Sunday, January 18, 2009

Adiparwa

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
BAB LII
SAMBETIPUN ASTIKAPARWA

Sang Soti nglajengaken cariyosipun: Sasaji naga tumunten dipun wiwiti miturut sapranataning sasaji, para brahmana ingkang sami kabebahan ing karya sami netepi kawajibanipun piyambak-piyambak, mangangge sarwa cemeng. Saya dangu netranipun sami katingal saya abrit, amargi tansah katempuh kukusing latu sasaji, sarta tanpa kandheg anggenipun angesok martega sasaji ing latu sukci, kalayan angidungaken mantra. Saben para brahmana wau angesok martega sukci ing tutukipun Bathara Agni (latu), saha sasampunipun angucapaken mantra, lajeng sami nyebut naminipun para naga ingkang nedya dipun besmi, puji saha panguwuhipun para brahmana wau, adamel getering manahipun para naga, para naga ingkang naminipun dipun sebut dening para brahmana, lajeng sami dhawah dhateng latu pating kacecer, sarta sasambat angaru-ara nedha pitulungan dhateng para kadang warganipun. Sami mlembung saha angempos-empos akalangkung sora, saha lajeng sami ulet-uletan kaliyan panunggilanipun. Cacahing naga ingkang sami dhawah saya dangu saya kathah, sadaya sami kacemplung ing latu, warninipun wonten ingkang pethak, cemeng tuwin biru, nem sepuh, ageng alit, sami dhumawah ing latu, sasambatipun warni-warni. Panjangipun wonten ingkang sa yojana, tuwin wonten ingkang sa gokarna, dhumawahipun ing latu sami nyabawa sakalangkung sora. Sakathaing naga sami kodheng panonipun, kathaipun ingkang sami kacemplung ing latu mayuta-yuta, dene wujudipun ingkang sami katiwasan wau, wonten ingkang kados telale gajah, kados kapal, malah wonten ingkang kados gajah. Saweneh wonten ingkang sisikipun amancawarna, sarta wonten ingkang wisanipun mandi. Saweneh katingalipun anggigirisi sanget, wonten ingkang kalangkung santosa, sarta wonten ingkang sakalangkung galak, sadaya wau sami dhumawah ing latu sasaji, awit sami kenging esoting ibunipun.
Dumugi samanten wekasanipun bab kaping seket kalih, saking cariyos Astika ing Adiparwa.


BAB LIII
SAMBETIPUN ASTIKAPARWA

Pangandikanipun Sang Sonaka: Angger, sapa para maharesi kang piniji dsdi Ritwija ana ing sasajine nata wicaksana tedhak Pandhawa, Prabu Janamejaya, lan sakadang dadi Sadhasya ana ing sasaji naga kang anggigirisi iku, dene nganti bisa gawe gegere para naga. Angger, muga di salesih anggonira nyaritakake kahanane sasaji mau, dimen ingsun apa dene para ambangun tapa iki padha sumurup, sapa maharsi kang lebda marang pranataning sasaji naga.
Aturipun Sang Soti: “Kula badhe nyariyosaken asmanipun para wicaksana ingkang sami jumeneng Ritwija, saha Sadhasyanipun Prabu Janamejaya. Wiyosipun, ingkang dipun patah dados Hotri, tutungguling para brahmana ingkang putus dhateng Weda, asma Sang Brahmana Cadhawargawa, panjeneganipun punika tedhakipun Maharsi Cyawana. Brahmana Kutsa, punika brahmana ingkang datan kewran ing agal alus, sarta sampun kaporeng yuswa, sang brahmana kadadosaken Hotgatri (juru ngidungaken Weda). Dene Sang Jemini, dados brahmanajuru ngucapaken mantra. Brahmana Sartagarawa, tuwin Sang Panggala dados Hadwaryu dene ingkang dados Sadhasyanipun Sang Wiyasa saputra dalah para siswanipun, Sang Ontalaka, Sang Pramataka, Sang Swetaketu, Sang Pinggala, Sang Asita, Sang Dhewala, Sang Naradha, Sang Parwata, Sang Atreya, Sang Kundhajathara, Brahmana Kalagatha, Sang Watasya, para Srutasrwa, ingkang sampun sami wredha sarta lebda dhateng japa, tuwin putus dhateng weda, Sang Kuhala, Sang Dewasarman, Sang Mudgalya, Sang Samasurawa, sarta sanes-sanesipun.
Ing nalika para dwija wiwit angesok martega sukci ing latu sasaji, sami sanalika kathahipun sarpa ingkang dhumawah ing latu sasaji tanpa petangan, dene wujudipun para naga wau anggigirisi, ngantos damel geteripun ingkang sami tumingal, sarpa ageng alit sami kacemplung ing latu, sasampunipun pejah, bathangipun lajeng gontor ing toya dhateng lepen. Ing gagana kaebekan ganda arus, awit saking iditing maruta ingkang ambuncang gandaning bathang sarpa. Ing awang-awang tansah kamireng swantening para naga sami asasambat angaru-ara, kabekta saking girisipun badhe kacemplung ing latu sasaji.
Kacariyos, Sang Nagaraja Taksaka, dupi sampun tetela pamirengipun, manawi Sang Prabu Janamejaya sampun angwontenaken, sarta sampun anjenengi sasaji naga, enggal ngupaya pangayoman, ngungsi dhateng kahyanganipun Bathara Purandara (Endra), sarta lajeng marek ing ngarsanipun sawi ngaturaken lalampahanipun Sang Prabu Janamejaya anggenipun sasaji, punapa dene Sang Taksakaraja ugi nglenggana dhateng kalentuning tindakipun, pramila nyuwun sih pitulunganipun Hyang Endra. Bathara Purandara sakalangkung rena ing panggalih midhanget panalangsanipun Sang Taksaka, wasana angandika, “He, Nagaraja Taksaka, yen sira lestari ana ing kahyanganingsun, sira aja mrihatinake anane sasaji naga, karana Hyang Brahma wus tau karenan ing galih, saka panggaweningsun, kanthi pambiyantunira. Wis aja sumelang maneh, nuli beraten lalara kang nangsaya ing atinira iku.”
Sang Soti anglajengaken cariyosipun: Pangandikanipun Hyang Endra makaten wau dahat adamel asreping manahipun Sang Taksaka, mila Sang Taksaka lestantun manggen wonten ing Kaendran, kalayan suka-suka amawarta suta. Kacariyos Sang Nagaraja Basuki, rikala mriksa manawi kathah sarpa ingkang sampun dhumawah ing latu sasaji, amargi kaprabawa dening pangwasaning mantra, ngantos kadangipun namung kantun sakedhik, ingkang makaten punika andadosaken sakalangkung prihatosipun, tambuh-tambuh paraning pangungsen, wasana lajeng enget dhateng kadangipun estri, mila enggal dipun timbali. Sasampunipun dhateng, lajeng dipun ngandikani, “E, yayi kakasihing dewa, kawruhana, para naga kadangira wus akeh kang padha kacemplung ing geni sasaji, dadi ora bisa antuk kamulyaning kaswargan. Samengko wus wiwit kodheng panoningsun, panduluningsun abliyar-bliyar, ingsun anduga bokmanawa ing dina iki uga bakal mati kaku ana ing geni sasaji kang murub mangalad-alad iku. Wruhanira, anane Prabu Janamejaya gawe sasaji iku kanggo numpes sakehing sarpa. Dadi wus tetela manawa ingsun uga bakal kapeksa kalebu ing kahyangane Bathara Yama. Yayi, ing mengko kaya wus tekan mangsane wewadi iku kawedhar, wruhanira, anane sira ing nguni kapisungsungake marang Resi Jaratkaru, iku iku pancen gagayutan lalakon kang nggigirisi iki. O, yayi, samengko nuli angayomana marang para kadang warganira. E, wanita utama kadange para naga, sumurupa, mung sutanira Astika kang bisa ngandhegake sasaji naga iku. Amarga ing nguni ingsun dhewe karungu pangandikane Hyang Brahma. Dhuh, yayi, mula sutanira kang banget disihi sarta dinama-dama dening para naga, lan kang lebda marang Weda iku tumuli dhawuhana amitulungi marang ingsun dalasan para kadang liya-liyane.”
Dumugi samanten wekasanipun bab kaping seket tiga saking cariyos Astikaparwa.


BAB LIV
SAMBETIPUN ASTIKAPARWA

Sang Soti nglajengaken cariyosipun: Dupi Dewi Jaratkaru tampi dhawuh timbalaning raka, enggal animbali putranipun ingkang paparab Resi Astika, sasampunipun umareg, Sang Dewi lajeng nyariyosaken pangandikanipun Sang Naga Basuki, makaten pangandikanipun, “Kulup, samengko wus tekan mangsane sira anggarap kawajibanira, karana prakara iki pancen gagayutan lalakon anggoningsun ing nguni kongsi disungsungake marang sudarmanira, mula enggal tindakna.”
Atur wangsulanipun Resi Astika, “Dhuh, ibu, tiyang asepuh kula, ing nguni wonten wigatos punapa, dene uwa Prabu Basuki ngantos misungsungaken panjenenganipun ibu dhateng rama resi, mugi ibu kapareng ngandikakaken, kados pundi mula bukanioun lalampahan wau, supados kula lajeng saged angleksanani kaliyan patitis malih.”
Sajatosipun babaya ageng ingkang dahat damel girisipun sakathahing sarpa punika, babarpisan boten andadosaken sumelanging panggalihipun Dewi Jaratkaru. Dene Sang Dewi anggenipun angestokaken dhawuhipun ingkang raka Sang Nagaraja Basuki wau, namung saking derenging karsa nedya damel kamulyanipun para kadang warganipun, mila Sang Dewi lajeng ngandika dhateng putranipun, “Dhuh, putraningsun, amarga ing nguni para naga iku padha nglenggana nindaki dhawuhe ibu Dewi Kadru, mula banjur diesotake, wedharing sot mangkene: manawa sira padha ora gelem anasabi buntute Utcesrawas, sira mesthi bakal padha anemahi pati, kabrastha ana ing sasajine Prabu Janamejaya, dening jawata kang kagungan kusir Bathara Bayu, buntute Utcesrawas mau ingsun anggo batangan kalawan yayi Dewi Winata, dene kang dadi etohe, sapa kang kleru pambatange, bakal ngelakoni dadi batur tukone kang menang. Sawise sira padha kabrastha dening geni sasaji, sira bakal padha kalebu ing kahyangane para suksma kang ora antuk pamudharan. O angger, nalika ibu Dewi Kadru angesotake para putrane mangkono mau, Sang Hyang Brahma nuli ngandika: Muga kalakona sotira iku. Dadi Hyang Brahma hiya wus ngideni marang sote ibu Dewi Kadru mau, ing mangko uwakira kakang Prabu Basuki uga mireng dhewe marang sote ibu lan pangandikane Hyang Brahma kang mangkono mau. Kulup nalika samana para dewa lan para asura lagi padha ngebur samodra, wigatine ngupaya amerta.Bareng wus padha kalakon oleh amreta, para dewa lan uwakira kakang Basuki padha marek ing ngayunaning Sang Hyang Brahma, malah ing nalika iku uwakira dipurih lumaku ana ing ngarep. Bareng wus tumeka ing ngayunan, para jawata, apadene uwakira, padha matur lan ngrerepa nyuwun sih pitulungane dewa kang miyos saka kembang tunjung mau (Brahma), supaya sote ibu Dewi Kadru bisaa ora tumus kaya samesthine.
Ature para dewa mangkene: Dhuh, Hyang Brahma, ing wekdal punika pun Basuki prihatos sanget, awit tansah kaengetaken dhateng soting ibunipun, mila mugi wontena lumunturing sih paduka, sotipun Dewi Kadru sageda dampun ngantos tetep samesthinipun.
Ing nalika Hyang Brahma midhanget ature para dewa mangkono mau, nuli mangsuli pangandika: Sutane Resi Jaratkaru patutan saka Dewi Jaratkaru, iku ing tembe kang bakal bisa ngruwat riribete para naga.
Dhuh, putraningsun, kang apindha jawata, nalika kakang prabu Naga Basuki mireng dhawuh timbalane Hyang Brahma mangkono mau, banjur amisungsungake ingsun marang sudarmanira Sang Maharsi Jaratkaru kang luhur ing budi, dadi dhaupingsun lawa sudarmanira iku sadurunge ana sasaji naga. Kulup, sarehning samengko sote eyangira wus tumeka mangsane, mula enggal tumandanga, angentas para naga saka samodrane kasangsaran, amarga mung sira kang bisa dadi sarana luware para naga saka babaya iki. Ingsun lan uwakira kakang nagaraja ayomana, aja kongsi kalebu ing geni sasaji. Manawa sira kalakon bisa aweh pangayoman marang para naga, tegese, sedya anggoningsun karaya-raya dadi pisungsungake marang sudarmanira iku kasembadan, sarta dhawuhe Hyang Brahma ora cidra. Ing samengko kulup kapriye mungguh kang dadi panemunira tumrap prakara iki.”
Sang Soti nglajengaken cariyosipun: Atur wangsulanipun Resi Astika dhateng ingkang ibu: “Dhuh ibu, dhawuh paduka punika saestu badhe kula estokaken.” Sasampunipun makaten Resi Astika lajeng sowan ing ngarsanipun ingkang uwa Sang Naga Basuki, Resi Astika manembah sarwi umatur manawi badhe angestokaken dhawuhipun, aturipun makaten: “Dhuh, uwa Prabu Basuki, pepethinganing para naga ingkang tinitah linangkung, sowan kula ing ngarsa paduka punika wigatos ngaturi wuninga, manawi kula badhe damel cabaring sotipun eyang Dewi Kadru, mugi sampun tansah nawung duhkita, tumunten birata birata sumelanging panggalih paduka, amargi babaya ageng ingkang dados witing prihatos sampun nedya kula tanggulangi kalayan genging pangatos-atos, murih prayogi kadadosanipun, saestu kula, dereng nate wonten titah mastani, manawi kula nate wicanten dora, sanadyan salebeting gugujengan, saya malih ing atasipun prakawis prelu, saestunipun pedah punapa kula matur kathah-kathah.”
“Dhuh, uwa prabu, ing dinten punika ugi kula badhe marek ing ngarsanipun Sang Prabu Janamejaya ingkang anjenengi sasaji, wigatos nedya damel renaning panggalihipun sang prabu, sarana pangalembana sinawung ing basa ingkang mamalat sih saha nawung raos mumuji kamulyanipun. Dhuh, Sang Nagaraja, sarana makaten bok manawi sasaji wau saged kandhel. Dhuh ratuning sarpa, mugi pitadosa dhateng atur kula, manawi paduka pitados, sedya kula punika saestu badhe kaleksanan.”
Pangandikanipun Sang Nagaraja Basuki, “O, Astika, samengko mustakaningsun karasa mumet, panggalihingsun kuwur, ora weruh lor kidul, hiya mangkene iki rasane wong kang nandhang soting ibu.”
Resi Astika matur malih, “Dhuh, musthikaning sarpa, kabirata uwasing panggalih paduka, kula ingkang badhe nyirep ubaling latu sasaji, saha babaya ingkang anggigirisi sanget punika, inggih punika latu sasaji ingkang murub mangalad-alad yayah sumundhul ing ngawiyat, tan prabeda kaliyan latu pangleburing jagad, ing nalika wekasaning yuga (jaman), punika kula ingkang badhe mejahi, pramila sampun sumelanging panggalih.
Sang Soti nglajengaken cariyosipun: Resi Astika, pepethinganing brahmana, sampun saged ambirat sasakit ingkang nangsaya panggalihipun Sang Nagaraja, nanging sasakit wau lajeng nanduki dhateng panggalihipun Sang Resi, awit Sang Astika ingkang lajeng nanggel karaharjanipun para naga. Sang Resi, satelasing aturipun, lajeng gagancangan dhateng ing Astinapura, anjujug papan ajenging sasajinipun Sang Prabu Janamejaya ingkang angsal nugrahaning dewa. Sadumuginipun ing sacelaking capuri sasaji, ing ngriku sang resi sampun saged priksa ening pangrakitipun papan sasaji, punapa dene ugi saged wuninga para sadhasya ingkang sampun sami andher lenggah wonten ing sacelaking sasaji, hujwalaning cahyanipun sumunar kados Bathara Surya utawi Bathara Agni, ananging nalika Sang Astika badhe lumebet, lajeng dipun wangsulaken dening para ingkang jagi gapura. Sang resi ingkang kinawasa wau sanget ing pangasih-asihipun, wasana lajeng dipun lilani lumebet. Dupi Sang Resi Astika sampun dumugi ing salebeting capuri, lajeng angandika sawatawis sora, ingkang suraos angalembana ing panjengan nata, dene anggenipun ngasta kaprabon, ing marcapada boten wonten ingkang nimbangi, makaten ugi angalembana dhateng para ritwija, sadhasya, tuwin latu sasaji ingkang sukci.
Dumugi samanten wekasanipun bab kaping seket sekawan saking cariyos Astika ing Adiparwa.


