Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Thursday, December 18, 2008
Jenenge: Gabriel Janur Danu Fidelio
"Gabriel Janur Danu Fidelio", mangkono aku nengeri anakku lanang sing lagi wae weruh padhanging jagad gumelar iki ing dina Sabtu, 13 Desember 2008 kepungkur. Puji syokur dak unjukake ing Pangeran, dene aku pinarcaya momong putra barep kakung sing lahir kanthi slamet, normal lan sampurna. Sawuse nunggu sangang wulan, tekan titi wancine babaran. Ati rumangsa plong lan bungah datan kena kagambarake. Tetela Natal ing tahun iki aku diparingi kado sing istimewa banget.
Gabriel dak pilih dadi nama baptis, miturut padatan umat Katholik. Nama iku asma kagungane malaekat Gabriel (Jibril). Anakku lanang dak suwunake pangayoman lan pamomongane sang malaekat, marga anggone lahir meneri wulan Advent, mangsane umat Katholik padha nyawisake pahargyan Natal, Riyaya Wiosan Dalem Sang Kristus. Malaekat Gabriel iku minangka duta utusan Dalem ngasta kabar kabungahan bab Sang Emmanuel iku marang Ibu Maria, Bapa Yusuf, lan marang para pangon sing lagi njaga wedhus-wedhuse. Ora keri uga marang ratu tetelu saka wetan sing padha kepengen marak sowan marang Panjenengane. Cekake, muga-muga krana pangayomane malaekat Gabriel, besuk anakku bisa dadi pribadi sing tansah gawe bungah atine sapadha-padha.
Janur wus ngarani, yaiku blarak - godhong klapa - enom. Wiwit mula bareng ngerti yen nyonyahku ngandhut, aku pancen wus ujar menawa arep njenengi anakku kanthi njupuk saka sawenehing tetuwuhan. Janur dak pilih, marga nduweni paedah sing luwes banget. Ing ngarep, janur bisa dadi tarub umbul-umbul; mratandhani pangayubagya sing gapyak sumanak marang sapa wae sing rawuh. Ing tengah, janur bisa karonce dadi kembang mayang - pasrening papan lenggahing penganten, lan sawernaning kaendahan liyane ing pasamuan. Ing sawenehing tradisi, janur dadi uba rampe sesaji, ngganepi srananing pandonga kanggo mengkoni uripe manungsa. Ing mburi, janur bisa lumadi awujud nam-naman kanggo wadhah beras, sing dimasak dadi kupat minangka dhaharan utawa sangu lelungan. Selagine garing wae dheweke bisa kanggo daden geni ing pawon, amiwiti lakune wong olah-olah rejeki. Jeneng Janur dak dadekake japa tumraping anakku, supaya bisa dadi pribadi sing luwes marang sapa wae, ing kapan lan ngendi wae bisa leladi kanthi bungah, temahan dadi bebungah.
Danu, iku ateges gandhewa. Dene fidelio seka tembung basa Latin fidel-is sing ateges "kaum beriman". Pandongaku, muga anakku tuwuh dewasa dadi pribadi sing ngrasuk iman kapitayan teguh marang Gusti Allah. Teguh kuwating iman iku kagambarake kaya dene gandhewa kanggo nglepasake panah. Gandhewa bakale mobahake warastra. Yen gandhewane lentur nanging prengkuh bakoh, keplasing warastra uga kenceng lan patitis. Yen kinanthen iman lan katresnan, warastrane mesthine ya bakal salin wujud dadi samubarang sing apik.
Iku manu wedharane. Hehehe... muga-muga anakku ora kabotan jeneng. Kanthi pinaringan momongan iki aku rumangsa saya gedhe tanggung jawabe, nggulawenthah si Janur supaya pandongaku kababar uga ing urip padinan.
Dhuh, Gusti... kanugrahan agung paring Dalem mugi andamel atur panuwun lan raos syokur kula sangsaya ageng. Pinujia lan minulya Asma Dalem, sapunika lan ing salaminipun. Amin. [skd]
Thursday, March 27, 2008
Bahasaning bocah iku bahasaning Roh!
