sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Showing posts with label Javanese Tag. Show all posts
Showing posts with label Javanese Tag. Show all posts
Friday, November 9, 2007
Siaran Radio Popjawa ing Nederland
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Esuk iki atiku bungah. Kaya biasane esuk ngurupake komputer terus niliki blog iki. Eh, ana priyayi sing mampir, Mbak Ariane van den Heuvel seka SRP (Siaran Radio Popjawa) Netherlands. Hehehe...pancen tanggal 5 Nopember kapungkur aku "dolan" mrana terus ninggali komentar ing buku tamu. Dolan mrana wae marga diparingi priksa karo Mbak Retma anane situs resep masakan nganggo basa Jawa! Wiiih...ana toh?! Bareng dak klik, eh, jebul iku situs radio Jawa ing tanah Walanda kana!
"The first 24-hours Non-Stop Popjawa streaming in the world since 24 dec 2004 Indonesia, Suriname & Netherlands". Iku keterangan singkat bab SRP. Menu sing kaaturake ana Pop Jawa MP3, Photo Album, Trah Karijodinomo, Links marang situs-situs Jawa liyane.
Aku nyelakake wektu nonton photo-photo ing folder Suriname. Pengen rasane mangerteni swasana desa ing kana. Jebul katon ora adoh bedane! Memper swasana ing Jawa! Aku ndownload photo tumpeng sing lagi dienggo kembulan! Dadi kelingan nang ngomahe simbah!
Terus, esuk iki mau aku penasaran ngeklik link Stamboom. Tegese aku ora mangerti. Nanging disawang saka photo-photo sing kapasang ing kana, sajake iku nuduhake trahe Simbah Karijodinomo. Atiku sumedhot. Yen nitik asma kang kaagem, nuduhake gagrag jaman biyen. Pikiranku kumeplas marang jaman rikala simbah-simbah biyen padha dibuwang menyang Suriname, papan sing adooooooh banget karo sanak sedulure. Ewa semono isih padha bisa tahan nganti tekan saiki, lan malah kawentar menawa Suriname iku identik karo wong Jawa! Kahanan ing tanah pembuangan sing dak bayangake, mbokmenawa memper karo kahanane bangsa Israel rikala ana ing pembuangan ing tanah Babylonia! Kangen marang tanah leluhur!
"The first 24-hours Non-Stop Popjawa streaming in the world since 24 dec 2004 Indonesia, Suriname & Netherlands". Iku keterangan singkat bab SRP. Menu sing kaaturake ana Pop Jawa MP3, Photo Album, Trah Karijodinomo, Links marang situs-situs Jawa liyane.
Aku nyelakake wektu nonton photo-photo ing folder Suriname. Pengen rasane mangerteni swasana desa ing kana. Jebul katon ora adoh bedane! Memper swasana ing Jawa! Aku ndownload photo tumpeng sing lagi dienggo kembulan! Dadi kelingan nang ngomahe simbah!
Terus, esuk iki mau aku penasaran ngeklik link Stamboom. Tegese aku ora mangerti. Nanging disawang saka photo-photo sing kapasang ing kana, sajake iku nuduhake trahe Simbah Karijodinomo. Atiku sumedhot. Yen nitik asma kang kaagem, nuduhake gagrag jaman biyen. Pikiranku kumeplas marang jaman rikala simbah-simbah biyen padha dibuwang menyang Suriname, papan sing adooooooh banget karo sanak sedulure. Ewa semono isih padha bisa tahan nganti tekan saiki, lan malah kawentar menawa Suriname iku identik karo wong Jawa! Kahanan ing tanah pembuangan sing dak bayangake, mbokmenawa memper karo kahanane bangsa Israel rikala ana ing pembuangan ing tanah Babylonia! Kangen marang tanah leluhur!Aku yakin banget, sing marahi tetep urip mung pangarep-arep kang kandel lan mesthine pasrah marang Sing Karya Urip. Iku kang ana ing bayanganku, mula sedulur-sedulur Jawa ing Suriname malah dadi lan ngrembakane kaya saiki!
