampek munjung meh amber piringku.
Banjur lep plung mlebu cangkem Dheg..Sak sendok aku mandheq ,,ah,, ra percaya,mosok iya.
Tak jajal noleh marang mbah Painem, panjenengane nyawang banjur mesem, mlaku menyang ngarep sinambi grenang greneng sing aku ra mudheng. Aku sungkan banjur nyendok maneh, leepp..pluunngg..mandheq…dheg dheg..rasane koq aneh ya.
Tak lirik Gatot koq wis rampung,padahal biasane bocah iki nek mangan jian jemblung.Wahh..ana sing ra beres ki.
“ Tot,,koq cepet temen awakmu mangane?,koq ngene rasane ya,”, bisikku lirih.
“ Wis wareg aku, ngene piye ta?”, semaure alon ,neng karo dibarengi mrenges.
“Rasane pait pait piye ngono,,koq kaya…”
Durung rampung kandaku dumadakan mbah Painem wis tekan pawon maneh
“Ndang padha dipenakne mangane”.
“Nggih mbah…”.
Noleh maneh nyawang mbah Painem,panjenengane uga nyawang. Dadine sungkan maneh,banjur nyendok sing nomer telu, nanging alon.Leeeppp…pluuunngg…dheg dheg muneg muneg..
“ Enak ta le?”, pitakone maneh.
“Eca koq mbah”, semaurku sing asline ngempet.
“Wis dipenakne, simbah sik nggoleki barangku, koq lali ya tak selehne ngendi mau”, kandane mbah Painem sinambi mlaku mengarep maneh.
Sakpungkure mbah Painem menyang ngarep aku cepet cepet nyedhaki Gatot.
“Tot,,mosok awakmu ra ngrasakne aneh bobor bayem ki” ,
“Rasane pait,seret neng gulu” ,grenengku.
“Rambut jagung kui Dul,,” ,semaure Gatot.
“Mosok yen rambut jagung gedhe gedhe tur ulet ngene, dudu kayane”,
“ Rasane kaya anu”.
“Apa? ”,Gatot semambung takon.
Durung nganti aku semaur,mbah Painem undang undang maneh, suarane sajake karo mlaku saka ngarepan.
“Tot,,awakmu tumon barange simbah ora le,,”
“ Mbok njajal direwangi nggoleki”.
“Mboten,,barang napa ta mbah Nem?”, pitakone Gatot.
“Kui lo kinange simbah koq lali nek nyelehne mau, padahal wis kecut lambene njaluk di ganjeli”
La dalah..
Krungu kandane mbah Painem ,langsung adem panas awakku,sak grontol grontol kringetku.
Jian pas karo angen angenku.Pantesan wae aneh rasane neng gulu,mesti kinange sing ilang wis katut tak pangan mau.
Mbah Painem lena ,sega tak suntak neng topiku, tak lebokne clana ,nyendal Gatot trus pamit, bablas mlayu lunga.
Nasib nasib,,sak jegene urip ya sik saiki keturutan mangan sayur bobor kinang khas mbah Painem .Nganti mendem.
Asyemmm…
********************
(Kinang ing daerah liyane uga diarani Susur)
(lonk)
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Posts (Atom)

