sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Thursday, November 17, 2011
Crita Wayang Ramayana
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Prabu Dasarata ratu ing Ayodya. Panjenengane duwe garwa telu, yaiku Dewi Sukasalya, Dewi Kekayi, lan Dewi Sumitra. Saka garwa telu iku Prabu Dasarata Kagungan putra papat.
Karo Dewi Sukasalya Prabu Dasarata kagungan putra kang aran Rama. Karo garwa Dewi Kekayi kagungan putra Raden Barata. Karo garwa sing pungkasan yaiku Dewi Sumitra kagungan putra loro yaiku Raden Laksmana lan Raden Satrugna. Putrane Prabu Dasarata yaiku Raden Rama, Raden Barata, Raden Laksmana, lan Raden Satrugna digulawenthah dening Begawan Wasista nganti diwasa. Saka putra papat iku, Raden Rama kang unggul dhewe tinimbang adhi-adhine. Nanging Raden Rama tetep andhap asor. Wektu iku ana sayembara saka Nagari Mantili kang jumeneng ratu wektu iku asma Prabu Janaka. Sayembara kuwi bebanane yaiku putrine Prabu Janaka yaiku Dewi sinta. Raden Rama lan sedulure telu ndherek sayembara. Pranyata Raden Rama kang bisa menang lan kasil entuk Dewi Sinta. Dewi Sinta banjur diboyong menyang Ayodya.
Raden Rama siyaga kajumenengake ratu. Nanging Dewi Kekayi ora kersa, rumangsa yen kang duwe hak ana nagari Ayodya yaiku putrane, Raden Barata. Dewi Kekayi banjur matur marang Prabu Dasarata supaya Raden Barata kang kajumenengake dai ratu Ayodya. Prabu Dasarata banjur ngendikan marang Raden Rama yen Ibu Kekayi ngersakaken supaya Raden Barata kang kajumenengake ratu Ayodya. Raden Rama ora menggalih suwe-suwe, piyambake banjur sarujuk wae. Raden Rama lan Dewi Sinta banjur lunga ninggalake Nagari Ayodya, kanthi didherekaken ingkang rayi yaiku Raden Laksmana.(Kapethik saking Ngudi Wasis Basa Jawi VII)
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.