Showing posts with label Artikel Basa Jawa. Show all posts
Showing posts with label Artikel Basa Jawa. Show all posts

Saturday, December 8, 2018

Kurang Luwihing Manungsa

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
            Perkara kang wis dadi lumrah yaiku manungsa kaya dhewe iki uripe iseh kakehan dosa, tansah kleru lan sajenise. Dhewe dititahake kanthi kelebihan saha kekurangan. Babagan iki ora bisa dipisahke ing uripe wong sapa wae. Dhewe kudu bisa pinter-pinter ngarahke endi kang diutamake. Bisa dibayangke menawa wong namung duweni salah sijine, wong iku bakal dadi sombong lan tumindak miturut kekarepane, ora peduli marang liyan mergane dheweke wis ngrasake seneng karo kelebihane lan babarblas ora butuhake anane wong liya ing uripe. Beda maneh menawa dheweke namung diwenehi kekurangan tanpa kelebihan, arep ngapa-ngapa mesthi kangelan, ngana salah arep ngene apa maneh. Apa wae kang ditindakake bakal ora ana untunge. Rasa mindher dadi pandengan lumrah ing saben dinane. Dhewe tansah mikir pesimis ing sakabehane perkara, mbuh iku babagan apik apa sewalike. Malah bisa-bisa wong siji lan sijine ora gelem ngenal jalaran kuatir kekurangane bakal dingerteni lan kuatire mbok-mbok malah ngrepoti.
            Allah SWT nitahake kaloro-lorone mesthi duweni maksud kang wis paling wicaksana. Dhewe namung nampa apa-apa kang dititahake lan bisaa syukur. Dalan syukur iku menehi pituduh ngilmu kang bisa digunaake mikirke apa-apa ing babagan kalorone. Dhewe namung bisa ngira-ngira miturut pamikirane dhewe-dhewe kang wis diwenehi otak kanggo goleki ngilmu kang ana gunane ing dunya lan akherat. Bisa dipesthiake dene miturute wong siji lan sijine beda lan iku wis dadi perkara kang umum. Dhewe kudu nampa kanthi tepa slira dene saben wong duweni wewenang lan kewajiban dhewe-dhewe. Meksa kekarepane wong liya kajenge nurut kekarepane dhewe ora gampang. Ing babagan kaya ngene apike padha-padha ngalah lan nampa apa kang wis dadi umum ing lingkungane.
            Anane kelebihan lan kekurangan dadiake wong siji lan sijine padha-padha butuhake. Wong ora bisa urip tanpa pitulungane wong liya, dhewe bakale butuh wondene kadhangkala ora ngrasaake langsung. Urip tulung tinulung menehi akeh banget keuntungan kanggo sapa wae. Kelebihan kang ana ing awake dhewe kanggo bantu wong kang butuhake ing babagan kang dhewe bisa bantu. Aja milah milih marang wong kang arep dibantu lan aja ngarep-angarep bantuane mbalik maneh ing dhewe. Tetulungan iku kudu kanthi ikhlas. Menawa dhewe durung bisa menehi tetulungan marang liyan, coba dhewe menehi kelakuan kang sopan lan ngurmati marang sapa wae. Sapa wonge mesthi seneng dikurmati lan semono uga awake dhewe. Luwih apik bisaa ngawiti anggone duweni kelakuan apik marang sapadha-padha. Aja wong liya ngawiti nembe dhewe balesi. Ana pepatah dene tangan dhuwur luwih apik ketimbang tangan ngisor. Menehi kabecikan luwih apik ketimbang dhewe nampa kabecikan saka wong liya.
            Perkara kang ora biasa pancen krasa abot kanggo ditindakake. Awiti kabeh kanthi niat apik lan ora duweni panyana ala marang liyan. Mikira kanthi positif, mikir kang ngene iki dadiake jiwa lan ragane saya sehat. Kang nampa untunge ora mung dheweke ananging wong liya uga kecripatan. Kabeh bakale seneng lan ngrasa sehat nalika dhewe lan lingkungan padha semedulur. Ademe ati bakale thukul sajeroning masyarakat. Dhewe menehi kamulyanane wong liyan kanthi tulus lan menawa wong iku pikantuk seneng, ati lan jiwane dhewe uga katutan seneng lan ngrasake luwih mulya ketimbang dheweke.
            Kamulyanan iku adoh saka kang jenenge penyakit ati. Ilangana maneka warna penyakit ati kaya dene ngiri, sombong, mikir ala marang liyan, nglendhengi lan akeh liya-liyane. Kabeh iku ora nguntungke, anane mung malah ngrokoti atine dhewe lan sabanjure urip ora bisa tentrem ayem. Sawayah-wayah namung mikirke lan ngarep wong liya duweni khabar ala ketimbang dhewe. Ana ing pikiran tansah ngusahake cara sadis kanggo ngelek-eleki wong liya. Dhewe bakale tepuk tangan nalika wong liya ketiban cilaka lan ngrasa nangis batin nalika dheweke pikantuk apa-apa kang luwih apik ketimbang apa kang ditampa awake dhewe.
            Rasa ora trima ing ati dadiake semangat kang gedhe banget kanggo nyaingi dheweke, akhire dalan apa wae dadi halal demi misi wegah disangi. Saya suwi dadiake kurang anggone sinau babagan agama, nganti ora krasa uripe namung dienteke kanggo mikirke kepriye bisa nyaingi dheweke. Nalika lagi apes lan durung bisa ngungguli dheweke ngrasa mumet ing sirah lan awake malah dadi mriang. Ati ora nate ngasoh wondene lagi ketiban lara, anane taksih mrangsang karo wong kang disaingi. Kedadean iki bisa ana ing sapa wae, wong kang ora nate syukur gampang anggone keplencokan penyakit ati kaya ngene. Kanggo jaga ati adoh saka kang ora dikarepake, mangga padha ningkatake sinau babagan agama lan remen anggone nindakake perkara kang dadiake kamulyanan urip ing dunya uga akherat.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Urip Sehat Dadekake Jiwa Sehat

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
            Sehat iku minangka anugrah kang gedhe banget. Sapa wae wonge mesthi ngarepake awake tansah sehat satemah bisa makarya miturut kekarepane. Saka tangi turu wong wis duweni kekarepan kang beda-beda. Kekarepan iku bisa mlaku lancar lantaran awak kang sehat. Awak sehat iku maksude ora ana penyakit ing sajeroning awak, awak krasane entheng lan seger. Jiwane uga sehat taksih bisa bedaake endi kang apik lan ala. Sehat iku nuntun manungsa uripe mulya lan adoh saka apa-apa kang bisa ngrugiake jiwa lan ragane.
            Akeh wong kang ora nyadhar lan syukur anane sehat ing awak. Akeh-akehe mikir dene sehat iku wis dadi lumrahe wong urip. Sehat iku pikantuk saka panganan kang didhahar kanthi sehat lan olahraga. Dhewe lali sapa sing menehi awak sehat, sing ana pikiran namung apa-apa kang katon ing mripat. Kanggo wong tansah syukur, dene sehat iku kejaba saka tumindak urip kanthi sehat uga jalaran anugrahe kekuatan ingkang ora ketingal yaiku Allah SWT. Manungsa bisa ngrasake awak seger nalika nyambut gawe merga welas asihe Allah SWT dhateng hamba-hambanipun. Tanpa seijine Allah SWT manungsa ora bisa tumindak apa-apa. Manungsa tumindak apa wae iku mergane wis nampa kang ditakdirake marang dheweke. Dhewe dadi manungsa mesthi yakin apa kang ditakdirake iku wis kagolong paling apik ing urip miturut Allah SWT.
            Akeh wong nindakake urip mung nuruti nafsune, endi miturut dheweke katone apik dilakoni wae ora mikirke akibat-akibate. Kadhangkala ana wong liya kang nyoba ngelingke ananging namung dadi angin lewat thok. Wong kang gunaake pikiran sehat kudune bisa mikirke apa sajane kok wong bisa ngendika kaya ngono, dheweke bener apa salah utawa kepriye. Sangking gedhene nafsu ing awake satemah pituduh apa wae ora mempan. Dheweke ora gunaake nalurine, ana ing pikirane namung seneng kanggo awake dhewe lan sing penting apa kang dheweke tindakake ora ganggu wong liya. Kelakuan kaya ngene ana sing nyebut kagolong aliran liberal, aliran iki awitane seka kaum kang ora duweni kapercayan ing agama lan dawane wektulah kang wis nyebarke satemah ing ngendi-endi akeh wong kang keblusuk. Wong kang atos tumindake iki biasane nalika awak lagi sehat, dheweke bisa ngapa wae miturut kekarepane. Beda maneh umpamane dheweke nembe ketiban lara, dheweke bakal ngomong saka nalurine. Kang sadurunge ora mikirke dosa lebar awake lara ngrasa yen apa kang ditindakake seprene iku kleru lan ora trep kaliyan tuntunan agama.
            Awak sehat utawa lara iku kabeh ujian seka Allah SWT. Wong kang tansah nindakake apa kang diperintahke dening agama bakale bisa bedakake endi-endi kang ngrugiake lan gawe dosa utawa babagan kang nguntungke lan pikantuk safa'at saka Allah SWT. Dheweke bakale terus mikirke kanthi tumindak syukur kaliyan apa-apa kang diduweni lan digunaake kanthi saapik-apike miturut aturan agama. Dheweke bakal krasa kelangan nalika ana babagan apik kang dilewati ing uripe tanpa nindakake apa-apa. Apa kang ona ing lingkungane dadi guru wicaksana kanggo urip kanthi sehat, seneng, syukur, lan tansah tumindak ingkang diridhoi dening Allah SWT.
            Urip sehat gampang digoleki ana ing panggonan kang resik, kopen kanthi temenan lan ora nate kanggo maksiat. Ngendi papan bisa dadi panggonan kang resik, kabeh iku tergantung kaliyan wong kang mapan ing kono. Menawa wong iku tansah nindakake apa kang diperintahke dening agama, lingkungane mesthi resik lan kopen mergane ngibadah kang ditampa iku wong kang ana ing panggonan resik utawa lumrahe kasebut suci. Lingkungan resik bakale menehi akeh keuntungan dhateng wong kang manggoni. Wonge katone sehat raga apa maneh jiwane. Resike panggonan diduweni wong kang sregep lan tanggap karo lingkungan. Dheweke wis ngerteni dene resike papan iku gawe sehat ing urip. Dheweke nindakake apa wae kang halal kanggo jaga panggonane resik, aman, kopen, tentrem satemah ngibadahe bisa katampa dening Allah SWT.
            Urip sehat namung ana ing lingkungan kang resik. Jiwa sehat bisa ana ing urip kang sehat. Ngibadah kang diridhoi Allah SWT saka jiwa lan cara urip kang sehat. Ngibadah kanthi bener dadiake donga-dongane dhewe bisaa kasembadan. Mangga dadiake urip iki seapik-apike ing lingkungan. Aja sungkan nindakake kabecikan, wondene keuntungane durung langsung bisa didelok. Mbok menawa dhewe durung bisa delok saiki, sesuk sapa ngerti bisa kasembadan ing babagan padha utawa beda kang luwih saka kang nate dipikirke, Amin...
            Sapa sih sing ora ngarepake urip sehat jiwa lan ragane. Sehat dadiake apa wae kang dhewe lakoni mlaku kanthi lancar. Dhewe bisa gunaake akal kanthi maksimal nalika awak sehat. Salah siji wae ora sehat ing kabeh perangane awak melu ngrasake. Bagian siji lan sijine ing awak minangka siji kekuatan. Kekuatan iku bisa kurang nalika padha ora kompak disebabke ana sing lara. Siji lan sijine kudu padha jaga saka maneka warna penyakit kang sewayah-wayah bisa teka. Urip kang ngati-ati iku bisa jaga sekabehane perangane awak. Nalika ngati-ati wis ditindakake namung tetep wae pikantuk perkara kang ora dikarepake, artine iku pancen wis dikersake Allah SWT lan wis dadi takdire. Dhewe namung bisa usaha lan dedonga, kasile ditentuake dening Kang Maha Agung. Apa wae kang ditampa ing urip iki kudu ditindakake kanthi ikhlas lan syukur merga kang kaya ngono dadi dalan kang seapik-apike dalan.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Naluri, Akal, lan Nafsu

