sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Showing posts with label Kabudayan. Show all posts
Showing posts with label Kabudayan. Show all posts
Saturday, May 16, 2009
Nguri-uri Kabudayan Jawa (1)
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Ing postingan sadurunge aku wis tau nggepok senggol bab basa lan tulisan Jawa (carakan) sing racak-racake wis ora pati dipigunaake ing generasi saiki kanthi ganep. Akeh sing ngarani yen generasi saiki wus ngalami 'kemerosotan' ngenani kesadharan budayane. Mapanake awak ing urip padinan minangka jejering wong Jawa wus ora pati digatekake maneh. Mbokmenawa ya isih, nanging ora 'mudheng' apa sejatine sing lagi ditindakake. Bara-bara ditindakake, kepara malah akeh tradisi-tradisi paringane leluhur sing wus ilang, ora ana maneh.
Ana sawetara conto sing bisa kasebut: Kadang tani ing pradesan, sadurunge panen mesthi gawe sesajen lan upacara cilik sing diarani wiwit. Tradisi iki isih ana, nanging apa tegese, akeh sing ora mangerti. Saben dina riyaya Lebaran (Idul Fitri) mesthi padha gawe ketupat, nanging maknane apa, ya akeh sing ora mudheng. Aku isih kelingan jaman isih cilik biyen, saben ngarepake Lebaran, warga sakampung padha dikepyakake supaya ngrakit pager anyar sing banjur dilabur nganggo kapur. Saiki, sajake wus ilang ora ana maneh...
Ing wayah sore sadurunge turu, bapak utawa simbahku biyen kerep ndongeng. Donyaning kewan keprungu nyenengake, kaya donyaning manungsa. Jamane para Nabi lan Babad Tanah Jawi kaya-kaya kelakon maneh ing ngarep mripat. Ora mung emosi agresif sing katut kagawa rikala ngrungokake dongeng perang, utawa inspirasi kreatif rikala ngrungokake pokale kewan-kewan, nanging tradisi story-telling lumantar dongeng iku bisa nggladhi olah rasa-cipta-lan-karsa tumraping bocah sing didongengi. Bungahe ngrungokake dongeng sadurunge turu wektu iku (isih bocah) ora kalah tinimbang karo nonton film box-office (bareng saiki wis gedhe). Rasane ora sabar nunggu dongeng candhake mbesuk sorene. Apa saiki tradisi ndongeng iki isih akeh ditindakake ing omah dening bapak-bapak?
Tuladha liya ing bangku sekolahan: Mbokmenawa murid-murid saiki isih nampa piwulang bab tembang-tembang macapat, kajupuk saka seratane para pujangga misuwur, sing isine akeh pitutur-pitutur becik mungguhing urip. Kayata saka Serat Wulangreh lan Serat Wedhatama. Mung emane, sajake saiki mung dadi 'kawruh' apalan sing ngebot-boti gundhule bocah-bocah. Kaendahan lan adiluhunge tembang-tembang iku prasasat dadi mbleret, ora gawe sengseme bocah-bocah nanging malah marahi stress! Sing endah lan adiluhung iku malah dadi mboseni! Temahan, piwulang luhur sing kamot ing tembang-tembang iku angel cumenthel ing ati. Kawruh budaya, sejarah, lan ngelmu urip sing maune katurunake lumantar tembang-tembang iku dadi rendhet ora tekan. Bocah-bocah saiki umume ora padha nyandhak yen diajak guneman bab tembang-tembang Mijil, Kinanthi, Mas Kumambang, Dhandhang Gula, lsp. Apa maneh nembangake!
Awake dhewe akeh sing wis padha lali utawa kapedhotan tresna marang tradisi kabudayan luhur warisane para simbah. Merga kahanan, perkembangan jaman, utawa merga pancen kadhung ora dikenalake marang warisan-warisan budaya iku dening pihak-pihak sing magepokan karo bab iku. Lha, trus kepriye?! [skd] (ana candhake...)
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Labels:
Kabudayan,
Lestari,
Nguri-uri,
Pendidikan,
Wedangan
Tuesday, May 12, 2009
Foto-foto "Festival Sinden Internasional 2009"
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Minggu, 10 Mei 2009 ing Gedung Sasana Langen Budaya, Taman Mini Indonesia Indah, Jakarta.
