Budaya Jawa
Kebudayan Jawa kuwi kebudayan sing dianut masyarakat Jawa, sing ngutamakna keseimbangan, keselarasan, lan keserasian, dadi kabeh unsur (urip karo mati, alam karo makhluk urip) kudu salaras, padha akur, intine kabeh kudu cocog. Kabudayaan Jawa kuwi ngugemi kasalarasan ana ing uripe. Apa-apa sing marake oracocog kudu diadohi, angger ana sing bisa ngganggu keseimbangan kuwi kudu cepet digenahna ben kabeh bali salras meneh, bali cocog meneh.
Umume sing kadhang agawe bubrah kasalarasan yaiku polahe menungsa, mbuh polah
menungsa karo menungsa utawa menungsa karo alam. Angger polah menungsa karo alam, sing umume tanggungjawab pimpinan masyarakat. Sing angel neng kebudayan Jawa yaiku angger kasalarasan iku diganggu polah menungsa karo menungsa sing umum marakake konflik (crahe kasalaran). Sing jenenge ora cocog utawa ora seneng tuli umum ning merga arep ngindari konflik, umume rasa ora cocog kuwe dipendem.
Mula, kanggo nyelarasake sekabehane ana ing urip, kabudayan Jawa akeh nyelenggarakake upacara-upacara adat. Sing ora namung ana sesangkutane karo wong, nanging uga karo alam. Menika dhaptar upaca-upacara adat ing Jawa:
1. Sing ana sangkutane karo wong (diurut wiwit kelairan nganti seda)
Wètèngan (nèmbé mbobot)
Klairan
Bocah
Lajang
Jaka & Prawan
Tilar/Seda
2. Sing ana hubungane karo alam
· lan liyane
3. Sing ana hubungane karo agami utawi kapercayaan
· Lan liyane.
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.