sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Wednesday, February 2, 2011
PR Basa Jawa
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Jam 18.04 rampung anggonku futsal neng Kenari Mas. Motor silihan sing tak tumpaki banjur tak untir nganti bengok-bengok supaya bisa tekan kantor maneh lan isih keduman Maghriban. Alhamdulillah jam 18.20 wis tekan kantor ing tlatah Senen, Jakarta Pusat. Maghriban dhisik neng musholla cuilik kantor isih entuk jama'ah bareng Fitri arek Bagian Logistik.Bubar sholat, komputer tak uripke, ndelengi laporan wulan sing durung rampung. Alhamdulillah ana sawijining cabang sing awan mau nggandhul, saiki wis isa dirampungi. Telipun gegem sing isih neng tas futsalku njerit-njerit, menehi pratanda menawa ana pawongan sing pengin ngendikan marang aku. Kewaca neng layare N2116 lawas jeneng sing tansah dadi gantilanku....'Ummi Sayangku' wah... bojoku nelpun iki.
Keprungu swara ing talipun saka Karanganyar-Solo ...'Bi, ajari gawe PR.' Anakku lanang sing nembe kelas papat SD nyuwun diwuruki gawe PR. 'PR apa nak?' pitakonku marang deweke. 'Gawe surat ijin ora mlebu sekolah amarga sakit ning nganggo Basa Jawa.' Gubrak!!!!
Tak awiti gawe layang idi kanthi ndekte anakku lanang. 'Katur dumateng bla.bla.bla......' alhamdulillah rampung, sanajan akeh ukara sing anakku durung ngerti karepe, nanging PR-e wis rampung. Kapan aku bisa kumpul banjur muruki sakabehing kabecikan marang kulawargaku.... Allohu Akbar.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.