Mangga komentar...
Seratan bab Festival punika saged dipun waos ing: MerdekaNews.com.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Tuesday, February 10, 2009
Aksara lan basa Jawa vs. "Message sent!"
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Nanging kuwi biyen.....
Yen saiki aku dikon maca buku aksara Jawa maneh, hihihi... mesthi nunak-nunuk! Dak kira ora mung aku sing nunak-nunuk - iku wae isih mendhing - akeh sedulur (perangan gedhe, meh kabeh?) yen nyipati tulisan pating kluwer iku wae wis ora mudheng. Bener?
Ora maidu, jalaran aksara Jawa wis ora dianggo ing salumrahe tulisan jaman iki. Yen isih, iku mung ana ing kitab-kitab, literatur-literatur utawa kasusastran kuna lan prasasti. Yen nang kutha Ngayogyakarta isih lumayan kanggo nuduhake jeneng dalan! Aksara Jawa sithik mbaka sethithik mlebu ing kothak sejarah.... Aksara Jawa dadi kagunan (kabudayan) sing anane ora ing caturan saben dina, nanging ing donyaning seni: dadi tulisan ing souvenir, kaos lan pernak-pernik liyane sing gegayutan karo citarasane wong Jawa. Cekake, aksara Jawa wus mlebu ing gedhong pusakane wong Jawa sing kalamangsane dibukak, diudhari, dielus-elus nganti resik, dijamasi, syukur-syukur didudut wedharan falsafahe sing adiluhung, banjur dilebokake maneh ing gedhong...
Aksara lan basa Jawa dianggep malah ngengel-ngel komunikasi. Arep ngomong wae ndadak mikir dhobel-dhobel! Marga ketungkul mikir tatabahasa lan kosakatane, wosing rembug sing arep diomongake malah lali.....
Yen mung ndulu marang gagasan praktis, saperangan lan apa prelune, aksara lan basa Jawa ing jaman saiki pancen dadi ora populer. Pranatane luwih komplek tinimbang basa Indonesia utawa Inggris.
Dak akoni, ing urip saben dina aku arang nganggo basa Jawa sing genep. Apa maneh ing pertemuan resmi. Nanging pengalamanku nggegulang lan digegulang marang olah basa Jawa ndadekake aku luwih nggenah lan ngati-ati anggone mapanake awak ing madyaning pasrawungan agung.
Odysseus (tokoh epik Yunani) ngendika marang Telemachus putrane, "Ngger, nesu iku gampang! Nanging nesu marang wong sing samesthine, kanthi pawadan sing bener, cara sing pener, ing papan lan wektu kang trep, iku ora gampang! Lan iku sing bakal ndadekake sliramu nduweni martabating manungsa sing wicaksana!"
Sanadyan aku bocah Jawa, aku bisa sarujuk lan gampang nampa kawicaksanane wong sabrang iku! [skd]
Website sing patut dirawuhi: Situs Resmi Aksara Jawa | Languages of The World | BornJavanese's Links
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Thursday, January 22, 2009
Bumi iki bunder!
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Nanging anehe, ing sajeroning pikiran lan pangertening manungsa isih sok ana panemu sing primitif bab donya iki. Coba wae rikala awake dhewe caturan bab kabudayan. Donya iki kaya-kaya awujud blebekan papan kang sinigar dadi pirang-pirang bagean: kulon-wetan, lor-kidul, tengah-pinggir! Ana sing diarani "budaya Barat" lan "budaya Timur", "negara-negara Utara" (negara sugih) lan "negara-negara Selatan" (negara miskin). Sing loro keri iki mbokmenawa isih rada tinemu akal marga nganggo dhasar tilas-laku-mayane srengenge. Iku wae isih bisa gawe bingung yen awake dhewe presis ana ing kutub lor utawa kidul! Yen arah jumedhule srengenge dadi landhesan panemu kulon-wetan, Semarang iku wetan tumraping Jakarta, nanging kulon trumraping Surabaya! Dadi, Semarang iku wetan utawa kulon?! Jawabane gumantung saka ngendi anggone nyawang! Dadi, relatif!
