Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Saturday, January 10, 2009
Tamba lelara sing wus kadhung mbalung sumsum
Wong sajagad melu padha mbengok.
Mula sing tuwuh ing ngendi-endi ora mung solidaritas kemanusiaan,
nanging uga solidaritas kamurkan!
Karepku jan-jane arep nulis komentar bab konflik Israel-Palestina ing jalur Gaza. Nanging paling-paling isine mung emosi lan nyupatani pihak-pihak sing cawuh ing kana. Utawa kajeglong ing anut grubyuk rubuh-rubuh gedhang ambyuk ing jagading pepeteng donyaning kebencian lan nepsu wales-winales. Konflik Israel-Palestina sing sejatine wus thingis wiwit maewu-ewu tahun kepungkur kanggoku dadi tuladha bab olah sikap cipta-rasa-karsaning manungsa sing gagal mbangun kapribaden bangsa sing dewasa.
Sejatine gampang ngrampungake perang: ora usah males! Yen ana wong nabok, terus diwales tabokan, trus balik males maneh, kapan rampunge anggone tabok-tabokan? Yen salah siji wani nglekasi ora males, rampung.
Wong Jawa duwe sesanti, "sapa ngalah luhur wekasane". Yen bapak utawa ibu ing kulawarga menangi anak-anake padha rebutan, dolanan umpamane, biasane sok njur ngendika, "Sing tuwa mbok ngalah!". Ngalah dadi pratandha sikap dewasa. Ngalah ora ateges kalah, ananging milih posisi sikap sing ora agresif. Wong dewasa kudune bisa momong.
Saking lara tatune peperangan ing jalur Gaza kana, sajake bodho yen nyipati korban - sing racake bocah-bocah lan warga sipil - banjur meneng wae. Cacing wae kepidak krogel-krogel. Lha iki manungsa jare! Ora maidu menawa pepadoning lathi warganing korban padha kumejot saka gedhening nepsu ora narima marang kahanane. Larane wis kadhung nandhes tekan balung sumsum lan wus nglambrang ing awang-awang dadi hawa sing saben wektu kairup kanggo ambegan. Hawa iku kepara malah katiup ing angin tekan ngendi-endi ing saindhenging jagad! Sing ngunjal hawa lara iku melu-melu dadi duka lan murka. Wong sajagad melu padha mbengok. Mula sing tuwuh ing ngendi-endi ora mung solidaritas kemanusiaan, nanging uga solidaritas kamurkan!
Saka panglimbangku sing mbok menawa naif, lelara kaya mangkono iku ora bakal mari mung ditambani nganggo bodrex. Lelara jenis sing siji iki mung bisa ditambani srana sembahyang, pasa lan matiraga! Solidaritas sing ora kinanthen racikaning tamba iku sisip sembire mung bakal gawe mendhunging jagad saya angendanu. [skd]
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.