Anane Siaran Radio Popjawa ing kana, saya nuduhake sepira gedhene katresnan marang tanah leluhur. Yen maos judhul-judhul lagu sing kapasang, sangertiku akeh lagu saka album jaman aku isih cilik: Mus Mulyadi lan Waljinah si Walang Kekek. Ana sawetara sing anyar kayata albume Mas Didi Kempot. Wah, kepingin rasane aku bisa ngaturake lagu-lagu koleksiku sing anyar-anyar saka kelompok campursari sing lagi ngrembaka ing tanah Jawa kene.
Apese atiku bungah, ing pangangen-angenku maune marang blog BornJavanese ini ana candhake. Ana sedulur tunggal leluhur ing tanah sabrang sing mangerteni menawa ana peranganing atiku sing tumuju marang sanak-kadang ing kana, mligine Suriname.
Pandongaku, muga sedulur-sedulur kabeh tansah binerkahan dening Gusti kang Mahatresna, pinaringan rahayu lan bungah sakabehe. Amin. ***
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Wednesday, October 31, 2007
Javanese Costume: Foto-ku Sawuse Nari
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Gara-gara posting bab wong-wong manca sing kasengsem marang kabudayan Jawa wingi kae, aku dadi kepingin ng-upload fotoku ngisor iki.
Urut saka buri arah jarum jam: Agung (saiki sliramu nangendi?), Wagiman, Jarwa (Wa, iki fotomu dak upload nang internet! hehehe...), Isri, aku, lan Hartono. Nggantheng-nggantheng toh? Hehehe...
Iku foto rikala aku sakanca rampung ngiringi persembahan nganggo tarian Jawa ing salah sawijining Misa. Papane ing kapel Seminari Tinggi St. Paulus Kentungan Jogja. Kelakone ing tahun pira ya? Yen ora kleru tahun 1996-an.
Heee...kanca-kanca! Iki fotone dak upload, kanggo tamba kangen! Ayo dikomentari!
Eh, kapan nari bareng maneh? Isih pada kelingan ora: sabetan, tanjak, ulap-ulap, onclang, lsp.?
Muga-muga pada apik wae kahanane saiki. Pandongaku, muga awake dhewe tansah padha binerkahan anggone martaake kabar kabungahan miturut carane dhewe-dhewe.
Berkah Dalem! ***
Urut saka buri arah jarum jam: Agung (saiki sliramu nangendi?), Wagiman, Jarwa (Wa, iki fotomu dak upload nang internet! hehehe...), Isri, aku, lan Hartono. Nggantheng-nggantheng toh? Hehehe...
Iku foto rikala aku sakanca rampung ngiringi persembahan nganggo tarian Jawa ing salah sawijining Misa. Papane ing kapel Seminari Tinggi St. Paulus Kentungan Jogja. Kelakone ing tahun pira ya? Yen ora kleru tahun 1996-an.
Heee...kanca-kanca! Iki fotone dak upload, kanggo tamba kangen! Ayo dikomentari!
Eh, kapan nari bareng maneh? Isih pada kelingan ora: sabetan, tanjak, ulap-ulap, onclang, lsp.?
Muga-muga pada apik wae kahanane saiki. Pandongaku, muga awake dhewe tansah padha binerkahan anggone martaake kabar kabungahan miturut carane dhewe-dhewe.
Berkah Dalem! ***
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Friday, October 26, 2007
Ki Gaura lan Nyi Elizabeth, kula kasengsem, isin lan meri!
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Wis pirang-pirang dina iki sejatine aku kepengen nulis bab wong-wong seka manca nagara sing kasengsem marang kabudayan Jawa. Nanging iku durung kelakon merga sirah iki rasane kebak, awak kesel merga gawean, lan ati sing ora pati jenjem merga akeh sing marahi kemrungsung. Saking kepengine lan kangen nulis ing blog, mula ya lagi pepenginan wae sing dak aturake (hehehe...).
