Showing posts with label Nostalgia. Show all posts
Showing posts with label Nostalgia. Show all posts

Friday, January 30, 2009

"Ngluku"

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info


"Ngluku" utawa "mluku" iku salah sawijining cara tradisional nggarap sawah ing mangsa plabuh. Ing jaman modern saiki awake dhewe wis arang mrangguli kadang tani ngirit kebo utawa sapi karo manggul luku menyang sawah. Biasane para kadang tani wus migunaake traktor kanthi nyewa marang sing duwe alat iku. Mula rikala adhiku ketemu paklik sing lagi ngluku esuk-esuk ana ing ereng-ereng Menoreh tlatah Nanggulan, Kulonprogo, DIY, age-age dheweke njupuk gambare. Eee... mbok menawa bisa dituduhake marang sanak-sedulur mudhune marang anak-putu sing durung tau weruh pakaryan kaya mangkono, mumpung durung "punah"!

Jaman aku isih cilik, yen wis mangsa plabuh (bubar panen banjur miwiti garap sawah maneh) bapak wis tau ngajak aku budhal menyang sawah saperlu ngluku. Wektu iku traktor isih arang banget. Bapak manggul luku, dene aku manggul pasangan karo brangus (emane ing gambar ndhuwur iku sapine ora dibrangus, dadi ora katuduhake wujude - brangus dianggokake ing congore kebo/sapi kareben ora mandheg mangan suket sajrone nyambut gawe). Gandheng nggonaku mung duwe kebo siji, minangka ganepe nyilih kebo kagungane pakdhe sing bareng-bareng digiring menyang sawah. Budhale wayah esuk mangsane embun durung ilang. Mesthi wae sadurunge sarapan dhisik, mangan jadah utawa sega pandha (sega gurih sing ditutu kaya jadah) lawuh tempe bacem, karo ngombe wedang teh manis. Sebagean digawa menyang sawah kanggo sangu. Jaaaan... nyamleng temenan! Sing marahi aku seneng melu bapak ngluku (utawa nggaru) marga sisan golek welut! Welut-welut sok padha katon ing tilas lakune luku!

Bakda diluku sawahe isih dipaculi, diidak-idak, dirata-rata utawa digaru, banjur ditanduri pari. Dadi, pakaryan ngluku tujuane mung kanggo malik lemah supaya luwih kendho sawuse padhet sasuwene mangsa tuwuhing pari. Luwih-luwih yen lemahe bera utawa suwe ora ditanduri. Kadhang kala pancen para kadang tani sengaja mberaake sawahe supaya lemahe leren "ambegan" dhisik. [skd]

Yen kepingin ngundhuh gambar-gambar ing slideshow iku ana ing kene: [KLIK].
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Wednesday, January 30, 2008

Ki Hadi Sugito miturut pengalamanku

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Alm. Ki Hadi SugitoWektu iku dina Sabtu malem riyaya Paskah - kira-kira aku kelas I SD - bubaran seka greja aku langsung diajak mulih karo Bapak. Kamangka aku pingine langsung nonton wayang ing tangga desa ora adoh saka greja. Dhalange Ki Hadi Sugito, dhalang sing wis dak senengi sanadyan aku isih cilik. Lakone Semar Mbangun Khayangan. Jarene Bapak, apike aku turu dhisik, kira-kira pas Gara-gara mengko lagi budhal nonton. Aku manut bae. Tekan ngomah banjur mapan turu. Udan grimis, kepenak banget kanggo bablas turu.

Nglilir-nglilir jebul wis gagat rahina, aku kebablasen! Gregah tangi turu, ngogrek-ogrek Bapak karo rada dhongkol, meksa Bapak kudu ngeterake aku nonton wayang. Pangarep-arepku mbokmenawa isih komanan perang. Bapak ora kersa. Aku nangis gulung-gulung karo muring-muring. Sidane Bapak terus nyandhak sepeda onthel mboncengake aku mangkat menyang nggone sing nanggap wayang. Esuk iku isih grimis. Ning pokoke mangkat.
Seka kadohan pancen wayange isih ngungkung. Surake penonton lan gumyahing gamelan isih keprungu. Atiku silak kemecer kepingin enggal tekan. Bapak anggone ngonthel pit rada banter. Grimis lan lunyune dalan ora digubris. Nanging saking lunyune, aku sakloron malah kepleset, gubraaaak! Aku karo Bapak glangsaran nang pinggir dalan, gluput kena lemah teles. Ewa semono aku tetep nguyak kudu nerusake laku.