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
            Manungsa minangka makhluk kang dititahake Allah SWT kanthi sampurna. Manungsa diwenehi akal satemah bisa digunaake kanggo mikir lan ngresepi apa kang ana ing maneka babagan ngilmu. Ana wong kang ngarani dene manungsa iku minangka kewan kang bisa mikir. Dhewe ngerti menawa kewan saben dinane duweni kaperluan kanggo uripe yaiku golek pangan, papan kanggo ngasoh lan semono uga manungsa. Panca indrane kewan padha karo manungsa, kewan bisa ngrungokake, ngrasake hawa adem utawa panas lan akeh liya-liyane. Sing jelas kewan urip nganggo naluri lan nafsu, manungsa kejaba naluri lan nafsu uga saka anane akal.
            Anane akal ing manungsa dadiake uripe bisa mulya. Manungsa kang bisa gunaake akal kanthi sae bisa ngerteni endi kang sae utawa endi kang bisa gawe cilakane. Akal kang sehat iku menehi akeh pituduh keuntungan kanggo manungsa. Dheweke bisa milih papan panggonan kang resik kang pantes kanggo ngasoh, turu, kerja, nglipur ati lan sapanunggalane. Kabeh kang dilakokana manungsa iku ora luput saka anane akal kang digunaake kanthi sehat.
          Manungsa ing sajeroning urip butuhake maneka warna kanggo dhukung urip kang penak. Urip penak mung bisa dicekel merga gelem makarya kang wis diperitungke kaliyan kemampuane. Manungsa siji lan sijine duweni kemampuan beda-beda. Kemampuan iki bisa pikantuk saka nalika lahir utawa merga dheweke wis nate sinau babagan ngilmu iku. Akeh kang percaya dene kulina bisa menehi kemampuan tumrap wonge. Kejaba iku lingkungan urip uga nentokake wong iku duweni kemampuan apa ora. Tuladhane yen dhewe urip ing lingkungan wong nganggur, dhewe bakale ora pikantuk apa-apa. Beda kaliyan ing sajeroning wong kang tansah seneng makarya, dhewe bakal luwih pikantuk akeh ngilmu. Nalika dhewe urip ing tengah masyarakat lan ora ngetutake apa kang dadi adate masyarakat bakal dipesthike nalurine manungsa ngrasa disisihke lan pungkasane ora betah manggon. Dheweke banjur bingung lan pengin golek panggonan liya kang cocok kaliyan kapribaden dheweke.
           Naluri lan akal tansah mlaku bebarengan ing urip, kekompakan lorone dipengaruhi saka anane nafsu. Nafsu iki diduweni kabeh makhluk titahane Allah kejaba Malaikat. Manungsa bisa ngatur nafsune merga akal. Nafsu ing manungsa dadiake duweni kepenginan kang maneka warna, ana kepenginan apik lan ala. Kajenge sae mlakune nafsu disaring dening akal, aja malah kewalikan. Dhewe bakal dadi budhak kang akeh dosane mergane nafsu kang diumbar tanpa disopiri saka akal lan pesthine nongol kekarepan perkara-perkara kang ala kang ora ana untunge tumrap manungsa. Nafsu bisa menehi keuntungan nalika dipimpin dening akal. Akal wong kang wis umur dewasa ngerti yen sakirane perkara apik apa ora. Akal bakale terus nimbang-nimbang apa kang dadi akibate. Awit saiki mangga mulyaake akal lan tansah jaga-jaga aja nganti dikuasai dening nafsu. Merdikane akal ing manungsa dadiake manungsa iku duweni rega lan kepribaden kang luhur.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Anane Kanca