Pirang dina kepungkur (dinane lali) aku nonton tayangan TV Trans-7 Empat Mata-ne Mas Thukul Arwana. Sing diundang ing talk-show iku dhalang kondhang Ki Manteb Sudarsono, Ki Asep Sunandar, lan Ki Gaura Mancacarito (dhalang asal Australia sing wis dadi WNI). Kejaba priyayi kakung ana uga priyayi putri yaiku Ria Enes (sing maragaake boneka Susan) lan Nyi Elizabeth (sindhen asli Perancis). Ora kaya adat biasane yen nonton Thukul, wengi iku aku nonton kanthi rasa gumun, kasengsem, lan...isin!
Kawigatenku mung marang Ki Gaura lan Nyi Elisabeth. Ing atase priyayi manca nagara wae padha kasengsem lan mbelani kabudayan Jawa nganti direwangi rila ninggalake nagarane, lha kok aku sing wong Jawa asli ora pati nggape, luwih seneng dadi penikmat tinimbang pelaku budaya! Isih mendhing yen sing dinikmati iku seni budayane dhewe, apese mratandhani tresna marang warisan leluhur. Nanging umume bocah-bocah nom saiki luwih gampang kepilut marang kabudayan manca (hehehe...ngrasani ala!). Aku isin, nganti kalah karo wong manca! Maksudku, kalah anggone gemati marang duwekku dhewe.
Aku dhewe sejatine kepingin isa kaya priyayi loro iku, melu dadi pelaku seni budaya Jawa sing gemati lan mumpuni. Biyen rikala SMA aku sinau beksa (tari), setahun kaping pindho pentas sendratari utawa wayang won ing asrama sekolahan. Mangsane kuliah aku sinau nabuh kendhang bareng kelompok angkatanku, butuhe kareben isa ngiringi pangibadah ing greja. Nanging ya mung tekan semono! Dadi, nyipati ana priyayi manca sing luwih mumpuni kaya Ki Gaura lan Nyi Elizabeth iku (lan isih ana akeh liyane maneh), sejatine aku meri! Aneh! Meri kok ya karo wong manca! Byuh...byuh...!
Ki Gaura, Nyi Elizabeth, kula kasengsem, isin lan meri dhumateng priyantun kados panjengengan! Nanging ugi kanthi tulus kula matur nuwun sanget dene panjenengan sampun ndherek nguri-uri kabudayan Jawi.
(Isih karo isin! Hehehe...tambah maneh yen nggatekake penari ing video seka YouTube.Com ngisor iki!)
Sacara emosi, rasa kasengsem, meri lan isinku dadi marakake ati nelangsa: muntub-muntub kepingin tumandang nanging winates dening kahanan. Saploke aku mlebu donyaning pagawean ing Jakarta, sasat ora isa nandangi pepinginan iku. Isane mung ngrungokake uyon-uyon, campursari lan kaset wayang (eh, aku duwe MP3 wayang Ki Hadisugito olehe gawe dhewe lho, mindhah seka pita kaset dadi keping CD. Hehe..mbajak!). Kala-kala rengeng-rengeng dhewe nang kantor utawa nang ngomah yen pas adus. Golek informasi kelompok campursari sing cedhak papan kontrakanku ora oleh-oleh. Kelompok karawitan sing cerak ora ana. Tundhone ya mung kapeksa nglalekake pepinginan iku. Nonton tayangan iku ati iki dadi malah kaya dionggreh-onggreh maneh pepinginane. Wah, jan...!
Nanging apa ya cukup mung mangkono wae?
