sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Saturday, December 8, 2012
CONTOH SOAL UAS 1 KELAS VIII MAPEL BAHASA JAWA
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
A. Garapen soal-soal ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (X) ing aksara a, b, c, utawa d!
Wacane pethikan crita ing ngisor iki kanthi titi banjur garapen soal no. 1 – 3!
Salah sawijining dina ana pawongan sing arep gawe petilasan mbesuk yen ana rejane jaman kanggo omah sak ana putune. Yaiku papan sing kepenak iku ya sak kiwo tengene alas iku. Alas iku arane alas nggambiran sing duwe tetenger ana wite gambir sing gedhe dhoyang nang pinggir kali, wit iku yen disawang saka kadohan paling dhuwur dhewe, lan saking gedhene lan umure pancen wis tuwa nganti oyote wae tekan pertapane. Ki Ageng Cempaluk ing Kesesi cekake crita Pawongan sing duwe pikiran gawe pertapan petilasan iku mau Putrane KiAgeng Cempaluk Kesesi sing ngadhepi bangsa lelembut sing nguasani alas pesisir pulo Jawa sisi lor iku mau. Bangsa lelembut iku mau ratune arena Ibu Dewi Lanjar critane putra mantune Nyi Roro Kidul sing wis kondhang ngratoni pesisir Laut Jawa Kidul. Ora gampang ngadepi Dewi Lanjar, nanging kanthi kapitayan Ki Baureksa nguthik pengusaku jare Ibu Dewi Lanjar. Kanthi sarana tapa ngalong iku mau Ki Baureksa sukmane bisa nguthik panguasaku jare Ibu Dewi Lanjar. Kanthi tekat bualate Ki Baureksa iku mau bisa nandhingi kepinterane Dewi Lanjar lan pungkasane Dewi Lanjar ngijini mbukak alas ngambiran kanggo papan pertapane lan papan dununge anak putune Ki Baureksa papan iku diarani Desa Pekalongan.
1. Manut wacan iku kang mbukak Alas Gambiran dadi Kutha Pekalongan yaiku....
a. Ki Baureksa
b. Dewi Lanjar
c. Nyi Rara Kidul
d. Ki Ageng Cempaluk
2. Paraga Ki Baureksa ana ing pethikan crita iku nduweni watak….
a. tatag
b. jirihan
c. kendel
d. kewanen
3. Isi pethikan crita iku…
a. Ki Baureksa mbukak Alas Gambiran didadekake Kutha Pekalongan .
b. Ki Ageng Cempaluk arep mbukak Alas Gambiran dadi Kutha Kesesi.
c. Nyi Rara Kidul ora gelem ngalah karo panguwasane Ki Ageng Cempaluk.
d. Dewi Lanjar nguwasani tlatahpesisir kidul ing Pulau Jawa Tengah sakupenge.
4. Tembung-tembung kang kagaris ngisore ing ukara ngisor iki kalebu tembung rangkep dwi purwa yaiku…
a. Bocah iku lagi tetuku ing pasar tiban.
b. Bocah-bocah padha mbengok seru banget.
c. Ana apa kok padha pating cekikik?
d. Akeh wong mlaku-mlaku esuk-esuk ing dina Minggu.
5. Susilo anggone kos wira-wiri bali ngomah kaya ora betah.
Ukara iku migunakake tembung rangkep….
a. dwi lingga
b. dwi purwa
c. dwi wasana
d. dwi lingga salin swara
6. Ukara-ukara ing ngisor iki kang kalebu ukara pakon yaiku…
a. Kowe njupuk buku kuwi wingi sore.
b. Jupuken buku kuwi mengko sore!
c. Sapa sing njupuk buku kuwi wingi sore?
d. Ana bocah sing njupuk buku wingi sore.
7. Titikane ukara pitakon yaiku…
a. Kawiwitan aksara swara dipungkasi tandha pitakon.
b. Diwiwiti aksara murda dipungkasi tandha pitakon.
c. Diwiwiti aksara murda dipungkasi tandha pakon.
d. Kawiwitan aksara murda dipungkasi tandha titik.
8. Ragam basa ngoko lugu digunakake kanggo caturane….
a. Bocah karo bocah kang wis kulina
b. Bocah marang wong tuwa kang wis tepung
c. Wong tuwa karo wong tuwa sing wis kulina
d. Wong tuwa karo wong tuwa kang during tepung
9. Ukara ing ngisor iki kang migunakake ragam basa ngoko alus yaku…
a. Saben enjang bapak tindak kantor nitih montor.
b. Bocah-bocah padha sinau nggambar ing buku gambar.
c. Mau esuk ibu dhahar sate kambing saiki tensine munggah.
d. Mbak Tuti ngasta oleh-oleh wingko babad saking Semarang.