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
            Kerep banget dhewe krungu wong kang ngendika menawa urip iki ora bisa dewekan. Apa wae kang dhewe lakoni butuhake tenaga saka wong liya. Kadhangkala dhewe ora krasa anane wong liya iku ing uripe dhewe, malah asik karo awake dhewe-dhewe. Dhewe ngrasa gawean bisa dicekel lan dirampungke tanpa sapa-sapa, kaya-kaya lagi ora butuhke wong liya. Perkara kang kaya ngene pancen bener ananging ora sateruse dhewe bisa nglakoni dhewekan. Sadar ora sadar dhewe mesthi kudu butuh wong liya kanggo bantu apa wae ing urip iki senajan wektune ora pesthi.
            Dhewe ing masyarakat minangka mahkluk sosial satemah urip mesthi guyub lan tulung tinulung kaliyan sesami. Dhewe ora ngerti kapan nemu perkara angel ing urip, bisa wae perkara kang ora dikarepake njedul ing ngarepe dhewe tanpa pamitan disek lan dadine dhewe kewalahen ngadepi sing kaya ngono. Anane wong liya paling ora bisa menehi pambiantu apa wae kang wektu iku dibutuhake. Luwih untung maneh menawa dhewe duweni kanca raket, dhewe ora nganggo isin nyuwun tetulung anane kang dhewe adhepi. Kanca mesthi wis ngerti tata uripe dhewe, saben wektu kepethuk lan kadhangkala bantu binantu wis kerep dilakoni ananging ora krasa merga wis kulina. Kanca kang bisa kaya iki pancen rada angel digoleki. Dhewe mesthi kudu pinter-pinter milih sing jenenge kanca kang ngerti anane dhewe. Dhewe butuh kanca kanggo ing kahanan apa wae yaiku sajeroning seneng utawa susah. Akeh kang ngakune kanca ananging pas kepethuk perkara kang rada susah sithik langsung ngilang ora ketara maneh wondene sadurunge menyang ngendi-ngendi tansah bareng lan kaya-kaya ora gelem pethal.
            Kanca kasebut apik yaiku ora duweni pamrih lan terus bantu ngancani ing sadawane perkara, uga menawa bisa menehi dalan metu ing perkarane. Dhewe mesthi wae ora pengin duwe kanca akeh ananging nalika kapethuk apes ora ana sing gelem kekanca marang dhewe maneh. Akeh banget kang menangi kedadean kaya iki, kanggo wong kang amoh mentale dadi nglokro lan krasa susah ing ati sajero-jerone. Kedadean iki bakal dadi pengalaman kang ora bisa dilaliake lan kanggo wong kang tansah syukur mesthi sadar menawa iki minangka ujian ing urip lan mesthi ana dalan pametune.
            Kanca raket bisa digoleki ing papan ngendi wae, sakarepe ati arep milih kang model kaya ngapa. Dhewe uga bisa biji wong kang sakirane pantes dadi kanca kang bisa dipercaya. Wicaksanane biji wong iku ora mung jabane ananging delokana ing kelakuan lan ngendikane. Dhewe mesthi ora ngarep duwe kanca anyar malah dadiake repot. Ngrepoti sihik ora dadi perkara, sing penting kanca mau bisa sapadha-padha menehi tetulung menawa dhewe uga butuhake tenagane. Dhewe dudu ora ikhlas anggone menehi tetulung ananging dhewe minangka menungsa kang ora luput seka salah lan kleru lan mesthi duwe perkara kang butuhake tetulunge. Menawa dheweke durung bisa nulung aja digawa ati, sapa ngerti pancen dheweke bener-bener ora bisa, dhewe ngarep wae muga-muga ana liyane kang bisa menehi tetulungan lan uga tetep dunga marang Allah SWT kajenge perkara iku enggal-enggal lunga saka urip iki.
            Kanca bisa menehi tetulungan ananging uga ora luput menawa malah dadine sawalike. Anane kanca kadhangkala nongolke perkara kang ora disangka-sangka. Wong iku duwe karep dhewe-dhewe lan kang kaya ngono iku ora krasa dadak gedhe dadi perkara ribet. Menawa kekancanan taksih gedheake egone dhewe-dhewe bakalane ora tinemu dalan malah anane kerengan siji lan sijine. Ing sajeroning perkara kaya iki wicaksanane aja padha nyalahke marang sapa wae, coba padha instropeksi marang awake dhewe-dhewe. Dhewe mesthi bisa maklumi menawa dhewe ora bisa tansah gawe bener terus, kadhangkala ora krasa gawe luput lan jebulane ganggu wong liya. Dhewe ora krasa wis ganggu wong liya, dhewe nembe ngerti menawa dheweke wis ngawiti wadul marang dhewe. Nalika dhewe durung siap nampa wadulane, mesthi ati dadi panas wondene terang-terangan dhewe sing salah lan lebare mesthi kerengan.
            Jaga kajenge kekancan tetep langgeng pancen gampang-gampang angel. Dhewe mesthi mikir kang temenan sadurunge ngawiti apa wae, yen bisa alon-alon bae aja ngangsi malah dadi ngrugiake sapadha-padha. Dhewe mesthine uga ora gelem trima rugi menawa wong liya duwe gawe kang kanggo dheweke nyenengake ananging kanggone awake dhewe nyusahke. Intine sadurunge ngapa-ngapa delokake kahanane kepriye, menawa durung pas dilakokana aja dipeksa. Perkara kang dipeksa mesthi duweni kasil kang elek lan sapa wae uga wegah nampa perkara kang ngrugiake. Kanca kang wis apik dijaga bener-bener atine, anane dheweke minangka pitulungan surga kanggo ngadepi apa wae kang dhewe adhepi ing urip.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Mangga Makarya

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Apa wae kang biasa dilakokake dadiake gampang anggone gawe. Dhewe wis bisa ngira-ngira kepriye sing arep dilakokake. Mula kajenge apa-apa kang dhewe senengi apike dilakokake saben dina kanthi seneng lan waspada. Waspada neng kene dhewe kudu bener-bener temenan anggone jekel gawean lan jaga-jaga mbok menawa ana sing dadiake repoting lelakon. Wong kang ngene iki bisa uga kasebut wong kang ngati-ngati. Nglakoni perkara ngati-ati iku pancen rada angel, akeh banget godha kang ora krasa nyedak lan pikiran pungkasane nyerah. Kang kaya ngene mujudake perkara kang ora disangka-sangka nongol.
Urip iki mesthi kudu dilakoni kanthi upaya kang temenan, aja gampangake perkara kang katone gampang. Akeh tuladha ing lingkungane dhewe nalika kerep nglakoni apa wae kanthi kesusuh ora dipikir temenan luwih dhisik dadiake apa kang dadi pangarepane malah dadi cilakane. Upaya kang wicaksana sadurunge lumampah ing karya apa wae diawiti kanthi niat kang bener lan diseseli kaliyan dedunga marang Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Menawa perlu nyuwun pitulungane wong liya lan diusahake aja isin-isin nyuwun tetulung, mbok menawa dheweke bisa menehi dalan kang nunjuke ing nasib luwih apik. Paling ora dirembug karo kanca utawa sapa wae kang bisa diajak rembugan babagan iku. Nalika ati wis mantep nembe lumampah kanthi alon-alon tur ngati-ati.
Kadhangkala dhewe duweni wektu sepisan thok kanggo makarya siji gawean. Wektu iku kudu digawe temenan lan aja grusah-grusuh. Mendhing rampung rada suwi nanging kasil apik lan gawe marem ing ati ketimbang cepet rampung nanging kasile ora gawe semseming ati malah mangkelke rasa. Wektu sing diwenehi digunaake kanthi prayoga, aja dilakoni nalika wektune arep rampung. Lakokna awit gawean iku diwenehke dhewe. Umpamane diwenehi wektu sesasi, dhewe ngawiti kanthi rencana kang wis mapan lan mantep. Delokana gawean kang nate wis digawe marang wong liya, mbok menawa ana kemiripane. Dadi bisa menehi dalan anggone ngawiti pakaryan iku.
Ing sajeroning ngrampungke pakaryan iku dhewe bisa wae nemuake perkara kang angel. Perkara kang ora disangka-sangka dadi mumeting pikiran. Coba dipikir alon-alon, diteliti maneh supaya bisa ngerti apa wae kang wis digawe lan sapa ngerti nemuake cara nalika weruh gawean kang wis rampung ing ngarep. Menawa tetep wae angel lan durung nemu kepriye anggone terus, luwih prayoga ngasoh disek. Ing sajeroning ngasoh dhewe karo golek-golek apa-apa kang bisa digunaake bantu pakaryane. Pikiran rada dikendhoake seka maneka warna sing njlimet-njlimet, mikira sing ora gawe abot pikiran. Yen sakirane cukup diawiti maneh, saiki pikiran dadi luwih seger lan siap makarya kanthi kasil kang dikarepe.
Tenan ora krasa wis rampung kabeh panggawean kang dhewe nglakoni kanthi seneng ing ati. Aja nganti blenger anggone tliti maneh gawean mau. Dhewe bisa mesem lan guyu kanthi mantep nalika kasile apik padha kang dikarepake. Kasil iku minangka karya dhewe kang kudu disyukuri merga penggawean wis rampung. Dhewe matur nuwun marang wong kang nate bantu, dheweke mesthi melu seneng nalika gawean dhewe wis rampung kanthi kasil kang dikarepake. Dadiake gawean mau pengalaman urip kang dadi guru ing wektu ngarep lan nalika ketemu maneh gawean sing padha utawa penggawean kang mirip kaya mau bisa duweni kasil kang luwih apik. Tuduhake ngilmu sing nembe wae marang wong kang butuhake ing kapan wae. Aja milah-milih karo wong sing arep dibantu. Wenehana kanthi ikhlas lan lega ing ati, sing kaya ngono dadiake dhewe disenengi wong akeh lan pikantuk ganjaran saka Gusti Kang Maha Agung.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Tuesday, October 2, 2012