BAB LV
SAMBETIPUN ASTIKAPARWA

Pangalembananipun Sang Astika: “Duk ing kina Hyang Soma, Hyang Baruna, tuwin Hyang Prajapati sami damel sasaji wonten ing Preyaga, tutungguling tedhak Barata, putranipun Prabu Pariksit, ewadene sesajinipun para dewa wau, boten nimbangi sasaji paduka, mugi nugrahaning sasaji-sasaji wau, amimbuhana kamulyanipun para ingkang sami wonten ing ngriki. Dhuh, narendra tedhak Barata, Sang Hyang Sakra (Endra) ing nguni sampun nate damel sasaji warni satus, ananging sasaji paduka samangke punika ajinipun sami kaliyan sasajinipun Hyang Sakra saleksa, punika nugrahanipun sasaji sadaya wau mimbuhana kamulyanipun ingkang sami wonten ing ngriki. Dhuh, narendraning bawana putranipun Sri Pariksit, sasaji paduka punika sami kaliyan sasajinipun Hyang Yama, Sang Harimeda, tuwin Sang Prabu Rantidewa, mugi sasaji sadaya wau mimbuhana kamulyanipun para ingkang sami wonten ing ngriki. Dhuh, babanthenging darah Barata putranipun Sri Paiksit, sasaji paduka punika satimbang kaliyan sasajinipun Sang Maya, Sang Prabu Kasawindu, tuwin Sang Prabu Wisrawana, mugi nugrahanipun sasaji sadaya wau, amimbuhana kamulyanipun para ingkang sami wonten ing ngriki. Dhuh, musthikaning para tedhak Barata, putranipun Sri Pariksit, sasaji paduka punika tan prabeda kaliyan sasajinipun Sang Nriga, sasajinipun Sang Jamidha, tuwin sasajinipun Sang Dhasarataputra, mugi nugrahanipun sasaji wau, amimbuhana kamulyanipun para ingkang sami wonten ing ngriki. Dhuh, pangrurahing satru, putranipun Sri Pariksit, sasaji paduka punika sami kaliyan sasajinipun Prabu Yudhisthira putraning jawata, utawi darah Ajamidha, sasaji wau ngantos misuwur wonten ing kaswargan, mugi nugrahanipun sasaji sadaya wau, amimbuhana kamulyanipun para ingkang sami wonten ing ngriki. Dhuh, Sang Janamejaya, putranipun Sri Pariksit, sasaji paduka punika sami kaliyan sasajinipun Sang Krenadwipayana, putranipun Dewi Satyawati, mangka sasaji wau dipun jenengi piyambak dening Sang Maharsi, sarta panjenenganipun dados pangagenging brahmana sasaji, mugi nugrahanipun sasaji wau, amimbuhana kamulyanipun ingkang sami wonten ing ngriki. Sagunging para dwija tuwin sadhasya ingkang wekdal samangke sami wonten ing ngriki punika, prabanipun sumunar kadi srengenge, mila saged damel sasaji paduka ngantos satimbang kaliyan sasajinipun dewa pangrurahing Asuracitra (Endra), punapa dene para dwija tuwin sadhasya wau sampun boten kewran dhateng samubarang, mila sintena ingkang atur pisungsung ing panjenenganipun, antuk nugraha tanpa wekasan. Ing tri bawana ingkang kula sumerepi, boten wonten dwija ingkang satimbang kaliyan Resi Dwija Dwipayana. Para siswanipun Sang Dwipayana ingkang tansah sami lalana ngideri bawana, samangke sami dados ridwijanipun sasaji paduka ing ngriki, mila lampahing sasaji naga saged tetep samesthinipun. Bathara Agni, inggih ingkang sinebut Sang Wibawasu, utawi Sang Citrabanu, saha ingkang witing gesangipun sumorot kadi kancana sinangling, punika dados panglanturing sasaji ingkang luhur, sarta kukusipun ingkang minangka marginipun. Hyang Agni punika samangke sampun murub mangalad-alad, sangking anggenipun nedya netepaken adil, tuwin nedya nglanturaken sasaji paduka ingkang awarni martega sukci, katur dhateng para dewa. Ing marcapada boten wonten narendra saged ngayomi para kawulanipun kados paduka, kula mangayubagya sanget, dene paduka tansah cacegah. Saking pandugi kula paduka punika bok manawi mangejawantahipun Bathara Baruna, utawi Bathara Yama, dewaning adil. Tetela paduka punika pangayomanipun sagung tumitah, paduka prasasat mangejawantahipun Bathara Sakra, dewa ingkang adadamel baledheg (Endra). Sajatosipun ing salumahing bantala, sakurebing angkasa, boten wonten dumados ingkang kaluhuranipun mapaki paduka, sarta boten wonten narendra ingkang saged damel sasaji kados paduka. Paduka punika sampun timbang kaliyan Sang Katangga, Sang Nabaga, tuwin Sang Dilipa. Kasudiran paduka datan pae kaliyan Prabu Yayati, tuwin Prabu Mandatri. Dhuh, susuhunaning bawana, praba paduka sumunar kadya surya, paduka punika tetep dhateng prasetya prasasat Sang Bisma, paduka boten nate ngatingalaken kasekten, kadi Sang Walmiki. Kaluhuran paduka kadi Hyang Narayana, paduka tetep dhateng adil, kados Bathara Yama, paduka rinengga saliring kautaman, kadi Sri Kresna. Paduka punika apindha gedhong parimatan kamulyan ingkang kadarbe para Wasu. Paduka ugi pangayomanipun sagung sasaji. Karosan paduka datan siwah kaliyan karosanipun Sang Dhamwadwawa. Paduka punika datan pae kaliyan Resi Rama ingkang sarwa putus dhateng saliring serat sukci, saha lebda sikep dadamel warni-warni, putranipun Sang Resi Jamadagni. Kasekten paduka satimbang kaliyan Sang Horta. Sunaring netra paduka adamel miris dhateng ingkang sami tumingal, kadi Sang Bhirawa.”
Sang Soti nglajengaken cariyosipun: Resi Astika sasampunipun manglingga murda makaten, sigra marepeki sasaji, pramila adamel renaning panggalihipun sang prabu, tuwin para sadhasya, para ridwija, sarta latu sasaji. Sang Prabu Janamejaya boten kasamaran dhateng wontenipun cipta sasmita punika, wasana lajeng ngandika dhateng para ridwija saha sadhasya.
Dumugi samanten wekasanipun perangan kaping seket gangsal saking cariyos Astika ing Adiparwa.


BAB LVI
SAMBETIPUN ASTIKAPARWA

Sang Soti nglajengaken cariyosipun: Pangandikanipun Sang Prabu Janamejaya makaten, “Dhuh, para wicaksana, sanadyan brahmana punika taksih nedheng taruna, ewadene wicantenipun kados pandhita wredha. Saking pandugi kula punika sanes sok tiyanga, nanging satunggaling sujana ingkang wicaksana, samangke kula nedya misungsung dhateng ingkang nembe prapta punika. Dhuh, brahmana ingkangsami wonten ing ngriki, mugi kaparenga paring dhawuh dhateng kula, kados pundi prayoginipun.”
Atur wangsulanipun para sadhasya, “Kawuningana sinuhun, brahmana punika sanadyan taksih mudha, pantes ingaji-aji dening para narendra, langkung malih brahmana ingkang nembe dhateng punika tetela linangkung, mila prayogi linuhuraken langkung saking samesthinipun. Prayoginipun paduka kedah aminangkani sapanedhanipun brahmana nem-neman punika, ananging sinuhun, anggen paduka andhawuhaken, mugi dipun serantosna manawi Naga Taksaka sampun dhateng, awit boten watawis dangu malih tamtu dhateng.”
Sang Soti nglajengaken cariyosipun: Ing wekdal samanten Sang Prabu boten kawawa nahen derenging karsa anggenipun badhe misungsung ingkang nembe prapta, mila lajeng andangu, “Dhuh, sang brahmana, mugi sajarwaa, paduka ingkang dados kaparenging karsa ijengandika, supados kula lajeng sageda angleksanani.” Lekasipun sang prabu ingkang makaten wau boten dados panujunipun Hotrining sasaji, mila lajeng umatur, “Kawuningana sinuhun, Naga Taksaka dereng dhateng.”
Dhawuhipun Sang Prabu, “Mugi sami dipun ketoga kalangkungan jengandika, murih sasaji punika sage kaleksanan samesthinipun, sarta Naga Taksaka sagedipun tumunten dhateng, amargi punika satru kula bubuyutan.”
Aturipun para ridwija, “Dhuh, sinuhun, miturut wedharing serat-serat sukci, sarta ujaripun latu sasaji punika, ing wekdal samangke Naga Taksaka sisingidan wonten ing Kaendran, amargi sakalangkung maras manahipun.”
Sang Soti nglajengaken cariyosipun: Dhuh, Sang Sonaka, sayektosipun saderengipun sasaji naga dipun wiwiti, sampun wonten tiyang ingkang mratelakaken prakawis punika, tiyang wau tedhaking Suta naminipun Lohitaksa, saha putus dhateng Purana. Rikala samanten Lohitaksa, ugi ingandikan ing ngarsa nata sarta dipun dangu, aturipun makaten, “Dhuh, susuhunaning bawana, sajatosipun aturipun para brahmana wau boten kalentu. Kabekta saking kula punika putus dhateng Purana, mila kula saged matur manawi Bathara Endra kapareng paring pangayoman dhateng Naga Taksaka, pangandikanipun Sang Hyang Endra makaten: Yen murih bisane rahayu, sira aja kongsi pisah lan panjenenganingsun, yen mangkono, Bathara Agni ora bisa ambrastha marang sira.”
Sang Soti nglajengaken cariyosipun: Rikala Sang Prabu Janamejaya midhanget aturipun Lohitaksa wau, andadosaken prihatosipun, wasana lajeng ngandika, ing raos ameksa dhateng Hotri ingkang mangajengi sasaji, supados tumunten anetepi dhateng kawajibanipun. Hotrining sasaji wau ugi lajeng amatek mantra sarwi angesok martega sukci ing latu sasaji. Sami sanalika Sang Hyang Endra katingal rawuh, anitih rata kaswargan, ingurung-urung para jawata, sinongsongan ing mendhung, kadherekaken para hapsara tuwin para gandarwa. Naga Taksaka, saking girisipun, asisingidan wonten ing salebeting singebipun kaprabon Sang Hyang Endra, mila boten saged katingal. Ing sarehning wekdal wau Sang Prabu kagungan panggalih daya-daya, murih tumuntenipun Naga Taksaka saged sirna wonten ing latu sasaji, Sang Prabu enggal dhawuh dhateng para brahmana, makaten pangandikanipun, “Mugi Naga Taksaka enggal dipun dhatengna, sarta lajeng tumunten dipun lebetna ing latu sasaji dalah Bathara Endra pisan.”
Sang Soti nglajengaken cariyosipun: Sang Prabu ngantos rambah-rambah pangatagipun ingkang makaten punika dhateng Hotri sasaji, supados Naga Taksaka tumunten dipun dhatengaken, mila Hotri lajeng boten kendhat anggenipun ngesokaken martega sukci wonten ing latu, sarwi anguwuh namanipun Naga Taksaka ingkang ing wekdal punika sampun saya celak kaliyan latu sasaji. Dupi Bathara Endra kaliyan Naga Taksaka kataman pangwasaning mantra, sami kuwur manahipun, ing ngriku lajeng katingal ngalela wonten ing awang-awang, isthanipun kadi ginendeng mangandhap dening dayaning mantra. Ananging sareng Sang Hyang Endra priksa dhateng ubaling latu sasaji ingkang mangalad-alad, panggalihipun sakalangkung geter, mila Naga Taksaka sigra dipun kipataken, sasampunipun uwal, Sang Hyang Endra tumunten wangsul dhateng kahyanganipun, sapengkeripun Bathara Purandara (Endra), Naga Taksaka peteng panonipun kataman dayaning mantra, saha lajeng saya celak kaliyan latu sasaji ingkang murub mangalad-alad.
Ing nalika wau para Ridwija matur dhateng Sang Prabu, “Dhuh, ratuning para narendra ing marcapada, sasaji paduka sampun tumindak miturut saujaring sastra, pramila manawi paduka kapareng badhe misungsung dhateng brahmana ingkang nembe prapta punika, samangke sampun dumugi mangsanipun.” Pangandikanipun Sang Prabu Janamejaya dhateng brahmana Astika makaten, “Dhuh, brahmana ingkang kasinungan kalangkungan ngantos boten kenging winiraos, kula kepengin sanget misungsung jengandika, mila mugi keparenga ngandikakaken, punapa ingkang dados kaparenging panggalih, sanadyan ingkang boten gampil dipun upaya pisan, kula kadugi badhe ngleksanani.”
Para Ridwija matur malih, “Dhuh, sinuhun, Naga Taksaka boten watawis dangu malih, tamtu kenging wasesa paduka, suwantenipun ingkang sakalangkung sora saha anggigirisi punika, samangke sampun kapireng cetha, tetela manawi Naga Taksaka sampun uwal saking jawata ingkang sikep dadamel baledheg (Hyang Endra), saestu badhe tumunten dhawah saking ngawang-awang. Sumongga mugi dipun tingalana, Naga Taksaka samangke sampun anglayang tanpa sedya wonten ing sanginggiling latu sasaji leres, malah sampun angempos-empos, amargi saya celak kaliyan latu.”
Sang Soti nglajengaken cariyosipun: Sadangunipun Naga Taksaka anglayang ing awang-awang kaliyan tanpa karekat, saha meh dhumawah ing latu sasaji, Resi Astika umatur dhateng Sang Prabu Janamejaya makaten, “Dhuh, musthikaning bawana, awit saking dhawuh pangandika paduka, kula kawenangaken darbe panyuwun, pramila mugi Sang Prabu sampun ngantos angingketi pangandika ingkang sampun kawiyos, panyuwun kula sasaji punika mugi dipun kendelna samanten kemawon, dados sampun ngantos wonten sawer ingkang kabrastha ing latu sasaji malih.”
Dhuh, Sang Sonaka, dupi Sang Pariksitputra midhanget atruipun Resi Astika makaten wau, andadosaken ing sungkawanipun, wasana lajeng ngandika semu pangarih-arih, “Dhuh, brahmana ingkang wicaksana, mugi kaparenga nampeni pisungsung awarni mas picis raja brana kemawon, lembu saha sanes-sanesipun, punapa ingkang jengandika karsakaken, kula sagah mituruti, ananging sampun mundhut kendeling sasaji punika.”
Atur wangsulanipun Resi Astika, “O, Sinuhun, kula boten nyuwun mas picis rajabrana,lembu, tuwin sanes-sanesipun, pangajeng-ajeng kula, wontena sih kamirahaning panggalih paduka, supados kadang warga kula saking ibu, sampun ngantos telas kabrastha ing latu.”
Sang Soti nglajengaken cariyosipun: Sanadyan Sang Resi Astika sampun matur makaten, ewadene Sang Prabu lestantun pangangkahipun, supados sang resi sageda santun panyuwunipun. Pangandikanipun Sang Prabu makaten, “Dhuh, musthikaning brahmana, mugi kaparenga mundhut sanesipun kemawon, saha mugi jengandika antuka nugrahaning dewa.”
Dhuh Sang Maharsi Sonaka, nanging Sang Astika puguh, boten santun panyuwunipun, mila para sadhasya ingkang lebda dhateng weda lajeng matur sasarengan, “mugi sang brahmana lajeng dipun parengna nampeni panyuwunipun.”
Dumugi samanten wekasanipun bab kaping seket nem, saking cariyos Astika ing Adiparwa.


