sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Friday, November 18, 2011
Crita Wayang Ramayana: Rama Tambak
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Prabu Dasamuka ratu ing Ngalengka punika pancen satunggaling ratu ingkang sekti mandraguna. Prabu Dasamuka punika kepencut dhateng Dewi Sinta, wanita ayu ingkang sulistya ing warni, garwanipun Ramawijaya. Gegandhenganipun Dewi Sinta kaliyan Prabu Rama sampun mboten saged dipunpisahaken malih.
Pramila Prabu Dasamuka nggadhahi raos kuciwa. Piyambakipun tansah pados rekadaya kados pundi caranipun supados saged ndhusta Dewi Sinta. Nalika Prabu Rama bebedhag ing wana Dhandhaka badhe mburu Kidang Kencana minangka panyuwune sang Dewi, kocap kacarita sang Dewi saged kadhusta dening candhala utusane Prabu Dasamuka saking Ngalengka. Miturut aturipun Sang Hyang Baruna supados saged gampil anggene dumugi Nagari Ngalengka, Prabu Rama kedah nyiagakaken wadyabala wanara. Wadyabala wanara ingkang dipunpandheghani dening Anoman kautus ngusungi redi saha sela kangge nambaki seganten supados gampil anggenipun kesah dhateng Ngalengka.
Prabu rama saha wadyabala wanara sampun samapta tumandang damel. Sasampunipun sarembag anggenipun badhe damel tambak minangka uwot kangge margi dhateng Ngalengka, wadyabala wanara saperangan dipundhawuhi ngusungi redi minangka kangge tambak. Ing wusana sedaya sami sengkut anggenipun tumadang damel amrih tambakipun enggal dados. Sasampunipun tambak dados Prabu Rama sawadyabala wanara saged liwat minangka margi dhateng Ngalangka. Tujuanipun badhe mengsah jurit dhateng Prabu Dasamuka. Wadyabalanipun Prabu Dasamuka punika sedaya sami sekti mandraguna mboten tedhas ing sawarnaning gegaman ingkang wonten. Pramila para prajurit wanara sami kewuhan, kados pundi caranipun saged ndhesek utawa mikut Prabu Dasamuka sawadyabalanipun. Pungkasanipun cariyos, Anoman nggadhahi cara kangge merjaya Prabu Dasamuka punika. Satunggaling wekdal Anoman ngangkat Gunung Somawana, pangangkahipun Anoman badhe nebleg polah tingkahipun Dasamuka. Wusananipun Prabu Dasamuka saged sirna amargi dipuntableg kaliyan Gunung Somawana dening Anoman. (Kapethik saking Silsilah Wayang Purwa dening S. Padmosoekotjo mawi ewah-ewahan)
Link:
http://wayangprabu.com/tag/rama-tambak/

Labels:
Crita Wayang,
Wayang
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.