Nguri-Uri Kabudayan Jawi

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

        “Mangga-mangga pak, bukune dipunpilih. Punika pak wonten buku enggal tur sae.” Kang Panut nawakake dhagangane karo ngulungake buku anyar marang satunggaling sing rawuh.
Dina iki rasane benter temenan, hawane panas lan sumuk dhasare mangsa ketiga. Ing sangisore wit ringin sangarepe mesjid katon kagelar buku-buku kang ngesemake kanggo sapa wae sing lewat kono. Panggonan iki akeh wong padha gemrubyuk nalika wayah sholat dhuhur kaya wektu iki.
             Wong-wong kang sholat jama’ah rata-rata padha ngasoh sakrampunge sholat lan padha jejagongan ing serambi mesjid lan ana sing malah kondur. Ing saben dinane, saka wong-wong mau mesthi ana sing padha mampir ing gelaran buku-buku lan nontoni buku, uga ana malah sing njekel-njekel buku kaya-kaya wis kepincut pengin tetuku.
              Ing tengahing wong sing padha ngrubung-ngrubung, ana sawijining wong kang ora manglingi maneh. Dheweke duweni watak ramah, sumeh, lan sapa wae sing takon marang dheweke diwangsuli kanthi wicaksana, malah kersa ngandharake buku-buku sing nate diwaca kang dirasa trep karo pitakone. Wong iki duweni jeneng kang Panut lan wis misuwur ing tlatah mesjid kang kanggo jama’ah.
              “Wah.., iki mung apik judhul bukune.”
              “Mboten pak, ing lebete ugi sae. Cobi priksani, ingkang nganggit bukune ugi nggih sampun wisuwur sanget lan kathah buku ingkang sampun dipunserat dening piyambake loh... pak, kejawi punika, menawi kula nembe mawon nggelar buku-bukunipun ing ngriki langsung ludhes blass... malih dados kertas ingkang saged dipunsak.”
               “He..ha.. Kowe iki le ngendikan bisa wae,..”
               “Inggih leres pak, buku-bukune kathah-kathahing ngrembag babagan kabudayan Jawi. Itung-itung sami dherek nguri-uri kabudayan punika. Mangga pak, bukune dipunpundhut.”
  “Pancen bener sing kowe kandhakake. Akeh wong Jawa sing ilang jawane. Tuladhane menawa ngganggo basane dhewe wae padha kangelan, apa maneh ngilmu budayane. Kaya mau nalika Bapak arep mangkat saka ngomah menyang kene. Ana cah nom-noman loro lewat ngarepe Bapak mung nylonong tanpa dherek langkung dhisik. Ora mung kuwi, bocah-bocah mau padha karo gegujengan sisan. La.., menawa ana wong kang lagi mlaku liyane, ya apa ora ngganggu.” Ngendikane bapak Budi sing umurane kira-kira patangpuluhan.
   “Mila kados punika pak, buku menika langkung sae kagem sinten kemawon. Miturut kula, mboten rugi dados tiang pinter lan mangertos samubarang ngilmu, punapa malih kang wonten kaitane kaliyan budaya. Ampun ngantos budaya kita kang luhur ical dipun gantos budaya kulon. Saged-saged samangke keturunan kita sedaya mboten saged tepa slira, sopan marang sapadha-padha, rukun, lan urip tentrem. Paling-paling wontene namung saingan mboten sehat.”
   “O..ya wislah kene bukune taktukune!”
   “He..ha.. punika nembe pilihan jempol, bakale boten gawe gelo pak! Kejaba mirah lan tamtunipun sanget migunani.”
   “Terus regane pira iki?”
  “Mirah pak namung sekawan dasa ewu mawon, kersane saged dados langganan.” Pak Budi langsung ngrogoh dompet saka saku mburine lan jupuk duwit cacahe patang puluh ewu. Sabanjure langsung ngucap maturnuwun lan nyuwun pamit.
   Para kadang Kalawarti ingkang minulya. Urip bebarengan iku pancen wis angel, ananging aja digawe angel maneh dadekake bubrahing paseduluran. Mangga, padha guyup marang sapadha-padha lan aja nganti ana perkara cilik dadi perkara kang luwih gedhe. Menawa ana perkara kang angel utawa njlimet, coba dirembug luwih dhisik.
  Kejaba iku, budaya Jawa kang sampun sae sanged mbekta katentreman kedah kita jagi gesangipun, amarga kanggo para siswa kang taksih sinau basa, sastra, lan budaya Jawa bisa dadekake luhur bebudine lan dedalane urip bisa lempeng ing dalan kang diridhoi dening Allah.
   Cekap semanten, kepanggih malih ing crita sanesipun. Mugia seratan menika saged damel kita sansaya sadhar kaliyan budaya kita kang luhur lan sami kersa nguri-nguri lan jagi supados langkung misuwur. Kathah kalepatan anggenipun atur, nyuwun samudraning pangaksami. Nuwun
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Sunday, September 2, 2012

Tuladha Saking Pak Benu (bilingual)

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
     Kathah tiyang ingkang pikantuk kesuksesan amargi saking ulet lan ubet anggenipun mbudidaya supados kawontenan gesangipun langkung sejahtera. Conthonipun Pak Benu lan bu Santi garwanipun, ingkang mandhe gado-gado lan lothek, mboten tebih saking workshop kula. Kawiwitan rikala semanten pak Benu merantau wonten ing kitha Ngayogyakarta (aslinipun saking daerah plosok Gunung Kidul ), pak Benu nyambut damel dados tukang becak. Amargi mboten wonten papan kagem ngeyup, injih becak menika ingkang dados 'griyanipun'. Menawi sare inggih namung wonten becak karana atap langit kemul mega. Sawetawis mlampah tetaunan saged ngredit sepeda motor bekas. Dhados menawi siang narik becak lan menawi ndalu dados tukang ojek, lan saged ngontrak griya ingkang sederhana sanget wonten ing daerah ledhok (pinggir lepen ingkang paling ngandhap) kali Winong. Salah satunggalipun pelanggan becak inggih menika juragan gado-gado/lothek ingkang sampun kawentar ing Jogja inggih punika Lothek Teteg, ingkang bikak sadeyan wonten in sawetanipun Stasiun Sepur Lempuyangan. Danguning-dangu pak Benu mboten namung nderekaken juragan lothek menika menawi tindak blanja dhateng peken, ananging ugi mbiyantu anggenipun sadeyan lothek ngantos 8 taun dangunipun. Injih amargi pak Benu menika saestu sregep tur gathosan sanget, inggih lajeng prigel anggenipun ngracik bumbu-bumbu lothek lan gado-gado. Dhawah begjanipun Pak Benu pikantuk juragan ingkang sae manahipun, lajeng pak Benu dipun paringi pawitan (modal) kapurih mandiri lan nyobi sadeyan piyambak.

     Taun 2002 pak Benu kaliyan bu Santi wiwitan sade lothek mawi grobak wonten ing sa'leripun Selokan Martaram, ngajeng sisih ler Fakultas Peternakan UGM. Kalih taunan pak Benu lan bu Santi nglampahi nyurung grobak injang-sonten kagem sadeyan lothek. Taun 2004 wonten sa'tunggaling 'tuan tanah' ingkang nembe kemawon mbangun deretan ruko wonten sa'celakipun Pak Benu anggenipun sadeyan. Piyantun sugih menika ugi salah setunggilipun pelanggan pak Benu, lajeng paring dhawuh dumateng pak Benu lan bu Santi supadhos kersa manggen salah satunggaling kontrakan ruko menika kanthi bayaran sa' kiyatipun. Inggih mbok bilih diraos sayah sanget menawi terus-terusan enjang-sonten kedhah nyurung grobak tur yuswanipun pak Benu nggih mindhak sepuh lan sampun sudho karosanipun, salajengipun pak Benu sekaliyan wiwit manggen wonten kios ingkang paling pojok kilen ing deretan ruko kala wau.
Raosipun gado-gado pak Benu inggih saestu eco, reginipun ugi mirah katandhing rumah makan gado-gado sanesipun lan ngladhosi pelanggan kanthi ramah mboten dipun damel-damel. Ugi papanipun ingkang strategis (wonten ing lingkungan kalih kampus ageng inggih menika tapal wates UGM lan UNY) dadhos mboten nggumunaken menawi kathah pelangganipun. Sedinten saged nyadhe lotek lan gado-gado watawis 200-300 porsi wiwit jam wolu injing dumugi jam sekawan sonten.

     Gesangipun Pak Benu sakluwarga tansaya ngrembaka, benten kahananipun kaliyan 10 taun kapengker. Pak Benu ingkang mboten sekolah (nanging saged maca-nulis), malah kepara bu Santi ingkang....nuwun sewu...buta huruf (ning nek bab arto nggih teteb ngertos kepara luwih dong banget..hehe..) saged nyekolahaken anak dumugi Perguruan Tinggi UGM. Griya ingkang sae, mobil Daihatsu Xenia lan pinten-pinten motor ugi tanah kagem investasi ing  sawenihipun papan, dados kekayaan lan tabunganipun. Piyantunipun ingkang taberi, ulet, tekun, mboten wegahan tur remen prihatin ndadosaken pak Benu salah setunggiling pelaku UKM ingkang berhasil. Pak Benu lan bu Santi inggih paring bayaran kagem para karyawanipun langkung inggil lipet kalih katandhing karyawan rumah makan sanesipun. Sanajan sampun sukses ananging penampilan lan solah-bawanipun pak Benu tetep prasaja kemawon. Nalika artikel menika kula dhamel, kala wau siang pak Benu nembe bingung badhe padhos karyawan malih, amargi mbenjing Senin awal September menika sampun badhe bikak cabang ingkang sepisanan wonten ing Babarsari, sacelakipun kampus UPN lan kampus Atmajaya. 

     Mugi-mugi seratan ing nginggil punika saged dadhos inspirasi lan motivasi kagem dhiri kula pribadi lan panjenengan sedaya.

     Sudah banyak orang yang mampu meraih kesuksesan karena ketekunan dan selalu bersungguh-sungguh dalam bekerja. Saya ingin mencontohkan pak Benu dan bu Santi istrinya, yang berjualan lothek dan gado-gado tidak jauh dari workshop saya.
     Pak Benu yang berasal dari daerah pelosok Gunung Kidul merantau ke Jogja dan menjadi tukang becak, beberapa tahun lalu.  Karena belum memiliki tempat tinggal ataupun rumah kontrakan di Jogja, beliau kalau tidur ya diatas becaknya, beratap langit berselimut awan. Lama-lama dari hasil tabungannya, beliau bisa mengontrak rumah sangat sederhana di bantaran sungai Winong, Kota Gedhe, juga bisa mengkredit sebuah motor bekas. Jadi kalau siang beliau menarik becak dan kalau malam menjadi tukang ojek (karena kalau siang malam harus mengayuh becak, beliau tidak kuat).
     Salah satu pelanggan becaknya adalah seorang juragan warung lothek yang cukup terkenal di Jogja yaitu Lothek Teteg yang lokasinya di sebelah timur Stasiun Lempuyangan. Tak hanya sekedar antar-jemput sang juragan dalam berbelanja, tetapi lama-kelamaan pak Benu juga diminta untuk membantu pekerjaan di warung lothek/gado-gado itu. Mulai dari belanja, cuci piring sampai meracik bumbu dan juga melayani pembeli beliau kerjakan selama 8 tahun di warung itu. Melihat sosok pak Benu yang rajin dan dirasa sudah pandai dalam mengolah bumbu-bumbu lothek/gado-gado, sang juragan pun menyuruh pak Benu untuk mandiri dan mencoba jualan sendiri. Sang juragan pun memberikan modal sebagai awal pak Benu memulai usahanya sendiri.