Ah, saora-orane aku duwe blog iki! Apese isa kanggo srana nggegulang kawruh lan kawigaten marang kabudayan Jawa. Sawetara isa kanggo srana anggonku mujudake pepinginanku dhewe, melu mersudi luhuring kabudayane leluhur. ***
Pirang dina kepungkur (dinane lali) aku nonton tayangan TV Trans-7 Empat Mata-ne Mas Thukul Arwana. Sing diundang ing talk-show iku dhalang kondhang Ki Manteb Sudarsono, Ki Asep Sunandar, lan Ki Gaura Mancacarito (dhalang asal Australia sing wis dadi WNI). Kejaba priyayi kakung ana uga priyayi putri yaiku Ria Enes (sing maragaake boneka Susan) lan Nyi Elizabeth (sindhen asli Perancis). Ora kaya adat biasane yen nonton Thukul, wengi iku aku nonton kanthi rasa gumun, kasengsem, lan...isin!Kawigatenku mung marang Ki Gaura lan Nyi Elisabeth. Ing atase priyayi manca nagara wae padha kasengsem lan mbelani kabudayan Jawa nganti direwangi rila ninggalake nagarane, lha kok aku sing wong Jawa asli ora pati nggape, luwih seneng dadi penikmat tinimbang pelaku budaya! Isih mendhing yen sing dinikmati iku seni budayane dhewe, apese mratandhani tresna marang warisan leluhur. Nanging umume bocah-bocah nom saiki luwih gampang kepilut marang kabudayan manca (hehehe...ngrasani ala!). Aku isin, nganti kalah karo wong manca! Maksudku, kalah anggone gemati marang duwekku dhewe.
Aku dhewe sejatine kepingin isa kaya priyayi loro iku, melu dadi pelaku seni budaya Jawa sing gemati lan mumpuni. Biyen rikala SMA aku sinau beksa (tari), setahun kaping pindho pentas sendratari utawa wayang won ing asrama sekolahan. Mangsane kuliah aku sinau nabuh kendhang bareng kelompok angkatanku, butuhe kareben isa ngiringi pangibadah ing greja. Nanging ya mung tekan semono! Dadi, nyipati ana priyayi manca sing luwih mumpuni kaya Ki Gaura lan Nyi Elizabeth iku (lan isih ana akeh liyane maneh), sejatine aku meri! Aneh! Meri kok ya karo wong manca! Byuh...byuh...!
Ki Gaura, Nyi Elizabeth, kula kasengsem, isin lan meri dhumateng priyantun kados panjengengan! Nanging ugi kanthi tulus kula matur nuwun sanget dene panjenengan sampun ndherek nguri-uri kabudayan Jawi.
(Isih karo isin! Hehehe...tambah maneh yen nggatekake penari ing video seka YouTube.Com ngisor iki!)
Sacara emosi, rasa kasengsem, meri lan isinku dadi marakake ati nelangsa: muntub-muntub kepingin tumandang nanging winates dening kahanan. Saploke aku mlebu donyaning pagawean ing Jakarta, sasat ora isa nandangi pepinginan iku. Isane mung ngrungokake uyon-uyon, campursari lan kaset wayang (eh, aku duwe MP3 wayang Ki Hadisugito olehe gawe dhewe lho, mindhah seka pita kaset dadi keping CD. Hehe..mbajak!). Kala-kala rengeng-rengeng dhewe nang kantor utawa nang ngomah yen pas adus. Golek informasi kelompok campursari sing cedhak papan kontrakanku ora oleh-oleh. Kelompok karawitan sing cerak ora ana. Tundhone ya mung kapeksa nglalekake pepinginan iku. Nonton tayangan iku ati iki dadi malah kaya dionggreh-onggreh maneh pepinginane. Wah, jan...!
Nanging apa ya cukup mung mangkono wae?
Ah, saora-orane aku duwe blog iki! Apese isa kanggo srana nggegulang kawruh lan kawigaten marang kabudayan Jawa. Sawetara isa kanggo srana anggonku mujudake pepinginanku dhewe, melu mersudi luhuring kabudayane leluhur. ***
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Wednesday, October 10, 2007
Wedangan yuuuuk...!!!