BAB LVII
SAMBETIPUN ASTIKAPARWA

Sang Sonaka angandika: Sutatanaya, ingsun kapengin krungu jenenge sakehing sarpa kang wus padha kacemplung ing geni sasaji.
Aturipun Sang Soti: Kawuningana, kawontenanipun sarpa ingkang sampun kabrastha ing latu sasaji kathahipun sampun mayuta-yuta. Dhuh sang maharsi, saking kathahipun, kula ngantos boten saged ngaturaken sadaya, ewadene ugi wonten ingkang kula taksih kengetan, sumangga mugi dipun piyarsakna, anggen kula ngaturaken namanipun para tutungguling naga ingkang sami kobar dening latu sasaji. Ingkang badhe kula aturaken rumiyin, tutungguling sarpa tedhakipun Naga Basuki, warni pun para naga wau wonten ingkang biru, abrit, tuwin pethak, wujudipun sakalangkung ageng saha nggigirisi, sarta wisanipun mandi. Kawontenanipun sakathahing sarpa wau sakalangkung memelas, dene sami tanpa karekat, awit saking kenging sotipun Dewi Kadru. Dhumawahipun para sarpa wonten ing latu boten beda kaliyan gumrujuging martega sukci ing latu sasaji.
Namanipun naga tedhak Basuki, ingkang sami kalebet ing latu sasaji, inggih punika: Naga Kutis, Manasa, Purna, Sala, Pala, Halimaka, Pincala, Konapa, Sakra, Kalawega, Prakalana, Hiranyabahu, Sarana, Taksaka, Kaladhantaka. Dhuh sang brahmana, pinten-pinten darahing Nagaraja ingkang wujudipun angajrih-ajrihi, saha sakalangkung santosa, sami sirna dening latu sasaji. Ing mangke kula badhe ngaturaken tutungguling naga tedhakipun Naga Taksaka ingkang sami kabesmi, kadosta: Naga Putcandhaka, Mandhalaka, Pindhasektri, Rawenaka, Hotcika, Sarawa, Banggas, Wilwateja, Piruhana, Sili, Salakara, Muka, Sukumura, Prawepana, Muggara, Sisuruman, Suroman, tuwin Mahahanu.
Naga tedhakipun Nagaraja Herawata ingkang sami sirna dening latu sasaji, Naga Parawata, Parijatha, Pandhara, Harina, Krisa,Wihangga, Saraba, Menda, Pramoda, Sanhatapana. Dhuh, pepethinganing tedhak Brigu, samangke kula badhe mratelakaken naga tedhakipun Naga Korawiya ingkang sami kalebet ing latu, inggih punika: Naga Heraka, Kundhlaweni, Weniskanda, Kumaraka, Bahuka, Srenggawera, Durtaka, Praktar, tuwin Naga Hatattaka.
Samangke ingkang minangka pungkasanipun, kula badhe ngaturaken tedhakipun Naga Dretarastra, ingkang sami kalebet ing latu sasaji, para naga ingkang badhe kula pratelakaken namanipun punika, rikating lampahipun kados angin, wisanipun sakalangkung mandi, dene naminipun: Naga Sangkukarna, Pitaraka, Kuthara, Sukan, Sewaka, Purnaanggada, Purnamuka, Prahasa, Sakuni, Dhari, Hamahatha, Kamathaka, Susena, Manasa, Wyaya, Berawa, Mundhawedhangga, Pisangga, Hudraparaka, Risaba, Wegawat, Pindharaka, Mahahanu, Raktangga, Sarwasarengga, Samrida, Patha, Wasaka, Warahaka, Wiranaka, Sucitra, Citrawegika, Parasara, Tarunaka, Maniskanda, sarta Haruni.
Dhuh sang brahmana, ingkang kula aturaken wau namanipun para tutungguling naga ingkang kasudiranipun sampun misuwur ing jagad, kula boten saged angaturaken namanipun sadaya, amargi saking kathahipun. Tedhak turuning para naga ingkang sami kalebet ing latu sasaji wau, kula ugi boten priksa naminipun, awit cacahipun tanpa petangan, sarpa-sarpa wau saweneh wonten ingkang wisanipun saged murub kadi latu pangleburing jagad ing wasananing jaman (yuga), saha wonten ingkang wujudipun anggigilani, sadaya sami lebur dados awu wonten ing latu sasaji.
Kathah sarpa sanesipun malih ingkang agengipun sahardi anakan, panjangipun yama, sayojana, kalih yojana, saha saged mancala warna miturut sasedyanipun, wontenipun sami pejah kabesmi ing latu, awit kenging sotipun Dewi Kadru.
Dumugi samanten wekasanipun perangan ingkang kaping seket pitu, saking cariyos Astika ing Adiparwa.





BAB LVIII
SAMBETIPUN ASTIKAPARWA

Sang Soti nglajengaken cariyosipun: Sumongga, mugi sami dipun gatosna cariyos kula bab kaelokanipun Resi Astika. Rikala Sang Prabu Janamejaya badhe misungsung dhateng Resi Astika, Naga Taksaka sampun pisah kaliyan Sang Hyang Endra, ewadene boten lajeng dhumawah ing latu, taksih kandheg wonten ing ngawang-awang kemawon. Sang Prabu sakalangkung ngungun, dene Naga Taksaka ingkang sampun kenging dayaning mantra ngantos tanpa karekat, boten saged lumebet ing latu sasaji, ing mongka pangesoking martega sukci dhateng latu sasaji sampun netepi wawaton.
Sang Maharsi Sonaka ngandika: Dhuh, tedhak Suta, apa mulane teka Naga Taksaka ora banjur kacemplung ing geni, apa mantrane para wicaksana ora bisa tumama.
Aturipun wangsulanipun Sang Soti: Kawuningana, nalika Naga Taksaka sampun katilar Sang Hyang Endra, sarta sampun sirna pangraosipun, Resi Astika ngandika’ “Mandheg, mandheg, mandheg.” Kalampahan Sang Taksaka kendel wonten ing awang-awang, manahipun maras sanget.
Sareng para sadhasya sampun rambah-rambah anggenipun matur dhateng sang prabu supados lajeng mituruti panyuwunipun Resi Astika, Sang Prabu ngandika: Mugi dipun piturutana panedhanipun Resi Astika, inggih punika sasaji naga sampun kalajengaken, dipun kendelna samanten kemawon, supados sakathahing sarpa ingkang dereng kalajeng kacemplung ing latu, saged lestantun manggih raharja, dados sang Resi Astika dhangan panggalihipun, jalaran panyuwunipun sampun kaleksanan. Anjawi punika wecanipun tedhaking Suta, pun Lohitaksa ugi saged tetep, sareng panyuwunipun Resi Astika sampun dipun parengaken, sanalika wau ing awang-awang kapiyarsa swaraning surak mawurahan, manglingga murda kautamaning panggalihipun sang prabu. Rikala sasajinipun narendra tedhak Pandhawa, putranipun Prabu Pariksit sampun kendel, Mahaprabu Janamejaya narendra tedhak Bharata, sakalangkung kacaryan ing panggalih, dene karsanipun sampun kasembadan, pramila lajeng adadana harta maewu-ewu dhateng para ridwija, tuwin para sadhasya, punapa dene dhateng sakathahing titiyang ingkang sami wonten ing ngriku. Lohitaksa, ingkang putus dhateng wewaton pandameling tatalesipun papan sasaji, saha ingkang ingajeng sampun meca bilih badhe wonten brahmana ingkang ngendelaken sasajinipun sang prabu, ugi dipun ganjar rajabrana sakalangkung kathah, tuwin sandhang tedha sapantesipun. Ingkang makaten wau dahat adamel bingahipun tiyang pinten-pinten, dene anggenipun ngendelaken sasaji wau ugi miturut wawaton. Ing nalika wau sang prabu lajeng manggihi sang Resi Astika, sasampunipun binujakrama saprayoginipun, “dhuh Resi Astika, sarehning samangke sampun rampung prelunipun, jengandika kula lilani mundur, ananging jengandika kula ajeng-ajeng kaparenga tumuntena rawuh malih, amargi kula darbe sedya badhe damel sasaji kapal, jengandika kula aturi dados sadhasyaning sasaji kula wau.” Atur wangsulanipun Resi Astika, “Nuwun sandika sinuhun, kula badhe ngestokaken.” Resi Astika punika sampun kalampahan sageda damel renaning panggalihipun sang prabu, saha sampun saged ngrampungaken pakaryan aegng, mila konduripun sang resi kalayan renaning panggalih. Sadumugining kadhatonipun para naga, sang resi lajeng marek ing ngarsanipun ingkang ibu tuwin ingkang uwa Nagaraja Basuki, sasampunipun ngabekti, ngaturaken sadaya lalampahanipun, wiwitan ngantos dumugi wekasan.
Sang Soti nglajengaken cariyosipun: Para naga ingkang wekdal punika sami wonten ing ngriku, ugi sami amirengaken cariyosipun sang resi wau, sadaya sami suka-suka amargi sampun sirna sumelanging manahipun. Saking bingahipun, para naga ngantos rambah-rambah anggenipun sami naros dhateng sang resi, punapa ingkang dipun kajengaken, ucapipun makaten, “Dhuh, resi linuwih, apa kang ingsun anggo ambalekake kabecikanira, awit ingsun wus padha rumangsa luwar saka babaya, jalaran saka pitulunganira, para naga padha kapengin arep misungsung marang sira, mula nuli tutura, apa kang sira jaluk.”
Wangsulanipun Resi Astika, “Panyuwun kula, para brahmana tuwin sanes-sanesipun ingkang sami maos cariyos lalampahan kula punika, ing mangka anggenipun maos wau kalayan golong, kanthi jenjeming manah, mugi sami kinalisna saking babaya panangsayaning sarpa.” Para naga mangsuli kalayan suka pirenaning manah. Wicantenipun makaten, “Dhuh Resi pinilih, sarehning kang mangkono iku wus dadi sesanggemaningsun marang sira, mula bakal padha diestokake dening para sarpa, sarta sapa kang ngucapake Asita, Artiman, Sunita, ing sajroning batine, ing wanci rina lan wengi, sarpa padha wedi, ora wani cedhak. Anjaba saka iku, ula hiya padha wedi marang wong kang batine ngucap mangkene: ingsun angesthi marang Resi Astika kang misuwur ing jagad, putrane Maharsi Jaratkaru, kang mijil saka Dewi Jaratkaru, hiya Resi Astika kang wus ngentas para sarpa saka babaya geni sasaji naga, mula sira sarpa kang wus antuk kabegjan gedhe, aja nangsaya marang ingsun, padha sumingkira sarta nemua basuki. Sarpa kang mandi aja padha nyedhaki marang ingsun, ngelingana marang pangandikane Resi Astika, kang ndhawuhake nalika sabubaring sasajine naga Prabu Janamejaya. Manawa isih ana sarpakang wani anyedhaki marang janma kang nyebut jenengira, sarta dereng niyat anyakot, sirahe bakal pecah dadi satus kaya woh singsa.”
Sang Soti nglajengaken cariyosipun: Dupi Resi Astika mireng ucapipun para naga makaten wau, panggalihipun sakalangkung rena, saparipurnaning karya, Resi Astika lajeng lalana anuruti krejeting panggalih.
Papethinganing brahmana wau sasampunipun angrampungaken pakaryanipun inggih punika angentas para naga saking babaya latu sasaji, saha sasampunipun nurunaken putra wayah kathah, lajeng murut dhateng kasidan jati.
Dhuh Sang Sonaka, kula sampun nyariyosaken sadaya lalampahanipun Resi astika ngantos salesih, boten siwah kaliyan sanyataning kawontenanipun, sajatosipun manawi cacriyosan wau dipun cariyosaken saged damel sirnaning ajrihipun tiyang dhateng sawer.
Sang Soti nglajengaken cariyosipun: Dhuh sang brahmana, pepethinganing tedhak Brigu. Kula sampun nyariyosaken lalampahan ingkang saged angwontenaken nugraha, inggih punika cariyos lalampahanipun Resi Astika ingkang pininjul sasamining resi, ngantos satamatipun kados sawetahing pamireng kula, sarta kados ingkang dipun cariyosaken dening luluhur paduka Sang Pramati, dhateng putranipun ingkang paparab Sang Ruru. Sang Pramati anggenipun nyariyosaken lalampahan wau, kalayan suka pirenaning galih, awit kalampahanipun cariyos wau kawedhar, saking panyuwunipun ingkang putra. Dhuh sang brahmana pangendhaking satru, sarehning paduka sampun midhanget cariyos sukci lalampahanipun Sang Astika, ingkang saged damel indhaking kautaman, sarta saking pamundhut paduka piyambak, mila sasampunipun tamat anggen kula nyariyosaken lalampahanipun sarpa Gundhuba, pamuji kula mugi cariyos kula sadaya wau, andadosaken mareming panggalih.
Dumugi samanten telasipun bab kaping seket wolu saking cariyos Astika ing Adiparwa.


BAB LIX
ADIWANGSAWATARANAPARWA
(SAMBETIPUN ASTIKAPARWA)

Resi Sonaka ngandika: Engger, sira wus nyaritakake babad gedhe kang angandhar-andhar lalakone, wiwit saka carita lalakone Maharsi Brighuputra. Dhuh tedhaking Suta, kabeh mau dahat agawe suka pirenaning panggalih ingsun, ewadene engger, ingsun isih duwe panjaluk marang sira maneh, muga sira nyaritakna babad anggitane Maharsi Wiyasa. Engger, ingsun kapengin krungu carita warna-warna kang elok-elok, lan kang wus kawedharake ana ing pasamuwaning para sadhasya, saselane anggone padha nindakake pakaryan wiwahaning sasaji naga. Apa dene ingsun uga kapengin sumurup wosing lalakon dicaritakake mau, mula engger, muga sira dhangana nyaritakake kabeh mau kang salesih.
Aturipun Sang Soti: Para brahmana, saselaning anggenipun anglampahi kuwajiban, lajeng sami wiraosan warni-warni awewaton Wedha, amung kemawon Sang Maharsi Wiyasa, nyariyosaken babad ageng sakalangkung adi ingkang winastan MAHABHARATA.
Pangandikanipun Sang Sonaka: Carita sukci kang diarani Mahabharata, iku nyaritakake kaluwihane para Pandhawa, mulane Sang Maharsi Kresna Dwipayana banjur kapareng nyaritakake kabeh mau, awit ana panyuwune Prabu Janamejaya nalika sabubare sasaji naga. Engger, ingsun kapengin krungu carita mau. Sakawit carita mau wus kacetha ana ing panggalihe Sang Maharsi kang jembare pindha samodra, sarta budine wus sinucenan dening YOGA (panunggal). Dhuh, tedhaking Suta, sarta tutunggule para ambeg utama, muga ingsun sira caritakake prakara iku mau, amraga caritanira kang uwis-uwis durung bisa gawe pamarem, malah kaya dene nyacongah atiningsun.
Aturipun Sang Soti: Kulanuwun, kula badhe nyariyosaken babad ageng ingkang kathah pigunanipun punika, anggitanipun Sang Maharsi Wiyasa, nama MAHABHARATA, saking wiwitan ngantos dumugi wekasan. Dhuh Sang Brahmana, sumangga mugi dipun piyarsakna, sayektossipun kula ugi remen sanget nyariyosaken lalampahan wau.
Dumugi samanten telasipun bab kaping seket sanga saking perangan Adiwangsawataranaparwa ing Adiparwa.
BAB LX
SAMBETIPUN ADIWANGSAWATARANAPARWA