Esuk iku nasibku pancen lagi apes! Tekan nggone, mung kari komanan kalahe Bethara Guru mungsuh Ki Lurah Semar, sing banjur diterusake Tancep Kayon! Getunkuuuuu.... Mangkelkuuuuuu... tekan ubun-ubun! Menyang mulih karo mbrambangi. Tekan ngomah aku nesu, ngambeg sedina! ***

Ki Hadi Sugito in actionKasenenganku karo wayang kulit wus diwiwiti rikala aku isih cilik. Sak sedulur, wiwit seka simbah nganti tekan putu-putune sing lanang, kabeh padha seneng wayang. Simbah karo Bapak senengane Ki Timbul Hadiprayitna. Aku lan anak-anake mBokdhe senenange Ki Hadi Sugito. Sasat saben bengi radio ora tau kendhat mung disetel siaran wayang kulit. Dolanan wayang wiwit saka gambar umbul, gawe wayang seka papah jendal (tela pohung), nganti gawe wayang seka karton, kabeh dak duweni. Aku isih kelingan, wayang sepisanan sing dak gawe yaiku Bagong. Tokoh Punakawan iku pancen dak senengi, jalaran lucu! Apa maneh yen sing ndhalangake Ki Hadi Sugito! Jan, kaya urip temenan kae.

Dak akoni, sing marahi aku seneng karo wayang kulit ora liya kajaba Ki Hadi Sugito sing anggone nyanggit marakake gampang ditampa dening sapa bae. Ing atase aku cah cilik bae isa dadi kepranan. Suwarane gandem, antawacanane titis, antarane tokoh siji lan sijine katon urip. Ora nonton langsung wae, pamiarsa isa kagawa ing imaginasi donyaning pewayangan. Alur critane gampang ditutake tanpa kelangan enggok. Lan sing ora bakal dilalekae: dhagelane. Gaya dhagelane Pak Gito iku khas: mesthi ngangkat peristiwa urip padinan sing prasaja; wiwit seka sandal Lily, peci, kacamata, sarung, bakul kambil, tela munthul, ndhog bebek enthit-enthitan... sasat kabeh ora kliwatan dening kawigatene Pak Gito. Dhagelan sing kawetu ing bagian ngarep, isih nyambung ing adhegan buri. Pak Gito pancen dhalang sing dak anggep cerdas nanging prasaja.

Rikala tahun 1995 televisi Indosiar dadi pioner anggone nayangake wayang kulit ing televisi saben malem Minggu. Dhalang-dhalang siji mbaka siji tampil, klebu dhalang sing ora pati terkenal barang. Wektu iku ana jargon, wayang iku dadi tontonan lan uga tuntunan. Nanging, ranah hiburan sajake luwih dikatonake: jatah wektu kanggo Limbukan lan Gara-gara luwih akeh tinimbang liyane. Artis-artis padha dilibatake. Unggah-ungguhing pakeliran sok ora digatekake, ngalahi marang eksperimen supaya wayang disenengi dening kawula mudha lan kabeh kalangan, klebu saliyane wong Jawa. Alur crita dadi kasigeg lan kadhangkala sok "njeglek".

Ki Hadi Sugito ora kersa keli marang kahanan iku. Unggah-ungguhing pakeliran isih dicekeli kenceng. Filosopi wayang uga isih diugemi. Mula Pak Gito wektu iku anggone mayang ing televisi isa dietung jenthik.

Saiki, Pak Gito wis tutup yuswa. Dina Rebo, 9 Januari 2008 wingi piyambake wis dipundhut Gusti lantaran gerah. Para pandhemen lan kalangan pedhalangan mesthi bae rumangsa kelangan. Donyaning seni wus kelangan siji maneh pelaku budaya sing mumpuni. Muga-muga Gusti Kang Akarya Jagad nampa Pak Gito ing alaming kaswargan, lan paring berkah marang sapa bae sing dadi penerus nguri-nguri kabudayan Jawa sing adiluhung iki. ***

Links about Ki Hadi Sugito:

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info