Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Sasmitane ngaurip puniki Apan weruh yen ora weruha Tan jumeneng ing uripe Akeh kang ngaku aku Pangrasane sampun udani Tur durung weruh ing rasa Rasa kang satuhu Rasane rasa punika Upayanen darapon sampurna ugi ing kauri panira
Maskumambang
Dhuh anak mas sira wajib angurmati Mayang rarah rena Aja pisan kumawani Anyenyamah gawe susah
Dhandhanggula “Panganten Anyar”
Wonten malih tuladhan prayogi Satriya gung nagari ngalengka Sang kumbakarna arane Tur iku warna diyu Supran dene nggayuh utami Duk wiwit prang ngalengka Denya darbe atur Mringra kapinrih raharja Dasamuka tan kengguh ing atur yekti Dene mungsuh wanara
Kinanthi “Sandhung Mesem”
Ngandika kusuma ningrum Anoman seksinen mami Luwara ing duka cita Ilang sagung kang prihatin Matur aring gusti nira Yen ing ngunisun punagi
Sinom “Gagatan”
Semangsane pasamuan Memangun marta martini Sinambi ing saben mangsa Kala kalaning asepi Lelana tekiteki Nggayuh geyonganning kayun Kayungyun ening ing tyas Sani tyasa pinrihatin Puguh panggah segah dhahar lawan nendra
Pocung
Ngelmu iku kelakone kanthi laku Lekase lawan kas Tegese kas nyantosani Setya budya pangekere dur angkara
Asmarandana “Jakalola”
Siharya wibisaneki Ature kaliwat liwat Anggone amrih becike Panika nora angawang Matur ujar ing cetha Wus omah weweka putus Waskitha jroning srinata
Kinanthi
Dhuh dewajawatagung Tingalana solah mami Sewu lara sewu brangta Tan ana timbange mami Yen taulun tan panggiha Kalawan pangeran mami
Dhandhanggula “Mangkubumen”
Ingkang lumrah ing mangsa puniki Mapan guru ingkang golek sabat Tuhu kuwalik karepe Kang wus lumrah karuhun Jaman kuna mapan kimurud Ingkang padha ngupaya Kudu anggeguru Ing mengko iki tanora Kyai guru naruthuk ngupaya murid Dadiya kanthi nira
Kinanthi
Pun bapa pan sampun tumut Sabala nirawus balik Mring prabu rama wijaya Memungsuhan lan waaji Bala wrawarti wus nyabrang Keh prapteng suwe lagiri
Dhandhanggula “Kesepuhan”
Angel temen ing jaman samangkin Ingkang pantes kena ginuronan Akeh wong jaja ngelmune Lanarang ingkang manut Yen wong ngelmu ingkang netepi Ing pangga wening sarak Den arani luput Nangingta asenengan Nara kena denwor kekarepan neki Pepancine priyangga
Kinanthi “pangukir”
Kadra was wus sira muwus Mangkana putri manthili Mangsah nunguli mustaka Patreme sampun pinusthi Tanpa nonrati dhepira Den nyarsa mbelahi laki
Dhandhanggula “Panglipur”
Upa mardi jeneng ing Narpati Ingkang praja dhukut aneng wana Katon sapari bawane Isine ngalas iku Kaungkul lan marang ing hardi Sagung ing wadyabala Alas paminipun Prabu nyambinamgka singa Kareksaning singa petenging wanardi Yen alase apadhang
Sinom “slobog”
Wong agung rama wijaya Mangu neng tyas tan pinanggih Tan ana wenganing driya Dene kalangan jaladri Enget pandhita nguni Sutikna yogi turipun Besuk pan kalampahan Angadoni jayeng jurit Mring ngalengka sedhih kalangan samodra
Kinanthi “amongjiwa”
Dhuh ramawijaya ningsun Pulungen jiweng ngong aglis Mulih mring ngendra bawana Pagene nora ngenteni Apatah asih maring wang Ubayane du king nguni
Megatruh
Yen wohwohan enak mentah iku timun Enak mateng iku kweni Manggis enak blibaripun Pelem enak mateng ati Salak enak rada bosok
Gambuh
Sekar gambung ping catur Kang cinatur polah kang kalantur Tanpa tutur katula-tula katali Kadaluarsa katutuh Kapatuhpan dadi awon
Pangkur
Jinejer ing wedatama Mrih tan kemba kembengan ing pambudi Mangka nadyan tuwa pikun Yen tan mikani rasa Yekti sepi asep alir sepah samun Samangsane pasamuan Goyak gayuk nglelingsemi
Durma
Paman paman apa wartane ing dalan Ing dalan keh pepati Mati kena apa Mati pinedhang ligan Ing jala terusing gigir Akari raga Badan kari gumlinting
Mijil