Cariyosipun Sang Soti: Rikala Sang Maharsi Kresna Dwipayana Wiyasa midhanget pawartos manawi Prabu Janamejaya karsa anjenengi sasaji naga, Sang Maharsi lajeng rawuh wonten wiwahaning sasaji wau. Sang Maharsi punika eyangipun para Pandhwa, putranipun satunggiling kenya ingkang sesilih Dewi Kali, patutan kaliyan putranipun Resi Sakri ingkang paparab Resi Parasara, miyosipun Sang Maharsi Kresna Dwipayana saking garbaning ibu, wonten ing pulo satengah-tengahing lepen Jamuna. Samiyosipun Sang Maharsi sami sanalika lajeng diwasa kemawon saking pangwasanipun piyambak. Panjenenganipun punika putus dhateng saliring Wedha tuwin Wedhangga, punapa dene ugi putus dhateng sakathaing babad. Kalangkunganipin Sang Maharsi wau satribawana boten wonten ingkang nimbangi. Para ingkang sami marsudi dhateng kalangkungan ingkang makaten wau, sanadyan dipun saranani sinau Wedha, netepi sasanggeman, tapa, matiraga, tuwin sasaji, malah sanadyan wiwit lahir pisan sampun gadhah dhasar kalangkungan, ewadene boten wonten ingkang saged mirib kaliyan panjenenganipun. Sang Wiyasa sampun amerang Serat Wedha dados sekawan, panjenenganipun punika sampun mengku kawicaksananing Brahma ingkang langgeng. Wuninga dhateng sagunging lalampahan ingkang sampun kapengker dangu, saha wuninga ingakng dereng kawedhar. Sang Maharsi punika panggalih saha sariranipun sukci, tuwin budinipun luhur saha linangkung, mila kawasa saha puputra Prabu Pandhu, Prabu Dretharastra, tuwin Sang Widura, wigatos kangge anyambet darahipun Prabu Santanu.
Kacariyos Sang Maharsi Kresna Dwipayana wau tedhak dhateng pasamuwaning sasajinipun Prabu Janamejaya, kadherekaken para siswa ingkang sami lebda dhateng Wedha dalah saperang-peranganipun, dumuginipun ing ngriku lajeng anjujug ing tarub wawangunan ingkang sakalangkung adi. Ing nalika Sang Maharsi wuninga Sang Prabu lenggah wonten ing dhampar anjenengi sasaji, tiningalan saking katebihan kados Bathara Endra ngejawantah. Rikala samanten Sang prabu ingadhep para sadhasya cacahipun tanpa wicalan, tuwin para narendra manca praja ingkang remanipun sampun sami siniram ing tirta nugraha, punapa dene pra dwija ingkang sami linangkung saha sukci, manawi tiningalan sang prabu kados Sang Hyang Brahma ingadhep para jawata. Nalika Prabu Janamejaya priksa rawuhipun Sang Maharsi, enggal jumeneng saking palenggahan, mapagaken Sang Maharsi kahayap para putra santana. Para sadhasya enggal munjuk ing sang prabu supados lajeng nyawisna dhampar kancana, kados Sang Hyang Endra nalika ngacarani palenggahan dhateng Bathara Wrihaspati. Dupi Sang Maharsi ingkang kawasa paring nugraha, saha linuhuraken dening para resi ing kaswargan sampun satata lenggah, sang prabu sigra ngabekti, saha ngaturaken kasugengan tuwin angluhuraken, kados ingkang kapacak ing serat sukci, punapa dene lajeng ngaturaken toya kagem kembeng, saha mijiki sampeyanipun, wasana tumunten ngaturaken argya tuwin lembu. Sang Maharsi sakalangkung kacaryan ing panggalih nguningani bektinipun sang prabu, sarta lajeng kapareng nampeni pisungsungipun ingkang wayah, sarwi ngandika manawi lembu pisungsungipun Sang Prabu wau boten badhe kapragat. Sasampunipun sang prabu manembah, lajeng lenggah amarikelu, astanipun ngapurancang, ing panggalih sakalangkung bingah. Sareng sampun sawatawis, mangka ingkang eyang dereng ngandika punapa-punapa, sang prabu manembah sarwi matur nungsung pawartos karaharjanipun ingkang eyang. Sang Maharsi pamawasipun dhateng ingkang wayah kalayan pasemon ingkang mratandhani renaning panggalih, wasana ngandika, “Apa kaki prabu padha raharja?” Sasampunipun Sang Maharsi ngandika makaten, para sadhasya lajeng sami asasanti muji kaluhuranipun sang Maharsi, ingkang lajeng sami dipun nugrahani. Saparipurnanipun, sang prabu manembah sarwi matur, “Dhuh dhuh Sang Maharsi ingkang salingga Brahma, ing sarehning paduka inguni nguningani piyambak, kawontenanipun para wayah paduka Kurawa tuwin Pandhwa, ingkang lalampahanipun sampun misuwur ing jagad, kula kaparenga nyanyadhang sih mugi paduka kapareng nyariyosaken kados pundi mulabukanipun para satriya ageng-ageng pinten-pinten ingkang sami kasambut ing adilaga, punapa dene wadyabala ingkang sami pejah ngantos tanpa wicalan. Kalampahanipun ingkang makaten wau punapa amargi saking wasesaning papesthen. Dhuh tutungguling para brahmana, mugi paduka kaparenga nyarisoaken sadaya, kados pundi kawontenaning lalampahanipun para eyang wau.”
Dupi Sang Wiyasa midhanget aturipun Sang Prabu Janamejaya makaten wau, enggal noleh dhateng siswanipun nama Resi Wesampayana, ingkang lenggah wonten ing sacelakipun sarwi ngandika, “Sira nyaritakna lalakone para Kurawa lan Pandhawa inguni, sadurunge padha pasulayan nganti dadine paprangan kaya kang wus ingsun tuturake marang sira.”
Kacariyos, pepethinganipun para brahmana Sang Wesampayana, nalika tampi timbalaning gurunipun, sigra manembah sarta lajeng miwiti cariyos, wonten ing ngarsanipun Prabu Janamejaya tuwin para sadhasya, para nata para nayaka ingkang sami wonten ing ngriku, dene ingkang dipun cariyosaken wiwit saking cacongkrahanipun para Pandhwa kaliyan Kurawa, ngantos dumugi tutumpesanipun kalih golongan wau.
Dumugi samanten telasipun bab kaping suwidak saking cariyos Adiwangsawataranaparwa ing Adiparwa.


BAB LXI
SAMBETIPUN ADIWANGSAWATARANAPARWA

Resi Wesampayana cariyos: Ingkang rumiyin kula sumungkem ing padanipun guru kula, kalayan anggepokaken peranganing badan kula warni wolu dhateng ing siti, dadosa pratandhaning sungkem saha pangaji-aji kula ing panjenenganipun. Esthining manah, kula badhe nyariyosaken ngantos satamatipun, cariyos ingkang sampun kula mirengaken saking pangandikanipun guru kula ingkang luhur ing budi, Sang Maharesi Wiyasa, saha musthikaning para sarjana ing jagad tetiga. Dene cariyos kula punika minangka dados pangaji-aji kula dhateng para brahmana tuwin para luhur ingkang sami ngempal wonten ing ngriki. Dhuh sinuhun, sumangga mugi dipun midhangetaken awit sajatosipun amung paduka ingkang wajib nguningani dhateng aluraning cariyos Barata punika. Sarehning sampun dados kaparengipun guru kula, mila samangke kula purun nyariyosaken lalampahan wau wonten pasamuwaning para linangkung ing ngriki. Dhuh Narendraning bawana, mugi kaparenga anggatosaken cariyos lalampahanipun para Kurawa anggenipun lajeng pasulayan kaliyan para Pandhawa, saha kendhangipun para Pandhawa dhateng ing wana, awit kawon anggenipun kasukan dhadhu, dene kalampahanipun para Pandhwa ngantos karsa kasukan awit saking pambujukipun para Kurawa, ingkang pengin angrebat karatonipun Pandhawa. Dhuh musthikaning para nata, samangke kula badhe ngaturaken cariyos punika wau sadaya.
Kawuningana, samuksanipun ingkang rama, para Pandhawa lajeng sami kondur dhateng ing kadhaton Astinapura. Kacariyos pra satriya linangkung wau sami parigel sikep saliring dedamel, para Kurawa ewa Sanget nyumerepi dhateng karosanipun, kasektenipun, kalimpataning budinipun para Pandhawa, saha sihipun tiyang sanagari tuwin nugrahanipun para dewa dhateng para Pandhawa, punapa dene kabegjanipun, pramila Sang Duryudana ingkang ambeg angkara murka, kaliyan Sang Karna tuwin Sang Suwalaputra (Sangkuni) sami tansah angrenah, saha ambudidaya supados para Pandhawa saged sumingkir saking nagari. Sang Duryudana ingkang candhala ing budi, awit kelu dening pamilutanipun Sang Sangkuni (pamanipun Sang Duryudana saking ibu ingkang remen minihi piawon), mila lajeng nangsaya dhateng para Pandhawa sarana lampah warni-warni, wigatos sageda ngrebat pangwasanipun Pandhawa ingkang sakalangkung santosa wau, sarta manawi sampun kenging karebat, sampun ngantos kenging karubeda malih, liripun, saged jumeneng nata ingkang boten saged kalungsur saking kaprabon. Sang Dretarastraputra kalampahan lajeng angracun Bima, nanging Sang Bima boten saged sirna, amargi dayaning racun cabar dening dhedhaharan ingkang kadhahar Sang Bima. Ingkang asor ing budi Sang Suryudana lajeng anggodhi Sang Bima nalika pinuju sare kepati wonten ing pagisikaning lepen Gangga. Sasampunipun ginodhi, Sang Bima enggal kacemplungaken ing lepen, lajeng katilar kesah, ewadene Sang Bima sareng ngalilir saking anggenipun sare, saged angrantasaken tangsul ingkang kangge ambalebed sariranipun, dados Sang Bima saged oncat saking babaya saha gerahipun sampun waluya. Amung kemawon nalika Sang Bima wonten salebeting toya, dipun kroyok ing sarpa cemeng ingkang sakalangkung mandi wisanipun, sarwi sami namakaken siyungipun dhateng sariranipun sakojur, ananging ingkang makaten punika malah adamel sirnaning wisa ongkang sampun rumesep ing sariranipun. Sadangunipun para Pandhawa tansah kaangkah sirnanipun dening para Kurawa, Sang Widura boten kendhat anggenipun angayomi, saha tansah ambudidaya sagedipun damel cabaring piawonipun para Kurawa, sarta tansah amitulungi para Pandhawa ingkang anggung sinangsaya dening cidranipun Kurawa. Anggenipun Sang Widura ngayomi para Pandhawa wau, kados Sang Hyang Endra anggenipun ngayomi jagad saking kaswargan.
Sareng Sang Duryudana rumaos bilih sadaya pambudidayanipun ingkang murih kasangsaranipun para Pandhawa, sarana winados, punapa ingkang kasumerepan ing akathah, punika sampun boten wonten ingkang saged angleksanani kados ing pangajeng-ajengipun, Sang Duryudana saweg purun tatarosan kaliyan para mitra tuwin nayakanipun, kadosta: Sang Wrisa (Karna), Dusasana, tuwin sanes-sanesipun, kados pundi sakecaning lampah sagedipun damel risakipun Pandhawa. Golonging rembag angestokaken dhawuhipun Sang Prabu Dretarastra, inggih punika: hiyasa pakuwon inngkang kalepa ganda rukem. Ing sarehning Pandhawa punika kaayoman ing dewa, mila boten saged karisakan, amrgi pakaryanipun dereng rampung. Awit wontenipun para Pandhawa tumitah wonten ing marcapada punika kangge sarayaning para dewa anggenipun badhe numpes bangsa Kuru dalasan sanes-sanesipun, ingkang sampun dumugi kalamangsanipun risak. Prabu Dretarastra, putranipun Dewi Ambika, kabekta saking agenging sihipun dhateng para putra, sarta kapengin jumeneng nata binathara, lajeng nyingkiraken para Pandhwa dalah ibunipun. Kalampahan para Pandhawa kaliyan Dewi Kunthi pangkat sanking Astinapura dhateng Waranawata, makuwon ing Bale Sagala-gala, ingkang sampun kasedhiyakaken para Pandhawa. Sang Widura (putraning satriya ingkang mijil saking pawestri bangsa Wesya), saking sangeting sihipun dhateng para Pandhawa, tansah angsung pamrayogi, sarta mitulungi, mila para Pandhawa ngantos saged oncat saking babaya kabesminipun Bale Sagala-gala, dene oncatipun para Pandhawa wau ing wanci dalu, lajeng lumebet ing wana.
Para putranipun Dewi Kunthi, kalayan suka pirenaning panggalih anggenipun ngestokaken dhawuhipun Prabu Dretarastra. Sadumuginipun nagari Waranawata lajeng makuwon wonten ing Bale Sagala-gala, dangunipun wonten ing ngriku ngantos satahun, sarta tansah mrayitnani dhateng Purocana ingkang tansah pados kalimpenipun para Pandhawa. Inggih amargi saking makaten wau kawontenanipun, mila para Pandhawa lajeng damel margi salebeting siti, dene pandamelipun margi wau miturut pamrayoginipun Sang Widura. Sarampunging panggarap, para Pandhawa lajeng ambesmi Bale Sagala-gala. Srayanipun Sang Suryudana, pun Purocana katut kabesmi anemahi pejah. Para pangrurahing satru kalayan ingkang ibu Dewi Kunthi, kanthi getering panggalih lajeng sami lolos saking Waranawata. Sareng lampahipun dumugi sacelaking talaga ing satengah-tengahing wana, para Pandhawa kepapag raseksa nama Hidhimba, lajeng dipun sirnakaken, ananging pejahipun Hidhimba wau malah mimbuhi sumelanging panggalihipun para Pandhawa, awit lajeng rumaos temtu saya wewah mengsahipun, mila sanadyan wanci dalu peteng alimengan, para Pandhawa meksa kesah saking ing ngriku. Inggih wonten ing ngriku punika Sang Bima anggenipun angrama Dewi Hidhimbah (kadangipun raksasa Hidhimba) lajeng apuputra Sang Gathutkaca. Lampahipun para Pandhawa ingkang tetep dhateng sasanggeman, sarta putus dhateng Wedha punika, anjog ing praja Ekacakra, wonten ing Ekacakra para Pandhawa sami anamur cara brahmacarya, nanging dudunungipun wonten ing ngriku boten dangu, amung mondhok satunggaling brahmana sawatawis mangsa, kalayan tarak brata. Inggih wonten ing ngriku punika Sang Bima ingkang drembanipun kados sima, anggenipun bandayuda kaliyan raksasa ingkang remen mangsa janma nama Baka. Sang Bima putranipun Prabu Pandhu, saha babanthenging tedhak Barata, sampun saged mejahi raksasa wau namung sarana asta kemawon, wekasan adamel karaharjanipun titiyang ingkang sami gagriya wonten ing nagari Ekacakra. Ing nalika samanten para Pandhawa mireng pawartos bilih Dewi Kresna (putrinipun Prabu Drupada) kangge sayembara pinilih, sinten ingkang saged unggul badhe kadhaupaken kaliyan Sang Dewi. Kathah para narendra ingkang sami anglebeti sayembara, makaten ugi para Pandhawa inggih sami pangkat dhateng Pancala anglebeti sayembara, sarta kalampahan saged amboyong putri. Sasampunipun angsal boyongan, putri wau lajeng kagarwa para Pandhawa gansal pisan, salajengipun para Pandhawa sami dudunung wonten ing Pancala laminipun satahun, sarta sareng sampun kasumerepan ing akathah, para Pandhwa, putranipun Prabu Pandhu lajeng sami kondur dhateng ing Astinapura. Sadumuginipun ing kadhaton lajeng marek Sang Prabu Dretarastra tuwin Sang Bisma. Sang Prabu Dretarastra ngandika, “Kulup dununging katresnaningsun, murih aja nganti kabacut-bacut anggonira padha pasulayan lan kadang-kadangira, prayogane samengko sira padha misaha bae marang Kandhawaprastha, iku ingsun paringake marang sira. Kulup, aja padha anggedhekake kemeren, becik tumuli mangkata marang Kandhawaprastha bae. Wruhanira kulup, praja Kandhawaprastha iku akeh kuthane kang wus rinajang ing delanggung gedhe pira-pira, sira padha manggona ana ing kono.” Kacariyos para Pandhawa ugi lajeng sami ngestokaken timbalinipun Sang Prabu, tumunten sami bodhol dhateng ing Kandhawaprastha, kadherekaken para mitra saha para abdinipun, sarta ambekta rajabrana sakalangkung kathah. Dupi sampun sawatawis tahun anggenipun wonten ing Kandhawaprastha, para putranipun Dewi Kunthi sampun saged anelukaken narendra pinten-pinten sarana dedamelipun. Mila saya dangu para Pandhawa saya ageng pangwasanipun, amragi tansah sami lampah utami, tetep dhateng prasetya, sarta boten remen dhateng kamukten miwah kawibawan, sadu budi, saha sampun saged seleh saliring pandamel awon. Sang Bima ingkang kineringan ing akathah, anelukaken nagari iring wetan, Sang Arjuna ingkang sudira ing rananggana, anelukaken ing bang ler. Sang Nangkula ing bang kilen, dene Sang Sahadewa anelukaken ing bang kilen. Sakathahing nagari salumahing bantala prasasat sampun dados jajahanipun para Pandhawa. Kalangkunganipun Pandhawa gansal pisan wau sampun misuwur ing jagad, temah katingal ngalela, dados ing wekdal semanten ing jagad wonten srengengenipun nem, ingkang gangsal para Pandhawa, dene satunggalipun srengenge ingkang katingal ing awang-awang punika.
Awit wonten sabab ingkang wigatos, Sang Arjuna ingkang lebda jemparing kaliyan asta kiwa, dipun singkiraken ingkang raka Prabu Yudhistira ingkang ambeg adil dhateng wana, ing mangka sihipun Sang Yudhistihira dhateng Sang Arjuna punika ngungkuli sihipun dhateng sariranipun piyambak. Sardulaning tedhak Bharata Sang Arujuna, ingkang santosa, saha utami penggalihipun, anggenipun manggen wonten wana dumuginipun ngantos sawelas warsa, sadasa candra. Salebetipun wonten ing wana, ing satunggaling dinten, Sang Arjuna martuwi dhateng Dwarawati, sowan Sri Kresna. Wonten ing Dwarawati Sang Wibatsu krama angsal Dewi Subadra ingkang tingalipun kadi sekar tunjung, saha arum wicaranipun, arinipun Sri Kresna. Sang Arjuna anggenipun krama kaliyan Sang Dewi tansah sih-sinihan kados Dewi Kaci kaliyan Bathara Endra, utawi Dewi Srika kaliyan Sri Kresna. Dhuh, sinuhun, Sang Arjuna putranipun Dewi Kunthi, wonten ing wana Kandhwa kaliyan Risang Wasudewaputra, sampun saged damel renaning panggalihipun Bathara Agni, amargi saged ngusadani Bathara Agni anggenipun gerah padharan, sarana ambesmi tutuwuhan ing wana wau. Sayektosipun boten wwonten pakaryan ingkang rekaos utawi angel, tumrap Sang Arjuna manawi jinangkung dening Sang Kesawa, awit ing atasipun Wisnu punika boten wonten kawontenan ingkang mokal. Bathara Agni lajeng angganjar dhateng Sang Arjuna warni langkap ingkang nama Gandhiwa, endhong ingkang boten saged telas jemparingipun, sarta rata paprangan mawi daludag, ing pucaking landheyanipun mawi tetenger reca wanara. Ing nalika kobaripun wana Kandhawa wonten asura nama Maya ingkang giris manahipun, awit kuwatos manawi katut kabesmi, ing ngriku lajeng dipun pitulungi Sang Arjuna, temah saged luwar saking babaya latu. Saking kasoking manahipun, Maya lajeng ngiyasakaken kedhatonipun para Pandhawa sakalangkung endah. Kadhaton wau linapis ing kancana pinatik ing sosotya retna, sampun boten siwah kaliyan kadhatonipun Sang Hyang Endra. Dupi Prabu Anom Duryudana ingkang ambeg candhala, priksa kadhatonipun Pandhuputra, tuwuh kamelikanipun, kapengin ngrebat kadhaton wau, sarana lampah cidra, inggih punika Prabu Yudhisthira dipun tantang kasukan dhadhu, nanging Sang Duryudana ngangge susulih ingkang paman Sangkuni, putranipun Prabu Suwala. Wasana Pandhawa kasoran, mila kendhang dhateng wana, dangunipun ngantos kalihwelas tahun, sarta sasampunipun kalihwelas tahun, kedah sisingidan satahun, dados sadaya wonten tigangwelas tahun.
Dhuh, sinuhun, dupi sampun ngancik tahun ingkang kaping kawanwelas, saking wiwitipun kendhang, para Pandhawa wangsul dhateng Astinapura, nedha wangsulipun nagari, kadhaton saha sapanunggilanipun malih, ananging Kurawa kekah boten purun mangsulaken, wasana dados jalaraning prang sakalangkung ageng. Para Pandhawa anumpes sakathahing bangsa satriya, dalah durjana ugi dipun sirnakaken pisan, mila nagarinipun saged wangsul, nanging sampun kathah karisakanipun.
Makaten wau cariyos lalampahanipun para Pandhawa, ingkang boten nate kendhih dening wasesanig watak awon. Dhuh, papethinganing para narendra tedhak Bharata, inggih makaten wau wiwitan dumugi wekasaning cacongkrahanipun para Pandhawa, kaliyan para Kurawa, temahanipun Kurawa kecalan nagari, dene ingkang menang Pandhawa.
Dumugi samanten wekasanipun bab kaping sewidak satunggal, saking cariyos Adiwangsawatarana, ing Adiparwa.