     Tahun 2002 pak Benu dan istrinya memulai berjualan gado-gado memakai gerobak di sebelah utara Selokan Mataram depan Fakultas Peternakan UGM. Pagi-sore beliau berdua dengan tekun mendorong gerobaknya dan sedikit demi sedikit memperoleh pelanggan. Tahun 2004 seorang pemilik tanah (juga merupakan salah satu pelanggan pak Benu) yang baru saja selesai membangun ruko didekat tempat pak Benu berjualan, menawarkan untuk menempati salah satu kios barunya itu. Pak Benu diperbolehkan membayar semampunya untuk mengawali usahanya di deretan ruko tersebut.

     Sekarang pak Benu telah memiliki banyak pelanggan. Tak kurang dari 200 porsi mampu beliau jual dalam sehari, bahkan kalau pas ramai bisa sampai lebih dari 300 porsi. Emang enak rasa gado-gado dan lothek racikan beliau disamping harga yang murah dan pelayanannya yang ramah. Juga lokasi warungnya yang cukup strategis, di perbatasan antara kampus UGM dan kampus UNY. Kehidupan pak Benu dan keluarganya pun berkembang, tak lagi seperti sepuluh tahun lalu. Pak Benu yang tidak bersekolah (tapi bisa baca dan nulis) dan bu Santi yang ...maaf...buta huruf (tapi kalo soal ngitung duit paling bisa dia hehehe...), mampu menyekolahkan anaknya hingga  kuliah di UGM. Beberapa sepeda motor dan sebuah mobil Daihatsu Xenia menghiasi halaman rumahnya yang cukup bagus dan lega. Beberapa bidang tanah di berbagai tempat beliau beli sebagai investasi. Semuanya adalah buah dari keuletan, ketekunan, kesungguhan dan kesabarannya dalam menjalankan usahanya, tentu disertai doa dan laku prihatin. Beliau sangat hemat (bahkan boleh dibilang pelit kalo untuk diri-sendiri, namun dermawan untuk kegiatan masjid dan sosial juga kepada orang lain) tetapi beliau mengupah para pekerjanya 2-3x lipat rata2 upah pelayan rumah makan di Jogja. Sebuah upah yang layak untuk ukuran Jogja. Sebagai gambaran kalo UMR Jogja sekitar 800-an ribu sebulan (dan buanyak para pekerja yang digaji jauh dibawah UMR), beliau mengupah para karyawannya per-orang 50ribu sehari plus makan dan ada bonus saat dagangan sangat laris...itung aja kalo sebulan berapa, dengan jam kerja dari 8 pagi sampai 4 sore dan libur di hari Minggu. Sedang pelayan restoran langganan anak saya yang pake freid....chicken-chicken (yg versi lokalan lho...) dan juga cofee-shop2 tempat saya nongkrong masih dibawah 500rb sebulan. Meski telah menjadi pelaku UKM yang sukses, namun sikap beliau tetap bersahaja.

     Ketika artikel ini saya buat, saya teringat pak Benu dan bu Santi yang tadi siang kebingungan mau cari karyawan lagi karena besok senin awal September ini, mau membuka cabang pertamanya di Babarsari, dekat dengan kampus UPN dan Atmajaya. Semoga tulisan diatas bisa sedikit memberi inspirasi dan makin memotivasi diri pribadi saya khususnya dan kita semua untuk juga meraih kesuksesan, apapun bidang pekerjaan masing-masing yang sedang ditekuni.

matur nuwun,

Sahabat diperkenankan me-repost | copas artikel di blog ini tanpa harus mencantumkan admin / author / blog ini sebagai sumbernya. Tetapi bila ada referensi | daftar pustaka | bibliography yang saya pakai dalam menyusun sebuah artikel, tetap harus dicantumkan, karena menyangkut etika dalam membuat suatu karya tulis. Terima kasih ^_^
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Monday, August 27, 2012

Awake Menungsa Kanggo Dalan Balapan Kreta

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Kaisar John Tzimisces seka Byzantium kang nyekel panguasa wiwit 11 Desember 969 nganti tekan 10 Januari 976, arep nganakake balapan kreta gedhen2an. Senajan dalan kang arep dienggo balapan mau kebak bolongan2, ananging sang kaisar ora kurang akal. Dheweke meksa pesakitan (narapidana) cacah 50 uwong lan siji-siji dikon turu mengkurep kanggo ngiseni bolongan2 dalan, banjur diliwati kreta-kreta balapan mau. Anehe 50 pesakitan kuwi mau ora ana sing cilaka lan pungkasane malah diluwari seka tahanan.


jarwan bebas seka koleksine Ripley
ilustrasi-wikipedia
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Saturday, August 25, 2012

Mula Bukane Jeneng 'Indonesia'

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
  • Sa'durunge Abad 17
Akeh julukan kanggo Indonesia lan sing paling umum yaiku Nusantara (nusa=pulo, antara=seje/seberang). Tembung iku dianggo Majapahit kanggo sebutan wilayah telukane, sing nyakup saka bawana Asia nganti Australia. Sebutan mau tinulis jroning naskah-naskah Jawa Kuno ing abad ka-14.
Ngancik abad ka 17, pulo-pulo sing ngasilake rempah iki biasa disebut Ost Indische ( Hindia Wetan ).Ana uga sebutan Kepuloan Hindia ( Indian Arciphelago), Samodra Wetan ( The Eastern Seas), lan Insulinde( Pulo-Pulo Hindia ).
  • Taun 1850
George Samuel Windsor Earl, sawijining pelancong lan pengamat sosial saka Inggris ,  nggagas tembung Indonesia kanggo makili kelompok ras manungsa (polinesia) sing manggon  kepuloan Hindia (etnografis). Mitrane James R. Logan, sawijining etnolog, nduweni panemu tembung Indonesia luwih apik dilebokake ing istilah geografis amarga cekakan saka  Kepuloan Hindia, lan kanggo nyebut sing  manggon/penduduke, Logan usul Indonesian.
  • Walanda Milih Jeneng Hindia-Belanda
Alternatif jeneng Hindia-Belanda nate diangkat ing taun 1919. Volksraad diskusi  bab papat jeneng sing diusulake yaiku : Indonesie, Insulinde, Hindia Belanda, lan Oost-Indie. Jroning pemungutan swara tanggal 26 April 1919, jeneng Insulinde menang kanthi 16 swara. Nanging sawetara dina bacute, keputusan mau dimasalahake, minangka gantine Hindia dipilih tanpa ana udreg-udregan  kanthi alasan yen jeneng mau pancen wis dikenal  apik .

Ing wulan Oktober 1920, Komisi Negara kepengin ngowahi konstitusi  Hindia Belanda. Sawise disetujoni  pamarentah, pasal 1 nyebutake;” Kerajaan Belanda meliputi Belanda, Hindia Belanda, Suriname, dan Curacao….”Pasal iku didiskusekake jroning Volksraad ing Batavia tanggal 26 -29 April 1921.

Sadurunge iku, ing awal taun 1921, Dirk van Hinloopen Labberton, sawijining guru rumangsa trenyuh karo gerakan lan partai-partai kang muncul ing Jawa, nyiapake amandemen lan ngusulke jeneng Indonesia. Dheweke nyiapake karo Ch.Crammer lan Th. Vrede, saengga dikenal minangka  Labberton-Cramer-Vreede. Amandemen iki ditolak saengga ora dibahas jroning sidang Volksraad wulan April 1921. Sawetara wong ing  Volksraad ngremehke “ luwih pantes jeneng mau kanggo salah sijining cerutu “.
Ing wiwitan, pemerintah wis negesake yen sebutan  Hindia –Belanda sacara esensial  wis duwe teges jroning hukum internasional.

