sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Tuesday, November 15, 2011
PRAWACANA
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
PRAWACANA
Pustaka Tri Darma Kawedhar kaping IV.
Nuwun para Bapak/Ibu, kadang Upasaka/Upasika sarta para maos ingkang kula mulyaaken.
Namo sang Hyang adi Buddhaya. Namo Buddhay.
Nuwun kula minangka Pembimbing Masyarakat Buddha Kantor wilayah Departemen Agama Jawi Tengah, kanthi sineratipun pustaka Tri Darma Kawedhar ingkang kaping sekawan, kula ngaturaken gunging panuwun ingkag tanpa upami dhumateng Sang Hyang Adi Buddha, ingkang sampun anurunaken kawicaksanan dhumateng pangebating Agama Buddha Mahayana inggih panjenenganipun Bapa Maha Nayaka Pramonowirono.Ingkang kanthi pustaka punika
1. Para titah Buddha badhe saged mangertos sapinten lebetipun ajaran-ajaran agami Buddha.lan badhe saged nindakaken tata cara,upacara agami Buddha kanthi leres.
2. Badhe saged dipun mangertosi dening sinten kemawon lan ugi saged dipun mangertosi dening para nara praja, bilih ajaran agama Buddha cocog sanget kaliyan Undang-undang 1945 Negari Repoplik Indonesia ingkang ajawi Pancasila.
3. Inggih pustaka Tri Darma Kawedhar punika Agama Buddha kuncara malih ing nuswantara,awit:
a. Bangsa kita kanthi maos pustaka Tri Darma Kawedha, pirsa sejarahipun kaki nini ingkang sampun kuncara ing jagad raya kanthi nilaraken patilasan-patilasan Agung
b. Inggih khanti pustaka punika titah Buddha saged mangertosi, dhasar, lampah sarta gegayuhan Agami Buddha, ingkang ngewrat ajaran catur Hariya setiyani. Hasta Hariya Marga.
c. Inggih pustaka punika ingkang ngewart ajaran tata cara lan ajaran Agama Buddha ingkang adhedhasar saking pustaka suci Tri Pitaka saha kalarasakenkaliyan kapribadening Bangsa Indonesia
Kadosta tatanan caraning manembah patrap saha solah tingkahipun,tatanan tanggap jabang bayi,temantenan pangkrimating layon lan sanes-sanesipun.
Mangka sareng kula maos pustaka punika saha kula mangertosi, katingal sampurna, runtut lan wijang tatanan satunggal lan satunggalipun.
Pramila ing agesangkedah mangertos panjing surup la nasal-usulipun:
1. Ngaturaken sembah pangabekti dhumateng tiyang sesepuhipun.
2. Setya lan mituhu dhumateng Guru jati.
3. Sembah sumungkem dhumateng Hyang Maha Suci
Wasana minangka panutup, bilih wonten kaladuking atur mawantu-wantu nyuwun aksami. Yogya ,yogya ,yogya
Namo Buddhaya
Pembimbing Masyarakat Buddha jateng
SOETOMO, BA.
NIP :130080611.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.