BAB LXII
SAMBETIPUN ADIWANGSAWATARANAPARWA

Pangandikanipun Sang Prabu Janamejaya: Dhuh Brahmana linangkung, ingkang jengandika cariyosaken sadaya wau, semunipun namung raringkesan babad Bharata kemawon, ingkang nyariyosaken kaluhuranipun para satriya tedhak Kuru. Dhuh, ingkang abandha kasutapan, mugi jengandika kaparenga nyariyosaken sawetahipun cariyos ingkang sakelangkung elok punika, kula kapengin sanget mireng cariyos wau, mila mugi lajeng dipun cariyosna. Manawi namung raringkesan kemawon boten saged damel mareming manah, malah kados dene nyacongah. Saestunipun ingkang dados dhadhakning cacongkrahan wau, sanes prakawis alit, awit para ambeg utami, tamtunipun boten karsa nangsaya tiyang ingkang boten dosa dhateng sariranipun, ing mangka karsanipun Pandhawa anggenipun badhe mangrurah Kurawa wau, tetela dipun jurungi ing akathah. Sababipun punapa, dene bebanthenging tedhak Bharata, para Pandhawa sami sabar kemawon dhateng piawonipun para Kurawa, ingkang asor ing budi punika, mangka Pandhawa boten gadhah dosa. Dhuh, papethinganing Brahmana, kados pundi dene Sang Bima ingkang karosanipun sami kaliyan gajah saleksa, tansah dipun aniaya, meksa saged mambengi kanepsonipun. Sababipun punapa, dene putrinipun Prabu Drupada, Dewi Drupadi ingkang sukci panggalihipun tansah kacacamah, saha kaerang-erang dening para candhala ing budi, teka boten karsa ambratha mengsahipun, ing mangka sang dewi punika manawi duka, sadhengah ingkang pinandeng mesthi kabesmi dening latu ingkang medal saking paningalipun. Kados pundi dene Sang Panenggak sarta panengah Pandhaw (Bima kaliyan Arjuna) tuwin putranipun Dewi Madrim kalih pisan, ingkang ugi sampun sami dipun pitenah dening Kurawa, teka boten sami karsa mambengi Sang Yudhisthira, anggenipun kasukan dhadhu. Kados pundi dene tutungguling para utami: Sang Yudhisthira, putranipun Hyang Darma, saha ingkang putus dhateng saliring kuwajiban, ngantos nandhang kasangsaran ingkang samanten agengipun. Kados pundi dene Sang Dananjaya ingkang ratanipun kinusiran Sri Kresna, ngantos kalampahan dipun niyaya makaten, mangka Sri Kresna punika kawasa ambuncang mengsah sakalangkung sekti dhateng sanjawining jagad sarana jemparingipun. Dhuh, sang tapa, mugi jengandika kaparengan nyariyosaken sadaya pandamelipun para prajurit wahana rata ingkang kinawasa, inggih para Pandhawa punika.
Resi Wesampayana matur malih: Dhuh nata binathara, mugi paduka kaparenga angwontenaken janji, ingkang maligi namung kangge mirengaken cariyos ingkang sampun dipun pangandikakaken dening Sang Maharsi Kresna Dwipayana, punika sakalangkung panjang. Kula badhe nyariyosaken sadaya, ngambali punapa ingkang sampun dipun pangandikaken Sang Maharsi Wiyasa, ingkang pangwasaning ciptanipun tanpa watesan, saha ingkang linuhuraken ing jagad titiga punika. Babad Bharata punika ngewrat sloka sukci satus ewu, rinipta dening putranipun Dewi Satyawati, inggih ingkang pangwasaning ciptanipun tanpa wates wau. Sintena ingkang maosaken Serat Bharata dhateng tiyang sanes, ingkang mirengaken sarta ingkang ngungelaken serat wau, badhe saged dedunung wonten ing kahyanganipun Sang Hyang Brahma, sarta kasamekaken kaliyan para jawata. Serat Bharata punika sakelangkung adi saha sukci, sami kemawon kaliyan Serat Wedha, sarta aji piyambak ing atasipun sadaya serat ingkang pantes dipun gatosaken. Serat Bharata punika Purananipun para resi ingkang kaaji-aji, saha nawung piwulang ingkang ageng pigunanipun tumrap HARTA (kabegjan), tuwin KAMA (karahayon). Cariyosipun saged nenangi kapenginipun tiyang dhateng kautaman. Para sarjana ingkang nyariyosaken wedhanipun Sri Kresna Dwipayana dhateng janma ingkang luhur ing budi, janma ingkang ambeg paramarta, tuwin janma ingkang boten nate cidra, mangka sami pitados dhateng cariyos wau, punika ingkang nyariyosaken sarta ingkang dipun cariyosi, tamtu badhe sugih raja brana. Tiyang dosa ageng, kadosta: mejahi jabang bayi ingkang taksih wonten ing wetengan, punika saged luwar saking dodosanipun sarana nyariyosaken utawi gatosaken cariyos Bharata. Kados punapa kemawon dosanipun tiyang, manawi dipun saranani maos Bharata, saged luwar saking dosanipun. Candranipun kados oncating surya saking sirahipun Rahu (nalika mentas grahana). Cariyos Bharata punika ugi dipun sebut JAYA, amargi sinten ingkang kepengin unggul perangipun badhe saged kadumugen manawi dipun saranani maos sarta gatosaken cariyos punika (Mahabharata = Jaya). Manawi ingkang maos Bharata punika narendra, saged mengkoni saindenging bawana, utawi saged nelukaken sadaya mengsahipun, amargi sajatosipun, punika pamuji ingkang ageng pangwasanipun kangge panyuwunan tumurunipun nugraha. Cariyos Bharata punika prayogi dipun pidhangetaken para narendra taruna kaliyan prameswarinipun, dene nugrahanipun manawi apuputra kakung badhe dados prajurit linangkung, sarta manawi miyos putri, badhe dados sorining narendra. Cariyos wau nawung piwulang luhur ing atasipun: DARMA, HARTA, tuwin MUKSA. Makaten wau dhawuhipun Sang Wiyasa ingkang kawicaksananipun sampun boten kenging kininten-kinten. Cariyos Bharata punika piwulang ingkang kedah kagiyaraken wonten ing jaman sapunika, utawi ing tembe, sarta tansah badhe dipun ambal-ambali malih ing jaman punapa kemawon. Sintena ingkang maos Serat Bharta, sadaya pikajengipun badhe dipun pituhu dening anakipun jaler, sarta dipun estokaken rencangipun, dosa ingkang tuwuh saking; pakartining badan, wicara, utawi krenteging manah, badhe sirna sami sanalika, manawi gatosaken cariyos wau. Sintena ingkang mirengaken cariyos miyosipun para nata tedhak Bharata, mangka boten gadhah manah jahil, temtu boten gadhah ajrih dhateng saliring sasakit, kajawi namung ajrih dhateng ingkang tumanduk wonten ing jagad sanes-sanesipun.
Ing sarehning Sang Maharsi Kresna Dwipayana karsa damel kamulyaning akathah, mila lajeng dipun saranani ngripta babad Bharata, ingkang nyariyosaken kalangkunganipun para Pandhawa ingkang sami luhur ing budi, tuwin sanes-sanesipun ingkang sami widagda dhateng sakathahing pangawikan, sarta ingkang ambeg paramarta, tuwin saening pandamelipun sampun misuwur wonten ing marcapada. Cariyos Bharata punika, saged nanangi panggayuhipun tiyang dhateng kautaman, saged adamel panjanging yuswa, amargi kawontenanipun babad wau sukci sarta luhur. Sintena ingkang darbe pangangkah sagedipun angsal nugrahaning agama, mugi maosa Serat Bharata, ingkang pamaosipun ngantos saged dipun mirengaken brahmana ingkang sukci. Sarana lampah makaten, tiyang badhe nampi nugraha ageng, saha tansah antuk kautamen. Sintena ingkang nyariyosaken nalurinipun bangsa Kuru, ingkang sampun kalok ing jagad punika, badhe lajeng saged suci sami sanalika, saged kaprayan (sugih putra wayah), sarta wonten ing marcapada angsal pangaji-aji. Bilih para brahmana punika anggenipun marsudi Serat Bharata wonten ing salebetipun mangsa rendheng, ajeg ngantos sakawan wulan muput, badhe kasukcekaken saking sakathahing dosanipun. Sintena ingkang ngantos tamat anggenipun maos Serat Bharata, nugrahanipun sami kaliyan ingkang putus dhateng Wedha.
Serat Bharata punika nyariyosaken kawontenanipun para dewa, para pandhitaraja, para dwija, tuwin Sang Kesawa ingkang tanpa dosa. Anjawi punika ugi mratelakaken kawontenanipun dewaning para dewa, inggih punika Hyang Mahadewa tuwin Bathari Parwati, sarta nyariyosaken miyosipun Sang Kartikeya ingkang dipun miyosaken saha dipun gulawenthah dening ibu-ibunipun, tuwin nyariyosaken kaluhiranipun para brahmana tuwin lembu. Cariyos Bharata punika kalempakanipun sadaya sruti, mila prayogi dipun mirengaken para utami. Para sarjana ingkang nyariyosaken babad Bharata dhateng para brahmana ing saben wiwitaning wulan ngantos dumugi ing wulan purnama, punika sakathahing dosanipun badhe antuk pangaksama, sarta pejahipun boten kandheg wonten ing kaswargan, ananging lajeng nunggil kaliyan Hyang Brahma kemawon. Manawi para brahma nalikanipun damel sasaji sradda, mangka mireng tiyang angidung Serat Bharata, sanadyan ingkang kamirengaken wau namung sapada, sasajinipun boten saged kalonglongan, sarta para Pitri ingkang sinajenan, anggenipun nampeni sadaya ingkang dipun sajekaken kanthi renaning panggalih. Dosa ingkang dumados saking pangraos utawi saking cipta ing sadinten-dintenipun, punika badhe ruwat sarana mirengaken cariyos Bharata. Cariyos adiluhung ingkang nyariyosaken lalampahan miyosipun para nata tedhak Bharata wau dipun wastani MAHABHARATA, punika badhe sinucenan sakathahing dosanipun. Awit cariyos lalampahanipun para darah Bharata punika sakalangkung elok, pramila manawi dipun cariyosaken saestu saged ngicalaken dosanipun tiyang ingkang mirengaken. Sang Maharsi Kresna Dwipayana anggenipun ngripta cariyos Bharata punika, panggarapipun saben dinten ajeg, rampungipun ngantos tigang tahun. Saben dinten sawungunipun saking sare, sasuci rumiyin, sasampunipun lajeng nindakaken kuwajibanipun kapandhitan, sarampungipun punika, saweg wiwit ngripta cariyos Bharata wau. Mila babad punika sayogi dipun mirengaken para brahmana, ananging anggenipun mirengaken kanthiya pangangkah nedya netepi prasetya, punapa ingkang kedah dipun lampahi. Sintena ingkang nyariyosaken kidung sukci anggitanipun Sang Maharsi Kresna Dwipayana, mangka kanthi sedya supados kapireng tiyang sanes, sanadyan ingkang nyariyosaken tuwin ingkang mirengaken wau kados punapa kemawon, awon utawi saening pandamelipun, badhe boten saged kraos dhateng kadadosaning pandamelanipun. Manawi tiyang kepengin anggayuh dhateng kautaman, prayogi mirengaken cariyos wau. Ajinipun cariyos Bharata punika sami kaliyan sakathahing cariyos ingkang kagelaraken ing jagad, mila sintena ingkang mirengaken tamtu lajeng sukci manahipun, maremipun tiyang ingkang saged nginggahi kamulyaning kaswargan punika boten mantra-mantra sami kaliyan maremipun tiyang mirengaken cariyos Bharata ingkang sukci punika. Para utami ingkang maosaken utawi mirengaken cariyos wau, mangka anggenipun maos tuwin mirengaken kanthi kasusilan, badhe antuk nugraha kados nugraha ingkang dados gagadhanganipun tiyang damel sasaji: RAJASUYA utawi sasaji KAPAL. Kacariyos, agenging ajinipun cariyos Bharata punika sami kaliyan tambang sosotya, wiyaripun kadi samodra, agengipun kadi redi MERU. Serat Bharata punika luhur saha sukci, boten siwah kaliyan Serta Wedha. Manawi dipun mirengaken saged damel ruwating dosa, sarta saged ngagengaken kautamen. Dhuh narendra tedhak Bharata, sintena ingkang nyukani tetedhaknipun Serat Bharata dhateng sadhengah ingkang gadhah panedha, ajining pawewehipun punika sami kaliyan andanakaken jagad dalah sagantenipun pisan. Dhuh Sang Pariksitputra, cariyos ingkang nengsemaken saha saged dados jalaraning unggul tuwin kautamen punika, badhe kula cariyosaken. Sang Pandhita Dwipayana anggenipun ngripta kidung Bharata wau, saben dinten sawungunipun saking sare, salebetipun tigang tahun. Dhuh bebanthenging para nata tedhak Bharata, sadaya ing atasing bab; AGAMA, KABEGJAN, KASENENGAN, tuwin KARAHAYON, sanadyan ingkang wonten ing pundi kemawon, sampun kawursita wonten ing babad Bharata. Kosok wangsulipun, punapa ingkang boten kawursita ing Serat Bharata, ing pundi kemawon ugi boten wonten.
Makaten wekasanipun bab kaping sewidak kalih, perangan Adiwangsawatarana ing Adiparwa.