Second Chamber saka parlemen ing Walanda nganakake diskusi  tanggal 1 November 1921, oleh inpirasi amandemen Labberton-Cramer-Vreede, W.van Ravestern wakil saka komunis, njelasake maneh sebutan Indonesia. Nasibe sami mawon, amandemene ditolak!.
  • Kanggo Identitas Politik
Para muda cerdik cendikia sing nempuh studi ing negara Walanda ngganti jeneng pakumpulane Indische Vereeniging (Perhimpunan Hindia) sing madeg taun 1908 dadi Perhimpunan Indonesia (PI) taun 1925. Tembung Indonesia digunakake jumbuh  karo sawijining gegayuhan negara anyar lan identitas politik.
Nalika konggres Demokratis Internasional kang manggon ing Bierville, cedhak Paris, Agustus 1925, kanggo sing wiwitan jeneng Indonesia dikenalke. Mohammad Hatta makili PI, jroning pidatone mratelakake perjuangan rakyat Indonesia nggayuh kamardikan nasional. Amarga nggunakake jeneng mau kanggo politik, pamarentah Walanda nglarang  tembung Indonesia ing Hindia Belanda, ananging ora ana sing bisa mbendung.

best regards,

referensi;
karangkum saking seratanipun
Bp. Mawaradi wonten ing blog
Kembang Setaman.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Thursday, August 23, 2012

Wong Kang Sepisanan Mati Ing Kursi Listrik

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
William Kemmler kang lair 9 Mei 1860 ing kutha Philadelphia, Pennsylvania, Amerika yaiku sawijining pawongan kang paling sepisanan nglakoni ukuman mati karana kursi listrik.
Nalika umur 28 taun, Kemmler kang buta huruf lan dhuwe penyakit tekanan darah tinggi, ing sawijining dina lagi sapatemon karo pacare Matilda "Tillie" Ziegler. Embuh sebab apa tekanan darah tinggine kumat lan dadi murang-muring karo pacare kaya wong kesurupan, wusana Kemmler njupuk kampak lan dibacokake pacare mau nganti pacare nemoni tiwas. Kemmler ditahan karo kang wajib lan dipatrapi pidana pati dening hakim. Wektu semono aturan kang lumaku kanggo eksekusi ukuman mati karana digantung. Ananging pengadilan mutusake liya, senajan Kemmler diukum mati ananging ora karana digantung. William Kemmler kang mesthine sawise nglakonipaukuman mati wis bakal ora kocap kaya pembunuh-pembunuh liyane, ndadak ora mangkono nasibe. Dheweke kudu nglakoni paukuman mati karana kursi listrik sing sepisanan ndadekake dheweke kondhang lan kacatet dening sejarah.

Paleksanane Ukuman Mati
Ing sawijining esuk jam 6 tanggal 6 Agustus 1890, ing pakunjaran Auburn, New York uwis kacawisake persiapan kanggo pelaksaan ukuman matine Kemmler karana kursi listrik. Ing ruwangan eksekusi kuwi mau wis sumadya dadi seksi sawatara pejabat hukum, para wartawan lan 15 dokter uga wis siaga ana papan kono. William Kemmler kanti dikawal pimpinan eksekusi kang jenenge Charles F. Durston, katon mlaku tenang nalikane mlebu ruang eksekusi lan katon  Kemmler nganggo penganggon kan becik lan necis.
Sadurunge titi mangsa paleksanan dianakake adicara cekak kang dipimpin Durston sarana ngenalake jenenge William Kemmler. Kanthi tenang Kemmler ngadheg lan aweh kurmat marang kang padha nyekseni. Sabanjure Durston njaluk ijin amrih panganggone Kemmler dibukak lan terus kalungguhake ana ing nduwur kursi listrik kang wis cemawis. Wakil Sherif kang aran Yoe Velling kajibah naleni Kemmler ing kursi listrik karana sabuk kulit. Katon menawa Velling rada gugup lan gumeter saengga Kemmler kandha marang dheweke;" Sing tenang wae Yoe, luwih becik sing kenceng anggonmu naleni".


Sawise rampung ditaleni nganggo sabuk kulit, sabanjure Kemmler dianggoni topeng. Davis si ahli listrik uga uwis siap nyekeli sakelar. Bareng kabeh wis siaga, Durston aweh isyarat marang Davis kanthi tembung perpisahan marang Kemmler;" Good bye William". "Good bye", jawabe Kemmler tenang. Davis enggal narik tuas sakelar kanggo mbukak arus listrik 1300 Volt lan sanalika awake Kemmler njingkat terus kaku. Asep kemebul saka elektroda2 kang mbakar sabuk lulang mau. Dokter loro kang kajibah ngawasi jam katon gumeter, lagi mlaku 17 detik salah sijine wis kandha;" Cukup!, dheweke wis mati...patenana sakelare". Awake Kemmler kanton njengkerung lan gosong ana ing kursi listrik lan padha dirubung para dokter. Ananging dumadakan dhadhane Kemmler mlembung. Kemmler isih urip ndadekake para dokter lan seksi2 padha bingung. Banjur keprungu parentah supaya sakelar diuripake maneh. Kanthi gugup Davis narik munggah-medhun sakelar saenggo njalari aliran listrik dadi ora ajeg lan keprungu gumerite swara handel sakelar kasebut.
Sawise 70 detik, aliran listrik dipateni maneh. Meruhi paleksanan ukuman mati karana kursi listrik kang nganti ambal kaping pindho iku, sawijining wartawan saka United Press (George G. Bain) nganti tiba semaput lan liyane pada muntah-muntah lan mlayu ora wani nonton jasade Kemmler. Asil permeriksaan tim dokter nyatakake menawa awake Kemmler kebakar nganti garing, utege gosong lan atos kaya watu, otot-otote kaku lan saperangan gegere kobong nganti mlonyoh.

Dina candhake prastawa mau dadi berita gedhe ning koran-koran kang ngabarake manawa paukuman marang William karana kursi listrik ngalami kegagalan saengga Kemmler dadi kaya disiksa. Tuwuh protes ing ngendi-endi kang njaluk supaya ukuman mati karana kursi listrik disuwak utawa dibatalake. Saking akehe sing padha protes nganti layang khabar Buffalo Express ngramalake yen Kemmler dadi wong kang sepisanan lan pungkasan kang nglakoni ukum pati ning nduwur kursi listrik. Ananging ramalan mau mleset, sajrone 50 tahun sawise William mati, luwih saka 1.000 uwong kang uga nututi mati ing kursi listrik.


Bejane Ernt Chapelu
Sabenere mono wong kang kudune nglakoni ukuman mati ing kursi listrik dudu William Kemmpler, ananging Ernt Chapelu saka kutha New York kang kondhang sawijining pembunuh kang kejem tanpa kenal perikamanungsan. Ananging nalika Gubernur David B. Hill nandatangani undang-undang paukuman gantung disuwak lan digenti kursi listrik tahun 1889, nganti tekan titi wanci pelaksanaan eksekusi kanggo Chapelu, alat kursi listrik kuwi mau durung rampung digawe lan njalari ukuman tumrap Ernt Chapelu diowahi dadi ukuman selawase urip.


Anane Persaingan
Alat kanggo ngleksanani paukuman mati kang jenenge kursi listrik iki lair amarga anane persaingan (kongkiren) ing antarane penemu listrik Thomas Alva Edison karo pesainge George Westinghous.
Nalikane sajerone sidang Kemmler dibela saka para pambela kang dipandegani Burkeco Chran saka New York tanpa nampa bayaran saka Kemmler kang mung petani miskin. Para pambela ngandhakake menawa anggone mbelani Kemmler mung kesurung rasa ora mentala dhene menungsa kudu mati dibakar ing kursi listrik. Ananging sanyatane para pambela mau jebul dibayar dening Westinghous kanthi bayaran 100.000 dollar!.


matur nuwun,

 referensi;
sumber gambar; wikipedia
Carl Sifaxis-JFX Hoery
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Wednesday, August 22, 2012

Wewadine Aksara Jawa

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Aksara Jawa mono, manut dongengane, mula bukane saka paraga kang asma Aji Saka, asale saka tanah Hindustan. Ananging isih akeh cerita2 liya bab mula-bukane aksara jawa iku. Sing genah, aksara cacah 20 kang kapantha lima-lima iku duwe kandhutan sawijining crita: Hanacaraka (ana utusan), Datasawala (padha padudon), Padhajayanya (padha digdayane), lan Magabathanga (pada dadi bathang/sampyuh).

Ing Primbon Bektijammal Adammakna, katlesih kandhutan werdining aksara Jawa mau mangkene: Hanacaraka (ana utusan, yaiku utusane Gusti Allah, wong lanang lan wong wadon), Datasawala (utusan mau padha padu, yaiku padha campuh saresmi), Padhajayanya (padha digdayane), lan Magabathanga (lanang wadon padha sampyuh).
Lire, donya iki dumadi saka wong lanang wadon kang mujudake utusane Gusti Allah. Lanang wadon mau padha padu tegese campuh saresmi netepi wajib anggone padha jejodhowan. Padha digdayane, ateges tandhing karosane. Sabubare saresmi biasane kaya wong kang sampyuh ing paprangan, ngglethak angler.
Othak-athik gathuk pancen gaweyane wong Jawa. Klebu werdine aksara Jawa kang rinonce kaya iki:
Ha (H)urip, Na (nur), Ca (cahya), Ra (roh/rasa), Ka (kumpul),
Da (dadi), Ta (tetes), Sa (sawiji), Wa (wadon), La (lanang),
Pa (pati), Dha (dhadhal), Ja (jiwa raga), Ya (ya Allah), Nya (nyata),
Ma (manungsa), Ga (gilir gumanti), Ba (bakal), Tha (thukul), Nga (ngalam donya).

Yen tembung-tembung ing dhuwur iku dironce, aksara Jawa cacah 20 iku nduweni teges: Urip (asal saka) nur cahya (lan) roh (kang) kumpul dadi tetes sawiji (nuwuhi) wadon (lan) lanang, (samangsa tumekeng) pati, (bakal) dhadhal jiwa ragane, ya Allah, nyata manungsa gilir gumanti bakal thukul (ing) ngalam donya.

