Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Tuesday, March 25, 2014
Kanthong bolong ~ Kearifan Lokal Jawa
Sinambet sowanipun Ki Lurah Petruk, Jlegongjaya, Kanthong Bolong, Sura Gendhela, Dawala, karan anak bapake Endang. Sirah gedhe watake elingan, bathuk lenggar sugih tepungan, wadana liyar senenge ngapura kaluputan liyan, mripat bening betah melek, irung dawa serepan, kuping amba watake tengen, tutuk wiyar gampang golek rejeki, gulu panggel swara ngglonggong arum, dhadha jembar sugih pengalaman.
Kanthong bolong –disini- ialah memiliki makna kita harus memiliki hati yang selalu meneteskan kasih sayang terhadap sesama, hangluberaken sih dhumateng sesamining gesang. Oleh karena itu wanda petruk atau Kanthong Bolong serba lebih, antara lain hidung, bibir, perut, pusar, kaki, dan tangannya serba panjang serba berlebih. Semua itu berarti bahwa ia suka menolong, kasih sayang terhadap sesama manusia, yang selalu mengalir tiada hentinya bagaikan kanthong yang bolong.
(dari Ensiklopedi Wayang, Karya Wiwin Widyowati R.)
Friday, September 13, 2013
Adigang Adigung Adiguna
Tegese yaiku ngendel-endelake kekuwatan, panguwasa, lan kapinteran sing diduweni. Adigang yaiku sipat kang ngegul-gulake kekuwataning awak (raga), kayadene kidang. tandang tanduke cukat trengginas, playune pilih tandhing. Dene adigung iku sipat kang ngongsakake pangkat, drajat, keluhuran, apadene trah tedhak turune priyagung (wong gedhe). Pawongan kang nduweni watak adigung umume dipadhakake karo gajah. Awake gedhe, ora ana sing madhani, lan yen padudon akeh menange. Dene adiguna yaiku sipat kang ngendelake kapinteran lan akal. Sipat iki umume digambarake kaya watake ula. Ula iku katone ringkih, nanging wisane mbebayani.
Monday, November 12, 2012
Pepeling Wulan Suro
cumloroting kartika mawarna warna
mratandani gilir gumantining wilangan mangsa
sinareng gegayuhan lelampahaning kawula
pangenget-enget den enget kalawan waspada
minangka sangune lelampahan kang bakal lumaksana
den wirid lan wiradati pepeling sangka kang ndungkap yuswa
manekung ing wewarah lumaku kalawan prasaja
nastiti ngati-ati sih mring sapadha-padha
wujuding ngamal utama
kakilapan kang wus kalaksana
den sandang aran dosa
sira enget-enget den suwun pangaksama
mrih suci kalawan sampurnaning ridha
pangandeling wujud manembahing kawula
wilanganing setya marang Dzating Sampurna
sumanding lan sesandingan Wahyu Ilahi ing wengi kalawan rina
iya manembahing diri, manembahing sasama, lan manembahing Kawasa
Tuesday, September 21, 2010
Sasantinipun Pangeran Samber Nyawa (Mangkunegara I)
*Rumangsa Melu Handarbeni
merasa ikut memiliki.
*Wajib Melu Hangrungkebi
wajib ikut merawat - menjaga keselamatannya.
*Miwah Mulat Sarira, Hangrasa Wani
dan melihat badan, mau menyadari.
Sebagai ORANG JAWA pun sebagai warga negara INDONESIA kita wajib merasa memiliki dan berkewajiban untuk merawat demi keselamatan serta mau introspeksi dan mawas diri serta menyadari tentang dirinya. Semoga.
Jiwa Sinatriya - Pitutur Luhur Jawa
(Ibu Suparni. Kudus, 20 September 2010).
Tuesday, July 29, 2008
Kembang Sri Gading
Wayah surup bubar maghrib simbahku putri mesthi metu ngomah ngasta besek adedian senthir tumuju ing pekarangan ngarep. Prenahe ing ngisor wit kembang Srigadhing kang tuwuh ngrembaka wiwit jaman mbuh aku ora menangi. Ora let suwe Mbah Putri banjur ngoyog-oyong pange sing isa diranggeh. Kembang putih cilik-cilik padha gogrog kaya tlethik sepisanan. Kira-kira wis akeh, kembang-kembang iku dijumputi mbaka nyiji, dilebokake ing besek. Wektu iku aku isih cilik, udakara umur tengah-tengahe sekolah SD. Yen Simbah Putri budhal metu, aku mesthi melu ngrewangi. Seneng anggone ngoyog-oyog karo ngambu gandaning sekar Sri Gadhing sing ngambar arum iku. Kembang iku bakale dadi dhasarane Simbah sing saben dinane bakul kembang ing pasar: kembang boreh, kembang macan kerah, kembang wiwit, kembang telon, lan sapiturute.
Yen wayah awan sakondure saka pasar, kala-kala Mbah Putri momong putune, adhiku wadon nomer loro sing wektu iku isih digendhong. Sinambi rengeng-rengeng, Simbah sok ngronce gogrogan kembang Gadhing kang isih sumebar ing ngisor wite, disandhati dadi kalung, banjur dikalungake adhiku. Bungah atine lan dadi ayem meneng ora rewel.
Saking wus dadi padatane, rikala Simbah Putri gerah sepuh wis tau nglindur tomtomen. Jarene saka rumangsane Simbah njumputi kembang-kembang Sri Gading iku, dipilihi sing apik. Nanging tan kocapa, kadadeyan sabenere dudu kembang sing dijumputi nanging bantal sing diagem sare dithithil-thithil nganti dhedhel gombale lan bubar kapuk randhu isen-isene! Oalah Mbah Putriiii....!
Simbah Putri saiki wus swargi, dipundhut Gusti rikala aku kelas 5 SD. Wit kembang Sri Gadhing ing ngarep omah wus suwe katebas ora ana tilase....
Minggu, 27 Juli 2008 wingi, ndilalah aku weruh ana wit kembang Sri Gadhing ing pekarangane tanggaku sing lagi mangsane metu. Eba bungah atiku, sumedhot nganti tekan bun-bunan merga kelingan Simbah Putri swargi! Mula aku banjur njepret sak apik-apike. Dadine kaya sing dak aturake ing ndhuwur iku.
Kembang Sri Gadhing wus dadi pepelingku marang swargi Simbah Putri. Muga-muga sukmane wus tentren lan nyawiji ndherek mulya ing Gusti Pangeran ana ing swargaloka, dadi talanging berkah marang para putra wayah sing isih lelumban ing alam donya iki. Amin. [skd]
Waosan bab kembang iki: Sri Gadhing