Lha, yen ditrepake marang kabudayan, olah pikir lan panemu, kaprigelan lan adat-istiadat, apa sing bisa didadekake dhasar kanggo nitik kabudayan iki "barat" lan sing iku "ketimuran"? Mbokmenawa gegayutan bab iki ana sejarahe dhewe, kapan presise tembung kulon lan wetan dicakake kanggo nengeri cirikhas kabudayan-kabudayan ing donya iki. Nanging dak anggep iku ora relevan maneh!
Awake dhewe isih sok ngarani yen cara mikire wong Amerika, Australia lan Eropa kana iku cara mikire wong (kabudayan) Barat. Dene cara mikire wong China, Kamboja, Jepang, Melayu, Indonesia, India, iku cara mikire wong (kabudayan) Timur. Agama iki duweke wong kulon, dene agama iku duweke wong wetan. Kepara anggone ngarani kaya mangkono mau kinanthen rasa-pangrasa, panggraita lan sikap sing cubriya, serik utawa memungsuhan; yen perlu siaga tata-tata amerangi anyingkiri siji lan sijine sing padha dene nganggep sabrang utawa asing!
Byuuuh...byuuuuh...! Saiki iki wus jamane donya njaba-njero bunder! Globalisasi wus dudu barang aneh maneh. Pasrawungane wong-wong sadonya iki wus ora bisa dipenggak maneh. Papan lan laladan wus ora pati dadi alangan sing pengaji banget. Bukti nyatane, teknologi cellular lan jejaring internet wus dadi barang darbe meh saben wong! "Halloooo...Mister, ini Agus! Walaaah... Agus Aguuus!" - isa dadi conto tandha-tengara anane globalisasi iku. Ambyuking wong sajagad menthelengi televisi kepingin nyipati lan nggatekake pelantikan Barack H. Obama ing Washinton DC uga dadi conto sing anget. Figur Obama sing getihe ireng lan putih, lan wus tau ngalami urip ing jangkaning kiblat papat "kulon-wetan-lor-kidul", ndadekake wong sadonya kaya-kaya duwe gegadhangan anane tokoh sing bundere jagad iki ora mung ana wadhag, nanging uga ana ing njero!
Dening Gusti aku wus kepareng lahir dadi bocah Jawa.
Esuk-awan-sore nyipati plethek nganti tekan surupe srengenge. Dene yen wayah bengi kasunaran lintang rembulan sing gawe tentrem lan padhanging kalbu. Srengenge, lintang lan rembulan iku sing uga mengkoni kabeh wong tunggal sabumi.
Gegadhanganing atiku: kapan aku dadi manungsa sing wutuh,
ora mung saperangan lan datan ilang Jawa-ku. [skd]
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Labels:
Kabudayan,
Patut dilelimbang,
Philosophy,
Wedangan
Wednesday, January 30, 2008
Ki Hadi Sugito miturut pengalamanku
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Wektu iku dina Sabtu malem riyaya Paskah - kira-kira aku kelas I SD - bubaran seka greja aku langsung diajak mulih karo Bapak. Kamangka aku pingine langsung nonton wayang ing tangga desa ora adoh saka greja. Dhalange Ki Hadi Sugito, dhalang sing wis dak senengi sanadyan aku isih cilik. Lakone Semar Mbangun Khayangan. Jarene Bapak, apike aku turu dhisik, kira-kira pas Gara-gara mengko lagi budhal nonton. Aku manut bae. Tekan ngomah banjur mapan turu. Udan grimis, kepenak banget kanggo bablas turu.Nglilir-nglilir jebul wis gagat rahina, aku kebablasen! Gregah tangi turu, ngogrek-ogrek Bapak karo rada dhongkol, meksa Bapak kudu ngeterake aku nonton wayang. Pangarep-arepku mbokmenawa isih komanan perang. Bapak ora kersa. Aku nangis gulung-gulung karo muring-muring. Sidane Bapak terus nyandhak sepeda onthel mboncengake aku mangkat menyang nggone sing nanggap wayang. Esuk iku isih grimis. Ning pokoke mangkat.
Seka kadohan pancen wayange isih ngungkung. Surake penonton lan gumyahing gamelan isih keprungu. Atiku silak kemecer kepingin enggal tekan. Bapak anggone ngonthel pit rada banter. Grimis lan lunyune dalan ora digubris. Nanging saking lunyune, aku sakloron malah kepleset, gubraaaak! Aku karo Bapak glangsaran nang pinggir dalan, gluput kena lemah teles. Ewa semono aku tetep nguyak kudu nerusake laku.