Jenenge Yohanes a Deo Gratia Saputra, putrane Mas Tanto lan Mbak Tanti. Tanggal 22 Maret 2008 wingi umure ganep 1 th. Merga ulang tahun sing sepisanan, Bapak-Ibune nganakake pesta cilik-cilikan ing omah kontrakane kanthi ngundang kanca-kanca kantor, klebu aku. Nanging pestane diajokake dina Jemuah, 14 Maret wingi marga pas dinane ul-tah akeh sing padha mudhik Paskahan. Sanadyan ora diundang kae yen aku mesthi teka, lha wong mung tangga sakdheretan omah petak! Dhasare maneh, si Deo iki cerak banget karo aku. Yen karo aku lulut banget, kepara ngluwihi tinimbang karo bapakne (nah, lho!). Hehehe... paling marga "perbawaku" kuwi kaya bocah cilik, ayakeeee...!Aku pancen seneng karo bocah-bocah cilik. Wiwit jamane simbah biyen, saben dina omahku ing desa sasat ora tau sepi dening bocah-bocah sing padha dolanan. Mbokmenawa anggone diluluti bocah-bocah iku nurun seka simbah lan bapakku sing miturut pengalamanku pancen gemati marang cah-cah cilik. Wiwit aku isih cilik nganti tekan saiki wae bapakku isih sok ndongeng. Yen saiki sing didongengi putune sing sepisanan, ya prunanku, anake adhiku. Kejaba ndongeng, bapakku uga seneng nggawekake dolanan, arepa mung seka debog utawa papah tela pohung. Mesthi wae bocah cilik-cilik padha krasan sandhing karo bapak. Jarene bapak, yen omah dirubung bocah, iku mertandhani akeh berkahe...
Balik marang si Deo, saiki wis lekas njaluk dituntun mlaku nganggo tangan siji. Yen liwat ing ngarep lawang omahku mesthi anguk-anguk ngajak mlebu. Nang ngomahku pancen akeh dolanan, kayata: boneka cilik-cilik koleksine bojoku, pesawat-pesawatan; uga ana kewan pasren, kayata: kura-kurai, iwak aquarium lan hamster. Si Deo lagi bisa celathu "Mamah", "Papah" lan "maem". Saliyane nganggo basa isyarat kanggo kiss-by, dhadhah lan nyadhong. Keri-keri iki wis mudheng sawetara tembung, kayata: "sakit", "yek", "pak-pung", lsp. Kepingin nirokake, nanging durung pati cetha. Mula, yen pas duwe kekarepan isane mung ngathungake drijine, utawa ngeret-eret sing nuntun tumuju marang panggonan sing dikarepake.
Bubar mudhik Paskahan wingi, Deo lapuran karo aku yen jempol sikile sakit merga kesandhung nganti metu getihe. Mesthi wae anggone crita mung nudang-nudingi jempole sing ditensoplast karo mimike sajak ngrintih kae. Hihihi... lucu! Lucune, lan anehe, dheweke durung bisa omong nanging bisa crita karo aku, lan aku ya mudheng!
Kanggoku, bahasaning bocah iku bahasaning Roh! Yen digatekake, perkembanganing bocah wiwit durung bisa celathu becik nganti bisa omong nrucus iku marahi atiku ngungun. Aku wis tau gumun marang lelakon-lelakon iki:- Bocah-bocah cilik sing padha-padha durung bisa omong, nanging yen ketemu gapruk karo kancane isa pada gojegan dolanan bareng, malah nganggo nguyu barang!
- Kadhangkala bapak-ibu ngudang anake sing isih bayi nganggo ukara-ukara sing ora ana tegese babar blas: "nangning...ningnangning..gung!", "tangkintung kintangkintung...!" "ciluuuu..ba!", lsp. Bayine isa ngguyu!
- Uga yen wong tuwa lagi nglela-lela anake supaya turu, sok-sok sing kawetu saka ing lathi dudu lelagon sing ganep, nanging ura-ura sing tanpa tetembungan, mung "dak lela...lela lela ledhung..." utawa mung ninting titilaras sawijining tembang wae... bocahe ya uga banjur bisa turu!
- Mbokmenawa isih akeh maneh liyane.
Tangis karo guyu kanggone bocah bayi sing durung bisa celathu pancen mujudake ekspresi-ekspresi dhasar saliyane bahasa isyarat non-verbal sing bisa dicandhak ana ing sesambungan karo pepadhane. Lugu, apa anane, murni tanpa lamis. Nanging kanthi ngono jejering bocah wis bisa ngatonake kapribadene, apese bisa sinau srawung marang jagad iki.
Hehehe... aku karo nyonyahku pancen lagi ngantu-antu diparingi momongan. Mulane akeh bab sing magepokan karo donyaning bayi lan balita lagi dadi kawigatenku sakloron. Katone pancen kudu bali maneh marang donyaning bocah, lan nyinaoni bahasa Roh sing dimudhengi dening bocah, supaya samangsane pinercaya dening Gusti momong putra bisa nggulawenthah kanthi becik lan teges.
Meneng-meneng aku uga lagi nglelimbang bab bahasaning bocah cilik sing dak anggep ora adoh saka bahasaning Roh, bahasaning Gusti piyambak... Lan sajake, bahasa kaya mangkono iku ya bahasa sing nyunarake "perbawa" adhem, tidhem, eyub, ayem lan tentrem, ora mung marang bocah cilik, nanging uga marang wong diwasa, kepara uga marang kabeh titah ing donya iki... ***