BAB LXIII
SAMBETIPUN ADIWANGSAWATARANAPARWA

Resi Wesampayana nglajengaken cariyosipun: Inguni wonten satunggiling narendra jujulukipun Maha Prabu Huparicara, Sang Prabu punika sengsem ulah kautamen, nanging remen babedhag. Prabu Hparicara wau narendra tedhak Porawa, ingkang ugi apaprab Prabu Wasu. Awit saking Sang Prabu ngestokaken timbalanipun Bathara Endra, sampun ambedhah nagari Cedhi ingkang sakalangkung gemah ripah, sarta nyenengaken. Sasampunipun embedhah ing Cedhi, Sang Prabu lajeng seleh dedamel (boten kersa prang), amesubrata wonten ing asepi. Sang Hyang Endra kasamaran ing panggalih, dene Sang Prabu anggentur tapa, awit andugi bilih Sang Prabu punika kagungan pangangkah badhe anratoni para dewa, mila Sang Hyang Endra lajeng enggal angrawuhi, kalayan kahayap para dewa. Sareng Sang Prabu kenging pamilutanipun Sang Hyang Endra, sarana pangandika arum, lajeng boten anglajengaken kasutapanipun.
Pangandikanipun Sang Hyang Endra dhateng Prabu Huparicara makaten, “He, narendraning bawana, prayoga sira ngayomana ing marcapada bae, supaya kautaman ing marcapada bisaa widada, amarga manawa sira rumeksa marang kautaman, kautaman uga lestari angayomi marang sagung dumadi. He kaki prabu, den prayitna lan santosa pangreksanira marang kautaman mau. Manawa kaleksanan mangkono, ing tembe, yen sira wus tumeka ing mangsakala ninggal marcapada, sira bakal diwenangake meruhi kahyanganingsun kang sukci lan mulya. Sanadyan sira iku titah ing marcapada, ewadene ingsun lan isen-isening kaswargan padha asih sarta nganggep mitra marang sira. He titah linuwih, becik lestaria dudunung ana ing marcapada kang kebegan kasenengan, gemah ripah loh jinawi, isi kewan warna-warna tanpa petungan, murah sandhang lan pangan sarta mulya, ora beda kalawan ing kaswargan, ewadene kapenak, lan kabeh mau wus padha dinugrahani dening para dewa. He nata binathara ing Cedhi, sakehing nagara jajahnira iku sugid-sugih, akeh sosotyane lan pelikane. Wonge talatah ing nagara Cedhi padha ulah kautaman, wateke prasaja lan narima, sanadyan jroning suka-suka, hiya ora tau kumecap dora, ora ana anak lanang kang jaluk bageyan bandha marang wong tuwane, derenge mung nedya murih kamulyane wong tuwane bae. Rajakaya kang kuru ora di anggi garu mluku, narik pedhati utawa kanggo momot, kosok baline malah digemateni sarta dilelemu. He ratu kang ambeg temen, lan kang dhemen angluhurake marang dewa, miwah ngaji-aji marang tetamu, bangsa papat pisan ing Cedhi (brahmana, satriya, wesya, sarta sudra) padha tetep marang kuwajibane dhewe-dhewe. Supaya ing tri bawana aja nganti ana kang ora sira weruhi, sira ingsun paringi rata kancana kang bisa ngambah gagana, kaya titihane para dewa, yen titah ing marcapada mung sira kang diwenangake awahana rata mau. Manawa sira awahana rata iku, sira bisa ngambah ing gagana prasasat dewa angejawantah. Kang minangka tandha kaluwihanira, sira ingsun paringi kalung uncen-uncen kembang tunjung kang ora bisa alum. Yen sira prang mangka nganggo kalung mau, ora ana gagaman kang bisa nedhasi. He ratu ing Cedhi, kalung kang dinugrahani ing dewa, lan kang tanpa timbang iku, lumrahe ing marcapada ingaranan SANSANGANE BATHARA ENDRA. Hiya iku tetenger kang kanggo ambedakake sira lan sapapadhanira tumitah.”
Nanging leganing panggalihipun sang pangrurah ing writra (Bathara Endra) ugi paring landheyan saking deling ingkang prabawanipun saged adamel tata raharjaning nagari. Dupi landheyan deling wau sampun watawis sawarsa gumadhuhipun wonten ing Sang Prabu, lajeng kangge sarana manawi Sang Prabu manembah dhateng Sang Hyang Endra, bilih ngangge sarana makaten wau, landheyan deling punika dipun tancepaken ing siti. Dhuh sinuhun (Janamejaya) wiwit nalika samanten para narendra ing marcapada, saben manembah Sang Hyang Endra inggih lajeng nancebaken landheyan deling ing siti, nulat lekasipun Sang Prabu Wasu. Kawuningana, sasampunipun landheyan wau katancepaken ing siti, lajeng rinengga ing sinjang tenun benang mas ingkang ginrujug ing ganda wida sarta dipun balebet uncen-uncen sekar, tuwin pasren sanes-sanesipun malih. Inggih makaten wau lampahipun manembah dhateng Sang Hyang Wasawa (Endra). Sang Hyang Endra sihipun sanget dhateng Prabu Wasu ingkang linangkung wau, saben Sang Hyang Endra sinajenan makaten, lajeng rawuh mancala warna banyak, wigatos badhe nampeni panglinggamurdanipun Sang Prabu. Kados punapa renaning panggalihipun Sang Hyang Endra, dupi Prabu Wasu karsa manembah ing panjenenganipun, mila ngantos kawiyos pangandikanipun, “Sakehing manungsa utawa narendra kang manembah maringsun, mangka disaranani nganggo wiwahan kaya lekase ratu ing Cedhi iki, nagara lan jajahane bakal misuwur, sarta ora kandhih dening munsuh, kuthane saya mundhak gehde lan raharja.”
Makaten wau pangandikanipun Bathara Maghawat (Endra) ratuning para dewa dhateng Prabu Wasu. Mila sintena ingkang saged angwontenaken wiwahan sasji Sakra, sinartan dana pasiten, sosotya nawa retna, badhe linuhuraken wonten ing marcapada. Prabu Wasu narendra ing Cedhi, rikala sugengipun tansah angegungaken dadana, damel sasaji ageng-ageng, sarta wiwahan sasaji Sakra, mila kaluhuraken dening Sang Hyang Endra. Sang Prabu pangastanipun sakathahing nagari saindenging bawana, kaliyan ambeg utami, dene kedhatonipun wonten ing Cedhi. Saking anggenipun badhe damel renaning panggalihipun Sang Hyang Endra, Prabu Wasu kapareng anetepaken wontenipun sasaji Sakra.
Sang Prabu Huparicara punika apuputra gangsal sami sekti-sekti, saha kakendelanipun tanpa timbang. Putra gansal wau lajeng sami kajumenengaken nata sadaya, wonten ing talatah wawengkoning praja Cedhi.
Putra pambajeng ingkang apaparap Sang Wrihatrata, kajumenengaken nata wonten ing praja Magada, sisilih Prabu Maharata. Panenggakipun peparap Prabu Pratiyagraha. Panengahipun sisilih Prabu Kusamwa, limrah ing akathah sinebut Prabu Maniwahana. Putra ingkang sumendhi jujuluk Prabu Mawila. Putra wuragil sinebut Prabu Yadu, punika linangkung kasudiranipun, sarta manawi wonten ing paprangan boten kenging kinawonaken.
Dhuh Prabu Janamejaya, inggih punika putranipun narendra ingkang ambeg pinandhita wau. Putra gangsal wau sami iyasa praja piyambak-piyambak ingkang lajeng kanamekaken miturut asmanipun ingkang iyasa, sarta sami kagungan turun piyambak-piyambak, lestantun ing salami-laminipun.
Saben Sang Prabu Wasu wahana rata adi paparingipun Hyang Endra wau, wonten ing awang-awang lajeng kaurung-urung ing para gandarwa (juru ngidung ing kaswargan) miwah para hapsara (juru beksa ing kaswargan). Ing sarehning Prabu Wasu punika saged anjajah alaming para dewa, mila lajeng sinung juluk Prabu Huparicara. Prajanipun Prabu Wasu punika kalangkungan ing lepen ageng nama SUKTIMATI. Ing nguni lepen wau dipun rubeda ing redi nama KOLAHALA awit redi wau kayungyun dhateng lepen Suktimati. Rikala Prabu Wasu wuninga lekasipun Ardi Kolahala ingkang makaten wau, sanget boten panuju ing panggalih, mila ardi lajeng dipun dugang sumyur, wasana Suktimati lajeng boten kasangsaya malih. Eloking lalampahan, ardi wau darbe suta kalih medal dhampit patutan kaliyan Suktimati. Ingkang minangka dados tandha genging panuwunipun lepen Suktimati dhateng Prabu Wasu, anggenipun Sang Prabu sampun nguwalaken saking pangrencananipun ardi Kolahala, sutanipun kalih pisan dipun unjukaken Sang Prabu. Dupi rare ingkang jaler sampun diwasa lajeng kadadosaken senapatinipun Prabu Wasu. Dene ingkang estri nami Girika, diwasanipun lajeng kagarwa Sang Prabu Wasu.
Kacariyos Dewi Girika pramewarinipun Prabu Wasu, nalika sampun dumugi mangsanipun tuwuh wijinipun, sang dewi lajeng siram jamas. Sasampunipun lajeng busana sarwa adi, sapari purnanipun busana, enggal marek ing ngarsanipun Sang Prabu, ingkang ing wekdal samanten pinuju lenggah wonten ing gedhong pasareyanipun, manggihi para pitri (luluhur). Dene rawuhipun para pitri wau wigatos mundhut sasaji sradda, ingkang kadekekan ulam sangsam. Papethinganing para narendra ing marcapada, sang Prabu Wasu, enget kuwajibanipun kedah angestokaken dhawuhipun para luluhur, mila sami sanalika wau Sang Prabu lajeng dhawuh dhateng nayakanipun, manawi karsa tindak babedhag. Dupi sampun samekta, Sang Prabu bidhal, ananging salebetipun wonten margi, ingkang tansah cumithak ing aslebeting panggalih boten wonten malih kajawi namung sulistyaning warninipun sang prameswari, ingkang prasasat Dewi Sri mangejawantah. Ing nalika samanten anuju mangsa mareng, ing wana katingal sakalangkung asri, pindha patamananipun raja gandarwa. Ing ngriku kathah kajengipun asoka, campaka, cuta, atimukta, punnaga, karnikara, wakula, diwiyapatala, narikela, candhana, arjuna, tuwin sapanunggalanipun malih. Sadaya wau katingal sakalangkung adi, gandaning sekaripun amrik angambar, wohipun sakalangkung miraos, peksi-peksi kokila sami angoceh, isthanipun kadi anyengaki brengengenging bremara ingkang sami ngingsep sari, kapyarsa anganyut-anyut, temahan mimbuhi onengipun Sang Prabu dhateng sang prameswari. Mila tindakipun Sang Prabu tanpa sedya, mlebet medal ing grumbul, wasana lajeng asadhepok lenggah wonten sangandhaping kajeng asoka, ingkang ronipun angrembuyung, sarta epangipun kaebekan ing sekar. Ing ngriku sariranipun sang prabu karaos sakalangkung seger, awit kataman sakecaning hawa ing mangsa mareng, samirana sumilir angirit ganda arum, nanging sadaya wau boten andadosaken panglipuring asmaranipun Sang Prabu dhateng sang prameswari, malah amimbuhi onengipun. Sarta sulistyaning suwarninipun sang dewi saya ngalela, katingal wonten ing dalem pangraos, mila derenging karsa badhe among lulut saya andados. Wasana Sang Prabu kraos badhe korut kamanipun, sanadyan kados punapa kemawon anggenipun mambengi, ewa dene sampun boten kawawa malih. Temahanipun kama saestu korut, enggal tinadhahan ing ron, amargi Sang Prabu wuninga manawi ingkang garwa ugi kataman ing raos makaten punika, punapa malih Sang Prabu ugi boten kasamaran bilih ingkang garwa sampun dumugi mangsa tuwuh wijinipun, mila kagalih boten prayogi manawi kama wau dipun bucal saenggen-enggen kemawon. Ing nalika wau Sang Prabu lajeng angesthi ingkang garwa sarwi angrerepi. Dereng kendel anggenipun angrerepi, Sang Prabu priksa peksi alap-alap mencok ing sacelaking palenggahanipun. Ing sarehning Sang Prabu punika boten kasamaran dhateng pangulahing pratitising darma tuwin harta, mila enggal marepeki sarwi ngandika dhateng alap-alap wau makaten, “He, manuk alap-alap kekasihing dewa, mara, kama kang ingsun wadhahi godhong iki tampanana, nuli pasrahna marang mbok ratu dewi Girika, kang samengko wus mangsane tuwuh wijine.”
Peksi alap-alap ingkang lepas iberipun punika, sasampunipun nampeni ron ingkang kangge nadhahi kama wau sarana cucukipun, enggal simebut nggayuh gagana. Ananging salebetipun anglayang wonten ing awang-awang, wonten peksi ala-alap sanesipun ingkang andugi manawi alap-alap sarayanipun Sang Prabu wau anggondhol tetedhan, mila nedya angrebat. Peksi kalih lajeng sami pancakara rame wonten ing awang-awang. Danguning dangu ron ingkang kabekta wau mrucut saking cucukipun dhumawah dhateng toyaning lepen Jamuna, lajeng kasarap ing mina. Mangka satektosipun ulam wau satunggaling hapsara nama Dewi Adrika ingkang saweg nandhang sotipun satunggaling brahmana. Watawis sadasa wulan saking anggenipun anguntal kamanipun Prabu Wasu, ulam wau kenging jalanipun juru misaya mina. Sareng dipun entasaken wonten pagisikan anglahiraken jabang bayi dhampit sami widada, nanging ulam lajeng pejah. Ing wekdal punika juru misaya mina manahipun sami kagawokan sanget, andulu kawontenan ingkang sakalangkung elok makaten punika, mila enggal-enggal marek ing ngarsanipun Sang Prabu Huparicara, awit titiyang wau sami kawula ing bawah wawengkonipun Sang Prabu. Sareng sampun dumugi ing ngarsa nata, juru misaya mina ngunjukakaen bayi kekalih wau sarwi matur, “Kawuningana sinuhun bayi kekalih punika lahir saking satunggaling ulam ingkang klebet ing jaring kula.” Sasampunipun kawuningan, Sang Prabu karsa mundhut jabang bayi ingkang jaler, inggih punika ingkang ingkang pawingkingipun sinebut Prabu Matsya nata binathara ambeg utami saha setya tuhu ing pangandika.
Kacariyos hapsara Adrika, sasampunipun nglahiraken jabang bayi luwar saking anggenipun nandhang papa cintraka awujud ulam, awit nalika dipun esotaken satunggaling brahmana mawi dipun pangandikani, bilih ing tembe salebetipun nandhang sot warni ulam sang dewi badhe apuputra mijil dhampit awujud manungsa, ing ngriku luwaripun sang dewi saking papa cintraka. Pramila sasampunipun apuputra, sang dewi lajeng anilar sariranipun ingkang wujud ulam, wangsul warni hapsara malih, kondur dhateng karang kawidadaren.
Dene jabang bayi ingkang estri badanipun angganda amis kados dene ulam, sarta kaparingaken wangsul dhateng juru misaya mina. Pangandikanipun Sang Prabu makaten, “Bayi iki tetepa dadi sutanira.” Rare estri puponipun juru misaya punika, limrah ing akathah sinebut nama Satyawati. Dene warninipun sakalangkung endah, esemipun angresepaken sarta pambeganipun utami, ananging gandanipun amis, awit saking anggenipun saben dinten tansah rarencang tiyang sepuhipun ngopeni ulam angsal-angsalanipun. Anjawi punika, Satyawati ugi ngrencangi nglampahaken baita tambangan wonten ing lepen Jamuna.
