Alhamdullillahirobil alamin....
Wonten ing siang menika taksih ngraosaken kesehatan lan nikmat saking Allah Swt. suasana lebaran utawi bodo taksih karaos wonten manah kita. Sinambi godog kupat lan lepet lan nenggo masakipun. kula badhe nyerat cariyos Kupat lan lepet. Kula pertados mungkin hasilipun nyerat kathah sanget kekiranganipun nanging mboten dados menopo nggeh?

Kaliyan nikmati liburan lan ngraosaken suasana silaturahmi kaliyan keluarga sampun romaos bingah sanget. Pangapunten kula aturaken kagem sedaya ingkang nglodangaken wekdalipun maos coretan ingkang tebih saking sampurna saking kawula. Sampun lumayan dangu mboten nyerat, saklerese wonten raos kangen sanget sami kaliyan kula ngraosaken kangen kalih panjenengan hahaha...sinten kinten-kinten geh?
Wekdal punika taksih wekdal riyaya mboten wonten klentunipun menawi kula ngaturaken lepat kula kagem sedaya bapak Guru wonten ing BGM pak guru Lativi, pak guru Alam Endah, pak Guru Al-Fata, pak Guru Masdad, bunda amel, mb ayu, bu Nining, pak Taufiq, lan rencang sedanten ingkang mboten saget kula sebat. Sepindah malih ngaturaken Gilir Gumanti padhang tetrawangan ing wayah ratri, kawula ngaturken sugeng riyadin sugeng karaharjan, rena ing penggalih kawula nyuwun agunging samudra pangaksama lahir trusing bathos, migio tansah winengku ingvkaraharyon lan widada sambikala. selajenge pangapunten menawi telat tugasipun hahaha...
Sampun dhahar kupat napa dereng? Monggo sami dahar kupat wonten siang menika.
Kupat kaliyan lepet inggih punika dhaharan tradisional saking tlatah Jawi. Piyantun Jawa/leluhur Jawa kagungan istilah, satindhak sapecak anggone paring tuladha kagem putra lan wayahipun (cucu). Kanthi pralambang, pasemon, ugi mawa simbol. Salah satunggale watak piyantun Jawi inggih punika Lantip ing panggaruta, alus ing suba sito, tata krama lan solah bawa. Sak lakune utawi tindhak lampahe mesthi dipun penggalih riyin kanthi wening ing saklebete pikir. Mboten angger mlampah semau gue dong hahaha..lan mboten asal tumindak. Laku brata lan laku pasa mungguhing tiyang Jawi sampun kados sekul lan jangan (sudah seperti nasi sama sayurnya) ugi dados pakulinan/kebiasaan.
Laku pasa ugi laku Bratawonten ing Jawa dipun laksanaaken piyantun kang nggadahi pangangkah utawi sinedya (cita-cita kang minulya) dalam bahasa indonesia mempunyai cita-cita kang Luhur. Piyantun jawi mesthi nglampahi laku siam mutih, siam ngebleng, siam senin kamis lan siam sanesipun. Cundhuk kaliyan lampahipun piyantun Jawi menika. Ajaran Agama Islam ingkang nggadahi ajaran nglampahi siam wonten ing wulan Ramadlan. Kagem piyantun Jawa nglampahi Siam Ramadlan mboten perkawis ingkang werat lan angel. Malah cocok ugi trep kaliyan kahanan, pakulinan, adat lan budaya Jawa.
Kagem nglamapahi Rukun Islam, Para wali yasa wonten ing tembang “Ilir-Ilir” Wonten ing tembang niku wau wonten syair kang gatranipun kadhos makaten :
Cah angon, cah angon penekna blimbing kuwi
Lunyu –lunyu penekna, kanggo mbasuh dodot ira
Saindenging Jagar Jawa, ingkang dipun wastani blimbing mesthi ana limang lining. Liningan niku cacahipun wonten gangsal ( semua blimbing pasti mempunyai 5 garisan ). Liningan kang wonten cacahipun gangsal menika nggambarake menawi Rukun Islam niku wonten gangsal cacahipun. Sedanten nggambarake Tembung kalimat Syahadat, wonten ing istilah pewayangan dipunwujudaken lumantar pusakanipun Punthadewa kang aran “Jimat kalimasada”. Ilat Jawi yen dipun dhawuhi mungel “kalimah syahadah” niku kangelan dadosipun “kalimasada”.
Saksampune nglampahi siam sewulan wontene kanthi raos bingah sami ngrayaake dinten kemenangan kang arane bada. Wonten ingkang nyebat bakda utawi lebaran. Wonten ing bada niku, sakwontene piyantun jawi kapara sak Indonesia mesthi damel kupat lan lepet. Panjenengan damel mboten ? heheh...
Sunan Kalijaga piyantun kang sepindhahan ngenalaken wonten ing masyarakat Jawa. Sunan Kalijaga maringi tradisi ingkang taksih dipun uri – uri masyarakat Jawi. Inggih punika kaping @2 BAKDA, Bakda lebaran lan Bakda Kupat kang dipun wiwiti seminggu sak bakdane Lebaran.
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.