JANGKA KAMARDIKAN
Ing jagad kejawen ana sawijining jangka utawa ramalan kang unine mangkene: Benjing menawi sampun wonten Pandita utawi Wiku Angesthi Sawiji, ing ngriku awit saking karsaning Sang Hyang Widi kendeling dahuru. Tanah Jawi wiwit tata tentrem. Jangka arupa candrasengkala iki tlesihane mangkene: Pandhita (7), Wiku (7), Mangesthi (8), Sawiji (1). Tibane taun Jawa 1877 utawa taun 1945 M. Jangka kasebut duwe karep, kahanan bakal tata tentrem sawise kita merdeka, yaiku taun 1945.

Sawise merdeka, pranyata perang isih makantar-kantar. Ing jaman sawise merdeka iku mula ana maneh tetembungan kang werdine sinengker. Mangkene: Galibedan tudang-tuding kados tiyang edan, metangi sakathahing tiyang. Lan uga tetembungan: Diwolak-walik gosong. Ukara sinengker iki candhakane taun 1881 Jawa (1949 M) yaiku taun penyerahan kedaulatan saka Belanda menyang RI. Angka taun 1881 iku nuduhake tembung tudang-tuding (angka 1 cacah loro) lan tembung diwolak-walik gosong (angkane 1881 diwolak-walik sami mawon). Saliyane iku, angka 1881 yen ditulis nganggo aksara Jawa mangkene: 1 (ga), 8 (pa/aksara gedhe). Banjur dadi tulisan ga-pa-pa-ga (gak, pa-pa, gak). Karepe, ing penyerahan kedaulatan taun 1949 iku Belanda wis gak, pa-pa, gak (ora ana apa-apane), pancene kudu ngono
manut jangka.

Nalika jamane R Ng. Ranggawarsita, tau panjenengane ditakoni dening CF Winter, sawijining bangsa Landa kang kasengsem marang sastra Jawa. Pitakone mangkene, “Kyai Pujangga, manut wawasan Kyai kang waskitha, kapan kira-kira surute panguwasane Belanda ing Tanah Jawa iki?” R. Ng. Ranggawarsita kanthi aris mangsuli, yen mengko wis ana “Ori awoh gaga lan Gusti Patih wuda”, iku titi mangsane Walanda oncat saka bumi Jawa. Mesthi wae CF Winter ora ngerti apa sing dikarepake. Apa ana pring ori kok awoh pari gaga lan Gusti Patih kok ora duwe isin. Sing dikarepake unen-unen mau, Ori dudu pring nanging jenenge Gubernur Jendral Belanda. Gaga dudu pari nanging aksara Jawa “ga” jejer loro, kang tegese angka 11 (sewelas), yaiku samangsa rajane Paku Buwana XI (1939-1945). Ya ing wanci kuwi Walanda bakal oncat saka Jawa. Dene sing dikarepake Gusti Patih wuda, yaiku patihe PB XI ingkang asma Jayanagara. Sing dikarepake wuda yaiku jenenge kang nglegena (Jayanagara), aksara Jawa yen ora disandhangi disebut nglegena (wuda).

PERANG DUNIA I LAN II
Kang pungkasan, yaiku sesambungane aksara Jawa klawan Perang Dunia I lan II. Perang Dunia I suwene limang taun, yaiku 1914-1918. Angka taun 1914 yen digunggung ketemu angka 15 (1+9+1+4). Angka 15 kagunggung maneh candhakane angka 6. Sabanjure angka taun 1915, 1916, 1917, lan 1918, yen digunggung kaya cara ing dhuwur iku bakal ketemu candhakan angka, 7, 8, 9, lan 10. Angka-angka candhakan 6, 7, 8, 9, 10, yen dilebokake ing wilangan aksara Jawa ketemu aksara Da, Ta, Sa, Wa, La (padha padu utawa perang). Pancen bener, taun 1914-1918 ana perang.
Semono uga tumrap mbledhose perang Dunia II kang uga 5 taun suwene,
yaiku 1941-1945. Yen angka-angka taun 1941-1945 kita gunggung nganggo cara ing ndhuwur, uga bakal ketemu angka 6, 7, 8, 9, 10. Persis uga kepethuk maneh aksara Datasawala kang ateges ing taun-taun iku dumadi perang.
Apa besuk yen bledhos Perang Dunia III taune uga cocog maneh kaya ing dhuwur iku? Mung Gusti Allah sing pirsa.


matur nuwun,


 referensi;
 Poerwanto Rs-Jaya Baya
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Nostalgia Dolanan Tradisional

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Benten jaman benten kahanan, inggih punika ingkang lumampah ing alaming gesang wonten ing masyarakat sa'menika. Kadosta dolanan tradisional ingkang sampun awis-awis sanget kita sumerepi malih. Lare-lare inggih sampun mboten tepang kaliyan sa'werninipun dolanan tradisional ingkang prasaja lan langkung tepang dolanan-dolanan (import) ingkang langkung melek teknologi. Tur inggih sampun boten wonten malih simbah-simbah ingkang sadeyan dolanan tradisional mlampah turut lurung wonten ing kampung-kampung. Mbok bilih ka-anggep sampun mboten njamani lan seged ugi sadeyan kados menika kapethung mboten nguntungaken malih lan boten saged kagem nyekapi kabetahaning gesang ingkan tansaya awis. Eman sanget. Kamongko, dolanan awujud menapa kemawon, senajan amung persaja, tetep saged damel remenipun lare-lare alit, sanesipun dolanan ingkang modern.
Begjanipun, ing kutha Ngayogyakarta sampun wonten museum dolanan tradisional ingkang mapan wonten ing Taman Budaya Yogyakarta, jalan Sriwedari no.1 utawi sa'leripun Taman Pintar. Tiketipun mirah kemawon, namung kalih ewu gangsalatus rupiah kagem orang tua lan dewasa, lan gratis kagem lare-lare sa'ngandhapipun umur gangsalwelas taun. Mboten wonten awonipun menawi panjenengan ngajak lare-lare tindak dhateng museum menika menawi ngepasi mangsa liburan sekolah. Sanesipun nambah seserepan kagem lare babagan kekaya'aning budaya awujud dolanan tradisional, ugi ngiras pantes kagem nostalgia tiyang sepuhipun. Museum menika dipun prakarsani dening seniman asal Belgia ingkang asmanipun Rudy Corens. Waah...malah tiyang manca ingkang gumregah ngleluri kabudayan kita, kok mboten kita piyambag utawi sak mboten-mbotenipun Pamarintah ingkang kawogan (hush!...ora sah digoleki tembung dhasare).
matur nuwun,

sumber foto;
- http://warungbarangantik.blogspot.com
- http://catatancita.blogspot.com
- http://ruangimpian.com
- http://antonwidodoinfo.blogspot.com
- http://www.antarafoto.com
-http://www.trekearth.com
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Tuesday, August 21, 2012

Prangko Indonesia Paling Larang Regane

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Nalika ana ing pembukaan World Stamp Championship Indonesia ing Jakarta Convention Center, 18 Juni 2012 kepungkur, Letjend Purnawirawan Soeyono ngendhikakake menawa Indonesia nduweni prangko kang paling larang sing pengajine nganti 20 milyar rupiah. Emane prangko iku uwis dadi darbeke warga negara asing yaiku Presiden Federation Internationale de Philatelie, Tay Peng Hian, ing Singgapur. Prangko kuwi ana 64 carik kanthi gambar Raja Kerajaan Belanda kang ana stempele saka kantor pos Ngawi, Jawa Timur wetonan tahun 1864. Soeyono uga ngendikakake menawa ana wong Indonesia kang uga nduweni prangko kasebut ananging amung secarik.

matur nuwun,
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Menang Perang Amarga Boneka

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Decebalus (87-106M), raja seka Dacia (Rumania) kang ibukotane Sarmizegetusa wis sawetara suwe paring parentah marang prajurit lan rakyate supaya gawe boneka2 kang dedeg piadege pada karo manungsa lan dienggoni klambi prajurit Dacia.

Nalika jendral Romawi kang aran Julian dalah sak wadyabalane kang akeh banget ngepung Sarmizegetusa, Raja Decebalus enggal2 mrentahake supaya boneka2 mau diselehake ing sakupenge beteng lan diobahake atusan uwong kanthi primpen aja nganthi kawistaran mungsuh.
Boneka2 sing akeh banget cacahe lan bisa obah-polah kayadene manungsa, kanyata gawe mirising Jendral Julian sak wadyabalane. Dikira boneka2 mau tenanan para tentara Dacia kang wus siaga. Wusanane Jendral Julian teluk amarga cilik atine lan luntur semangate. Lan bangsa Romawi kepeksa mbayar upeti tahunan nganti 10 tahun suwene amarga kalah perang kang ngisin-isini kasebut.


benteng Sarmizegetusa

Ananging suwening suwe Kerajaan Romawi mangkel lan bali nganakake serangan maneh tahun 105 lan tahun 106 Dacia bisa ditelukake. Raja Decebalus ora sudi nungkul lan pilih lampus diri / nganyut tuwuh.


monumen Decebalus seka sakduwure bengawan Denube


matur nuwun,
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Patih Sengkuni

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Sengkuni utawa Sakuni iku patih ing Ngastina. Sengkuni putrane Prabu Kiswara/Suwala/ Suprala. Sedulure ana papat, yaiku Prabu Gandara, Dewi Gendari, Harya Sarabasata, Harya Gajaksa. Sesebutan liyane kajaba Sengkuni, Harya Suman, Trigantalpati, Suwalaputra. Sengkuni mapan ing Plasajenar. Gar-wane Sengkuni nama Dewi Sukesti. Peputra Arya Antisura, Arya Surabasah, Ian Dewi Antiwati. Dewi Antiwati dadi garwane Patih Udawa, pepatih ing Dwarawati.

