Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Sunday, December 28, 2008
Botoh Kondhang
Serat Jayengbaya
Anggitan : R. Ng. Ronggwarsita
Asmaradana
30.
Belayangan saben ari,
nora mikir marang rupa,
yen kober mung raup bae,
lan nora ngadi busana,
uger ganep kewala,
yen uga kepering nggennya.
Tegse tembung :
ngadi busana = dandan.
uger = angger, pokoke
kewala = bae, wae
kapuwung= kena-kena bae, lothung, lowung
kepering = kiwa, ora adakan, dudu panggonan rame.
31.
kaya ta timang myang keris,
nora dadi saru apa,
anggere wis pawitane,
sarate gampang kewala,
mung ngawasi wetara,
lire yen awangun kojur,
ngundur-undur sukur mijan,
Tegese tembung:
myang = miwah, lan
ngawasi wetara = ndeleng sangat, wektu.
lire = tegese
awangun kojur = kira-kira arep kojur, sial
mijan = menang.
32.
Yen wangune oleh titih,
ingsun sengkruke kewala,
yen mangkono panganggone,
kaya nora kena mlarat,
tan nganti nandhang utang,
untung bae etangipun,
ngimpun duweke wong liya.
Tegese tembung :
wangune = ketoke.
titih = mujur.
kewala = bae.
(Yen ketoke nasib lagi mujur, tak temeni anggonku lungguh. Yen kaya mengkono kaya-kaya ora bakal mlarat.Ora nganti nandhang utang. Etungane tansah untung, ngumpulake donyane wong liya).
33.
Menang dhuwit seneng ati,
banjur bae ngumbar suka,
jajan juwadah karo ndhog,
anggegotho iwak limpa,
tansah prentah nganggo pah,
pan mangkono watakipun,
botoh yen menang dolanan.
Tegese tembung :
anggegotho = mangan akeh.
pah = opah.
pan = kaya
(Yen menang atine seneng. Banjur ngumbar kasenengan. Jajan juwadah, endhog, iwak limpa. Yen prentah mesthi menehi opah. Pancen kaya mangkono iku watake botoh yen lagi menang).
34.
Sakkal kono menang ati,
kabeh kang padha kayoman,
muni rempeg yen budi ber,
iku kang dadi tyas ingwang,
nanging wadane ana,
botoh yen pinuju kabutuh,
betah dadi budi harda.
Tegese tembung:
sakkal = sanalika.
rempeg = racak, akeh lan bareng.
budi ber = ber budi, becik atine (tindake)
tyas = ati.
wada = cacad, ciri.
harda = nepsu, karep, culika (?)
(Sanalika rumangsa bombong, kabeh sing padha dak ayomi, padha kandha yen aku nduweni tindak utwa ati kang becik. Nanging ana cacade, botoh yang lagi butuh, sok gelem laku culika.)
35.
Utang silih tanpa ulih,
tinagih adol gemblengan,
nggege gugatan den age,
lo, kuwi alanira,
luwih maneh manawa,
kekrepen kalah mbalubut,
gelem anggadhung lan culika.
Tegese tembung:
adol gemblengan = nuduhake kasektene.
tinagih = tagih + in = ditagih.
nggege gugatan = nantang prekara (?)
mbalubut = ora duwe isin.
anggadhung = ngapusi, curang (?)
culika = kianat, tindak sing ora bener.
(Utang selang wis ora nate mbalekake. Yen ditagih ngajak tukaran, mamerake kadigdayane. Nantang-nantang ngajak padu. Ngono kuwi alane dadai botoh. Luwih-luwih kekerepen kalah, sok gelem ngapusi lan main ora bener (curang)).
36.
Lirira bisa mbesiwit,
ing kono konangan ingwang,
mungsuhku bareng adege,
rebut gebug tabok tendhang,
tan nganggo pilih papan,
satibane janji ajur,
sakojur tur dinedhelan.
Tegese tembung :
mbesiwit = nakalan, bricik.
ingwang = ingong, ingsun, aku.
(Tegese, bareng aku nakalan konangan mungsuhku, banjur ngadeg kabeh, padha gebhug-gebugan, tendhang-tinendhang ora nganggo pilih-pilih papan, satiba malange pokoke ajur. Awak sakojur dhedhel dhuwel).
37.
Tan ana ngeman sawiji,
kajaba mung lega lila,
ngantia sing rojah-rajeh,
sung kurmat maneh gelema,
mring wong laku culika,
malah teka-teka mbubuh,
apese sung ujar ala.
Tegse tembung:
mbubuh = nambahi.
sung = asung, aweh.
(Ora ana sing padha ngeman, saliyane lega lila, arepa nganti ajur. Menehi kurmat maneh gelema marang wong kang laku culika. Yen ana wong teka, malah nambah-nambahi, apese aweh tembung ala).
38.
Wis nora sida preduli,
dadi botoh yen kaetang,
sayekti akeh alane,
saking tan kena ingaran,
wong golek sandhang pangan,
baya enak adol apyun,
tembunge yen sekolehan.
Tegese tembung:
sayekti = temen
apyun = candu, narkoba.
sekolehan = oleh asil.
(Wis ora sida bae, dadi botoh iku yen dietungake satemene akeh alane. Saking kena diarani wong golek sandhang pangan, iku luwih enak dadol candu diaranana yen bisa kasil).
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.