Esuk iku nasibku pancen lagi apes! Tekan nggone, mung kari komanan kalahe Bethara Guru mungsuh Ki Lurah Semar, sing banjur diterusake Tancep Kayon! Getunkuuuuu.... Mangkelkuuuuuu... tekan ubun-ubun! Menyang mulih karo mbrambangi. Tekan ngomah aku nesu, ngambeg sedina! ***
Kasenenganku karo wayang kulit wus diwiwiti rikala aku isih cilik. Sak sedulur, wiwit seka simbah nganti tekan putu-putune sing lanang, kabeh padha seneng wayang. Simbah karo Bapak senengane Ki Timbul Hadiprayitna. Aku lan anak-anake mBokdhe senenange Ki Hadi Sugito. Sasat saben bengi radio ora tau kendhat mung disetel siaran wayang kulit. Dolanan wayang wiwit saka gambar umbul, gawe wayang seka papah jendal (tela pohung), nganti gawe wayang seka karton, kabeh dak duweni. Aku isih kelingan, wayang sepisanan sing dak gawe yaiku Bagong. Tokoh Punakawan iku pancen dak senengi, jalaran lucu! Apa maneh yen sing ndhalangake Ki Hadi Sugito! Jan, kaya urip temenan kae.Dak akoni, sing marahi aku seneng karo wayang kulit ora liya kajaba Ki Hadi Sugito sing anggone nyanggit marakake gampang ditampa dening sapa bae. Ing atase aku cah cilik bae isa dadi kepranan. Suwarane gandem, antawacanane titis, antarane tokoh siji lan sijine katon urip. Ora nonton langsung wae, pamiarsa isa kagawa ing imaginasi donyaning pewayangan. Alur critane gampang ditutake tanpa kelangan enggok. Lan sing ora bakal dilalekae: dhagelane. Gaya dhagelane Pak Gito iku khas: mesthi ngangkat peristiwa urip padinan sing prasaja; wiwit seka sandal Lily, peci, kacamata, sarung, bakul kambil, tela munthul, ndhog bebek enthit-enthitan... sasat kabeh ora kliwatan dening kawigatene Pak Gito. Dhagelan sing kawetu ing bagian ngarep, isih nyambung ing adhegan buri. Pak Gito pancen dhalang sing dak anggep cerdas nanging prasaja.
Rikala tahun 1995 televisi Indosiar dadi pioner anggone nayangake wayang kulit ing televisi saben malem Minggu. Dhalang-dhalang siji mbaka siji tampil, klebu dhalang sing ora pati terkenal barang. Wektu iku ana jargon, wayang iku dadi tontonan lan uga tuntunan. Nanging, ranah hiburan sajake luwih dikatonake: jatah wektu kanggo Limbukan lan Gara-gara luwih akeh tinimbang liyane. Artis-artis padha dilibatake. Unggah-ungguhing pakeliran sok ora digatekake, ngalahi marang eksperimen supaya wayang disenengi dening kawula mudha lan kabeh kalangan, klebu saliyane wong Jawa. Alur crita dadi kasigeg lan kadhangkala sok "njeglek".
Ki Hadi Sugito ora kersa keli marang kahanan iku. Unggah-ungguhing pakeliran isih dicekeli kenceng. Filosopi wayang uga isih diugemi. Mula Pak Gito wektu iku anggone mayang ing televisi isa dietung jenthik.
Saiki, Pak Gito wis tutup yuswa. Dina Rebo, 9 Januari 2008 wingi piyambake wis dipundhut Gusti lantaran gerah. Para pandhemen lan kalangan pedhalangan mesthi bae rumangsa kelangan. Donyaning seni wus kelangan siji maneh pelaku budaya sing mumpuni. Muga-muga Gusti Kang Akarya Jagad nampa Pak Gito ing alaming kaswargan, lan paring berkah marang sapa bae sing dadi penerus nguri-nguri kabudayan Jawa sing adiluhung iki. ***
Links about Ki Hadi Sugito:
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Posts (Atom)