Poma kaki padha dipun eling Ing pitutur ingong Sira uga satriya arane Kudu anteng jatmika ing budi Ruruh sarta wasis Samubarang ipun
Kinanthi ‘sandhung”
Padha saksemana ingsun Lintang kilat angina angina Gelap thathit miwah teja Mega seksenana mami Kagyat sang retna trijatha Mulat sang putri nekani
Pangkur
Sekar pangkur kang winarna Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip Ala lan becik puniku Prayoga kawruhana Adat waton punika dipun kadalu Miwah ingkang tata karma Den kaesthi siyang ratri
Mijil
Kamardikan wajib dirungkebi Lair trusing batos Ngelingana biyen keh korbane Bandha donya nganti tekan pati Lila tanpa pamrih Penjajah katundhung
Asmarandana
Pomo pomo wekas mami Anak putu aja lena Aja katungkul uripe uripe Lan aja duwe kekareman Marang pepaes donya Siyang dalu dipun emut Yen urip manggih antaka
Sinom
Sigra ang bala tumingal Acampuh sami medali Lir thathit wileding ganda Dhanyang gung mangucal niti Benjang sangaji mijil Lathinya medali wuwus Trustha sura wilaga Kaya buta singa wergild Pasthi jongga dhedhanya Mangabak baya
Kinanthi “ amonglulut”
Riris raras arum arum Rarnya sumawur sumilir Sapraja ngalengka sumyur Lir kinenan riris manis Mangkana sang bayu suta Umatur saha wot sari
Sinom
Nuladha laku utama Tumrape wong tanah jawi Wong agung ing ngreksi ganda Panembahan senapati Kapati amarsudi Sudaning hawa lan napsu Pinesu tapa brata Tanapi ing siyang ratri Amemangun karyenak tyas ing sasama
Kinanthi
Mangun setu bandha layu Samodra tinabak keni Sekti ning bala wanara Prabawa sri dasamuka Mokal apesa ing yudha Ramawijaya prajurit
Dhandhanggula
Jago kluruk rame kapyarsi Lawa kalong luru pandelikan Jrih kawanan ing semune Bang wetan sulakipun Mratandhani yen bangun enjing Rembulan wus gumlewang Neng kulon gunung Ing padesan wiwit obah Lanang wadon pan sarnya Anambut kardi Netepi kewajiban
Sinom “grandhel lintring”
Wikan wengko ning samodra Kederan wus den ideri Ki nemat kamoting driya Rinegem sagegem dadi Dumadya angratoni Nenggih kanjeng ratu kidul Ndedel nggayuh nggegana Umara marak maripih Sor prabawa lan wong agung ngeksi ganda
Kinanthi “buminatan cengkok”
Anoman malumpat sampun Prapteng witing nagasari Mulat mangandhap katingal Wanodya yu kuru aking Gelung rusak amor lemah Ingkang iga-iga keksi
Kinanthi “wicagsana”
Pinandeng sarwi tumungkul Anoman ngiling ilingi Sarta myarsakken karuna Sumedhot tyasira nenggih Iya iki apa baya Kusuma putri manthili
Singa singa yen wadyanta sakit Glis tulunga dana myang tetamba Den prapta ing sawarase Yen sira nemu mungsuh Kasor aywa sira pateni Kunjaranen kewala Sawatara nipun Angenulilu waran Rasuken den kadya kina kulit daging Wala ngati ilangna
Pangkur
Mingkar mingkuring angkara Angkarana karena mardisiwi Sinawung resmining kidung Sinuba sinukarta Mrih kertarta pakartining ngelmu luhung Kang tumrap neng tanah jawa Agama ageming aji
Pocung
Bapak pucung Dudu watu dudu gunung Sangkamu ing plembang Ngon-ingone sang bupati Yen lumampah si pocung lembehan grana
Pocung
Lamun dalu Saben arsa mapan turu Wektu kang prayoga Mulat mring laku kang uwis Dina mau apa kang wus dipun karya
Dhandhanggula
Dhuh kusuma milangoni Buron arum ingkang sobeng wana Yen panggih sun arasane Sumber gung ngisor gunung Wreksa langking sisaning agni Sun sandhang pinarenga nedya amemanuh Wit saking tresnaning manah Surya ratri wong kuning sun kalawani Sun adhep saben dina
Kinanthi
Kinanthi ling ing pitutur Kenthang rambat menyan putih Awasna dipun pratela Noleha wiring ing wuri Cecangkok wohing kalapa Kang dadi pathoking urip
Kinanthi
Ora kleru Marang urip mubra-mubru Ngawula ing bandha Nganti lali mring agami Mangka iku ugering manungsa gesang
Pocung
Pra seduur Na ing jaman mangkya Marang panggayuh utami Tumrap gesang ana alam pasrawungan
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.