Dewi Satyawati punika sulistyaning warninipun anglangkungi, saben priya ingkang andulu tamtu kagiwang manahipun. Sanadyan para ambangun tapa pisan kathah ingkang ginggang katentremanipun andulu Sang Dewi. Nuju ing satunggaling dinten, nalika Sang Dewi nambangaken baita, wonten satunggaling maharsi lalana brata apaparap Resi Parasara. Sang Resi mundhut dipun sabrangaken, mila lajeng dipun aturi nitih baitanipun sang dewi. Dupi lampahipun baita dumugi satengah-tengahing lepen, Sang Resi kataman asmara dhateng Sang Dewi ingkang endah ing warni wau. Sang Resi ngandika, “Dhuh kang antuk nugrahaning dewa, ila-ila apa ingsun wus ora bisa nayuti ardaning karsa nedya salulut kalawan sira. Mulane rara, muga sira gelema anglegani pamintaningsun.” Aturipun Satyawati, “Dhuh Sang Pandhita. Sumangga mugi dipun priksanana, kados pundi anggen kula ngleksanani karsa paduka punika.”
Kacariyos ing wekdal punika hawanipun sakalangkung sakeca, langitipun resik sumilak, samirana sumilir, ngantos samendhang boten wonten ampak-ampak ingkang katingal. Ananging dupi Sang Pandhita linangkung midhanget atur wangsulanipun Sang Dewi wau, enggal amatek mantra, sami sanalika ing ngriku lajeng kalimputan ing pedhut. Sang Dewi kagawokan sanget nyumerapi pangwasanipun Sang Maharsi. Osiking panggalih, “Nyata luwih pandhita iki, gek apa maneh kang dak anggo pawadan anggonku arep lenggana marang karasane Sang Pandhita.” Sadangunipun ngudaraos makaten, Sang Pandhita tansah mandeng kalayan pasemon ingkang mratandhani sengseming galih dhateng Sang Dewi. Mila Sang Dewi sakalangkung pakewet raosing panggalihipun, wasana lajeng tumungkul sarwi umatur, “Dhuh Pandhita linangkung, kula punika taksih kenya, mila sampun saestu taksih kawengku ing purba wasesaning tiyang sepuh. Dhuh ingkang boten kalepetan ing dosa, manawi ngantos kendho pipinjung kula, saestu kula ajrih mantuk, kapeksa nilar tiyang sepuh kula, satemah kaesi-esi ing akathah. Upami ngantos kalampahan kados makaten, punapa boten langkung prayogi anglampus dhiri. Sumangga Sang Resi mugi kaparenga anggalih rumiyin, agenging pakewed ingkang badhe kula panggih punika.” Sang Pandhita sakalangkung rena midhanget aturipun Sang Dewi, pangandikanipun, “Rara, aja sumelang. Sanadyan sira anuruti karsaningsun iki, sarining parawanira ora bisa rusak. Samengko ingsun takon marang sira, apa kang dadi pangarep-arepira. He, wong kang manis eseme, wruhanira ingsun durung tau ngucapake wicara kang ora nyata.” Rikala putrinipun Prabu Wasu ingkang pindha sasangka wau midhanget ngandikanipun Sang Maharsi ingkang makaten punika, lajeng matur nywun supados gandaning sariranipun ingkang amis punika, santuna dados angganda arum. Sang Resi mituruti panyuwunipun Sang Dewi.
Kados punapa bingahing panggalihipun Sang Kusumaning Jamuna, dupi sariranipun kalampahan angganda arum, mila lajeng boten suwala malih dhateng karsanipun Sang Pandhita ingkang pangwasanipun angebat-ebati punika. Sang Dewi lajeng anggarbini sami sanalika. Wiwit nalika samanten Sang Dewi lajeng sinebut ing akathah Dewi Gandawati, wredinipun pawestri ingkang angganda wangi. Ganda arumipun Sang Dewi wau saged sumrambah ngantos sayojana (8000 dhepa) tebihipun saking ing pundi-pundi panggenan ingkang dipun dunungi Sang Dewi, mila Sang Dewi ugi sinung paparap Dewi Yojanaganda. Sang Pandhita sasampunipun paring nugraha dhateng Dewi Gandawati, sigra nglajengaken lampahipun.
Sang Dewi rumaos sakalangkung begja, dene sampun kasembadan kados esthining panggalihipun, inggih punika angganda arum, sarta boten risak kenyanipun. Ing dinten punika ugi Sang Dewi lajeng anglahiraken putra wonten ing pulo samadyaning lepen Jamuna. Jabang bayi putranipun Sang Maharsi Parasara ingkang mijil saking Dewi Gandawati, wiwit lahir sampun kasinungan kasekten linangkung, sarta lajeng diwasa sami sanalika, tuwin lajeng pamitan dhateng ingkang ibu manawi badhe ambangun tapa. Ingkang ibu marengaken. Rikala Sang Satyawatiputra wau badhe pangkat, matur mitungkas dhateng ingkang ibu makaten, “Ibu, manawi paduka manggih pakewed punapa-punapa, mugi kaparenga angesthi kula, saestu kula badhe tumunten dhateng sanalika.”
Makaten punika cariyos lalampahan miyosipun Resi Dwipayana, putranipun Maharsi Parasara ingkang miyos saking Dewi Satyawati. Ing sarehning miyosipun Sang Resi wau wonten ing pulo, mila apaparab Dwipayana (pasiten ingkang kaapit ing toya).
Ing sarehning gesang saha kakiyatanipun manungsa punika gumantung wonten ing yuga (panunggal), mangka satunggal-tunggalipun yuga wau kenging kaupamekaken gadhah suku sakawan (lampah sakawan warni), mila utaminipun tiyang nggayuh yuga kedah nglampahi sakawan pisan. Manawi ngantos kirang salah satunggalipun, dipun wastani taksih kuciwa utawi kirang samekta. Awit saking makaten kawontenanipun, mila Sanng Maharsi lajeng nata sarta merang-merang Serat Wedha dados sakawan, kabekta saking kepenginipun antuk nugrahaning Hyang Brahma, tuwin para brahmana. Sang Dwipayana punika ugi sinebut Sang Wiyasa, wredinipun ingkang merang-merang Wedha. Inggih panjenenganipun punika ingkang tansah matedhakaken nugraha, sarta boten kendhat amedharaken Wedha sakawan pisan, tuwin Mahabharata dhateng para siswa-siswanipun kadosta; Resi Sumanta, Resi Jahimini, Resi Pahila, tuwin dhateng putranipun piyambak ingkang peparap Sang Suka, makaten ugi dhateng kula Sang Wesampayana. Sang Maharsi Dwipayana dhawuh supados sadaya wau sami amedharna cariyos Mahabharata.
Kacariyos, ingkang misuwur ing jagad Sang Bisma, saha ingkang linangkung kasektenipun, tuwin sumoroting cahyanipun tanpa timbang, punika putranipun Prabu Santanu mijil saking Dewi Gangga, sarta panjanmanipun saperangan saking wasu wolu. Ing nguni wonten satunggaling resi misuwur apaparap Hanimandhawiya. Resi wau wasis anerangaken suraosing Wedha, saha kasektenipun linangkung, mila kineringan ing akathah. Ing satunggiling dinten, Sang Resi wreda wau kadakwa nglampahi mandung, dene karampunganipun kedah kaukum pejah, sarana katancepaken ing pathok ingkang dipun lincipi pucukipun. Mangka sayektosipun boten darbe kalepatan. Nalika Resi wau kadangu ing Bathara Darma, matur makaten. “Dhuh dewaning adil, nalika kula taksih alit, sampun nate nyunduki laler kalayan gagang rumput, nanging sasampunipun kula nglampahi dosa makaten wau, lajeng nglampahi tapabrata ingkang awartipun tikel kaping sewu kaliyan limrahipun para tapa, esthining manah supados panebusing dosa kula wau. Punapa kasutapan ingkang makaten punika dereng nyekapi kangge panebusing dosa ingkang sampun kula lampahi wau. Saeenget kula kajawi punika, kula dereng nate nglampahi dosa sanes-sanesipun. Manawi makaten, paduka punika ugi nandhang kalepatan, pramila kedah nglampahi paukuman katurunaken dhateng marcapada mijil saking pawestri bangsa sudra.” Sotipun Resi Hanimandhawiya ingkang makaten punika kaleksanan. Bathara Darma katurunaken dhateng maracpada, sarana kamiyosaken saking pawestri bangsa sudra, inggih punika dados Sang Widura ingkang sakelangkung sukci saha kalis saking saliring dosa. Kawuningana, Sang Sanjaya punika putranipun Sang Ghawalgana trah bangsa Suta ingkang sampun prasasat Muni. Dene Sang Karna ingkang prawira ing ayuda punika, putranipun Bathara Surya, mijil saking Dewi Kunthi nalika taksih kenya. Miyosipun Sang Karna saking garbaning ibu, sampun ngagem kere kodrat kelet ing sariranipun, wadananipun mancorong dening agemipun anting-anting kadewatan. Bathara Wisnu ingkang misuwur saha sinembah-sembah ing tri bawana, punika wontenipun ing marcapada dados putranipun Prabu Basudewa, miyos saking Dewi Dewaki. Dene anggenipun Bathara Wisnu tumedhak ing marcapada punika, wigatos badhe damel kamulyaning bawana. Sayektosipun Hyang Wisnu wau boten lahir ugi boten seda, sumoroting prabanipun boten nate surem, inggih ingkang nitahaken saha gustinipun sagung dumados, tuwin sagung kumelip. Hyang Wisnu punika ugi kawastanan Kawontenan Ingkang Boten Kasat Mata, saha Ingkang Anjalari Maujudipun Sadaya Dumados, punapa dene ugi sinebut Ingkang Boten Risak, saha rumesep wonten ing sagung dumados, puseripun sadaya ing ebah, tuwin sariranipun kempaling watak tigang prakawis: Sadwa, Rajas, tuwin Manas. Inggih suksma agung ingkang boten ewah gingsir, wiji saha ingkang nitahaken tuwin rumeksa sagung dumados sasana wonten ing sadaya kawontenan. Inggih ingkang mangun sadaya kawontenan saking Tatwa gangsal prakawis (bumi, banyu, geni, angin, akasa). Saha ingkang nunggil kaliyan watak luhur nem prakawis. Tumraping Wedha panjenenganipun punika: PRANAWA utawi AUM, kawontenanipun tanpa watesan, boten saged kawasesa dening saguning pangwasa, kajawi manawi saking kaparenging karsanipun pribadi. Hyang Wisnu punika wontenipun ing kuwadhagan dados kawontenaning watak SANYAGA (seleh kadonyan). Sarta ingkang ngambang wonten ing toya saderengipun wonten dumados. Pinangkanipun sagung kawujudan, punapa dene dewa agung ingkang mangun sadaya titah ingkang maujud, ugi sarining sagung dumados, tanpa wiwitan tuwin wekasan, langgeng ing salami-laminipun. Panjenenganipun punika priya ingkang tanpa watesan kaluwihanipun, luluhuripun sadaya titah, sarta ing wekdal samanten mangejawantah maujud manungsa bangsa Handakawresni, wigatos anyembuh kautamen ing marcapada.
Sang Satyaki tuwin Sang Kretawarma, punika sami parigel sikep dedamel, mandraguna sura sekti, putus dhateng saliring kawruh, sarta bekti sanget dhateng Sang Narayana. Manawi ulah dadamel sakalangkung mungguh, kalih-kalihipun wau putranipun Sang Satyaka tuwin Sang Hridika. Dene Sang Maharsi Baratwaja ingkang sengsem dhateng kasutapan, nalika kamanipun korut, lajeng kadekek wonten ing klenthing, dupi sampun sangang wulan laminipun, kama lajeng dados jabang bayi, pawingkingipun sinebut Maharsi Drona (wredinipun ingkang kalahiraken wonten ing klenthing). Dene kamanipun Resi Ghotama dhumawah wonten ing parumputan ingkang ngrembuyung, sareng sampun dumugi lekipun lajeng dados jabang bayi dhampit, ingkang estri sinung nama Krepi, dhaup kaliyan Resi Drona, apuputra Resi Aswatama. Dene jabang bayi ingkang jaler paparapipun Resi Krepa. Kawuningana, Sang Dresthadyumna ingkang cahyanipun sumorot kadi Bathara Agni, punika dumados saking latu sasaji, wiwit samiyosipun sampun sikep langkap ingkang pinandhi, ing tembe kangge pangrisakipun Resi Drona. Dewi kresna (Drupadi) ingkang sulistya ing warni sarta sarwa mantesi, pasemonipun angresepaken, punika mijil saking papan pirantos wadhah sajen. Anjawi punika panunggilanipun malih ingkang sami kamiyosaken ing marcapada inggih punika; Sang Nagnajit tuwin Sang Suwala, kalih pisan punika sami siswanipun Sang Pralada. Sang Suwala apuputra Sakuni, inggih punika ingkang dipun esotaken para dewa dados pangrisaking manungsa, saha minangka mengsahing kautaman. Sang Suwala ugi darbe putri paparab Dewi Gandari ibunipun Sang Duryudana. Kacariyos Sang Sakuni tuwin Dewi gandari punika wontenipun ing marcapada sami jinurung ing kabegjan. Sang Maharsi Dwipayana, apuputra mijil saking putri randhanipun Sang Wicitrawirya, kakalih ingkang sepuh paparap Prabu Drestarastra, dene putra ingkang enem Prabu Pandhu. Kajawi putra ingkang mijil saking putri randha kakalih wau, Sang Maharsi ugi kagungan putra ingkang mijil saking pawestri bangsa sudra, dipun namekaken Widura. Sang Widura punika limpat ing budi, putus dhateng kawruh agama tuwin kawruh kamulyan, saha sampun kinalisaken saking saliring dosa. Awit saking sih parimarmanipun para dewa, Prabu Pandhu apuputra gangsal mijil saking garwa kakalih. Putranipun Prabu Pandhu gansal wau prasasat dewa angejawantah, ingkang pambajeng paparap Prabu Yudhisthira, turasipun Bathara Darma (Bathara Yama dewaning adil). Panenggakipun Sang Bima, dremba kadi dene sima, punika turasipun Bathara Maruta (dewaNing angin). Panengah Sang dananjaya, kakasihipun dewa, ageng kanugrahanipun, saha tutungguling para sikep dadamel, punika turasipun Bathara Endra. Sang Nakula tuwin Sang Sadewa, sami sulistya ing warni, saha wasis alalados, punika sami turasipun Bathara Aswin (dewa kembar).
Kawuningana, Sang Prabu drestarastra punika putranipun satus, inggih punika Sang Duryudana saha kadang-kadangipun sadaya, sarta wonten malih satunggal ingkang mijil saking pawestri bangsa wesya, paparapipun Sang Yuyutsuh. Para putra satus satunggal wau ingkang dados maharata (titindhihing wadyabala wahana rata) wonten sawelas, inggih punika; Sang Dusasana, Sang Dusaha, Sang Durmarsana, Sang Wikarna, Sang Citrasena, Sang Wiwingsati, Sang Jaya, Sang Satyawrata, Sang Purumitra, tuwin Sang Yuyutsuh, sewelasipun Sang Duryudana. Dene Sang Abimanyu punika putranipun Sang Arjuna, mijil saking Dewi Subadra, kadangipun Sang Wasudewaputra, dados Sang Abimanyu wau wayahipun Prabu Pandhu ingkang kaloka ing jagad. Para Pandhawa gansal anggenipun ngrama Dewi Drupadi, apuputra gangsal. Para putra gansal wau sami pekik-pekiking warni, sarta putus dhateng asliring kawruh. Dewi Drupadi kaliyan Sang yudhisthira puputra satunggal nama Pratiwindya. Kaliyan Sang Wrekudara nama Sang Sutasoma. Kaliyan Sang Arjuna nama Sang Sutakirti. Kaliyan Sang Nakula nama Satanika, dene kaliyan Sang Sadewa nama Sang Srutasena. Sang Bima nalika wonten ing wana anggarwa Hidhimbah, lajeng puputra Sang Gathutkaca. Sang Drupada kagungan putri ingkang sisilih Dewi Shikandhini, diwasanipun lajeng kadadosaken priya dening satunggaling yaksa nama Stuna, pamrihipun namung kangge raharjanipun Sang Dewi piyambak.
Rikala prangipun Pandhawa kaliyan bangsa Kuru, para narendra ingkang tumut magut yuda kathahipun nagtos maewu-ewu. Kathahing wadyabala sampun tanpa petangan. Kula boten saged mratelakaken asmanipun satunggal-satunggal, awit upami kula aturaken sadaya, bok manawi saleksa tahun saweg telas cariyos Bharata punika, mila ingkang kula aturaken wonten ing ngarsanipun Sang Prabu punika, namung ingkang kula aturaken wonten ing ngarsanipun Sang Prabu punika, namung asmanipun para tutunggulipun, dalah lalampahanipun kemawon, kados ingkang sampun kawursita ing babad Bharata.
Dumugi semanten wekasanipun bab kaping suwidak tiga saking cariyos Adiwangsawatarana ing Adiparwa.