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Ana ciriwanci sing dak kangeni seka swasana ngomah yen wanci esuk, yaiku wedangan! Wujude mono prasaja utawa sederhana: jagongan karo ngadhep wedang anget sak adune, mbuh pisang goreng, tela goreng utawa jajan pasar liyane. Kopi utawa teh manis wae wus cukup kanggo kanca ngobrol. Pancen ora mesthi saben esuk. Nanging biasane yen ana tangga teparo, mbuh paklik utawa pakdhe sing nunut ngasah arit sadurunge menyang sawah, bapakku mesthi ngampirake ngajak ngombe wedang, papane ana ing pawon.Ora ana tema sing gumathok ana ing obrolan iku. Ngalor-ngidul sakarepe ide. Sing mesthi kuwi bab olah tetanen nggarap sawah. Kadhang crita ngenani bocah-bocah sekolah. Nanging uga sok-sok mrembet-mrembet ngomongake bab kahanan masyarakat desa utawa malah politik negara. Wiwit pak dhukuh nganti pak presiden, bakul arit nganti juragan pabrik mobil, kabeh isa dadi bahan omongan gayeng. Durung suwe iki bab rega tanaman hias sing jenenge “anthurium” dadi guneman sing ora kalah serune. Terkadhang ing obrolan iku uga wong sapejagong wedangan isa mawas dhiri anggone ngadhepi ombyaking jaman saiki.
Yen wis ketungkul ngobrol ngono, suwene wektu sok ora dirasaake. Isa jam-jaman. Dhasare mono wong tani desa sing ora diuyak-uyak “deadline” kaya wong kantoran kutha, sarwa-sarwi dilakoni kanthi kepenak wae. Nglaras lan mat-matan. “Time goes so slowly”.
Kanggone priyayi sing gemati marang wektu, ana unen-unen “time is money” – "waktu adalah uang", mesthi wae wedangan kaya ngono kuwi mau dianggep pemborosan! Ananging mungguhing wong padesan, wektu wedangan iku ana paedah sing mirunggan. Beda karo wong kutha sing sarwa-sarwi nganggo dhuwit, beras wae nempur, wong tani padesan iku ora mikir maneh apa sing isa dipangan. Apa wae isa dadi rejeki anggere prigel: lemah dadi rejeki, pupus godhong pohung dadi rejeki, kimpul dadi rejeki, godhong gedhang dadi rejeki. Ana unen-unen wong padesan iku “adoh ratu, cerak watu”. Sanadyan unen-unen iku sok dianggo nggambarake papa-sudrane wong padesan, ananging krasa ana kebanggaane: watu wae isa didadekake kanugrahan rejeki! Cekake, bab rejeki, wong tani desa ora bakal kapiran! Yen wayahe duwe butuh pas ora duwe dhuwit, isih isa “barter”.
Wektu wedangan isa dadi gegambaran menawa wong desa iku uripe ora kemrungsung. Sing diudi lan diwujudake ana ing kalodhangan iku utamane dudu bab dhuwit, ananging bab mbangun brayat, mbangun kekadangan, mbangun rumakete paseduluran. Mula diarani “wedang” merga ngemu teges “ngawe kadang” (= mengundang sahabat). Butuhe wong urip ing madyaning bebrayatan agung iku ora mung cukup dhuwit.
Wong padesan biasane mentingake anggone sugih sedulur ngluwihi anggone sugih bandha. Awit paseduluran sing tulus rumaket ajine ora isa diregani nganggo bandha donya. Durung karuan wong sing sugih bandha disrawungi wong akeh. Ananging wong sing grapyak semanak lan enthengan mesthi digatekake wong akeh. Yen nemahi reribet mesthi akeh sing mitulungi lan ora bakal kapiran.
Saiki aku urip ing kutha gedhe Jakarta. Swasana wedangan kaya ing ngomah ing desa kana angel dicakake ana ing kahananku saiki. Sanadyan mangkono filosofine wus isa dak gemboli.