10. Simbah wingi sore gerah padharan.
Ukara iku menawa diowahi dadi ragam basa krama alus kang bener yaiku…
a. Simbah wingi sonten sakit padharan.
b. Simbah wingi sonten sakit weteng.
c. Simbah wingi sonten gerah weteng.
d. Simbah wingi sonten gerah padharan.
Wacanen kang patitis pethikan cirta iki, garapen soal no.11 – 14!
Wonten ing satunggaling dinten, Resi Wiswamitra nyuwun pitulungan dhateng Rama supados ing tapa mboten wonten gangguan saking para buta. Resi wiswamitra, Rama lan diirngi Laksmana kesah wonten ing alas. Ing radinan, Rama lan Laksmana diwenehi ilmu kerohanian saking Resi Wiswamitra. Ing sadawaning radinan, Rama lan Laksmana mejahi para buta ingkang ngganggu upacarane para Resi. Nalika wonten kutha Mantili, rama tumut sayembara kang dianakake Prabu Janaka. Rama menang lan angsal Dewi Sinta kangge didadosaken garwa. Sinta iku putrinipun Prabu Janaka. Dewi Sinta dibekta rama menyang Ayodhya, diiringi Laksmana.
11. Sing njaluk pitulungan menyang Rama yaiku….
a. Laksmana
b. Dewi Sinta
c. Prabu Janaka
d. Resi Wismamitra
12. Rama lan Laksmana diwenehi ilmu kerohanian saking Resi Wiswamitra.
Ukara iku yen didadekake ragam karma alus yaiku…
a. Rama lan Laksmana dipunparingi ilmu kerohanian saking Resi Wismamitra.
b. Rama lan Laksmana diparingi ilmu kerohanian dening Resi Wismamitra.
c. Rama lan Laksmana dipunwenehi ilmu kerohanian saking Resi Wismamitra.
d. Rama lan Laksmana diwenehi ilmu kerohanian dening Resi Wismamitra.
13. Watake rama manut wacan ing dhuwur yaiku….
a. seneng pamer kekuwatan
b. seneng tetulung
c. pamrih
d. angkara
14. Isi pethikan wacan ing dhuwur yaiku…
a. Rama lunga menyang alas amarga ora didadekake raja.
b. Rama lan Laksmana padha lunga menyang alas nggoleki Dewi Sinta.
c. Rama lan Laksmana lunga menyang alas numpes buta kang ngamuk.
d. Rama lan Laksmana diutus dening Resi Wismamitra kanggo numpes para buta.
15. Bukuku lagi dipriksani pak guru.
Ukara ing dhuwur kalebu ukara….
a. tanduk
b. tanggap In
c. tanggap Na
d. tanggap triprusa
16. Ukara ing gisor iki kang kalebu ukara tanduk yaiku…
a. Yunia mbukak warung bubur ayam.
b. Yanti dakgawakake klambi.
c. Surate wis tinulis dening ibu.
d. Bukumu kokgawa apa ora?
17. Ukara tanggap Na iku ukara kang oleh imbuhan….
a. na
b. ni
c. in
d. an
18. Aku lali ora nggawa tugasmu.
Ukara tanduk iku yen diowahi dadi ukara tanggap yaiku…
a. Tugasmu lali ora dakgawa
b. Tugasmu lali ora kokgawa.
c. Aku lali ora digawa tugasmu
d. Aku lali ora ginawa tugasmu
Wacanen kang premati, garapen soal no. 19 – 23!
?pgunu=znG|nD|lTege[sSpXmha[nNpgunu=znHikuwisHr=bzetHutwwisHil=bb/pisnTetnF|r[nN, mu=kriXmhwrsWutuh,
sesuketnB[aar=ar=bisqukulHuripHi=tLthpXmhanPgunu=znHiku, Xmh[affic_k/.
19. pgunu=znG|nD|l\, pamacane….
a. gunung gundhul
b. pagunungan gundhul
c. palemahan cengkar
d. lemahe dadi cengkar
20. Lemahe dadi cengkar.
Ukara iku dununge ana ing….
a. awal paragraf
b. tengah paragraf
c. akhir paragraf
d. ukara katelu
21. Manut wacan ing dhuwur pagunungan gundhul iku pagunungan kang…
a. Palemahane tetandurane mung sithik.
b. Palemahane kabur kanginan ing mangsa katiga.
c. Palemahane padha ilang kena udan ing mangsa rendheg.
d. Palemahane wis arang utawa ora ana tetandurane babar pisan.