BAB LXIX
SAMBETIPUN ADIWANGSAWATARANA

Prabu Janamejaya ngandika: Dhuh sang brahmana, kathahipun para narendra tuwin para maharaja ingkang sampun salingga bathara, kados ingkang sampun jengandika dhawuhaken wau, ngantos maewu-ewu, punika wigatosipun punapa, dene sami kamiyosaken dhateng marcapada. Dhuh ingkang sinung nugraha, kula kepengin priksa, mugi jengandika kaparenga nyariyosaken.
Resi Wesampayana matur: Dhuh nata binathara, sayektosipun pandangon paduka punika prakawis kekeran, sanadyan wonten ing jamaning para dewa pisan ugi taksih winados, ewadene, sasampunipun kula manembah ing padanipun ingkang dumados tanpa karana, prakawis punika badhe kula aturaken sadaya. Wiyosipun sasampunipun Sang Parasurama putranipun Resi Jamadagni anyirnakaken para satriya salumahing bantala. Sang Parasurama anggenipun amrih sirnaning para satriya punika dipun lampahi lalana ngideri bawana ngantos rambah kaping tiga. Saben sarambah-rambahanipun dipun ambali malih kaping pitu. Dhuh sinuhun ing ngarcapada, sasampunipun kacuresan satriya priya, putrining satriya ingkang arsa ambangun tuwuh lajeng sami amasrahaken sariranipun dhateng para brahmana. Dhuh sang prabu, para brahmana ingkang sami tetep-tetep ing sasanggeman, ugi lajeng kapareng carem kaliyan para pawestrinipun bangsa satriya ingkang sami masrahaken dhirinipun wau. Ananging tumindakipun makaten wau namung manawi pawestri punika pinuju ing wanci tuwuh wijinipun, dados boten ing sawanci-wanci kados lekasipun tiyang ingkang namung kasurung dening kepenginipun badhe carem kemawon. Awit saking punika, mila ngantos maewu-ewu putrining satriya ingkang anggarbini, temahan lajeng kathah para satriya sura sekti, tuwin putri linangkung ingkang sami kamiyosaken wonten ing arcapada. Inggih rikala samanten punika tuwuhipun bangsa satriya malih, dados para satriya ing jaman samanten wau ibunipun bangsa satriya, dene sudarmanipun brahmana ingkang sami ambangun tapa, pramila para satriya enggal wau sami antuk nugrahaning dewa, yuswanipun panjang-panjang, pambeganipun saya dangu saya utami. Dene kawontenanipun bangsa warni sakawan sampun boten gothang malih. Ing jaman samanten caremipun priya kaliyan estri boten ing sawanci-wanci anuruti hardanipun. Dhuh pepethinganing darah Bharata, makaten ugi lalampahanipun titah sanes-sanesipun inggih sami wonten mangsanipun piyambak-piyambak, sanadyan peksi anggenipun nunggili estrinipun ugi anut mangsa. Dhuh pangayomaning bawana, ing jaman samanten kathahipun para ambeg utami ingkang kawiyosaken wonten ing marcapada ngantos mayuta-yuta, mila lajeng adamel ngrebdanipun kautaman ing jagad. Sadaya titah sami tinebihaken saking raos sisah, sarta linepataken saking sasakit. Dhuh pepethinganing narendra, ing jaman samanten bawana ingkang sakalangkung wiyar punika, dalah redi-redi, wana, tuwin kithanipun lajeng dipun wengkoni para satriya malih. Manawi jagad punika dipun erehaken satriya utami, mangka pengajengipun brahmana saestu kaebegan ing kasenengan sarta kamulyan. Kawuningana, ing nalika samanten para narendra sami tilar saliring reh ingkang tuwuh saking harda sarta kanepson, mila dhumawahing pidananipun tamtu ngadil. Makaten lekasipun para narendra anggenipun ngasta pusaraning praja kanthi kautaman. Jawata ingkang anetra sasra saha ingkang wenang nampeni sasaji satus (Bathara Endra) anggenipun nurunaken jawah wonten panggenan ingkang kedah tinurunan jawah, sami tetep mangsanipun, wasana sadaya ingkang sarwa tumuwuh sami manggih kamulyan. Dhuh narendraning bawana, rikala samanten boten wonten titiyang ingkang pejah taksih nem-neman, boten wonten tiyang estri ingkang katingal sepuh. Dhuh bebanthenging tedhak Bharata, sadaya sakathahing manungsa ingkang sami dumunung wonten ing bawana, panjang-panjang umuripun. Para satriya sami nindakaken sasaji ageng-ageng sarta dadana mas picis raja brana tanpa kendhat. Para brahmana sami putus dhateng Wedha dalah saperang-peranganipun, sarta Upanisad. Dhuh sinuhun, ing nalika samanten boten wonten brahmana dagang Wedha, pikajengipun: mulangaken Wedha mawi epahan, saha boten wonten ingkang maos Wedha ngantos sora wonten ing ngajengipun sudra. Para wesya anggenipun ngolah siti kanthi pitulunganipun lembunipun, nanging boten nate mandamelaken raja kayanipun langkung saking taker, dene ingkang kera-kera sami dipun upakara kalayan ngatos-atos, boten wonten tiyang meres lembu, bilih pedhetipun dereng saged nedha sanesipun kajawi nesep. Punapa dene para dagang sambiwara boten wonten ingkang nyidra timbangan saha takeran. Dhuh pepethinganing jagad, sadaya tiyang sami lampah utami, sarta niti dhateng solah bawanipun. Dhuh sinuhun, bangsa sakawan pisan: brahmana, satriya, wesya, tuwin sudra, sami netepi darmanipun piyambak-piyambak. Dhuh sardulaning para satriya, mila rikala samanten kautamen boten nate suda ajinipun. Dhuh bebanthenging tedhak Bharata, tiyang estri anggenipun anglahiraken jabang bayi sami tetep mangsanipun lahir, punapa dene lembu anggenipun ngedalaken pedhetipun ugi makaten. Nyekar saha nguwohipun sadaya wit-witan sami tetep ing mangsanipun piyambak-piyambak. O sinuhun, jaman kreta (kretayoga) anggenipun biyantu dhateng lampah kemajenganipun sadaya dumados tetep, ing saindenging bawana sami tata raharja gemah aripah. Dhuh bebanthenging tedhak Bharata, salebetipun ing marcapada nugrahanipun makaten wau, para asura lajeng wiwit lahir dados darahing narendra. Awit para putranipun Dewi Diti (para ditya) tansah dipun lawan ing prang dening para putranipun Dewi Aditi (para dewa), mila saya kalindhih pangwasanipun, temahan boten kaduman papan wonten ing kaswargan, sarta lajeng sami tumurun dhateng ing marcapada. Dhuh sinuhun, para asura ingkang linangkung kaprawiranipun lajeng sami kepengin darbe pangwasa ageng wonten ing marcapada, sarta sami lahir dados sato kadosta: lembu, kapal, kuldi, unta, mahesa, dirada, sangsam, tuwin bangsaning raksasa. Dhuh pangayomaning bawana, awit saking angkaranipun para asura ingkang sampun dangu, utawi ingkang sawek tumurun dhateng marcapada wau, jagad prasasat boten kuwawi dipun dunungi. Para putranipun Dewi Diti tuwin Dewi Danu ingkang sami kaplajeng saking kaswargan, wontenipun ing marcapada pinten-pinten ingkang dados narendra, wonten ingkang ambegipun adigung, utawi deksura sanget. Para asura wau sami sura sekti mandraguna, saha tansah aneluk-nelukaken mengsahipun. Kalampahan lajeng saged mangwasani jagad ingkang kinepang ing samodra punika, mangreh para brahmana, satriya, wesya, tuwin sudra, sarta titah sanes-sanesipun. Dhuh sinuhun, para asura wau sami golong-golongan ngantos atusan, malah inggih maewu-ewu, anjajah salumahing bumi, patrapipun anggigirisi, sarta memejahi sawarnining titah. Saya dangu saya andadra angkaranipun, awit angendelaken kasektenipun, wasana lajeng sirna kasusilan sarta kautamenipun, sami dhateng prtapan nyawiyah para maharsi ingkang sami ambangun tapa.
Dupi jagad sampun kandhih dening para asura ingkang sami kinawasa, santosa, linangkung kasektenipun saha julig-julig, para ingkang sami kawajiban nyanggi jagad, kadosta: Nagarajasena, para ratuning bulus, ratuning dirada, tuwin para sesa pinten-pinten rumaos sami boten kuwawi nyanggi buwana ingkang sampun kaebegan ing para danawa wau, mila lajeng sami sowan ing ngayunanipun Hyang Brahma. Dhuh sinuhun, jagad ingkang sampun rumaos kawratan ing sasanggan punapa dene kanthi raos giris enggal umarek ing ngarsanipun Hyang Brahma nyuwun pangayoman. Rikala samanten Hyang Brahma ingkang nitahaken bawana saisen-isenipun sarta ingkang boten wang-wang dhateng karisakan, pinuju siniwaka ingadhep para jawata, brahmana, tuwin para resi ingkang sami ageng kabegjanipun, punapa dene ingadhep saha tansah linuhuraken dening para gandarwa tuwin hapsara ingkang lebda dhateng lalados. Kacariyos, dupi bawana sampun dumugi ing ngayunanipun Sang Hyang Brahma, lajeng manembah. Dhuh tutungguling narendra tedhak Bharata, jagad saking kepenginipun angsal pangayoman wonten ing ngayunanipun Hyang Brahma lajeng ngunjukaken sadaya kawontenaning lalampahan. Dhuh sinuhun, sayektosipun Sang Hyang Brahma gustinipun sagung tumitah, sarta ingkang maha luhur tuwin ingkang dumadosipun saking karmanipun pribadi, punika sampun boten kasamaran dhateng sadaya wau. Dhuh narendraning bawana, Hyang Brahma kamulanipun sadaya dumados, inggih ingkang jujuluk Bathara Hisa, ugi Bathara Sambu, utawi Bathara Prajapati punika, sarehne ingkang nitahaken sadaya kawontenan sampun boten kasamaran dhateng saobah osikipun sadaya dumados dalah paar jawata tuwin asuranipun pisan. Mila dupi wonten unjukipun jagad ingkang makaten wau lajeng paring dhawuh, “E, sira kang minangka dadi papan parumataning rajabrana, panyuwunira ingsun parengake, para kang padha dumunung ana ing kaswargan bakal padha ingsun dhawuhi ngayomi marang sira.”
Resi Wesampayana nglajengaken cariyosipun: Sasampunipun Hyang Brahma ngandika makaten, saha paring nugraha dhateng jagad sarta sasampunipun jagad madal pasilan, enggal animbali para jawata ingkang lajeng dipun pangandikani, “E, para jawata. Ing mangsa iki jagad rumangsa wus ora kuwat kadunungan para asura, mula sira padha ngayomana, sarta tumuruna marang marcapada, dene lakume manut sapamrayoganira dhewe-dhewe. Para asura kang ana ing marcapada padha lawanen ing prang.” Anjawi punika Hyang Brahma ugi animbali para gandarwa, tuwin para hapsara, sarta sami dipun dhawuhi makaten, “E para gandarwa lan para hapsara. Sira padha tumuruna marang marcapada, sira ingsun wenangake mawujud ing sakarepira. Wis nuli padha mangkata.”
Bathara Endra tuwin para jawata sanes-saanesipun sami nyandikani dhawuh timbalanipun Hyang Brahma, amargi dhawuh wau prayogi sanget, mila lajeng nedya sami dipun estokaken. Para jawata sasampunipun rampung anggenipun sami parepatan, badhe lajeng tumurun dhateng ing marcapada, sarta sami mawujud saprayoginipun piyambak-piyambak. Ananging saderengipun pangkat dhateng marcapada, badhe dhateng ing kahyangan Bekunta rumiyin, marek ing ngarsanipun Hyang Narayana pangrurahing satru sekti ingkang sikep dadamel cakra tuwin gada, punapa dene ingkang mangagem sarwa murub, saha prabanipun sumunar, puseripun wonten sekaripun tunjung. Utawi dewa pangrurahing mengsahipun para dewa, ingkang tansah mandeng pranajanipun (patraping semadi). Sasembahanipun Hyang Prajapati, saha ngratoni para jawata. Linangkung pangwasanipun. Pranajanipun aciri jantra kamulyan, sarta ingkang murba masesa dhateng wawatakanipun sadaya manungsa, tuwin dados sasembahanipun para dewa. Dupi para dewa sampun dumugi ing ngarsanipun Hyang Hari, Bathara Endra lajeng manembah sarwi umatur, “Dhuh pukulun, mugi paduka keparenga manjanma.” Dhawuhipun Sang Hyang Hari, “Hiya, ingsun uga bakal ngleksanani panywunira iku.”
Dumugi samanten telasipun bab kaping sawidak sakawan saking Adiwangsawatarana ing Adiparwa.


BAB LVX
SAMBAWAPARWA

Resi Wesampayana nglajengaken cariyosipun: Sang Hyang Endra para jawata tuwin Bathara Narayana sami wiraosan praakawis anggenipun Hyang Narayana badhe miyos dhateng marcapada kalayan para jawata. Hyang Endra sasampunipun andhawuhaken prakawis wau dhateng para dewa, lajeng wangsul dhateng Kaendran malih. Ing nalika wau para jawata lajeng sami manjanma dhateng marcapada, wigatos badhe mangrurah para asura, murih kamulyanipun bawana. Dhuh papethinganing tedhak Bharata, para dewa wau saweneh wonten ingkang dados Brahmarsi, tuwin raja pandhita, lajeng sami anyirnakaken para danawa, raaksasa, gandarwa, naga, titah ingkang mangsa janma, tuwin sanes-sanesipun malih sakalangkung kathah. Dhuh bebanthenging satriya darah Bharata, saking santosanipun para jawata ingkang sami manjanma wau, boten saged kasoran kaliyan para danawa, raksasa, tuwin para naga, sanadyan ingkang dereng diwasa pisan, dewa ingkang sami manjanma wau, ugi boten saged kalindhih dening sadaya wau.
Prabu Janamejaya ngandika: Dhuh sang resi, ingkang rumiyin kula kapengin mireng lalampahan dumadosipun para jawata, danawa, gandarwa, hapsara, manungsa, yaksa, tuwin raksasa. Sasampunipun punika, sang maharsi mugi lajeng nyariyosna dumadosipun titah sanes-sanesipun malih.
Resi Wesampayana ngandika: Prayogi sinihun. Kula sumungkem ing padanipun ingkang dumados saking pangwasanipun pribadi. Sumangga mugi dipun gatosna, kula badhe nyariyosaken kawontenanipun para jawata, tuwin titah sanes-sanesipun ngantos salesih. Wiyosipun Sang Hyang Brahma punika apuputra jawata agung (Maharsi kaswargan) cacahipun nem inggih punika: Hyang Marici, Hyang Hatri, Hyang Hagiras, Hyang Pulastya, Hyang Pulaha, tuwin Hyang Kratu. Hyang Marici apuputra Mahrasi Kasyapa (Hyang Kasyapa), inggih saking Bathara Kasyapa punika pinangkanipun sadaya titah 484.
wontwn bacutipun
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.