Sedhela maneh wayahe Riyaya Bakda utawa Lebaran Idul Fitri. Wong-wong akeh sing padha “mudik” ing kampung asale dhewe-dhewe, kumpul daro sanak sedulure. Aku mung mbatin, apa ya yen wis dadi priyayi urban, isane wedangan tenanan mung setahun sepisan?

Hehehe… muga-muga isih ana kalodhangan liyane! ***
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Tuesday, October 2, 2007
Nama kinarya japa
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Saben-saben aku mlebu ing sawijining komunitas utawa forum, biasane ana wektu kanggo pitepungan. Apese ana lembaran daftar-hadir sing diisi kanthi gilir. Ana kolom jeneng, alamat, nomor telpun, pakaryan, lsp. Lha, saben ngenalake awakku sacara lisan utawa tulisan, aku mesthi dielingake kekudangane wong tuwaku rikala maringi tetenger marang aku. Sanadyan mung saktleraman, ananging kanggoku iku ana wigatine. Sebab rikala bapak-simbok nemtokake jeneng kanggoku mesthine ora mung sakecele. Ana unen-unen "nama kirnarya japa" - jeneng iku mujudake dedonga tumrape kang nganggo. Mesthi wae dongane apik! Apa ana wong tuwa kang memuji ala kanggo para putrane?Kejaba donga, jeneng uga dadi "pusaka". Mula, menehi jeneng marang bocah sok disebut "maringi pusaka asma". Kamangka sing kaaran pusaka iku biasane ngemu surasa "warisan, peparing kang kudu dipepetri" lan uga "piandel, kekuwatan, gaman". Dak kira yen dionceki maknane isa jero banget. Bapak-simbok mbokmenawa pancen dudu golongane wong sugih bandha lan pangkat. Sing diduweni mung warisan arupa "kekasih" yaiku awujud katresnane bapak-simbok marang awakku. Katresnan sing kinanthen donga lan disandhangake minangka tetenger tumraping uripku, sabanjure dadi kekuwatanku anggone andon laku urip ana ing bebrayatan agung. Katresnan sing kinanthen donga iku pinercayaake marang aku supaya diwujudake lan dicakake ana ing urip padinan. Dadi, wis samesthine menawa pusaka asma kang dak sandhang iku merbawani mligine kanggo uripku dhewe dhisik.
Mula prayoga yen aku panjenengan kabeh mangerteni apa ta werdine jeneng utawa asma kang wus kasandhang. Perlune supaya tansah eling marang kanugrahan asma iku lan gegayuhan luhur kang dipasrahake marang awake dhewe.Jenengku Sukandar. "Su" iku "becik, apik". Dene "kandar"? Lha iki, aku dhewe rada bingung mangerteni. Rikala miterang marang bapak, jarene tegese "katresnan, kasih". Nanging yen dak waca ana ing kamus bahasa Indonesia, "kandar" kuwi tegese "sopir"! Ah, kabeh apik! "Katresnan sing becik" utawa "sopir sing becik" loro-lorone padha apike. Dhasare aku iki anak barep, dadi ya memper yen kudu dadi sopir utawa ngesuhi tumraping adhi-adhiku, munggahe tumrap kabeh wong sing dipercayaake marang aku! Sopir sing kebak ing katresnan!
Hehehe... dadi rada nggembelo sirahku marga mongkok! Sanadyan ya rada manteb anggone nyangga. Ya muga-muga wae aku ora kabotan nyangga jeneng iku. Aku mung percaya wae, awit jenengku itu dedongaku uga. Gusti lak ya tansah paring kekuwatan marang aku.
Hayo... kagungane asma apa werdine? Yen durung priksa, nyuwuna priksa marang bapak-simbok utawa...simbah! Hehehe...
Aku percaya, asma panjenengan dongane mesthi apik!
Salam, lan berkah Dalem Gusti!
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Posts (Atom)