22. Ukara iki yen ditulis migunakake aksara latin yaiku…
mu=kriXmhwrsWutuh,
a. Mung kari lemah waras
b. Mung kari lemah waras wutuh.
c. Mung kari lemah kang wutuh.
d. Mung lemah waras kang isih wutuh.
23. Ukara-ukara ing ngisor iki yen didadekake paragraf urutane kang bener yaiku…
1. bisavJl/ri[polusi,
2. lrwtuk\lrprupru, lrmt, lrgtel\ lnLrliyliy[n.
3. [ynM=sktigXbuni=Xmhpgunu=znHikukbu/kzinNnZnTia[dohtib[n,
a. 1. 2. 3
b. 2, 3, 1
c. 3, 2, 1
d. 3, 1, 2
24. Ukara ing ngisor iki kang migunakake tembung entar yaiku…
a. Bocah iku dawa tangane mula ora disenengi kanca-kancane.
b. Tuti amba jangkahe mulane yen mangkat sekolah cepet tekan.
c. Melani atine serik atine yen dipoyoki kanca-kancane ing sekolahan.
d. Tanti kae dawa tangane mulane njupuk barang kang adoh gampang.
25. Pak Tugiman kae pancen wong kang jembar segarane , sanajan putrane wira-wiri gawe salah tetep gelem ngapura.
Jembar segarane tegese….
a. sabar
b. seneng ngapura
c. tresna marang anak
d. ngalahan karo anake
Yen panjenengan nandang gerah sing ora mari-mari, wis ikhtiar mrana-mrene durung
ana,Tabib Ali kanthi pengobatan alternatif kang moderen sumadya ngusadani panjenenan. Ora
penyakit kang ora ana obate, Tabib Ali ngusadani samubarang penyakit. Tabib Ali buka praktek
saben dina wiwit jam 09.00-21.00 ana ing dalan Mahakam No. 13.
26. Wacan ing dhuwur iku kalebu iklan, istilah basa jawane iklan yaiku....
a. pawarta
b. wara-wara
c. susastra
d. pariwara
27. Iklan ing dhuwur miturut isine kalebu....
a. iklan barang
b. iklan jasa
c. iklan layanan masyarakat
d. iklan kecik
28. Ing ngisor iki syarate iklan kang apik, kajaba...
a. Gawe serik ati.
b. Isine gampang dipahami.
c. Narik kawigatan.
d. Cekak nanging jelas.
29. Puisi jawa gagrak anyar iku diarani...
a. puisi
b. tembang
c. geguritan
d. macapat
Nalika kabut isih ngemuli jagad
Sang surya durung ngatonake eseme
Embun ngrenggani pucuking suket
Pak tani wis wiwit ngendangi sawahe
Gusti Allah pancen Maha Adil (pangudarasane)
Kringet sing saben dina takperes ing sawah iki
Saiki wis katon hasile
Pari kuning gumelar kaya permadani.
30. Swasana kang digambarake ing geguritan iku, nggambarake wektu...
a. esuk
b. sore
c. awan
d. wengi
31. Sapa tokoh sing digambarake ing geguritan iku?
a. Pak Lurah
b. Pak Guru
c. Pak Kyai
d. Pak Tani
32. Apa sing digambarake kaya permadani gumelar?
a. Wit pari kang nembe ditandur.
b. Wit pari kang ijo royo-royo.
c. Wit pari sing wis kuning siap dipanen
d. Wit pari kang wis rampun dipanen.
33. Apa kang kudu digateke nalika maca geguritan...
a. Klambi kang apik.
b. Teks geguritan.
c. Lafal,intonasi lan ekspresi.
d. Gaya anggane maca.
34. wisHr= Ukara iku nggunakake pasangan...
a. ha
b. sa
c. pa
d. ga
35. nerkPaugern- Pamacane yaiku...
a. nerak peguruan
b. merak paugeran
c. merak kesimpar
d. nerak paugeran
36. Panulise “digladhi”, yaiku....
a. nigLdi
b. siglfi
c. diglfi
d. figLdi
37. Ing ngisor iki pasangan ka lan la....
a. K H
b. L P
c. K L
d. K P
Tembang iki wacanen knthi premati kanggo nggarap soal no. 38 – 43!