Miturut carita, Sengkuni iku panjalmane Bathara Dwapara, dewa pangrusak, mungsuhe kautaman. Mula sengkuni iku watake culika, licik, drengki, srei, murang tata, waton sulaya, Ian seneng laku cidra. Jaman enome Sengkuni aran Trigantalpati, satriya sing bagus. Wujude dadi elek, cangkeme mewek, marga disuwek¬suwek dening Patih Gandamana. Wektu samana padha-padha suwita ing Ngastina. Sengkuni kepengin dadi patih. Patih Gandamana, patihe Prabu Pandhu, dipaeka (dipitenah) dening Sengkuni. Gandamana ing jeblungake sumur, dikrutuk gegaman Ian watu, banjur diurugi. Gandamana ora mati, males lava marang Sengkuni, banjur dijuwing-juwing kuwandhane.

Nalika Dewi Gendari dadi prameswarine Prabu Dhestarata, Sengkuni dadi patihe. Kalungguhane patih langgeng nganti jumenenge Prabu Duryudana (putrane Dhestarata karo Gendari). Kanthi rekadayane Sengkuni, Kurawa tansah kepengin nyimakake Pandhawa.

Ing Bharatayuda, kabeh senapati wis gugur (Bhisma, Karna, Durna, Salya), Duryudana bingung, nggetuni lelakone mung amarga kena pambujuke patihe ya Sengkuni. Sengkuni maju perang, nglepasake panah dadi ula maewu-ewu. Akeh para prajurit Pandhawa mati kacokot ula. Janaka mateg aji maruta, angin tumiyup nyingkirake ula-ula mau. Sengkuni pancen sekti, ora empan kabeh sanjata. Janaka kalah. Wrekudara bingung kabeh kadigdayane, aji-ajine ora bisa mateni Sengkuni.

Kresna minangka titising Wisnu mangerti apa sebabe. Kabeh awake Sengkuni tau dilaburi lenga tala mula ora empan senjata. Dena sing ora kelaburan mung papan buwangane. Sawise mangerti pengapesane, Werkudara enggal nyandhak Sengkuni, diwalik awake, dalan buwangane disuwek nganggo kuku Pancanaka. Sengkuni mati sanalika.


matur nuwun,

referensi;
kapethik saking seratanipun Ibu Yuyun Dian
wonten ing Yuyun's Blog
ilustrasi kapendhet saking Situs Sutresna Jawa 
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Welbike

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Sawijining jenis kendaraan kang unik lan cekli, kang kapigunaake dening serdadu Inggris ing sajerone perang ndonya sing kapindho. Ana luwih saka 360 unit kang diproduksi sing dipigunakake dening Biro Riset seka Weleyn kanggo 'Special Operations Executive'. Kesatuan tentara Inggris kang migunakake motor paling cilik iki yaiku British Armed Forces.


 Pengirimane ana ing medan perang karana ditibakake nganggo parasut saka montor mabur.







Motor kang migunakake mesin '2tak' 98cc, bobot amung 32kg bisa nempuh dohe 140km kondisi 'fulltkank' utawa 3,7liter. Welbike ora migunakake persneling, transmisine amung 'single-speed' ora beda kaya montor matic jaman saiki.


matur nuwun,

referensi;
wikipedia lan maneka sumber
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Syekh Maulana Maghribi; Cikal-Bakal Ratu2 ing Mataram

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Adhedhasar Babad Demak, Syekh Maulana Maghribi iku sawijine wong Arab kang mumpuni ilmu agama Islam. Asale saka tanah Pasai. Critane isih tedhak turune Kangjeng Nabi Muhammad SAW, lan klebu golongan wali ing tanah Jawa. Anggone angejawa mbarengi adege karaton Demak. Panjenengane mula kagungan ancas tujuwan ngislamake
wong Jawa.

Sabedhahe kraton Majapait ganti kraton Demak kang disengkuyung dening para wali. Sawise tentrem negarane para wali andum gawe nyebarake agama Islam. Syekh Maulana kawitan ditugasi ana ing Blambangan. Ana kana dipundhut mantu dening sang adipati. Nanging durung nganti taunan nuli ditundhung, sebabe apa ora kecrita. Saoncate saka Blambangan banjur menyang Tuban, menyang panggonane kanca akrabe lan padha-padha saka Pasai, tunggale Sunan Bejagung karo Syekh Siti Jenar. Saka kono Syekh Maulana banjur lelana tabligh menyang Mancingan.
Nalika tabligh ana Mancingan iki Syekh Maulana sejatine wis peputra kakung asma Jaka Tarub (utawa Kidang Telangkas) saka garwa asma Rasa Wulan, ya rayine Sunan Kalijaga (R. Sahid). Wektu ditinggal ramane lunga Kidang Telangkas isih bayi.

Kawuningana nalika oncat saka Blambangan sejatine Syekh Maulana uga ninggal wetengan kang mbabar kakung, diparingi asma Jaka Samudra. Ing tembe Jaka Samudra jumeneng waliyullah ana Giri, ajejuluk Prabu Satmata utawa Sunan Giri. Nalika Syekh Maulana tekan Mancingan ing kana wis ana sawijine pendhita Budha kang limpad, asmane Kyai Selaening. Daleme ana sawetane Parangwedang. Dene papan pamujane kyai iki karo murid-muride ana candhi kang didegake ana sadhuwure gunung Sentana.
Sakawit Syekh Maulana ethok-ethok meguru karo Kyai Selaening. Ana bebrayan umum Syekh Maulana kadhangkala sok ngatonake pangeram-eram. Suwe-suwe Kyai Selaening midhanget bab iki. Syekh Maulana ditimbali lan dipundhuti priksa apa anane. Ya ing kono iku Syekh Maulana ngyakinake Kyai Selaening bab ilmu agama kang sanyata. Wong loro iku banjur bebantahan ilmu. Nanging Kyai Selaening ora keconggah nandhingi ilmune Syekh Maulana. Mulane panjenengane genti meguru marang Syekh Maulana. Panjenengane banjur ngrasuk agama Islam.

Wektu iku ing padepokane Kyai Selaening wis ana putra loro playon saka Majapait kang ngayom ana kono, asmane Raden Dhandhun lan Raden Dhandher, karo-karone putrane Prabu Brawijaya V saka Majapait. Bareng Kyai Selaening mlebu Islam putra Majapait iku uga banjur dadi Islam, asmane diganti dadi Syekh Bela-Belu lan Kyai Gagang (Dami) Aking. Syekh Maulana ora enggal-enggal jengkar saka Mancingan nanging sawatara taun angasrama ana kana, mulang agama marang warga-warga desa. Daleme ana padepokan ing sadhuwure Gunung Sentana, cedhak karo candhi. Candhi iki baka sethithik diilangi sipate. Kyai Selaening isih tetep ana padhepokan sawetane Parangwedang nganti tekan ajale. Welinge marang anak putune, aja pisan-pisan kuburane dimulyakake. Makame iki lagi taun 1950-an dipugar karo sedulur saka Daengan. Banjur ing taun 1961 dipugar luwih apik maneh dening sawijine pengusaha saka kutha. Bareng wis dianggep cukup anggone syiar agama Syekh Maulana banjur jengkar saka Mancingan lan meling supaya tilas padhepokane iku diapik-apik kayadene nalika wong-wong padha mbecikake candi. Ya ing padhepokan iku wong-wong banjur yasa kijing. Sapa sing kepengin nyuwun berkahe Syekh Maulana cukup ana ngarep kijing iki, kayadene ngadhep karo panjenengane.

Syekh Maulana Maghribi utawa Syekh Maulana Malik Ibrahim sawise saka Mancingan nerusake tindake syiar agama ana ing Jawa Timur. Bareng seda jenazahe disarekake ana makam Gapura, wilayah Gresik. Syekh Maulana Maghribi nurunake ratu-ratu trah Mataram. 

Urutane silsilah: Bupati Tuban-Dewi Rasa Wulan (nggarwa Syekh Maulana)-Jaka Tarub (nggarwa Dewi Nawangwulan)-Nawangsih (nggarwa Radhen Bondhan Kejawan)-Kyai Ageng Getas Pendhawa-Kyai Ageng Sela-Kyai Ageng Anis/Henis-Kyai Ageng Pemanahan (Kyai Ageng Mataram)-Kanjeng Panembahan Senapati-Kanjeng Susuhunan Seda Krapyak-Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma-Kanjeng Susuhunan Prabu Amangkurat (Seda Tegalarum)-Kanjeng Susuhunan Paku Buwana I-Kanjeng Susuhunan Mangkurat Jawi-ratu-ratu karaton Surakarta, Yogyakarta, Pakualaman, lan Mangkunegaran.

matur nuwun,

referensi;
Suwarsono L-Jaya Baya
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info