sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Showing posts with label Nama. Show all posts
Showing posts with label Nama. Show all posts
Wednesday, August 12, 2009
"Ibrahim", iku asmane Nabi Agung utawa jeneng teroris?
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Dina iki kepolisian RI ngumumake hasil identifikasi para jenazah sing gegayutan karo teror bom ing Mega Kuningan 17 Juli 2009 kepungkur. Bareng tekan pengumuman identifikasi jenazah saka Beji, Temanggung, kepolisian meshtekake menawa iku jenazahe Ibrohim, petugas florist ing Hotel The Ritz-Carlton. Sanadyan gembong teroris Noordin M. Top durung klakon karangket, kawiyake Ibrohim minangka 'manager' pengeboman hotel JW. Marriott lan The Ritz-Carlton iku cukup gawe mareme masyarakat. Apese kepolisian RI lumantar Densus 88 wus ngatonake cikat-trengginase anggone tumandang mbrasta para teroris, nglacak para pelaku bom ing hotel loro iku.Sing marahi gawe prihatine awake dhewe kabeh yaiku rikala ngerti menawa salah sijine pelaku bom bunuh diri iku Dani Dwi Permana, bocah tanggung umur 19 tahun, sing ora kanyana babar blas dening kulawarga lan tangga teparone. Jaringan teroris migunaake bocah sing isih labil pangolahing rasa lan kadiwasane, dipikut srana doktrin-doktrin sing katone nengsemake nanging nasar saka laku agama sing bener! Saka bab iki, bola-bali kudu dielingake menawa kukuhing kulawarga iku penting banget kanggo mekare kapribadene bocah-bocah.
Ana prakara siji maneh sing mbok menawa tumrape khalayak umum ora pati digagas, yaiku bab Ibrohim sing nyata-nyata gedhe banget perane ing prastawa bom bunuh diri iku. Sing marahi aku nebah dhadha: asmane Nabi Agung Ibrahim wus kapacak dadi jenenge pawongan sing jebule teroris! Apa Mas Ibrohim iku ora mangerti, kenangapa kok diparingi pusaka asma nyilih asmane Nabi Ibrahim? "Ibrahim" utawa "Abraham" iku nduweni werdi "bapane wong-wong sing pitaya". Yen Mas Ibrohim ngerti werdine, lha kok teka-tekane dadi kaya ngono?! Kamangka, rama-ibune Mas Ibrohim mesthi kagungan kekudangan sing becik srana nyilih asmane Nabi Ibrahim kaparingake marang putrane iku. Awit, "nama iku kinarya japa", jeneng iku ngemu dedonga....
Dadi saka pangrasaku, sadurunge ana lelakon teror bom ing Mega Kuningan iku, sejatine wus ana lelakon teror sing ngrusak marang pangerti sing pener mungguhing werdining jeneng, kepara malah teror marang donga sing rina-wengi kasandhang dening anaking manungsa sing pinaringan tetenger "Ibrohim" iku!Aaaaah... aku isih tebah-tebah dhadha, karo mbayangake bingunge bocah-bocah cilik sing menangi lelakon iki. "Anak-anak, Ibrahim itu siapa?" pitakone guru agama. "Teroris...!!!" saruwene bocah-bocah.
Astagfirullah...!!! [skd]
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Tuesday, October 2, 2007
Nama kinarya japa
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Saben-saben aku mlebu ing sawijining komunitas utawa forum, biasane ana wektu kanggo pitepungan. Apese ana lembaran daftar-hadir sing diisi kanthi gilir. Ana kolom jeneng, alamat, nomor telpun, pakaryan, lsp. Lha, saben ngenalake awakku sacara lisan utawa tulisan, aku mesthi dielingake kekudangane wong tuwaku rikala maringi tetenger marang aku. Sanadyan mung saktleraman, ananging kanggoku iku ana wigatine. Sebab rikala bapak-simbok nemtokake jeneng kanggoku mesthine ora mung sakecele. Ana unen-unen "nama kirnarya japa" - jeneng iku mujudake dedonga tumrape kang nganggo. Mesthi wae dongane apik! Apa ana wong tuwa kang memuji ala kanggo para putrane?Kejaba donga, jeneng uga dadi "pusaka". Mula, menehi jeneng marang bocah sok disebut "maringi pusaka asma". Kamangka sing kaaran pusaka iku biasane ngemu surasa "warisan, peparing kang kudu dipepetri" lan uga "piandel, kekuwatan, gaman". Dak kira yen dionceki maknane isa jero banget. Bapak-simbok mbokmenawa pancen dudu golongane wong sugih bandha lan pangkat. Sing diduweni mung warisan arupa "kekasih" yaiku awujud katresnane bapak-simbok marang awakku. Katresnan sing kinanthen donga lan disandhangake minangka tetenger tumraping uripku, sabanjure dadi kekuwatanku anggone andon laku urip ana ing bebrayatan agung. Katresnan sing kinanthen donga iku pinercayaake marang aku supaya diwujudake lan dicakake ana ing urip padinan. Dadi, wis samesthine menawa pusaka asma kang dak sandhang iku merbawani mligine kanggo uripku dhewe dhisik.
Mula prayoga yen aku panjenengan kabeh mangerteni apa ta werdine jeneng utawa asma kang wus kasandhang. Perlune supaya tansah eling marang kanugrahan asma iku lan gegayuhan luhur kang dipasrahake marang awake dhewe.Jenengku Sukandar. "Su" iku "becik, apik". Dene "kandar"? Lha iki, aku dhewe rada bingung mangerteni. Rikala miterang marang bapak, jarene tegese "katresnan, kasih". Nanging yen dak waca ana ing kamus bahasa Indonesia, "kandar" kuwi tegese "sopir"! Ah, kabeh apik! "Katresnan sing becik" utawa "sopir sing becik" loro-lorone padha apike. Dhasare aku iki anak barep, dadi ya memper yen kudu dadi sopir utawa ngesuhi tumraping adhi-adhiku, munggahe tumrap kabeh wong sing dipercayaake marang aku! Sopir sing kebak ing katresnan!
Hehehe... dadi rada nggembelo sirahku marga mongkok! Sanadyan ya rada manteb anggone nyangga. Ya muga-muga wae aku ora kabotan nyangga jeneng iku. Aku mung percaya wae, awit jenengku itu dedongaku uga. Gusti lak ya tansah paring kekuwatan marang aku.
Hayo... kagungane asma apa werdine? Yen durung priksa, nyuwuna priksa marang bapak-simbok utawa...simbah! Hehehe...
Aku percaya, asma panjenengan dongane mesthi apik!
Salam, lan berkah Dalem Gusti!
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Posts (Atom)