Yogyanira kang para prajurit
Lamun bisa sami anulada
Duk ing ng ceritane
Andelira sang Prabu
Sasrabahu ing Mahespati
Aran Patih suwanda
Lelabuhanipun
Kang ginelung tri prakara
Guna kaya purun ingkang den antepi
Nuruni trah utama
(Serat Tripama-KGPAA MANGKUNEGARA IV)
38. Tembang macapat ing dhuwur iku arane tembang...
a. Maskumambang
b. Kinanthi
c. Pucung
d. Dhandanggula
39. Tembang macapat ing dhuwur iku cuplikan saka...
a. Serat mangkunegara.
b. Serat Tripama
c. Serat Sasrabaku
d. Serat KGPAA
40. Sapa sing nganggit/ngarang Serat Tripama?
a. KGPAA Mangkunegara IV
b. Sasrabahu
c. Suwanda
d. Tripama
41. Sapa sing bisa didadekake teladhan ing tembang dhuwur iku?
a. Tripama
b. Prabu Sasrabahu
c. Prajurit
d. Patih suwanda
42. Sasrabahu iku raja ing...
a. Tripama
b. Surakarta
c. Kraton
d. Mahespati
43. Lamun bisa sami anulada. Tembung anulada tegese...
a. neladhani
b. supaya
c. nindakake
d. mahespati
44. Ibu : Yan, layang iki...(1)...Bu Ana!
Yani : Bu Ana ingkang...(2)...ing wetan Masjid?
Ibu : Iya, garwane Pak RW.
Yani : Inggih, Bu.
Ganepana titik-titik ing dhuwur nganggo tembang sing trep unggah-ungguhe.
a. (1) wenehna : (2) omahe
b. (1) paringna : (2) daleme
c. (1) aturna : (2) dalemipun
d. (1) aturna : (2) griyanipun
45. Ukara ing ngisor iki garepana nganggo tembung sing trep!
Kula...(1)...jam 13.00, dene bapak ...(2)... bakdal Ashar.
a. (1) bali : (2) mulih
b. (1) wangsul : (2) kundur
c. (1) kundur : (2) wangsul
d. (1) mulih : (2) wangsul
46. Ukara ing ngisor iki sing nggunakake basa krama, yaiku...
a. Sesuk kancaku arep dolan mrene.
b. Dina iki Pak Guru ora rawuh amarga lagi gerah
c. Bapak kalian ibu nembe tindak dhateng tegal
d. Aku arep dilatih Mas Budi numpak sepeda motor.
47. Ing ngisor iki kalebu ukara tanduk mawa lesan...
a. Simbah sare ing kamar.
b. Bapak maos koran.
c. Adik lagi nangis.
d. Mas Anto ngguyu.
48. Anto nandur wit pelem ing kebon.
Ukara ing dhuwur nggunakake ater-ater...
a. ny
b. ng
c. n
d. m
49. Bocah-bocah adus ing kali.
Ukara ing dhuwur kang kalebu tembung kriya lingga ...
a. bocah
b. adus
c. ing
d. kali
50. Ukara ngisor iki kang trep unggah-ungguhe...
a. Bapak maca koran
b. Ibu ningali TV
c. Simbah mirsani wayang
d. Adik sare ing kamar
B. Garapen soal-soal ngisor iki kang patitis!
Prabu Dasarata kang sampun sepuh, badhe ndadosaken Rama raja. Nanging panyuwune Dewi Kekayi , kang Prabu maringi tahta dhateng Bharata. Bharata kepengin Rama dados raja. Nanging Rama mboten purun, malah ninggalake kerajaan lan luwih milih gesang wonten ing alas kaliyan garwane. Salajengipun kang dados mrentah Kerajaan Kosala yaiku Bharata.
1. Terangna unsur-unsur intrinsik saka pethikan crita iku!
a. Paraga
b. Setting panggonan
c. Piwulang kang bias dijupuk saka crita
2. Ukara ing gisor iki owahana dadi ragam basa karma alus!
Mau esuk aku sowan daleme Pak Guru karo kanca-kancaku.
3. Ukara ing ngisor iki owahana dadi ukara tanggap!
a. Aku mangan batagor.
b. Surati nggarap PR bareng karo kancane.
4. Ukara ngisor iki tulisen migunakake aksara jawa!
Pagunungan gundhul mbebayani banget.
Kala kula tasih alit
Winulang ing yayahrena
Dipungendhong kewer-kewer
Yen ngantuk den lelalela
Mekaten lampah amba
Enjang sonten tansah emut
Sanget ing panuwun kula
5. Tembang sapada iku wacanen kang premati banjur garapen soal ngisor iki!
a. Tembung-tembung ing tembang dhuwur kang kacithak miring tegesana!
b. Tembang ing dhuwur kalebu tembang...lan nyritakake bab apa?
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.